?
- Wis dadi tradhisi kita iki wong Jawa.
- Sing tansah memudhi, memetri, nglestarekake apa sing wisana.
- Kabeh ngarani lan ngakoni, barang sing wis lumaku mau sinebut mbudaya.
- Klebu kabeh seni sing endah lan ngemu wewarah luhur kudu tansah diupakara.
- Sapa maneh sing wajib nguri-uri njaga lan nglestarekake murih lana ?
- Ora liya ya kita kabeh iki, luwih-luwih generasi penerus, ya para mudha.
?
- Nalika minggu wingi, aku wong catur warga.
- Tumuju ing sukuning harga, pase ing kalurahan Girikerta.
- Nyatakke upacara saka kadang studio byawara warta sing tinampa.
- Yen ing kana ana pametri bumi ?ngrowot? sing wis lumaku jroning telung warsa.
- Pangarsaning praja, sesepuhing desa, kawula nyawiji saiyeg saeka praya.
- Racake padha ngagem busana dhaerah, sing malah ngatonake teja kang mraba.
?
- Para rumaja putri ngasta kendhi pratala, tumuju ing umbul Nangsri.
- Arak-arakan sambung sinambung ngagem cucuk lampah, sing ing sadawaning marga beber beksa milangoni.
- Barisan tambur, rondha sambang dalan, sing neng kana uga isih lestari.
- Bapak lan simbok tani sing padha nggendhong tenggok isi sayuran warni-warni.
- Saulihe njupuk banyu, para bapak mikul gunungan asil wulu wetu ngubengi desa minangka prasasti.
- Oh sumelating surya, saliting gurung, sayahing angga, kaya : ora padha rinasa.
?
Baline aku kabeh mampir ing taman Agro Wisata, ning eman kahanane reget kurang kerumat lan penanganan.
Neng njero taman kanggo ngisi weteng, aku kabeh padha jajan arem-arem lan pecel sing rasane nikmat banget. Ati bungah, jajan murah meriah, ngilangake rasa sayah.
?