Kaculikan

?

Sore kuwi Slamet Krempeng bali saka narik becak. Kringete gobyos, lakune ngluntruh sajak tanpa semangat. Nyedhaki sing wadon karo ngulungke dhuwit, sing kayane ora imbang karo anggone lunga narik, wiwit esuk nganti sore wayahe setor.

Karo Ginem bojone, dhuwit banjur dietung mung ana patang puluh rupiyah. Nuli pitakone karo sing lanang sing wis ngathang-athang ana lincak emper omah :

?Mung entuk iki ta, kang ??.

?Iya je, Nem, ya mung semono kuwi, wis tak jupuk rong puluh gilo, nggo setoran. Dhek emben entuke ora mingsra, setorane tak kurangi rong ewu wae juragane njegadul, ulate bening wong ngeden.? Wangsulane Slamet Krempeng.

?E ya sabar ta kang, yen dianggo nglangsa, mundhak saya abot sanggane. Sapa ngerti, dening sing Paring urip sesuk diparingi rejeki sing lancar. Ya sing akeh wae olehe ndedonga, muga awake dhewe pinaringan kuwat lan tabah, ngadhepi rekasaning urip. Angger wae tansah pinaringan bagas waras.?

?Ning wong kuwi sok-sok ya jeleh je Nem, ngrasakake rekasa kok terus-terusan. Njur kapan awake dhewe iki mentas saka kemlaratan ? Apa maneh yen ngelingi wong-wong sugih, sing medhite ora jamak, kaya dene juragane dhewe ya Bu Danu kuwi. Becake sing disewakke puluhan cacahe, nek karo awake dhewe kuwi rak ya tangga cedhak, lan ya kerep dikongkon. Ewa dene kok tepa selirane sithik wae ora ana. Setoran kudu dhines, ming kurang sithik wae ulate njegadul ketok yen atine ora keduga.?

?Ha ning ya piye ta kang ?, nek kowe ora nganggo becake kono kuwi njur arep nyambut gawe apa ?, karang bisamu ya mung narik becak.? Kandhane Ginem nyapih panalangsane bojone. Slamet Krempeng ora sumaur, ning atine satemene kebak ing rasa meri marang kabegjane liyan sing padha pinaringan sugih mblegedhu, dhuwite turah-turah. Dene dheweke sak kulawarga kok mangan wae waton wareg, dhuwit ajeg klaretan, mbayare Tukin sing lagi S.M.P. wae wis nganti nunggak telung sasi. Ya merga neng sekolahan anake wis bola-bali ditagih gurune dikon nglunasi, atine Slamet Krempeng dadi bingung lan kemrungsung.

Njur arep menyang ngendi olehe golek ?. Arepa diongso kae, nek jeneng wong narik becak rakya tetep ngenteni wong sing arep nggunakake.

Mangka nyatane, saingane sing padha dene narik ya luwih akeh, durung kendaraan mesin sing taripe luwih murah, tur luwih cepet tekane ya pating sliri.

Oh ? yen ngelingi kuwi kabeh, Slamet Krempeng sing durung tau ngrasakake legining urip kuwi dadi nglokro semangate, kaya-kaya njur wegah nyambut gawe. Ning yen ngelingi Tukin anak lanang siji-sijine sing sekolahe maju kuwi njur gumregah maneh.

Ing atase awake dhewe biyen mung SD wae mothol, saiki anake saka S.D tekan S.M.P. kelas telu durung nate nunggak. Mangka bocah kuwi sarwa-sarwi kagol pepinginan lan kekarepane, seje karo kanca-kancane sing anake wong kecukupan.

Oh batine Slamet Krempeng kaya arep nangis nggero-nggeroa, ben suda sesangganing batin sing nyata abot iku, ning ngelingi wis dadi wong tuwa mesthine rak ya ora patut.

Ginem bojone pancen wong wadon sing nriman, kanthi bantu bojone, dheweke gelem buruh-buruh nyapu ? ngumbahi ? setlika nggone tangga. Entuk-entukane lowung kena kanggo tambal butuh. Karo sing lanang tansah ngelingake supaya sabar lan tawakal. Bojone ya muni yah-yoh, senajan mung kanggo nglegani.

Wiwit sore udane nggrejih, Slamet mung narik setugel dina merga awake krasa ora kepenak, dhuwit setoran sabecake uga durung dipasrahke juragane, niyate sesuk-esuk. Ginem lagi nunggoni anake sinau.

Nalika Slamet leyeh-leyeh ning peturon, ndadak keprungu kenthong tinabuh kaping sepuluh pratandha ana sripah. Slamet gage menyat, njur metu nanjihke, sapa sing kesripahan ?.

Lha dalah, jebulane juragane becak ya Bu Danu sing nggombloh lemu ginuk-ginuk kuwi. Jare mau awan wae durung apa-apa, mung bar surup mau rada sesek, kok njur dadi jalaran tiwase.

Dheweke randha ora duwe anak, ning ngopeni prunane lanang sing jenenge Sona. Gandheng budhene medhite ora jamak, Sona kerep nyolongi dhuwit kanggo seneng-seneng, dhasar bocah kuwi ya nduwe watak sing kurang becik.

Nalika Slamet mlebu ngomah, bojone takon :

?Sapa kang sing ora ana ??

?Bu Danu juragane dhewe.?

?Kayane waras wiris ora krungu yen lara, denea kang ??.

?Ya embuh, jare sesek ngono. Kakehan dhuwit kuwi ayake.? Wangsulane Slamet kanthi lagu sing ora ngepenaki.

?Ya aja ngono ta kang, kabeh mau rak wis kersane sing Maha Kuwasa. Ya wis kang, awake dhewe saiki mrana, mundhak ora kepenak karo tangga teparo, Tukin ben tunggu omah.? Wong loro banjur gegancangan tumuju ing papan sripah.

Jisime Bu Danu bengi kuwi terus disirami, ning durung dikafani ngenteni dina esuk. Wengi kuwi kaya padatan, dianani tuguran layon dening tangga teparo, dene Sona lunga jare golek kain kafan lan uba rampe pangruktine layon.

Bab warta lelayu lan kebutuhan mburi, dipasrahake pemudha lan Bu R.T. Batine Slamet kebeneran, dene dhuwit setoran durung disetorke kathik juragane mati. Iba bungahe Sona sing bakal marisi bandhane. Semono mau, yen keponakan-keponakan liyane ora padha njaluk.

Marga kejaba Sona, Bu Danu uga duwe ponakan, anak-anake mbakyune, sing padha cedhak karo Bu Danu, dhasar bocah-bocahe padha jujur lan ndemenakake.

Wengi kuwi wong-wong padha gayeng olehe pangandikan, dhasar unjukane teh, kopi lan nyamikan gorengan dhewe kabeh anget. Bareng Sona bali saka olehe golek kafan, njagongi para tamu ora lali matur nuwun karo kabeh sing padha wungon tuguran layon. Ing wusana ing inti ning atur, Sona kandha :

?Para Bapak-bapak ingkang sami wungon sedaya ! Kula ingkang minangka putra prunanipun Budhe Danu, ingkang wiwit alit dipun openi, lan dipun pitados ing samudayanipun, keparenga kula matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya. Sinten kemawon pirsa, yen Budhe punika piyantun sugih arta lan mas raja brana, ning ugi sami pirsa yen budhe punika tiyang ingkang wulet mboten nate dedana, tiyang mastani cethil, punika sedaya kula akeni.

Wong-wong sing dha wungon kabeh manthuk-manthuk, tandha mbenerake kandhane Sona. Sabanjure bacute :

?Kula piyambak ngrumaosi menawi patrap punika mboten namung kagem penjengan sedaya, ning ugi kangge kula, ingkang wiwit alit ndherek wonten ngriki. Malah Budhe sampun nate ngendika ngaten :

?Le Sona, suk nek aku mati mas-masan, inten berliyan iki gawakna, sandhingna ning layonku. Uga kothak wadhah dhuwit kae katutna sisan. Dene kowe tak tinggali dhuwit sing ana ing dhompet kae, karo terusna lehku potang dhuwit lan njuragan becak. Kuwi wis kena mbok enggo pawitan urip. Yen kowe setiti, mesthi bisa sugih kaya aku?, ngaten ngendikanipun Budhe. Lan menika ugi badhe kula estokaken.? Sawise kandha ngono, Sona mlebu, metune wis nyangking kothak lawas. Bareng dibukak, isine gelang, kalung, suweng, bros, ali-ali, liontin, sing matane pating glebyar barleyan. Sing padha weruh ngowoh lan gumun, marang kasugihane Bu Danu juragan medhit kuwi. Wusana kandhane Sona :

?Nah Bapak-bapak sedaya, penjenengan nyekseni, bilih menika sedaya badhe kula katutaken ing pametakipun Budhe, lan arta wetah ingkang wonten ing kothak.? Barang-barang banjur bali dikukuti digawa mlebu.

Wong-wong padha gedheg-gedheg, jebul Sona kuwi bocah sing jujur, ngono rerasane wong-wong mau. Awane wong-wong sing layat ilir, maklum Bu Danu rentenir sing srawunge jembar, racake wong-wong sing rumangsa utang mesthi merlokke layat.

Tekan titi wancine penguburan kunarpa jam loro awan, kabeh pambela sungkawa padha nguntapake budhale layon ing palerepan pungkasan (makam). Sebageyan ana sing tekan makam, nanging uga akeh sing banjur padha mulih.

Sona mlaku ing samburine layon karo nyangklong tas isi mas inten, lan sakothak dhuwit sing bakal katut kakubur kaya penjaluke sing duwe. Slamet Krempeng njinggleng ngawaske pangubure layon, genea wong sugih kok layone ora digiring utawa digentha, (ditablek semen pasir lan krikil), ning mung biasa diglogor kayu randhu sing empuk lan gampang bosok. Sakjane rak ya mesakake.

Slamet ya weruh, semono uga wong akeh, yen ing sandhinge layon, diselehi raja brana lan dhuwite sing digawa saka ngomah. Pangubure layon rampung, kabeh padha mulih.

Ora koyoa Slamet Krempeng, wong mlarat korat-korat sing banget mbutuhake dhuwit kanggo urip lan mbayar S.P.P.ne anake sing wis nunggak telung sasi, atine nlangsa benget.

Kelingan mas inten lan dhuwite wong sugih sing mung dipendhem muspra ora ana tanjane. Gek pangruktine layon wae, kaya-kaya kok mung sak-sake.

Oh iba bungah lan gedhe panarimane, saupama dhuwit lan mas inten kuwi didumake wong mlarat kaya dheweke, ora kok mung dipendhem muspra.

Rasa pangeman mau, nganti rong dina tansah dadi penalaran, sing ndayani bengi ora bisa turu, tansah klisikan. Wusana bareng gagat esuk, ana osik ala ing atine, yen niyate arep ngedhuk bandha lan dhuwit mau kanggo mentas saka kecingkrangane.

Atine wis gembleng. Awan kuwi Slamet wis nyepakke pacul, linggis, sekop, lan senter. Mengko bengi yen wis lingsir, niyate arep diayati. Muga wae bojo lan anake aja padha ngerti lungane ing wayah bengi mengko.

Wiwit sore bubar kendhuri telung ndinane Bu Danu, ing wit nangka iring omahe Slamet keprungu swarane manuk bence ngganter, sing biasane ora tau ana. Apa manuk ki nyemoni aku sing arep tumindak ala pa ya ? Ngono batine Slamet.

?Kang, mengko kowe rak ya jagong neng nggon sripah telung ndinanan ta ??.

?Ha ya mesthi ta Nem, ning aku tak turu dhisik, awakku kok lungkrah,? wangsulane Slamet ngenaki bojone. Gandheng Ginem ya kesel lehe buruh-buruh, mula bareng nggloso neng sisihe bojone ya njur bablas ? keturon.

Ngerti bojone turu pules, wiwit jam 12 Slamet wis neng njaba. Ngenam-nam apa sing bakal ditindakake.

Bareng jam siji sing rondha impleng wis mungkur, Slamet nata ati, nylingker neng mburi pawon, njupuk pacul, sekop, linggis sing wis dicepakake, ora lali senter cilik sing kena disak neng clana.

Lakune mandheg tumoleh tumuju ing kuburan, sing Slamet wis apal banget. Tekan kubure Bu Danu mandheg, lingak-linguk sedhela, banjur miwiti, nyekopi lemah sing isih empuk iku. Pacule sasat ora digunakake. Bareng nanggrok glogor, lagi Slamet nggunakke linggis, mbrengkali lan ngunggahke glogor mau mbaka siji nganti rampung.

Gandha badheg banger nyogrok irung, sing bisa ndayani Slamet Krempeng dadi munek-munek wetenge, lan wusanane mutah-mutah. Maklum, jisim sing lagi patang ndina dikubur bisa digambarake, kejaba mambu uga wis jemek.

Lemah sing nglongsori jisim nalika glogor dibongkar, sawetara nutupi jisim, wusana anggone nggoleki kothak dhuwit lan buntelan raja brana, tangane Slamet kudu gagap-gagap ing kiwa tengen buntelan jisim sing wis wudhar taline.

Gragap ? Slamet kaget, dene tangane nyawuk raine jisim sing nganti minger. Bareng disenteri saclorotan, raine Bu Danu sing mripate melek iku kaya nyawang dheweke wengis. Slamet ndredheg wel-welan. Kewetu tembunge saka tutuke Slamet kanthi ora sadhar :

?Bu ?, kula nyuwun brana lan arta panjenengan, tinimbang namung dipun pendhem, awit penjenengan sampun mboten ngginakaken.? Bubar iku atine ditatag-tatagake, njur neruske nggrayahi sing digoleki wusanane ketemu. Kothak wadhah dhuwit, lan sijine wadhah mas inten.

Gage Slamet nyopot kaose kanggo mbuntel barang mau digawa munggah. Tekan ndhuwur keprungu swarane jago kluruk sing sepisanan, atine selak kuwur, wedi yen konangan merga wis parak esuk. Jaket sing mau dicopot ditumpangake kijing digelar. Barang-barang sing mau dibuntel kaos, diganti jaket sing luwih ora ngetarani, kaos dibuang sebut.

Wis tanpa mikir liya-liya, Slamet Krempeng gage ninggalke kuburan tumuju ngomahe. Sadurunge mlebu ngomah, menyang sumur reresik awak, tangan lan sikil, supaya ora dicubriyani bojone. Mlebu omah sing mau bengi ditinggal, mung diinep lawange, gampang wae mlebu, njur nggloso ing sisihe sing wadon ethok-ethok turu.

Sejatine Slamet wis duwe rencana yen sing wadon tangi, dheweke bakal budhal pawadan narik becak, sing sejatine arep dodolan raja brana entuk-entukane mau bengi. Yen wis didol atine rak njur lodhang, merga wis ora kanggonan barang-barang kuwi.

Wayah esuk nalikane sedulur-dulure Bu Danu arep nyekar padha kaget, dene kuburane Bu Danu pating jemplah didhudhuk uwong. Desa kono dadi geger. Bareng ditliti kanyata wong sing mbungkar makam mau mung merga milik mas-masaan lan dhuwit sing dikatutake dipendhem. Kanthi gotong royong wong akeh, kubur bali diuruk kaya maune. Ing antarane wong akeh sing padha tandhang iku, ana sing nemu kaos, linggis, sekop, pacul sing kurugan lemah, senter lan sandhal cepit.

Sajake bareng wis bisa njupuk mas inten lan dhuwit kuwi, wong mau njur kesusu lunga. Lali yen barang-barang alate kadurjanan mau kena kanggo bukti lan nggoleki sing tumindak. Nalika wong desa kono akeh sing padha teka ing makam, ning Slamet Krempeng ora katon irunge. Sing wadon ditakoni, jare bojone mruput narik becak. Ginem atine dadi ora kepenak. Apa maneh barang weruh kaos ireng lorek-lorek abang sing wis kuluh-kuluh lan sandhal cepit sing srampate abang, Ginem batine nangis.

Dheweke apal yen iku sing saben dina dienggo bojone narik becak. Ning kabeh isih padha meneng, merga bab mau wis dilapurake polisi. Tangga-tanggane ya dha apal yen iku kaose Slamet. Ning ming dibatin.

Genti Slamet sing lunga mruput saka ngomah, menyang kutha arep dodolan barang sing ora sithik, jebul toko mas sing paling pepak nggone Bah Cong durung bukak. Karo ngenteni bukake, Slamet janggol ing iring toko. Yen ana wong mbutuhake ditolak, alasane lagi ngenteni wong sing wis nganggo becake. Pas jam wolu toko bukak, Slamet nyedhak njur kandha yen arep dodolan. Barang-barang sing saiki diwadhahi tas kresek dibuntel kanthong gandum mau, njur dituduhake Bah Cong karo kandha :

?Iki lho Bah, akeh je barange.?

?Iya sebentar Pak, tak tese dulu, masnya kaya apa.? Babah Cong banjur nggosok-nggosokake mas-mas kuwi neng kaya dene wungkal njur ditetesi cairan. Slamet ndomblong anggone nyawang. Sawise diiling-ilingi sedhela, Bah Cong njur kandha :

?Pak, kamu itu main-main apa mau menipu aku ?? Slamet diswarani ngono mau kaget, wangsulane :

?Bah iki ki arep tak jual tenan.?

?Ha iya Pak, iki ki bukan mas, tapi iki kabeh mung imitasi, jugak matanya bukan inten utawa barleyan, tapi mung diamon.? Slamet mlengak kaget. Weruh sikape Slamet, Bah Cong kandha :

?Pak, kalau nggak percaya, coba aja dites ke toko lain!? Slamet gage wangsulan :

?Nggak usah Bah, tak bilang dulu sama yang punya, yang nyuruh jual.? Bah Cong mung ngguyu. Slamet Krempeng atine ngendhelong lan gelane kepati. Becake digenjot banter, tujuane mulih.

Tekan ngomah, njujuk pawon nglonggo banyu kendi nganti antob saking akehe. Durung wae leren, Ginem nyedhak karo kandha :

?Ngomah geger kang, kubure Bu Danu diodhol-odhol uwong, dijupuk mas-masane lan dhuwit sing katut dipendhem.?

?Ha ?? Slamet njomblak kaget, njur ngebrukke awake neng lincak pawon thenger-thenger, Ginem saya cubriya karo sing lanang. Kandhane maneh :

?Mangka ninggal bukti je kang, pacul, linggis, sekop, senter, uga tinemu kaos lan sandhal cepit srampate abang.? Slamet nggetak sing wadon :

?Wis-wis Nem ?, aja ngandhakke kuwi ?, sing cetha garis uripe dhewe iki mlarat lan cilaka.? Ginem mak klakep keweden, lan atine saya dheg-dhegan. Lagi wae swasana amem, ing njaba ana wong uluk salam.

Cekekal Ginem ngadeg, jebul Pak Dhukuh, Pak R.T. lan Polisi loro sarta Pak Kromo tanggane nggawa barang ting greweng wis ngadeg neng ngarep lawang.

Weruh wong kuwi, Ginem kumelap atine, saiki mesthekake yen bojone sing digoleki. Durung wae ginem manggakake, Pak Dhukuh takon :

?Bojomu ana ngomah, Nem ??. Groyok semu ngewel wangsulane :

?Won ?. Wonten, Pak.?

?Aku tak ketemu.? Tanpa diacarani wong-wong kuwi regudug mlebu. Ginem ngandhani bojone. Ngerti dha digoleki, Slamet kaya dhengkelen arep ngadeg metu nemoni. Wusana kanthi kekuwatan sing dipeksa, Slamet metu karo senggoyoran. Tekan ngarepe wong-wong kuwi njur sedhoprok, durung nganti ditakoni wis kandha karo nangis.

?Pak Dhukuh, mila kula ingkang lepat, kula ingkang mbingkar kuburanipun Bu Danu.?

?Sapa kancamu, Met??, pitakone Pak Dhukuh.

?Namung kula piyambak, Pak?.

?Apa karepmu ??, Pak R.T sambung.

?Mendhet arta lan brana ingkang katut kapetak, Pak, badhe kula angge mentas saking kecingkrangan kula.? Wangsulane Slamet blaka.

?Bagus, Met, kowe jujur, njur barange saiki ana ngendi ??

?Wonten, Pak, taksih wetah. Ning barang-barang wau sedaya imitasi, sanes emas.?

?Sapa kandha yen dudu emas.? Polisi sing dhuwur takon santak.

?Bah Cong, Pak Polisi. Wau enjing sampun kula pruput badhe kula sade, ning sareng dipun tes dening Bah Cong jebul sanes emas.? Sing ana ing kono kabeh manthuk-manthuk.

?Endi jupuken barange lan kothak dhuwit kuwi!?, pakone Polisi sing cendhek. Slamet mlebu, metune wis nggawa kanthong gandhum lan kothak dhuwit. Dening salah sijine polisi mau, kanthong gandhum sing isi tas kresek sing kanggo wadhah barang-barang mau. Bareng dibukak pating glebyar, ana mas-masan iku yen mung bobot setengah kilo graman. Kabeh padha gawok.

Semono uga kothak dhuwit sing kuncen kuwi dirujat dening polisi ing ngarepe wong-wong mau. Pancen isi dhuwit. Bareng dijupuk diiling-ilingi, jebul atakan dhuwit puluhan ewon iku, mung sing ana dhuwur sing dhuwit tenan, selembar. Sangisore kabeh guntingan kertas koran.

?Bangsat tenan wong iki,? ngono grenenge Pak Dhukuh sero.

?Sinten ingkang bangsat, Pak?, pitakone polisi. ?Sinten malih menawi mboten Sona, kula sak rencang warga mriki rak ugi sampun katut dipun apusi.?

?Lho ? dipun apusi kados pundi, pak ??, polisi mau takon bareng.

?Inggih, pak, nalika sami wungon, Sona ngumumaken, menawi sedaya rajabrana lan arta, sawanci-wanci Bu Danu seda weling, supados dipun katutaken kakubur, dene minanga tilaran, Sona kapasrahan anggenipun nyewakaken becak lan anggenipun potang, ugi arta sawetawis ingkang wonten tas.

Mangka nalika sami wungon barang-barang punika ugi dipun gelar wonten ngajengipun tiyang kathah. Ning kothak arta mboten dipun bikak, alasanipun kunci kasimpen Bu Danu. Hara punapa mboten hebat, Pak.

Lan ugi nalika panguburipun layon, sedaya sami pirsa anggenipun Slamet ngatutake brana lan arta ing sisihing layon. Temtunipun Pak Polisi, Sona gadhah kekajengan kepingin nggadhahi sedaya tilaranipun Bu Danu, awit kejawi piyambakipun, Bu Danu ugi gadhah penakan putranipun mbakyunipun, ingkang nama Sembodo, larenipun taksih kuliah, punika ingkang nyekolahaken wiwit alit ugi Bu Danu.? Pak Dhukuh meneng, Polisi loro takon bareng :

?Lajeng kersanipun Pak Dhukuh ??

?Pak Polisi, mangga sowang-sowangan. Penjenengan ngecek dhateng Bah Cong, kula lan Pak R.T dhateng kantor polisi nglapuraken bab punika. Selajengipun manggga, punika sampun dados jejibahanipun polisi. Kula sak rencang sedhiya lan sagah dados seksi.? Ngono kandhane Pak Dhukuh.

Salah sijine polisi ngontak kantor, supaya methuk Slamet lan barang bukti digawa menyang sektor. Lungane Slamet munggah jip polisi, diuntapake jerit tangise Ginem sing njur nglumpruk semaput, gawe trenyuhe tangga teparo sing padha meruhi.

Dina candhake, Sona uga dijupuk polisi, dheweke ora bisa suwala, apa maneh Babah Cong uga digathukake.

Babah Cong kandha yen nuku barang-barang mas intene Sona sing tanpa ana surat kuwi, ning syarate kudu njaluk foto kopi K.T.P. ne Sona, merga bah Cong ya ana rasa samar lan wedi yen barang-barang kuwi ora resik (hasil rampokan).

Sona ngakoni, yen nalika pamit tuku kain kafan kae, ya karo adol mas intene Bu Danu kuwi, njur neng toko perhiasan sing saka imitasi. Neng kana mborong mas-mas imitasi kuwi, sing akeh lan cacahae padha karo sing didol neng Bah Cong. Satekane ngomah ya njur dikandhakake neng sing dha wungon kuwi, malah ya dituduhake barange pisan. Ning kuwi wis palsu alias imitasi kabeh. Dene weling-welinge Bu Danu kuwi mung saka rekayasane Sona dhewe (apus-apus).

Pitakone polisi bab kothak dhuwit, Sona uga ngakoni, supaya sedulur-sedulur Bu Danu lan wong-wong padha ngarani, yen Sona resik saka bandhane Bu Danu merga mas-masan lan dhuwit wis dikatutake pangubure layon.

Polisi-polisi sing padha mirsa gedheg-gedheg ngerti kajuligane Sona. Dadi underane, kubur iku didhudhah Slamet ya merga saka pokale Sona. Ngendi ana, wong cingkrang, ngelih, dipleter anake dijaluki dhuwit mbayar tunggakan S.P.P telung sasi kok ora bingung ? Njur weruh rajabrana mas inten, sing bengi didhedher neng ngarepe wong akeh, isih ditambah dhuwit sakothak esuke weruh dipendhem. Sapa atine ora nlangsa ? Ya merga ati panas lan kemrungsung merga kesekengan, Slamet wani tumindak nekat. Dhasar ya ngerti yen pendhemane mung ringkih, kira-kira gampang yen dheweke mbongkar.

Sona salah merga serakah, Slamet luput merga kapilut legine bandha sing salawase durung nate ngemut. Ing mengkone kekarone mesthi wae bakal padha nampa pidana, murwat karo gedhe cilike, anggone wis padha tumindak kaculikan.

?

?TAMAT?

?

Cariyos punika kula aturaken dhateng sedaya kadang mitra sutresna giyaran lelangen ing pundi kemawon. Mugi ndadosna panglipur sawetawis.

?

Nuwun

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

This entry was posted in Crita Seri. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>