Aku Seksine

Ing kukuban desa Patran, wong-wong wis padha ngerti kabeh karo sing jeneng pak Joliman, awit dheweke iku nyalon dukuh ayar sing lagi wae arep pilihan. Nggenteni dhukuh Darmo sing leren merga yuswane ya wis sepuh tur gerah-gerahan wae.

Pak dhukuh Darmo kuwi mbiyen pinter momong rakyat. Wonge sabar, sregep tur disiplin. Apa wae programe pemerintah, pak dhukuh Darmo mesthi tekan ngisor (wong cilik). Upamane gerakan penghijauan. Sing padha duwe pomahan jembar ya diopyak-opyak supaya padha ditandhuri wit-witan sing ana asile, kaya ta wit buah-buahan, jambu, jeruk, pelem, rambutan lan liya-liyane.

Dene sing lemahe mung pas-pasan omah, ya disaranake supaya tuku pot (kuwali) sing bisa ditanduri lombok, terong, tomat lan kebutuhan dhapur liyane. Pak dhukuh Darmo ora mung dhawuh, ning ya nyontoni.

Ing mburi omahe ditanduri empon-empon pepak kayata : kunir, kencur, jahe, sunthi, temulawak. Yen ana warga sing mbutuhake jejamu ben anget awake, pak dhukuh tansah tawa-tawa supaya teka ing ngomahe.

Watake pradhah, ning setiti, loma, sing kebutuhan umum mesthi di dhisikake. Warga Patran padha seneng marang pak dhukuh Darmo.

Nalika saka kalurahan ana dhawuh yen saiki wong ora kena dolanan kertu, pak Dharmo ya ndhawuhake wargane supaya aja padha main, merga yen konangan sing wajib bakal abot sangsine. Bubar ndhawuhake, pak dhukuh Darmo ya tlaten kontrol, janji ana jagongan apa wungon mesthi ngrawuhi lan elik-elik, supaya sing duwe omah aja nganti nyedhiyani kertu. Kabeh padha tundhuk

Ning ya kuwi, sing jeneng ana aturan, kok le mesthi ana pelanggaran. Ngerti yen di larang, ning ya nekat nindakake senajan kanthi ndhelik-ndhelik.

Ing antarane pemudha desa Patran ana siji sing kendel, kerep mbantah yen dielikke. Wong kuwi jenenge Joliman, anake wong sugih Prapto, Carik gadhe sing cedhak kecamatan.

Dhek isih SMP bocah kuwi digawa bulike neng Jakarta merga ra duwe anak, ning bareng SMA klas loro kok diulihake neng ndhesa nggone bapakne. Karo pak Prapto ya njur dilebokake SMA ing cedhake desa kono.

Joliman gedhe pengaruhe neng desa kono, merga apa-apa ndhuwe, senenge ngumpulke kanca di warahi rokok-rokoan, sinambi ndobos ngalor ngidul. Disunguhi pangan sing kudune pancen kanggo bapakne, dientekke kanggo nguja kanca-kancane. Maklum cah ndesa, sing racake mung anake wong dhanyang buruh njur di uja-uja Joliman, dadi njur dha dadi balane. Dikongkon lan diajak apa-apa manut. Ngerti tindake anake mau, bu Prapto dadi gumun. Lho kok ngono ? Maune ya dikandhani, ning Joliman ndhableg. Anggone iri-iritan rana rena karo kancane ora gelem leren.

Malah nalika ibune nesu, Joliman wani mangsuli. Oh …., ibune dadi judheg.

Wis olehe sekolah ora tau gelem sinau utawa mbukak buku, ndadak dina-dina mung dolan ubyang-ubyung karo kancane sing dha ora nggenah. Ibune mbatin, olehe dibalekake mulih kuwi mesthine Joliman neng nggone bulike nakal. Nyatane lagi klas II SMA, nalika mulih liburan, ning wayahe mlebu kok emoh bali. Alasane seneng sekolah neng ndesa.

Gek bulike ya njur ora ngaruhke barang, gedhene ngakon bali. Gandheng wong kuwi ya anake, pak Carik Prapto lan putrine yan meneng wae, mung njur di lebokake sekolah kuwi. Ning Joliman neng sekolahan kerep gawe ulah lan kerep nglanggar aturan sekolahan, upamane : sekolah ndhuwur seragam putih ning ngisor lewis, konangan oleh rokokan neng njero klas, seneng nggodhani cah wadon, lan liya-liyane. Maune ya mung kerep dipanggil neng ruang BP. Ning gandheng wis nganti patang wulan durung mbayar S.P.P, kepeksane dening guru klase wong tuwane di layangi utusan pak bon. Nampa layang tagihan S.P.P. pak Prapto rumangsa isin lan mangkel karo Joliman anake. Wayah sore nalika Joliman lagi lungguh nonton TV, pak Prapto kandha :

?E … le Joliman, iki mau ana layang tagihan saka sekolahan, sing isine ngadhakake yen wis patang sasi S.P.P mu durung mbayar. Mangka pendhak sasine kowe rakya wis tak wenehi ta ? seje uang saku saben esuk, wis njaluk aku, kowe isih ngathung karo ibumu. Dhuwit kuwi njur karo apa ??

Wangsulane Jonilan ora rumanga salah :

?Pak ….. aku ki rak cah wis gedhe ta, kejaba kanca neng sekolahan, aku rak ya butuh srawung barang karo wong njaba. Srana srawung ki ya rokok, gentenan njajakke. Bapak ki sugih, kanggo apa dhuwite yen ora kanggo anak ??

Krungu wangsulane anake sing sapengarepan, atine pak Prapto runtik, wusana tembunge sengol :

?Man …. bapak ki sejatine ngerti, nek kowe kuwi saiki wis neneng mabuk …. teler ….. ndem-ndeman ngombe karo kanca-kancamu njaba sing dha ra genah kuwi. Mula SPP mu ya nganti nunggak pirang-pirang sasi, wong dhuwite mbok slewengke. Wis pokoke …., kowe sekolah apa ora sakarepmu, aku minangka wong tuwa ora eman cucul bandha angger wae ngerti juntrunge.?

Tembunge bapakne ditampa mentah. Saiki rumangsa disekarep, sekolah ya kena …. ora ya kena. Mula Joliman njur nekat, trima milih ora sekolah.

Saiki sok neng sawah, melu-melu macul ngrewangi bebaune bapakne nggarap sawah. Sathithik bisa gawe senenge ibune, ning anggone seneng ngluyur bengi saiki ya saya tambah-tambah.

Merga ngerti anggone simpen dhuwit ibune, mula yen butuh dhuwut ya mung njur njupuk ngono wae tanpa nembung. Embuh sapa sing marahi, saiki Joliman malah wis kenal papan-papan kresek, warung remeng-remeng sing ndasarake ciblek kanggo wong-wong lanang iseng. Ciblek sing tegese cilik-cilik betah melek.

Sejatine Joliman ya kepingin nduwe pacar sing gumathok kaya pemudha-pemudha sajajare, ning angger nyedhaki cah wedok sing bener-bener, ngerti watake Joliman njur dha ngedoh.

Gelem dhuwite yen di jajakake ….. ning nek joliman arep serius njur dha mlayu. Awit ngerti yen watake Joliman ala. Ya pancen anake wong sugih, ning wong sekolah wae ora dadi, nyambut gawe kesed mangka ora duwe ketrampilan. Pintere mung ngeceh-ceh dhuwite wong tuwane.

Wektu kuwi ing desane Joliman, ya ing desa Patran kono arep ana pilihan dhukuh, merga pak Darmo sing wis setengah yuswa kuwi saiki pijer gerah-gerahen. Mula kanthi rila legawa banjur mengundhurkan dhiri.

Pemudha-pemudha kancane Joliman padha ngerih-erih, yen Joliman gelem nganggo dhuwit, kelompoke Joliman padha gelem golek bala sanjabane desa kono.

Merga tansah dha dibujuk, Joliman dadi gumregah atine, nuli pitakone karo salah sijine kancane kelompok :

?Wakijan, kira-kira mbutuhke dhuwit kuwi pira ya ??

?Walah Man, dhit satus seket yuta wae yen gelem ngedum dhisik mesthi gul ta wis. Aku mengko sing saguh mubeng golek wong.?

?Ya wis coba ya aku tak kandha ibuku.? Kandhane Joliman.

Kanthi di rayu-rayu, sidane ibune nyaguhi penjaluke Joliman, wong jare ora ana sing saguh maju nganggo dhuwit. Ning pak Darmo sing arep leren kuwi meneng-meneng wis sarembung karo pak Lurah lan perangkat desa, yen ponakane sing jeneng Sarjana kuwi saguh nggenteni. Pak Lurah sak setafe wis gelem nampa kanthi seneng, merga wis ngerti watak-watakane Sarjana, bocah sing apik ing kalangane pemuda tur pinter gawe organisasi kanggo majune desa.

Saking getole Wakijan ngrayu, nganti awan bengi Joliman saba ing omahe. Mangan turu wis ora sungkan-sungkan maneh merga dhuwit tansah nyah-nyoh.

Ngerti bojone dikon ngedum dhuwit wong-wong sing sesuk dikon milih, Ginem mepeti Joliman terus, dhuwit satus …. seket ewu …. blang bleng mlebu sake mbanyu mili. Endi sing kon nukokke minuman, sate, tongseng, susuke ora tau bali.

Wiwit awan Joliman wis nyengkrus neng omahe Wakijan , neruske olehe arep dundum dhuwit, merga pilihan dukuh keri rong ndina maneh. Bengi kuwi Wakijan karo Teguh sing arep neng desa Kundhen karo Sumping, jare iki sing keri dhewe. Kandhane Wakijan lan Teguh, sing wis didumi dhuwit wis dha gelem tandha tangan sesuk saguh milih. Lagi wae Wakijan lan Teguh budhal, udane tiba deres banget nganti meh jam sanga durung terang. Kanggo tamba adhem Joliman rada keladuk olehe ngombe nganti mendem njur turu. Ginem turu neng njogan nonton TV, karo ngenteni sing lanang, lawang ora dikancing. Nganti jam sewelas udane isih deres. Merga ana bledheg. Joliman kaget nglilir tangi. Lingak-linguk, mripat natap sesawangan sing endah. Ginem turune miring ngungkurke kursi dawa sing dianggo turu Joliman.

Dastere Ginem nyingkap munggah, nganti pupune kang putih mrusuh kuwi katon cehta. Joliman saya njinggleng olehe nyawang. Dumadakan wae birahine wong sing mabuk kuwi ora kena sinayudan. Alon-alon Joliman tangi marani Ginem sing turu pules, tumuli dikekeb-kekeb kenceng. Rumangsani Ginem sing setengah sadar sing ngekeb-ngekeb kuwi bojone, mula meneng wae. Nalika Joliman lagi nguleng-uleng Ginem, ndadak lawang dibukak alon. Wakijan lan Teguh ditutke wong sepuluh seka desa liya sing arep dha nyadhong dhuwit kuwi, weruh adegan mau kanthi cetha. Saking kaget lan bingunge Wakijan ora sadar mbengok :

?Maling …. maling ……?.

Wong sepuluh sing weruh adegan mau ning ora ngerti dhodhok selehe, ya njur melu mbengok : ?maling….. maling…..? Regudug ….. sanalika papan kono dadi kebak wong tangga kiwa tengene. Joliman sing mabuk durung pati sadhar mau lingak-linguk, ora dhong, malah njur mapan turu maneh.

Ginem kaget nglilir, ngerti Joliman neng sisihe, gage menyat ngadeg njur mlayu marani bojone. Wong-wong sing teka njur ngiwut ngantemi Joliman karo dilarak metu. Bareng padha ngerti yen Joliman, salah siji tanggane takon nyentak :

?Apa sing mbok maling ?? Joliman isih bingung. Balane Wakijan sing saka liya desa mau mangsuli ting clemong :

?Ketoke niku wau ajeng maling gereh, ning njur konangan merga kula sa kanca njur dha mlebu niki wau.?

?Sapa seksine sing weruh ?? pitakone salah sijine tanggane.

Wong sepuluh saka liya desa mau mangsuli bareng :

?Kula seksine …… kula niki dha weruh kabeh? Joliman sing isih setengah teler mau digrudug wong akeh tumuju bale desa, salah siji tangane ana sing gemremeng :

?Ha ya Joli, senengane ya nguja Li ….. mane. Sing krungu padha ngguyu. Mesthi wae olehe njago dhukuh gugur sadurunge nglabruk.

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

One Response to Aku Seksine

  1. Grat Surahman says:

    Sebuah potret masalah sosial yang sering terjadi di tengah masyarakat kita.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>