Ajar Mengerteni Wataking Pasangane

Lembar Kulawarga
Dening : Nini Klenyem

Ajar Mengerteni Wataking Pasangane

Wis dadi kodrating alam lan ya kersane sing Paring urip, yen manungsa mono wiwit ngancik rumaja wis padha nduweni rasa ketarik marang lawan jinise. Upamane priya ya wiwit ketarik marang wanita, semono uga wanita ketarik marang priya. Dene yen priya utawa wanitane kuwi padha dene klop, utawa nanggapi, ateges ya neng kono kuwi trubusing katresnan kekarone sing sepisanan.

Tresna sing kaya ngono kuwi sing diarani cinta monyet. Durung kena dipesthekake yen kuwi mesthi dadi kanggo sateruse. Awit kekarone mung angger seneng. Dolan rana-dolan rene, jajan bareng, apa maneh yen anake wong sugih sing mesthi nduwe uang saku. Acara sak njabane sekolah mesthi ana wae.? Sing cetha bisa tansah ketemu kuwi wae wis gawe bungahing ati tumrap kekarone. Iki biasane dumadi, nalika bocah kuwi wis ana SMP. Dene yen kekarone kuwi wis bisa sambung tresna kanthi mulus tanpa ana sandhungan, ya bisa nganti SMA rampung, malah mengkone ya bisa dadi tenan kanca urip bebrayan.

Ning kuwi ya arang-arang, apa maneh jaman saiki. Akeh godha saka kekarone sing banjur marahi mangro. Kanggone priya, merga kagiwang kenya sing ngluwihi sakabehe tinimbang karo sing wis dipacari. Dene wanita semono uga. Disiri priya sing luwih nggantheng… luwih mapan… lan luwih nduwe sarana kanggo nuruti kabeh kesenengane ati. Mula kudu tansah eling, yen pacaran mono sejatine kanggo saling njajagi aten-aten lan watake pasangane. Piye mengkone yen kanggo pasangan urip?

Wong mono wektu pacaran, sing katon mung sing apik-apik wae. Pokoke neng penyawange pacare, pasangane kuwi kaya tansah nyocoki ati. Mangka kabeh menungsa kuwi ora ana sing sampurna, kepara akeh kekurangane. Mula ya nalika pacaran kuwi, mbaka sethithik kekarone wani blaka neng pasangane, mungguh apa sing disenengi, lan apa sing ora dikarepake.

Kanggo njaga keharmonisan sesambungan, kekarone kudu wani nampa kekurangan-kekurangan saka pasangane, ora beda kita nampa kaluwihan-kaluwihan sing didarbeni, sing bisa gawe bungah. Kekarone uga kudu eling, luwih-luwih si priya, yen wanita pasangane kuwi kala-kala ya butuh pangalembana, laras karo sifate yen wanita mono seneng dimanja lan aleman. Ning pangalembana mau ya sing samadya wae aja berlebihan yen ora pas mundhak malah tersinggung. Pangalembana mau ora kudu diucapake, ning bisa ditindakke kanthi ngatonake greget upamane, disun kebak sayang ing bathuke, dirangkul kenceng lan sapanunggalane.

Semono uga sing wanita ya kudu ngerti yen pasangane mbutuhke kawigaten saka pasangane. Upamane ngalem bodyne sing pawakane atletis, wibawane yen lagi sesorah utawa nduwe usul jroning rapat, necise yen busana, lan isih akeh maneh. Awit pangalembana saka pasangan (wanita sig ditresnani) mau nuwuhake semangat sing gedhe banget tumraping priya.

Dheweke bakal tansah mbudidaya supaya gawe senenge pasangane. Awit pangalembanane wanita mono kerep-kerepe tulus saka ati, sing mujudake tandha perduli… tresna… lan ngajeni.

Priya lan wanita seneng yen nampa kejutan saka pasangane, luwih-luwih yen wis manjing bebrayan tur wis pinaringan momongan sisan. Upamane saka wanita dhewe, nganti lali merga akehe kesibukan rumah tangga, ning ngerti-ngerti bali saka makarya sing kakung ngasta bungkusan njur nyedhaki sing putri karo ngendika :
?Iki lho jeng, kagem sliramu. Dina iki rak ulang tahunmu genep selawe tahun ta?? Bubar iku banjur ngesun.
Oh…. senajan durung ngerti apa isine bungkusan kuwi, sing putri bakal seneng banget atine. Kaya-kaya dheweke nampa kawigaten sing gedhe banget saka kakunge, ing dina ulang taune.

Paweweh sing ngono-ngono iku sing mujudake kejutan, sing tansah bakal marahi kelingan ing atine wanita. Lan ya sing kaya ngono kuwi, sing nambahi kukuhing katresnan… kasetyan… lan bektine putri neng kakung. Kosok baline, ya patrap sing kaya ngono kuwi sing ateges ndhidhik lan marahi putrine gawe kejutan kagem kakunge. Upamane sing putri kuwi mung neng ndalem momong. Ning ngelingi yen sing kakung nggatekake banget, mula embuh apa ta apa, ing dina mirunggane kakunge, sing putri masak istimewa karemane kakunge. Karo mbukak tudhung saji nalika tata arep dhahar sing putri matur :
?Mas, iki dina mirunggan minangka pangeling-eling, yen anggon kita mbangun brayat kuwi wis ganep sepuluh tahun. Penjenengan rak malah lali ta? Mula tak elingke, aku masak kareman penjenengan.? Yen wis ngono, njajal nyedhaka ruketen garwamu, sliramu mengko mesthi bakal entuk tanggapan sing istimewa. Upama ora sanalika, ning titenana mengko bengi sajrone garwamu njaluk diladeni. Awit bebrayan mono ora bakal pisah karo urusan sajroning ranjang.

Ora sithik pasangan sing bubar merga siji iki. Kita kudu bisa nyiptakake suasana ranjang sing anget lan nyaman, nyelarasake seks sing selaras lan imbang. Awit kerep-kerepe sing duwe masalah bab seks kuwi wanita. Ya merga tradisi lan budaya kulawarga sing nlikung dheweke wiwit cilik, mahanani ana presepsi sing kleru ing babagan seks.

Conto dhawuhe wong tuwa sing kuna, yen wong wadon saru lamun agresif, wadon mono mung sadrema mlumah lan nadhah. Jaman maju persepsi kaya ngono kuwi jelas kleru. Priya racake seneng yen lawan jenise ngimbangi tandange, sing ateges ya melu aktif ing jroning saresmi. Nganti ing mengkone bisa ngrasakake kemareman sing bareng-bareng dinikmati.

Saiki, apa mungguh sing paling ora disenengi dening pasangan kita, ya wanita, ya priya, sing padha-padha mesthi ora seneng? Bab siji iki ya kuwi dipaido. Yen sing dipaido kuwi wanita, upamane anggone ngecakke dhuwit, kok boros cepet entek, paling-paling mung mrebes mili lan lara ati. Mangka nyatane ya wis ngati-ati.

Ngertine kakung kuwi rak mung sasi iki akeh wong ewuh, ateges akeh sumbangan. Ning nalikane kakunge lunga makarya, ana layatan neng seje desa, sing putri rakya cukup layat menyang dhewe, ora kudu ngenteni kakunge. Teneh mengko kepancal jisime selak wis dikubur. Njur liya dina diampiri tanggane diajak niliki wong lara, tilik tanggane puputan bayen. Sing kabeh mau kakunge rak ora njingglengi, ngerti-ngerti gajian isih kurang seminggu, putrine nyuwun dhuwit nggo blanja.

Upama wae kakunge dhawuh nyebrak tangga ngono wae putrine mesthi manut. Ning yen dipaido, gedhene diunekake pintere mung boros lan ngentek-entekake dhuwit, wow… atine wong wadon lara… perih lan nalangsa.

Seje karo yen sing kakung disuwuni pirsa, kok kadingaren olehe maringi dhuwit blanjan kok kurang ora kaya sasi-sasi sing wis. Yen kakunge atine getapan, ngono kuwi wis tersinggung njur nesu. Mangka olehe takon ya wis diarah-arah, sing putri mung kepingin ngerti playune dhuwit.
Ya bener kakung kuwi mujudake saka guru jroning kulawarga, ning aja njur rumangsa kudu menang. Yen ati lagi ora keduga, mbok disemayani ngene :
?Mengko wae, bu, nek mapan turu tak critani.? Sing jebulane dhuwit jatah blanjan kelong kanggo pajeg motor, kanggo ngganti tuku ban motor sing anyar, nyervis lep-top. Angger olehe nerangke alon-alon, wong wadon bakal nampa kabeh mau. Wong nyatane kabeh mau kanggo kebutuhane kulawarga.

Ing kanyatanaan saiki sing tenan pancen ya nyata. Kanggone wong bebrayan sing wis kliwat rong puluh taun, racake kakung rumangsa luwih ing sakabehe. Ya luwih wenang ngatur putra-putra sing tanpa sarembug karo garwane. Rumangsa luwih menang lan bener, apa kandhane kudu diturut.
Kanggone putri sing wis leladi jroning semono tahun, sejatine kabeh wis mapan lan apal. Apal karo watake garwane sing kudu ngene kudu ngono. Kabeh mesthi bakal dilakoni lan diestokke, merga rumangsa dirembug, ditanggung sakabehe. Mesthi wae, kanggo ngatonake setya bekti ing kakung, putri bakal mdherek lan ngestokake kabeh dhawuhe. Senajan kanthi ati lara lan nalangsa. Mula becike wiwit isih mudha, dikulinakake sabar lan sareh ngadhepi apa wae, supaya ati lan budi tansah wening. Dadi jroning ngrembug kahanane kulawarga kabeh kanthi padhang, sing antarane siji lan sijine bisa nampa kathi lega legawaning ati.

–ooOoo–

This entry was posted in Lembar Kulawarga. Bookmark the permalink.

Comments are closed.