Prawan Ayu Rara Manggali (Seri 1)

Krompyang… keprungu suwara barang pecah sing tumuba ing jubin. Nuli keprungu swara saka kamar sisihe :
?Hara ta, apa maneh sing tiba pecah kuwi, Manggali??
?Anu Yung… piring karo gelas sing mrucut olehku nyekeli.?
?Oh Mangali…., destun temen anggonmu urip. Wong dadi bocah wadon kok apa-apa ora bisa…. Angger reka-reka nyambut gawe mesthi ngrugekke…, nek ora ya rusak. Mula ya mula Manggali, nganti wis semono gedhemu, ora ana jejaka nglirik. Mbok kowe kuwi prihatin ta Manggali, ben gangsar ndang entuk jodho. Biyungmu wis nganti isin lho, duwe anak kok dadi prawan kasep.?
?Uwis… uwis Yung, aja mbok teruske anggonmu nguman-uman aku. Isin Yung aku, yen nganti keprungu tangga.? Ngono kandhane Rara Manggali sing groyok kecampuran tangis.

Mbok Randha Calon Arang njur mak klakep bareng ngerti yen anake nangis. Atine njur krasa getun sing mbangeti, dene kok esuk-esuk wis keladuk anggone nyuwarani anakke. Sejatine yen Mbok Randha gelem metani atine dhewe, mesthi ya rumangsa. Ngapa Rara Manggali anake kok nganti dadi prawan kasep? Gek mangka sapa ora ngerti, yen Manggali mono bocah sing ayu merak ati, bebudene becik tur andhap-asor. Srawunge karo tangga lan kanca sabarakane uga grapayak sumanak, malah kepara mindher utawa isin semu asor. Mergane apa?

Merga biyunge Rara Manggali, ya Mbok Randha Calon Arang mono neng desane Girah kono wis kawentar yen ala atine. Janji ana wong sing ora cocok lan ora disenengi, Mbok Randha ora sungkan-sungkan njur nggawe cilakane, kepara gawe patine srana ditenung utawa disanthet. Mula wong-wong padha sungkan karo Mbok Randha, wedi mengko yen srawung nganti kleru mundhak cilaka.

Sing dadi mesakake iku Rara Manggali. Ya merga sungkan lan wedi karo biyunge, Rara Manggali sing sejatine kembang desa Girah iku ora ana sing wani methik. Sejatine akeh jejaka sing kumecer kepingin nduweni, ning merga keperbawan trekahe biyunge sing awatak kejem lan wengis, mula Manggali prawan ayu moblong-moblong kuwi katut dadi kurbane biyunge.

Manggali kuwi bocah sing mbangun turut karo biyunge, ngurmati lan bekti. Dheweke sejatine ngerti yen biyunge mono tansah dadi rerasanan tangga teparo anggone seneng gawe cilaka. Ning arep kandha ora wani, merga ngerti watake biyunge sing ora kena kepidak layangane. Samubarang rumangsa bener dhewe lan menangan.

Mbok Randha Calon Arang kuwi asline wong seka Bali. Wiwit cilik senengane sinau kebatinan. Dheweke kepingin nduwe keluwihan sing ora didarbeni dening saben wong. Mula bareng ing tanah wutahe wis rumangsa mumpuni, Calon Arang banjur niling-nilingake ngendi sing ana guru olah kebatinan sing mumpuni. Kanthi gethok tularing bakul sinambi wara, Calon Arang krungu yen ing tanah Jawa akeh wong kang mumpuni mungguhing kebatinan. Tanpa sungkan-sungkan Calon Arang banjur ninggalke desa kelahirane, bebara menyang tanah Jawa ngupadi undhake ngelmu. Ya merga sinurung gedhene antep, Calon Arang nemokake padhepokan sing kawentar ing kuthagara Kediri, sing dhek jaman semana sing jumeneng nata Sang Prabu Erlangga. Ingembanan pepatih dalem kang tuhu setya lan wicaksana ya Sang Rekyan Patih Narotama.

Ing padhepokan kono Calon Arang kinasihan dening Sang Guru Nadi, merga kejaba pinter dheweke iku siji-sijine siswa sing mung wadon dhewe. Uga neng padhepokan kono, Calon Arang nduwe mitra sing padha dene siswa jenenge Baradhah. Maune ya mung kanca sinau lan tukar kawruh, ning suwe-suwe Calon Arang sing wis diwasa iku ana rasa sengsem marang Baradhah.

Eman Baradhah ora nanggapi, merga isih kepingin ngluru ilmu sing luwih dhuwur tatarane, supaya bisa sampurna uripe. Atine Calon Arang rumangsa lara, mula banjur golek pemarem priya liya seka njaban padhepokan. Priya kekasihe mau tansah dipamerake ing ngarepe Baradhah, sing babar pisan ora nggubris karo trekahe Calon Arang iku. Sing ndayani Calon Arang saya mangkel atine marang Baradhah. Swise kaanggep cukup anggone padha ngangsu kawruh bab ilmu, para siswa Padhepokan katundhung dening Sang Guru Nadi supaya padha ngamalake ilmu kabisane ing tengahing bebrayan agung kanthi tujuan sing becik-becik.

Sang guru wanti-wanti welinge, poma dipoma para siswa ora kepareng ilmune kanggo tumindak ala, luwih-luwih kanggo gawe cintrakaning liya utawa pepadha. Dene yen nganti ana sing lali utawa lirwa, rewang sapeguron kudu ngelingake, dene yen ora nggugu, wajib senajan kadang tunggal sapeguron kudu brasta tumindake. Para siswa banjur padha sowang-sowangan miturut krenteging ati menyang ngendi anggone arep padha ndarma bektekake kabisane marang pepadha kanggo kabecikan lan kamanungsan.

Baradhah kang wicaksana iku, nuli sowan neng kraton Kediri sowan Sang Prabu Erlangga sing saperlu suwita ngabdi neng ngersane. Sang Prabu bareng ndangu sawetara antuk wangsulan kang nggawe renaning penggalih, pasuwitane Baradhah ketampa.

Malah merga saka kawicaksanane Baradhah, dheweke banjur kaangkat minangka Empu, jroning kraton, sing tansah kaajak rembagan dening Sang Nata, bab ubeng-ingering kaprajan lan yen ana ruwet retenging lakuning peprentahan. Mula ora mokal yen asmane Empu Baradhah nujum Kraton Kediri dadi kawentar.

Bali neng Calon Arang. Bareng wis tita nyedhaki Baradhah kanca siswa sa padhepokan cetha ora tinanggapan, Calon Arang niat bali neng asale ya pulo Bali. Neng kana kiprah, apa kabisane dicakake, kayata gawe padhang wong kang kepetengan, nambani wong lara, nglipur wong sing kesusahan. Kabeh kabisane diamalake neng umum. Sedhela wae jenenge dhukun Calon Arang dadi kasusra. Ning ya kuwi, wong ora bisa uwal saka kodrating urip.
Kegawa wis diwasaning umur, pamothahing ati, pepenginan wong mono nresnani lan ditresnani dening seje jenis durung keturutan, Calon Arang wiwit nglirik nom-noman sing bisa ndudut atine. Sakawit akeh jejaka sing sanja ing omahe, kayata ; I Made Wijana, Putu Aryana, Ketut Bima, atine Calon Arang dadi kedanan….. kasmaran marang salah sijine. Yaiku I Made Wijana.

Maune I Made ora krasa, ning bareng Calon Arang blaka yen seneng lan njaluk dituruti karepe, I Made wedi njur gage mulih. Calon Arang dadi kewirangan lan rumangsa kagol atine. Dhewekke mangkel banget.

Batine getem-getem jroning ati ngunandika :
?E I Made, aja mbok sebut dhukun Calon Arang, yen aku ora bisa gawe edanmu. Calon Arang banjur mbukak buku, mbaleni rapal-rapal sing sejatine nalika neng tanah Jawa kuwi kabeh ora kena ditindakake, merga kanggo laku sing ora becik.

Sawise kelingan kabeh donga rapal mau, Calon Arang mesem kalegan : Niyat sing ala mau bakal ditindakake mengko bengi. I Made Wijana bakal digawe lali, mara dhewe neng omahe Calon Arang, lan manut miturut apa saprentahe.

Tenan, kira-kira jam siji bengi Calon Arang metu saka ngomah, tumuju ing omahe I Made Wijana, banjur ngubengi omahe karo maca rapal mantra sing diwateg. Bubar kuwi banjur mulih adus reresik awak. Mlebu senthonge, dandan memaes awak. Bubar iku lumah-lumah ing peturone karo bali mateg mantra. Ora antara suwe keprungu lawang dithothok. Calon Arang gage tangi karo mudhun saka peturone arep ngengakke lawang, batine karo mesem :
O nyata mantraku majas, lagi sakadheping netra wae I Made wis tekan kene. Bareng lawang dibukak, Made mlebu tanpa ndadak nganggo dikon. Gage tinuntun dening Calon Arang tumuju senthong paturone. Made mung manut…. nurut kaya kebo dikeluhi.

Gandheng Calon Arang wis ngelak ngorong asihing priya, mula tanpa ana tembung seklimah, Made sing wis kena dayane gendam kemayan iku diarasi, diuleng-uleng, lan wusanane diajak mabur neng mega mencaki swarganing urip manut wae. Pokoke Calon arang kaya wong kemaruk. Pepinginan sing wis suwe diantu-antu saiki bisa dirasakake kanthi sak mareme. Gagat esuk bareng calon Arang wis marem, Made dituntun metu saka omahe diabani dikon mulih, ya terus lunga. Bungahe Calon Arang tanpa upama.

Ngono mau terus ditindakake kapan wae, yen Calon Arang nduwe karep, mantra kanggo nglalekake Made mesthi diwateg. Wis dadi kodrat, sing sapa tumindak, mesthi ngundhuh wohing pakarti.

Wis rong sasi Calon Arang ora nggarap sari, atine wiwit bingung, yen I Made dijaluki tanggung jawab, cetha ora bakal gelem, selagi dhek isih prawan wae emoh kok. Mangka nalika tumindak mung saka karepe Calon Arang dhewe, dheweke digawe ora sadhar.

Jroning kebingungan, Calon Arang teka neng tetua Banjar kandha, nek dheweke mbobot karo I Made Wijana. Tetua Banjar banjur nakoni I Made, dheweke selak merga ora ngrumangsani. Calon Arang sing maune wong apik, pinter nambani, lan seneng tetulung iku, saiki dadi kembang lambe merga olehe bobot nganggur.

Saking mangkel lan isine, Calon Arang neng ngarepe wong akeh kandha :
?Sapa wae wong-wong sing gawe cuwa lan wirangku bakal ndak sirnakke utawa tak gawe cilaka.? Let seminggu Calon Arang banjur mateg rapal, bengi kuwi dheweke mubeng-mubeng nyebar teluh, sing pranyata esuke akeh wong sing lara. Semono uga I Made wong sing disiri Calon Arang, lara telung dina terus dadi lan tiwase. Bubar kuwi, saben ndina sasat ana wong mati merga pokale Calon Arang.

Banjar (warga masyarakat) banjur dikumpulake dening tetua Banjar teka ing omahe Calon Arang, sing isine : yen Calon Arang ora gelem nguwisi anggone nyebar teluh, dina sesuk omahe bakal diobong dening Banjar (masa) lan dheweke bakal ditundhung saka desa kono.

Merga wedi lan bingunge, sawise ngracut mantrane, bengine Calon Arang lunga ninggalke desa kelahirane ing Bali, ancase bakal ngumbara bali neng tanah Jawa maneh. Syukur mengko bisa nemokke Baradhah sumitrane, kanca sapegurone sing biyen wis tau nolak tresnane. Dene tujuane, mung bakal njaluk pamrayoga mungguh anggone wis kleru tumindake, dene saiki bobot merga saka anggone ngumbar hawa nafsu.

Bareng tekan pulo Jawa, saking tlatene nggoleki, wusana Calon Arang bisa nemokake Baradhah, sing saiki wis jinunjung dadi Empu ing kraton Kediri, iya empune Sang Prabu Erlangga. Dene mapane ana ing padhepokan Watu tulis. Para nom-nom mau akeh sing dadi siswane, merga kayungyun ing piwulang lan wiridane sing pranyata adiluhur.

Tekane ing padhepokan, tinampa dening empu Baradhah kanthi bungahing ati kandhane :
?Mitraku Calon Arang, aku bungah bisa ketemu sliramu maneh, ning gumunku, rehning sliramu ndak sawang wis nggerbini, lha endi garwamu? Kok ora bebarengan mbok ajak mrene tetepungan karo aku??? Nampa pitakonan ngono mau, sanalika Calon Arang tumungkul, seka mripate trocosan luh kang tumetes ing pangkone. Weruh iku mau kabeh, Empu Baradhah gage mbenerake tembunge :

?O Calon Arang, pangapuramu wae sing gedhe, yen pitakonku mau gawe laraning atimu. Mangka karepku mono becik. Awake dhewe kuwi rak tunggal sapeguron, ateges awake dhewe kuwi wis manjing dadi sedhulur tunggal guru. Mula yen ana abotmu, aku wajib tetulung, samangsa aku bisa, Calon Arang.?
?Oh kakang Empu Baradhah, mula keraya-raya anggonku nggoleki sliramu kuwi aku mung arep nyuwun pepadhang mungguh kleruning tumindakku iki.? Calon Arang kanthi tansah netesake luh, nyritakake kabeh lelakone sing wis ditindakake kanthi jujur, ora ana sing didhelikake. Kabeh mau ketang kepingin ngentheng-ngenthengake penandhange. Nuli kandhane Empu Baradhah :
?O sumitraku Calon Arang, samubarang sing wis kebacut ora perlu digetuni. Saiki jaganen sa becik-becike anakmu sing isih neng guwa garbamu kuwi nganti tumekaning lahir, lan openana nganti tumekaning dewasa. Wiwit saiki, minangka pamartobat kabeh tumindakmu sing kleru, prayoga kowe tapa ngrame, tetulung marang sapa wae kang mbutuhke pitulunganmu. Wis Calon Arang, saiki goleka papan kanggo padununganmu neng kene, mengko ndak aturake Sang Prabu Erangga, ngayom panjenengane sing nguwasani Kediri kene.?
?O yoh kakang Empu Baradhah, kabeh weling lan dhawuhmu bakal ndak estokke, ora lali aku matur nuwun banget marang sliramu, kakang.? Sawise iku kanthi madik-madik papan, wusanane Calon Arang nemokke desa Girah, ya ing kono dheweke dedunung lan wiwit nindakake tapa ngrame. Rehning kepinterane Calon Arang ya sejajar karo Empu Baradhah, mula ora mokal yen banjur madeg dhukun. Dheweke bisa nambani wong lara, gawe lejare wong susah, gawe padhang atine wong sing lagi kepetengan. Pakaryan mau ditindakake kanthi ikhlas marang sapa wae nganti tumeka jabang bayi kang dikandut lahir.

Calon Arang tansah kandha marang wong-wong, yen bojone ya bapakne bayi kuwi ngajal nalika dheweke ngandheg telung wulan. Mula yen wong-wong ngundang ya muni mbok randha Calon Arang.

Ana ing desa Girah jenenge mbok randha dadi kawentar minangka dhukun sing pinter nambani sawernaning lelara. Dene anake lahir wadon sehat lan ndemenekake, tur ya walagang? gelis gedhe.

Dening biyunge bayi mau dijenengi : Rara Manggali. Wiwit isih cilik wis katon, yen Rara Manggali ginadhuhan rupa sulistya, mancur mencorong cahyane. Ya mbok menawa saka tapa brata biyunge, nggentur anggone tapa ngrame, jabang bayi sing dikandhut keprabawan ulahe wong tuwane. Mbok randha Calon Arang banget gematine marang Manggali. Tekade uripe mung bakal kanggo kamulyaning anak ing tembe mburine :

Lumakune wektu ora rinasa. Rara Manggali wis mekar diwasa, umure wis ngancik wolulas taun. Kanca-kancane lanang wadon ilir padha dolan, merga padha tresna marang Manggali sing grapyak sumanak, becik bebudene tur ora mbedak-mbedakake karo sapa wae. Mbok randha Calon Arang tansah memuji muga-muga Rara Manggali ndang entuk jodho, ora kaya awake dhewe biyen.

Ning gandheng nyatane Rara Manggali dhewe ya durung ana priya sing klebu ing? atine, mula ya anteng wae. Angger-angger ditakoni biyunge, wangsulane Rara Manggali isih seneng momong awak. Suwe-suwe biyunge sewot, Manggali kerep diuring-uring biyunge, dikon milih jejaka endi sing disenengi, ning Manggali mopo. Mbok randha dhewe mancing-mancing para jejaka kuwi, ya padha wangsulan jujur, yen anggone padha dholan kuwi mung winates ing kekancan.

Saiki mbok randha mangkel lan nesune tumiba ing para jejaka sing padha mara kayata : I Wayan Klentreng, Ketut Sumarya, I Gusti Sandiwa, sing Calon Arang rumangsa seneng yen dadi mantune, ning para jejaka kuwi ora ana karep mrono.

Watak sing ala bali thukul. Saiki ing ngomahe ora kena bocah padha dolan, semono uga Manggali uga ora entuk metu saka ngomah. Siji mbaka siji para jejaka kuwi disanthet, lara nganti pirang-pirang sasi sing wusanane dadi lan tiwase. Sing padha disanthet mau, angger-angger girap-girap jare diweruhi mbok randha Calon Arang sing rupane nggegirisi.

Ya merga saka pengakuane para jejaka sing girap-girap kuwi, wong-wong dadi padha? ngerti, yen kabeh mau saka pokale mbok Randha Calon Arang, merga wedi yen anake dadi prawan kasep.

Kabar wis sumebar, yen mbok Randha Calon Arang seneng nyebar teluh lan santhet marang wong sing ora disenengi ing karang padesan kono. Kabar mau nganti kepireng ing Sang Prabu Erlangga, sing wusanane nimbali Sang Rakyana Patih Narotama lan para Anung-anunging praja, sarta Empu Baradhah nujum kraton. Bareng wis padha marak, Sang Prabu ndangu Rakyana Patih Naratama : ?Piye ki Patih mungguh panemumu, nanggapi pokale mbok randha Calon Arang iki??
?Dhuh Sinuwun sesembahan kawula, manawi saking pemanggih kawula, Calon Arang punika saenipun lajeng dipun besta kemawon, tumunten kalebetaken ing pakunjaran, awit yen kedangon kawula dalem badhe saya kathah ingkang dados banten.?
?Lha saiki bapa Empu Baradhah, apa sira sayuk karo panemune ki patih??
?Dhuh Gusti Prabu sesembahan kawula, kawula mangertos sinten Calon Arang punika. Piyambakipun tunggil sapeguron nalika sami sareng-sareng ngupados ilmu kaliyan kawula. Pramila ingkang punika, mbok inggiha wonten kepareng ndalem, Calon Arang badhe awula pripih sarana aris, ingkang supados watakipun ingkang awon ical. Dene yen mangkeh wonten kimatipun tumindak awon malih, kula piyambak ingkang badhe mbrasta.?
?Oh yen ngono ingsun sarujuk banget, Empu Baradhah, njur carane??
Anu Sinuwun, anak siswa kawula Bahuka kadhawuhana nglamar Rara Manggali, anakipun Calon Arang. Kejawi larenipun sulistya, bebudhinipun ugi sae. Inggih Bahuka punika ingkang badhe kawula damel sarana ngicalaken angkaranipun Calon Arang.?
?Yoh becik banget Empu Baradhah, yen ngono samektakno sakabehe. Bab panglamar lan uba rampe dhauping? penganten, mengko kabeh ingsun kang bakal nyukupake. Rembug ingsun kaanggep rampung, wusana ingsun keparengake bubaran.? Tekan padhepokan, Empu Baradhah nimbali Bahuka siswa kinasih. Apa kang kinarsakake Sang Prabu kabeh diwedharake marang Bahuka.

Dhasar wis buntas salwiring kawruh tur ya wis diwasa tenan, kabeh dhawuhe Sang Prabu, Bahuka nyendikani. Rombongan tumuju desa Girah, saperlu nglamar Rara Manggali katindakake. Mbok Randha Calon Arang sing ora ngira sadurunge, bungahe ngayang batin. Apa maneh bareng ngerti yen sinengkuyung dening Sang Prabu Erlangga, merga Empu Baradhah bapa gurune Bahuka rak wis kawisuda minangka Empu Kraton. Mbok Randha Calon Arang rumangsa yen bakal kaangkat drajade.

Let seminggu desa Girah rame, Mbok Randha Calon Arang mantu gedhen. Kabeh wragad saka kraton, tamune uga akeh priyayi luhur. Bareng weruh citrane Rara Manggali sing ayu moblong-moblong, sanalika Bahuka tuwuh rasa seneng lan tresnane marang calon sisihane. Rampung dhauping pinanganten, kabeh pangombyong bali neng Kediri, dene Bahuka keri neng desa Girah, nutugage anggone pepasihan karo bojone minangka penganten anyar.

Ana candhake

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>