Saguh Ngrewangi Golek Bandha

Jagading Lelembut
Dening : Nini Klenyem

Saguh Ngrewangi Golek Bandha

Crita iki aku mung entuk saka kancaku, sing wis tetaunan ora ketemu. E lha bareng ketemu ndadak neng nggon sripah padha dene layat, dadi ya mung winates banget anggone bisa omong-omongan. Bareng layon diangkatake, karo bareng mlaku tekan parkiran kancaku mau kandha :
?Wis mbak, nek omahmu isih tetep neng kana kae, sesuk aku nek sela tak merlokke dolan. Sesuk nanjakke kangen-kangenan karo crita sing tutug kae.?
?Ya wis dhik, sugeng tindak, rawuhmu neng gubugku tak anti-anti tenan.? Ngono kandhaku. E kok tenan, ora nganti seminggu kancaku mau teka tenan.

Maklum crita neng pelayatan kae njur disambung gayeng banget. Rehne ya kanca padha dene seneng ndobos, mula dheweke kandha ngene :
?Mbak aku nduwe crita lelembut tulisen ya, critane ngene :
?Aku kuwi rak nduwe kanca bidan sing dinese ya neng kutha Yogya kene jenenge bu Atun (jeneng samaran), tugase neng RS Waluya Husada (samaran). Sing jeneng tenaga medhis ing RS kuwi saka perawat tekan dhokter-dhoktere rakya sok entuk giliran jaga utawa tugas bengi ta mbak? Semono uga bu Atun iki. Ing sawijining wektu dheweke ya entuk tugas jaga bengi, ning nalika sore arep mangkat sirahe kok krasa mumet. Atine dadi gojag-gajeg, arep mangkat apa ora? Sidane bu Atun njur mangan obat karo ngombe teh nas githel. Ora suwe mumete kok ilang, mula sidane ya njur mangkat tugas jaga bengi.

Bu Atun mau wong kendel, mula neng ngendi-endi ya numpak motor dhewe. Mobil ya ana, ning sing nganggo mung sing kakung, jare bu Atun seneng yen numpak motor, lincah lan bisa nyidhat dalan cilik-cilik. Tekan RS ya bisa nyambut gawe, malah bengi kuwi ana wong nglairke bayi nganti telu, dadi bu Atun ya kerja giat tenan. Tan kocapa antarane jam 3.30 (wis gagat esuk), sirahe sing dhek sore krasa mumet mau kok kumat maneh malah kepara nemen. Mula bu Atun pamit karo perawat sing tugas kono yen arep bali. Sidane tekan pinggiran kutha motore mak gedhendhel kaya diboncengi uwong.

Mula bu Atun njur minggir mandheg. Bareng noleh mburi ana cah cilik nganggo topi wis lungguh nyligrik neng sadel mburi. Bu Atun takon :
?Lho lehmu mbonceng yah apa le, ngerti-ngerti kok wis lingguh kuwi??
?Dhek mau, bu, nalika motormu rada rindhik, aku njur nyengklak. Aku nunut tekan ngomahku ya, bu, wong aku pisah karo kancaku.? Bu Atun gumun lan ngrasa aneh nuli takon :

?Le, kowe cah cilik kok lunga bengi-bengi gek mung karo kancamu, apa wong tuwamu ora nggoleki??
?Ora bu, saiki aku ora nduwe wong tuwa, entuk pa aku melu kowe? Mengko tak rewang-rewangi golek dhuwit ta wis. Pokoke ibu kepingin apa, yen tak rewangi mesthi njur keturutan pepinginanmu. Entuk ya bu, aku melu.? Sanalika bu Atun tanggap yen dheweke adhep-adhepan karo lelembut. Mula tangane bu Atun sing tengen arep mbukak topine bocah kuwi, ning ora entuk, kepara topine malah diplorotake nutupi sabageyan raine. Nuli kandhane bu Atun :

?Ning yen kowe ngrewangi aku rak njaluk opah ta??
?Lha iya ta, bu, kuthukmu sing cilik dhewe kae tak jaluk nggo kanca aku.? Bu Atun saya tanggap yen kuwi bangsane inthuk sing gawene nyolongi dhuwit, mongko dheweke rumangsa yen ora ngingu (duwe) pitik. Gage kandhane bu Atun cetha :
?Le, sing mbok karepke kuthuk kuwi rak anakku ragil ta??
?Iya bu,? swarane lirih banget.
?Ngene ya le, kowe aku kuwi titahing Gusti Allah, mung bedane kowe lan aku seje alam. Mulane alamku aja mbok regoni. Aku kuwi tansah syukur lan matur nuwun ing kabeh peparinge Gusti. Anggonku luru dhuwit lan yen dadi bandha, ya tak rewangi makarya lan kangelan kanthi laku jujur lan temen. Dene yen aku sugih mbok rewangi lan kudu ngurbanke anakku, aku emoh… kuwi dosa. Aku wedi karo wewelake sing Kuwasa. Wis mudhuna aku tak mulih.? Bocah kuwi lingak-linguk karo kandha :

?Ya wis bu, aku tak melu kowe, aku ora njaluk opah tak rewangi dolek dhuwit. Ning aku olehna golek pangan neng ndalan, embuh mengko sapa pokoke dudu keluargamu.? Bu Atun mangsuli :
?Ning kowe rak tetep golek kurban, sing kudu dadi banten ta?? Bocah kuwi manthuk. Bu Atun kandha santak ;
?Ora… ora kena, kuwi larangane sing Kuwasa. Nek kowe nekat, kowe bakal cilaka neng alammu. Wis gage cepet mudhuna, aku selak arep mulih.?

Bocah kuwi tetep meneng wae ora mobah ora mosik. Rehne bu Atun kuwi wong sing gedhe piyandele marang Gusti Allah, mula motor gage dijagrakke, dheweke merem sembahyang nyuwun pitulungan lan pangayomaning Gusti.

Rampung sembahyang, nalika bu Atun melek, bocah mau wis ora ana ndhuwur sadhel motor. Embuh lungane. Cepet-cepet bu Atun ngeslah motore, ana ndalan tansah ndremimil anggone nyuwun slamet. Lan nyatane ya pinaringan rahayu tekan ngomah. Nganti tekan seprene isih sok dicritakake karo kanca-kancane.
Ngono critane kancaku mau. Para maos percaya mangga, ora ya ora papa, wong aku rakya mung dicritani.
Nuwun.

RAMPUNG

This entry was posted in Jagading Lelembut and tagged , , , , , , , , , , . Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>