Kaya-kaya Neng Kanane

?

Kaya-kaya Neng Kanane

Sasi Juni wiwit bubar pilihan Caleg udane wis arang-arang. Apa maneh Juli bubar pilihan Capres, blas wis ora tau ana udan. Mangsa alih neng ketiga, yen bengi adheme njekut kaya nggrogoti balung. Kaya dene awan wingi, bubar mider-mider nggoleki bocah-bocah sing arep dha nampa Sakramen Inisiasi, sing istilahe jemput bola, ndhaftari sing wis wayahe wiwit wulangan, awakku tak brukke neng kursi teras taman. Rasane jian? kesel banget. E? kedah-kedahe ditunjuk dadi Sie Pawartaan Lingkungan sing mung pawitan gelem lan nekat wani. Embuh mengko kono. Jeneh ibu-ibu W.K ya dha menehi semangat, ngene kandhane :

?Wista bu Ririn, gelema wae mengko rak Gusti sing nuntun lan paring pepadhang, tur berkahe rak luwih akeh timbang aku-aku sing ming wong awam iki.? Aku mung ngguyu karo mangsuli sa anane :

?Iya wis bu, aku saguh kok, ora ketang pawitan nekat. Jeneh Rama wis ngendika, nek ditunjuk kuwi mbokya gelem idhep-idhep ajar lan sinau, aja nggunakke sistim jaya endha, apa-apa muni mboten saget, utawa mboten wonten wekdal. Ngono kuwi ta Rama ki olehe ngendika.?

Mula saiki aku ya wiwit nlateni maca kitab sucui lan ya ora wegah takon kana-kene, sing sekira ngundhakake pangerten. Ning bareng tak peksa nyoba ndhisiplinake wektu, ora ketang sakawit kerep mumet, suwe-suwe ya biasa.

Bareng lungguhku wis sawetara lan kringetku wis rada asat, aku wijik njur mlebu kamar lumah-lumah ngaso. Pikiranku njur tak selehke leh, lan aku pasrah sawutuhe seng ngersa dalem Gusti.

Embuh maune piye, ngerti-ngerti aku ijen kok wis neng papan sing jembar bawera. Sadawane pandulu mung katon wedhi ngenthak-enthak, tanpa ana tetuwuhan, gek kahanane remeng-remeng kaya wayah surup, kahanan kaya kasaput pedhut.

Atiku dadi wedi kaworan gumun, gek aku iki ana ngendi? Mangka ijen pisan. Dumadakan aku krungu swara kaya suling sing banter banget lan mbarengi swara mau, kahanan dadi padhang njingglang. Saiki aku dadi weruh, yen ing kono ana wong jejer-jejer kaya antri, sing akehe ora mekakat. Ning aku tetep ijen, ora katut larikane wong-wong sing kaya antri mau. Aku tambah gumun, nalika aku weruh tanggaku Yu Sikem sing wis jenat rada suwe, Mbah Dipa sing bubar disewu dinane, Kang Krimun bakule bakso sing ngajal ketabrak motor, lan uga muridku Mardi sing lagi wae munggah klas telu, ning njur ngajal merga kena kangker.

Kekarepan arep nyapa lan aruh-aruh ana, ning lesanku ora kuwawa ngucap. Aku dadi bingung lan gumun banget. Dumadakan ora ngerti sangkan parane, ing sisihku ndadak ngadeg wong gagah gedhe dhuwur merbawani. Ing lathine sinungging esem sing marahi atiku rada ayem. Gumunku, karo wong iki aku kok bisa omong takon karo wong kuwi.

?E sanak, iki papan apa lan neng ngendi?? Wangsulane :

?Iki papan pangrantunan, dununge sukma-sukma ngenteni keputusan.?

?Lha wong-wong kang pada antri kuwi mengko piye?? pitakonku.

?Wong-wong kae bakal antri nampa putusaning Gusti, sing bakal ngadili dheweke, mungguh piye uripe nalika ing ndonya. Yen uripe becik ya kepareng neng Suwarga, ning yen uripe nasar mblasar, nguja hawa angkara murka, gawe susah rugining liyan, memateni, mesthi wae neng neraka. Mara delengen ing sisih kae ana lawang loro, sing sisih kana lawange ciut, ning anjoke neng suwarga. Balik ing sisih kana sing lete adohe ora jamak kae lawange amba, ya kuwi sing tamuju neng neraka.?

Aku ngawaske prenahe sing ditudingi wong nyala wadi mau. Jebul tenan, ing sisih adoh kana aku weruh lawang loro sing beda. Uga ombyake wong-wong sing antri uga saya maju. Klebu Mbah Dipo, Yu Sikem, Kang Krimun lan Mardi muridku, kok ana antrian sing tumuju lawang sing ciut.

Oh?.begjane wong-wong kuwi ngono grenengku. Bareng aku nyawang antrian sisih kana, aku weruh kancaku tukang rentenir, sing mati dibegal jambret. Jenate Wak Dulki sing ngaku dhukun pinter, ning dhokoh ngrampesi wong wadon enom sing dha mara njaluk pitulungan, sing matine neng tahanan polisi. Saiki aku dadi gamblang tenan, yen wong-wong kuwi padha ngundhuh pakartine dhewe-dhewe.

Bareng tak tamatke tenan, wong sing dha wis ditimbali mlebu neng lawang ciut mau, karo ndheku-dheku nyembah Gusti, ngumbar esem lan gandheng-gandhengan karo kancane, ing pasemon katon bungah, lan kebak ing puji syukur.

Kosok balen karo wong-wong sing wis ditimbali lumebu ing lawang sing amba, janji wis manyuk lawang bali mundur, karo tetangisan niba tangi. Ning sing jaga lawang prayitno, wonge sing gagah prekosa sangar lan medeni kuwi, gage nglarak wong-wong sing arep bali mundur mau, utawa dijorogke supaya enggal mlebu.

Atiku ketir-ketir dadi semenir. Gek aku sing mung ijen ora ketut jroning antrian iki mengko arep katut mlebu neng ngendi? Mangka sing cetha, aku rumangsa yen uripku kuwi ora resik. Ha piye, wong aku ya isih seneng nyatur alaning uwong sing durung cetha tenan nyatane. Aku isih kerep rumangsa bener karo bojo lan anakku, sing sok marahi eyel-eyelan jroning kulawarga. Ya mung kanthi jujur, aku ngakoni yen durung tau memateni, gawe kucem lan cilakaning liyan. Ya neng kene iki aku nggetuni tumindakku sing sasat tak tindakke neng keluarga saben dina, sing kepareng ora kejarag, merga saka gedhene egoku. Merga aku sok rumangsa bener terus.

?Oh Gusti, kawula nyuwun pangapunten.? Ora krasa, merga saking banget gegetunku karo sing wis tak tindakake, aku nganti nangis ngguguk. Pawogan nyala wadi ing sisihku mau ngarih-arih aku supaya meneng ning ora tak paelu lan ora tak gubris. Aku getun tenan karo kekleruanku cilik-cilik sing saben dina sasat tak tindakke marang anak-anakku?., marang bojoku?, marang muridku?., mung merga saka ora sabarku.

Suwe-suwe wong-wong sing antri mau entek aku ora weruh merga ketungkul anggonku nangis. Wong nyala wadi ing sandhingku mau banjur njawil aku karo kandha :

?He ngertia lan eling-elingen, kedadeyan kaya ngene iki mau bakal dumadi mbesuk yen wis kiamat. Kowe lan kabeh uwong sing isih urip isih duwe wektu kanggo tumindak kabecikan, nggetuni kabeh pakarti sing ora ndadekake renane Gusti. Uga nglakoni kabeh dhawuhe, supayane ing ndonya tumekaning delahan wong kabeh tansah pinaringan slamet saka tumindak dudu. Wusana ing mbesuke kepareng ndherek panjenengane mulya neng suwarga.? Aku meneng wae ning nggatekake banget kabeh tembunge wong nyala wadi mau, mung dadakan aku bingung, njur kepiye anggonku arep bali, wong maune aku ora ngerti kok dadi bisa tekan kene iki. Wong nyala wadi mau sajake mangkel karo aku, dijak omong kok meneng wae. Mula kandhane maneh :

?Saiki kowe baliya, yen ora gelem bali kowe bakal kena ukum yaiku, kowe bakal diseret algojo dilebokake ing lawang sing amba kae.? Tenan saka arah liya, aku weruh wong sing jaga lawang amba mau marani aku. Lagi ndelok wonge sing brangasan lan kasar wae aku wis wedi baget. Mendah gene yen wong mau nganti nyeret lan nglarak aku. Gek njur kaya ngapa rasane. Apa meneh arep dilebokake neng neraka. Saking wediku aku njur mbengok sak kayange njaluk tulung.

?Tulung?. tulung ?. tulung?!?

?He bu?bu?bu?.tangi! ana apa?? Gragap aku sadhar njur cekekal tangi wis ditunggoni bojoku ya bapakne Nita karo takon :

?Ngapa bu kok bengok-bengok ?? karo ngulungi banyu putih ing gelas.

?Oh?..oh?.aku ngimpi pak.? Kandhaku groyok.

Bareng wis ning tenan atiku, rasane seneng banget, jebul mung ngimpi. Wah yen eling kaya-kaya neng kanane?? atiku susah banget. Tujune aku isih urip, dadi isih bisa tumindak apik lan nyingkiri tumindak ala.

Tamat

?

This entry was posted in Crita Seri. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>