Kesurang Surang

?

Pak Kromo mono, sejatine saka nggaweyan lerene wis jam papat mau. Ning njur nyambangi tegale sing kidul ndesa, mula tekan ngomah ya nganti surup rep. Lowung neng tegalane nemu kambil gogrok loro, kates mateng lan gedhang setundhun wis suluh. Senajan olehe nggawa mulih ngrengkek kabotan, ning atine seneng.

Tekan ngomah leren sedhela nggaringke kringet, sinambi ngombe wedang adhem sing tansah disedhiyani sing wadon nganggo cangkir manci gedhe.

Lagi wae arep menyat reresik awak, ndadak mbok Kromo nyedak karo kondha :

?Pakne, mau Tiyah anakmu wedok kuwi weling Lasmi lor kono, sing mau mulih. Wose njaluk dhuwit kos sasi iki wis ditakokke.?

?Wadhuh?, piye mbokmu, aku wis ora gocek jare. Hla iki rakya lagi tanggal lima ta??

?Hla iya, pakne, ning nyatane nek wis ditakokke?, mangka Tarjo ya wis omong, nek S.P.P.ne sing rong sasi ya durung sida dibayar.?

?Wadhuh piye mbokmu, njur nek bareng-bareng ngene iki dhuwit saka ngendi??. Wong loro lungguh anteng, panyawange disawatake menjaba, ning ketok yen kosong.

Atine padha dene bingung, njur arep menyang sapa parane wadul golek pangayoman?. Anak loro sing lagi kemragad kabeh, Tiyah kuliah neng perguruan tinggi swasta, Tarjo untung bisa ana S.M.A negri klas loro. Pak Kromo sing pakaryane tukang batu iku, mbiyen nalika Tiyah durung kuliah, uripe ngglengter.

Mbok Kromo sing gawene adhang-adhang dagangan neng ndalan kuwi ya ora tau kasepen dhuwit, ning saiki?. Oh utange kana-kene prasasat cendhek cengel. Kene durung disauri, wis nrethek golek utangan maneh.

Ning piye, bot-bote nuruti anak sing pingin kuliah. Wayah bengi bubar padha mangan, mbok Kromo bali nyedhaki sing lanang njur takon :

?Piye pakne, wis entuk gambaran lehe entuk dhuwit?? Semaure sing lanang semplah:

?Ya durung, witikna njur arep neng ngendi ta mbokmu, utange dhewe iki wis tepung gelang. Gek saiki sasat saben ndina mesthi ana wong nagih ?Wong loro bali meneng-menengan, ngumbar gagasane dhewe-dhewe, sidane mbok Kromo njur kandha :

?Pak, aku tak usul ya, semono mau nek atimu lega, wong kabeh mau rak kanggo anak.? Kandhane mbok Kromo banget ngarah-arah.

?Iya mbokmu, kowe arep omong apa??

?Ngene pakne, timbang awake dhewe ngalor ngidul golek utangan terus, mangka ya ra nde dhuwit kanggo nyaur? piye nek tegalan kae digolekake dhuwit?, sapa ngerti sesuk nek wis rampung kuliah, Tiyah njur entuk gaweyan rak bisa tuku lemah maneh. Ditaunke apa didol, turahane kanggo urip lan nyaur utang sing wis mbeyayah akehe kuwi.? Pak Kromo isih meneng wae lenger-lenger ngrasakake aboting urip. Bareng wis sauntara tumuli kandha :

?Mbokmu, saupama Tiyah kuwi ora sah kuliah, ning kon ajar bakul apa nyambut gawe sak-sake ngono, tak kira awake dhewe ora banget rekasane kok, mbokmu.?

?Wiyah pakne, aja sok nggetuni lan nutuh barang sing wis kelakon ora ilok. Ya mung ndedonga wae pakne, muga-muga pinaringana kuwat, gampang leh golek, lan bocahe lancar nggone padha sinau.? Pak Kromo mung ndhekukluk ngrungokke rembuge bojone, sing penak dirungokke, ning nyatane abot banget cak-cakane, kaya sing sinandhang ing wektu iku.

Mbok Kromo nganti ndomble olehe ngenteni wangsulane sing lanang, ning pak Kromo tetep meneng wae.

?Pakne, nek kowe mung meneng wae kuwi, perkarane ora bakal rampung. Wis ta, nek kowe lega ning isin nawakake ben cepet dadi dhuwit, tak aku sing mlaku, piye?? Digujeg bojone, pak Kromo mung sumaur sakecap.

?Yoh mbokmu, kana dolen!? Mbok Kromo njur semparet lunga. Embuh karo sapa lan neng ngendi tujuwane lunga, olehe arep nawakake lan ngedol tegalan kuwi, mung mbok Kromo sing ngerti.

Nganti Tarjo bali sekolah, bapakne isih lungguh karo nglecis udud, kanggo ngelongi aboting rasa. Tarjo takon :

?Simbok neng ngendi pak, kok sepi??

?Lagi nggolekke dhuwit mbakyumu, le.?

?Jarene dhuwit kanggo apa, pak?,sasi wingi rak mentas njaluk wolungatus kanggo semesteran, karo kanggo apa ngono, aku ya ora pati dhong.?

?Ya embuh, le, sak ploke kuliah iki, mbakyumu kok terus wae anggone aba dhuwit, mangka utang ngomah ya wis numpuk.? Kandhane pak Kromo angluh.

?Wis pak, lulus S.M.A sesuk aku tak ajar golek dhuwit, aku tak ora neruske, ben bapak simbok ora rekasa banget nalare.? Pak Kromo krasa welas krungu kandhane anak lanang mau. Kaya-kaya carane mikir beda baget karo mbakyune. Tiyah mono yen nduwe kekarepan ngudung ora ngawaske kahanane wong tuwane sing nyatane ringkih lan sekeng kuwi.

Kuliah lagi entuk telung semester, wong tuwane utange wis gebel ngalor ngidul, gek mangka rampunge pirang semester maneh, pak Kromo lan bojone ya ora mangerti. Ning pokoke dadi abot sangganing urip. Tenan, nalika ujian S.M.A lulus, Tarjo trima leren, wong nyatane kahanane wong tuwane ya rekasa, ngragadi mbakyune wae wis ngaya-aya banget.

Mula Tarjo ya njur madik-madik, gaweyan apa sing bisa ditandangi tanpa nganggo modhal, wis pokoke mantep, saupama ana wong akon gaweyan apa wae bakal disaguhi.

Pokoke halal lan ora dadi laranganing Negara.

Dina Minggu malem Senen, pak Kromo kaya adate entuk tugas rondha. Gandheng awake rada lungkrah, mula akon Tarjo supaya nggenteni. Tarjo manut tumuli mangkat. Ana ing cakruk perondhan, Tarjo ketemu tangga teparo sing padha ngayahi rondha. Dheweke ya blaka yen nyulihi bapakne sing awake lagi ora kepenak, kabeh bisa nampa.

Ing antarane wong-wong mau ana pak Jupri, bengkel pit lan motor sing wis dadi. Pak Jupri mau bisa ngrakit pit utawa motor sing onderdile olehe nukoni lawasan. Sawise karakit lan dadi, banjur diadhep dhewe ya neng bengkele kono, sing wis digawekke omah-omahan cilik. Nyatane ya laris lan akeh langganane.

Kejaba regane murah, setelane pak Jupri ora waton dadi, ning pengkuh lan kuat. Mula ya akeh sing seneng mrono. Bareng weruh Tarjo, Pak Jupri nyedhaki njur takon :

?Kowe ki arep neruske sekolah apa leren, le??. Pitakone alus mersanak.

?Kula kendel kok, pak, mboten wonten beaya,? wangsulaneTarjo jujur.

?Gelem pa kowe ngrewangi aku ajar mbengkel??

?Wow ? purun sanget, pak, menawi pak Jupri kersa ngajari kulo, ning inggih punika pak, kulo taksih saking nol,dereng saget punapa-punapa?.

?Ora dadi apa Tar, angger wae kowe ana karep, sregep lan tlaten, mengko suwe-suwe rak bisa?.

?Inggih, pak, kula sagah lan remen sanget?, wangsulane Tarjo kanthi polatan bigar. ?Yoh wis nek kowe saguh, suk emben tekoa neng bengkel. Nek sesuk kowe mesthine rak isih kesel lan ngantuk, wong saiki rondha?. Rembug dadi, ora lali Tarjo uga kandha karo bapak lan embokne, sing ndadekake bungahe.

Ya wiwit iku Tarjo ajar nyambut gawe nggone Pak Jupri.

Seje critane karo Tiyah sing kuliah lan kos ana kutha. Sing saiki wis semester papat ngancik lima iki, saiki Tiyah arang banget mulih kejaba yen njaluk dhuwit.

Mbokne lehe adol tegalan kae, sidane dhuwite ming kamplung neng Tiyah ijen, turahan sing ora sepiroa kanggo nyaur utang.

Tiyah saiki wis kaya cah kutha sing kecukupan. Seneng dolan, jajan lan akeh kenalane priya sing sok dolan neng kos-kosane. Ana kanca sing paling raket lan istimewa, ya iku Burhan bocah saka Padang (Sumatra). Dheweke bocah fakultas ekonomi, semester akhir.

Burhan pancen anake wong sugih, ing atase kos wae, motore pendhak taun ganti anyar, dhuwit kiriman ora tau telat lan uang sakune muwel, sing tansah dianggo nguja Tiyah.

Kanca-kancane Tiyah padha kandha, jare Tiyah mono begja nduwe pacar sugih.

Menyang mulih kuliah, Tiyah tansah dipethuk lan diterke merga beda kampuse. Kanggo ngimbangi kahanane Burhan ben ora banget njomplang, Tiyah tansah aba dhuwit wong tuane senajan ora perlu, kanthi alasan warna-warna. Tiyah emoh ngerteni rekasane wong tuwane. Yen Burhan arep dolan neng omahe uga ora entuk, wedi lan isin merga wong tuwane mlarat.

Mangka gandheng Burhan kuwi maune seneng tenan, njur dadi gela. Burhan mbatin, gek-gek Tiyah mung seneng karo dhuwite lan seneng lehe dijak mrana-mrene tur diuja.

Suwe-suwe Burhan ngawur. Rumangsa tansah kelangan dhuwit, Burhan kepingin entuk sembulih saka Tiyah sing ayu kuwi. Sing sesuwene iki tansah njaga Tiyah, ning saiki arep nyoba-nyoba.

Jebul Tiyah bocah sing gampang lan kuthuk banget. Apa sapenjaluke Burhan dituruti.

Apa maneh Tiyah ngerti, Burhan wis mung keri skripsi.

Batine, metu kuliah ora papa, angger wae njur dinikah Burhan, toh dheweke anake wong sugih.

Tiyah wis wegah mikir apa-apa, kuliahe ya ndleya, kerep anggone absen tinimbang olehe mlebu. Dina-dina sasat mung ngenteni tekane Burhan lan seneng-seneng.

Mbaleni Tarjo sing ajar nyambut gawe ning anggone pak Jupri. Dhasar bocahe karep tur sregep, mula apa wae sing kena disawang lan diwarahake pak Jupri, Tarjo cepet tanggap lan ngerti, lan ya langsung dicakake sing ndadekake bungahe sing diiloni.

Kejaba gaweyan mbengkel sing pendhak setu diwenehi jajan dening pak Jupri, Tarjo uga masarake sepadha apa motor rakitane dhewe. Saiki saben dina sabtu, Tarjo bisa ulung-ulung dhuwit mbokne, sing bisa gawe bungah.

Ya Tarjo iki sing bisa gawe ayem atine wong tuwa. Ning ya kuwi, sing jeneng lelakone wong urip, kaya-kaya kok mung saderma nindaki, wis diatur sing ana ndhuwur, ya panjenengaNe sing ngecet lombok.

Wayah esuk ngepasi bengkel rame wong ndandakake, ana polisi loro teka nakokke sing jeneng Tarjo, Jupri kaget, semono uga Tarjo dhewe.

Kanthi nudhuhke surat tugas penangkapan, Tarjo banjur digawa neng kantor polisi, sing perkarane durung cetha.

Jupri ya blas ora ngerti, marga ora rumangsa kelangan apa-apa. Mung cethane bareng wis tekan kantor polisi, jebulane Tarjo dijaluki tulung tilas kancane dhek neng SMA ngedolake pit montor, sing jebulane asil colongan.

Pancen sing nggawa (ngeterke) pit montor mau Tarjo. Dene kancane mau bareng ngerti yen konangan, banjur lunga sing seprene durung mulih. Tarjo sing minangka dakwa sementara, kudu ana kantor polisi nganti kancane mau kecekel.

Yen Jupri bisa nampa lan dhong, ning mbok Kromo, sing awan bengi nangis, bola-bali neng nggone Jupri ngakon njaluk luware Tarjo. Karo Jupri ya disaguhi, mung dikon sabar, ora-orane yen Tarjo nganti tumindak culika.

Jupri rak wis ngerti tenan karo watake Tarjo. Malah mbok Kromo yo dijak Jupri niliki Tarjo ning tahanan, nyatane ya waras-wiris. Tarjo ya kandha apa anane, sing bisa ngeyem-yemi atine mbokne.

Mbok Kromo kejaba susah lehe Tarjo ditahan ning kantor polisi, ya wiwit mikir anake wadon si Tiyah sing wis sesasi ora mulih, saploke keri dhewe njaluk kiriman dhuwit didolke tegalan kae. Yen ditakokke Lasmi, bocahe ya ora ngerti, wong jare yen njaluk kiriman kae, Tiyah sing mara neng pondhokane.

Lasmi sing wiwit biyen kanca sak klas, jare saiki wis arep sekripsi, mbuh njur piye yen Tiyah, wong wiwit semester papat kae wis arang-arang mulih. Mangka sejatine wong tuwane ya wis padha kangen. Nganti sawijining dina mbok Kromo takon bojone :

?Pakne, mbok kana, niliki Tiyah neng pondhokan, wis sawetara kok ora bali, tekna ki ngapa ta ngapa. Nek ngerti kahanane kuwi neng ati rak ayem?.

? Wiyah?..mbokmu, cah wis diwasa rak isa mikir, selagi njaluk dhuwit wae ming wekas kanca. Mangka ya ngerti, nek ngomah kuwi ora ndhuwe apa-apa, Selagi kanggo mangan wae direwangi njungkir walik, kok tegel-tegele mulih wae wegah. Wis embuh mbokmu aku emoh tilik, selagi pondhokane wae ora ngerti kok?. .

Kandha ngono, pak Kromo karo metu njobo ninggal bojone. Mbok Kromo bisane mung ngelus dha-dha karo mrebes mili. Iki wis seminggu Tarjo ditahan, ewadene kancane durung ketemu.

Dhasar ya wegah golek (nyambut gawe) merga ati semplah, ngomah ora duwe apa-apa, mula pak Kromo rada kapiran mangane.

Kanggo nylamur susahe, pak Kromo neng kebon ndudhuk uwi midra lan gadhung. Uwi lan midrane rak langsung digodhog kena kanggo ganjel weteng, dene gadhunge lagi digarap. Sawise dionceki, diiris tipis-tipis banjur dikum banyu, saben esuk diidak-idak disalini banyu, ngono nganti tawar.

Ya bener pak Jupri ya ulung-ulung, ning rakya ora kaya yen Tarjo nyambut gawe. Pokoke, pak Kromo lan bojone pancen lagi susah, sing dipikir abot lan werna-werna.

Tan kocapa Burhan, sawise lulus tumuli pamit Tiyah, sengadi arep mulih marani wong tuwane dikon nembung (nglamarke Tiyah), ning dianti seminggu ? rong minggu nganti genep sesasi ora ana kabul kawusanane. Tilpun? H.P?. surat ?, blas ora ana wangsulan.

Gek mangka lungane Burhan ninggal wiji ing guwa garbane Tiyah akibat rumaketing srawung sing kebablasen, ora eling norma-norma kasusilaan kedereng nuruti ati sing mung butuh seneng ? mat lan nikmat.

Oh ya kaya ngono kuwi asiling pasrawungan sing jarene moderen.

Sing dikosi dadi bingung, Tiyah dikon mulih ora wani, jare njaluk diterke. Kepeksane sing dipondhoki ya nyaguhi, ning njaluk dikancani pak R.T lan ketua pemudha kampung minangka seksi.

Ora koyoa remuk rempu atine mbok Kromo bareng Tiyah mulih diterke sing dipondhoki, lan entuk keterangan yen Tiyah saiki wis bobot telung sasi, ning pacare mlayu saka tanggung jawab. Dheweke bocah Padang, Sumatra Barat. Bubar masrahke Tiyah, sing dipondhoki banjur pamit bali.

Saungkure sing ngeterke, tangise mbok Kromo pecah ora kena diampah, ndadekke tangga teparo padha mara ngaruhke. Bareng padha ngerti, mung bisa ngelus dhadha, lan mesakke marang mbok Kromo lan bojone.

Mulihe Tiyah ora nggondhol ijasah ning bathi endhog lan awak lemu, sing mengko laire bayi embuh sapa sing bakal ngaku.

Lagi wae mbok Kromo meneng tangise, ndadak ing mburi keprungu hoak-hoek, pak Kromo gladrahan neng ngomben pawon, kringete gobyos mripate merem wae. Ing sisihe ana gadhung lan kambil parutan ing tambir sing wis dikrawu. Kukusan sing kanggo adang wae isihtemumpang ing kendhil.

Ya embuh saking ngelihe merga ora kopen, pak Kromo reka-reka gawe pangan srana adang gadhung, ning jebulane durung tawar tenan. Dadi cethane pak Kromo mau mendem gadhung.

Oh ? tangga-tangga sing cedhak nyamurupi kabeh mau padha trenyuh, wusana esuke padha menehi bahan pangan sing bisa diolah. Gethok tular, panandhange pak Kromo tekan pak dhukuh, lan sabanjure pak dhukuh rembugan karo pak Jupri.

Keputusan saka kekarone setuju, yen sadurunge Tarjo metu saka tahanan lan nyambut gawe, mangane pak Kromo sabrayat bakal disangga pak Jupri lan pak dhukuh. Menungsa mono yen lagi pinaringan pacoban lan panandhang, ndilalah apa wae sing ditindakke kok tansah kleru ? luput ? lan salah. Kena diunekake wis nandhang isih kesurang-surang.

?TAMAT?

Cariyos punika kula aturaken sedaya kadang mitra sutresna siaran lelangen, mugi ndadosna panglilpluring galih.

Nuwun.

?

?

?

?

?

This entry was posted in Crita Seri. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>