Prawan Ayu Rara Manggali (Seri 2)

Pancen…, lagi pirang ndina Bahuka ana desa Girah, apike wis kawentar. Sasat kabeh wong padha ngalem yen Bahuka iku wong sing becik atine, grapyak karo kabeh wong, sumeh lan ora mbedak-mbedakake sapa wae. Neng ngendi-endi pinter ndudut atine liya.

Wiwit srawung karo Bahuka, wong-wong dadi suda wedine, malah saiki wis padha wani teka ing omahe Mbok Randha, saperlu jagongan karo Bahuka. Gandheng Bahuka iku wong sing pinter tur baut crita, mula ora mokal yen mundhak dina sing mara dolan mundhak akeh…, kabeh-kabeh kepingin ngrungokake critane Bahuka sing ngemu wewarah luhur lan suci kuwi. Awan bengi ilir tansah ana tamu.

Akehe tamu njalari atine Mbok Randha dadi ora seneng … sebah … lan mangkel. Maune mung dienengeake wae, ning saya suwe atine ora kuwat, mula banjur ngundang anake wadon dikandhani, tembunge sengol :

?Manggali!, kowe rak ngerti ta yen salawase omah iki tansah tutupan lan ora ana wong mara? Geneya saiki awan bengi kanggo dlajigan, kabeh-kabeh wong tansah padha nggoleki bojomu. Apa wong-wong kuwi ora padha ngerti, yen kowe kuwi manten anyar? E Manggali, kandha bojomu, yen aku ora lila omahku kanggo dlajigan!?
?Aku ora wani, Yung, nek dikon ngelikke Kakang Bahuka, karo maneh apa ya mentala mbalekake tamu sing wis kebanjur padha mara??
?Bagus, Manggali! Yen kowe ora wani kandha bojomu, aku sing arep ngusir wong-wong kuwi kanthi nganggo caraku dhewe. Dene yen ana apa-apa mengkone, kowe aja alok. Manggali bisane mung banjur mlebu kamar… neng kana dheweke nangis. Let telung ndina karo kedadeyan ing dhuwur, wayah esuk keprungu swara kenthong saka sisih kulon pernah omahe. Kenthong sing gawe susah, merga iku sawijining pratandha, yen ing omah iku ana sing mati. Lagi wae meneng wis kesusul saka arah kidul lan wetan, uga kenthong kaya sing dhisik. Bahuka sing durung tangi lan isih aras-arasen metu saka kamare, tumuli takon marang bojone :
?Adhi Manggali, swara kenthong iku pratandha apa??
?Iku tengara ana wong mati, Kakang!?
?Lho wingi kaya kok ora krungu wartane yen ana tangga sing lara, geneya saiki sadesa ana wong kepaten kok nganti telu, gek bareng pisan. Ya gene Dhi?? Manggali sing lingguh pinggir peturon mung meneng. Bahuka nyedhak ngambali pitakon kanthi asih :
?Ngapa Dhi, kowe ora mangsuli pitakanku, apa ana wewadi, aku rak bojomu ta?? Manggali bali neng peturone … ngambruk ing pangkone bojone mangsuli karo nangis, swarane setengah bisik-bisik kuwatir yen nganti rinungu biyunge :

?Ngene Kakang, sejatine biyung kuwi rak ora seneng yen ing omah iki akeh tamu. Dhek emben aku rak wis dikongkon ngelikke Kakang, ning aku ora wani. Wusana Biyung mangkel… lan ya kaya ngene iki kedadeyane.?
?O… yen ngono, iki saka pakartine Biyung ta Dhi??
?Sawise ngerti bab iki, Kakang Bahuka rak ya tetep tresna ta marang aku??
?Iya… iya Dhi, awit ora ana putri loro utawa telu sing tak tresnani kejaba kowe Rara Manggali!?

Sauntara padha meneng, Bahuka katon mikir-mikir sedhela banjur kawetu tembunge :
?Dhi Manggali, apa nek aku duwe karep becik kowe gelem sabiyantu, wong ayu??
?Gelem Kakang, aku rak bojomu. Janji aku bisa, mesthi aku gelem nindakake.?
?Ngene ya Dhi, Biyung Calon Arang kok sektine kagila-gila kuwi mesthi duwe jimat utawa aji-aji. Tandhane Biyung bisa gawe lelara lan pepati sing nganti wong-wong padha giris lan miris karo trekahe Biyung. Coba Manggali, yen kowe nyata tresna marang aku lahir batin, kandhakna wewadine Biyung Calon Arang!?
?Iya ta Kakang Bahuka, ketang gedhene tresnaku marang Kakang bakal ndak bukak wewadi iki.

Dhasar atiku sejatine ya wis ora kuwat ngampah, ndeleng kasangsaraning pepadha sing tanpa dosa, padha nemahi tiwas merga pokale Biyung. Ngene Kakang, sejatine Biyung kuwi rak duwe buku cilik sing tansah dipepundhi lan dipepetri. Buku iku isi sakehing mantra sing kena dianggo gawe sangsaraning liyan. Janji mantra iku diwateg, ing tengah bengi Biyung banjur metu lan mubeng-mubeng, ya ing wektu iku Biyung nyebar teluh… tenung lan santhet. Sapa sing danggep satru sumedya disirnakake, ing dina esuke bakal lara lan wusanane mati.?

Bahuka njinggleng olehe ngrungokake critane bojone. Rampung olehe crita, Manggali nyawang bojone kaya njaluk diwelasi. Bahuka tanggap bojone dirangkul kenceng dibisiki.
?Aja samar Manggali, aku tetep tresna lahir batin marang kowe.? Bengi iku udane nggrejih, Bahuka lan Rara Manggali senajan wis padha ana ing njeron kamar, nanging durung padha turu. Isih keprungu, pating klesik… sajake lagi padha crita gayeng. Lumrah dhasar penganten anyar, sing lagi nedheng-nedhenge padha andon tresna. Ing sisih kana… ing senthonge, Mbok Randha lagi bikut ngolak-alik bukune, embuh apa sing arep dikarepake maneh, lan sapa sing arep didadekake banten ora ana sing weruh. Senajan mung lirih-lirih, keprungu swarane Bahuka mbujuk sing wadon, tembunge :

?Manggali wong ayu, nek pancen kowe tresna tenan, ndak kongkon apa wae rak gelem ta?, merga iki migunani banget mungguhing kamanungsan.?
?Iya Kakang, janji ora mlebu leng semut wae aku mesthi mangkat.?
?Sepisan ji iki aku njaluk tulung ya Dhi, kowe kudu gelem. Tulungana aku, jupukna buku jimate Biyungmu kuwi, arep ndak caosake Bapa Empu Baradhah. Dening Bapa Empu, mantra iku bakal dilebur supaya ora kena kanggo gawe sengsarane kawula ing Kediri. Ngertia Manggali, yen aku lan Bapa iki dadi utusane ingkang Sinuhun Prabu Erlangga, mbrasta reretuning praja klebu pakartine Biyungmu Calon Arang.?
?O…, dadi ngerti aku saiki. Yen ngono Kakang iku mindho gawe. Sakliyane ngersakakae aku dadi garwamu, ning ya nduweni jejibahan kanggo praja lan kawula.?
?Bener kandhamu Manggali wong ayu, mula tindakna lan bantunen pakaryanku iki.?
?Wis ta Kakang bab iki percayoa marang aku.? Bubar iku sepi …. mung angin wengi sing krasa saya adhem nggrogoti balung.

Dina esuke, kaya adatan yen bengi mentas mubeng-mubeng, byar esuk tekan ngomah Mbok Randha banjur mapan turu. Tangine terkadhang awan bar bedhug, malah bisa uga sok nganti sore surup. Awan bubar mangsak, Manggali nyepak-nyepakake sega sak lawuhe kanggo biyunge. Ngungak njero senthong, biyunge isih turu angler ngadhep buku cilik ing sisihe. Manggali nata ati, supaya anggone ngayati pakone bojone bisa ditindhakake sabecik-becike. Kanthi ngampet ambegan lan ngati-ati banget. Manggali nyedhaki biyunge sing katon pules.

Alon-alon buku dijupuk banjur disak ing klambine, nuli diwenehake bojone. Bahuka nampani buku iku kanthi bungah banget, bojone tumuli dibisiki. Kanthi cekat-ceket, Manggali tata-tata barang saperlune, kekarone ngungak senthong sepisan maneh, banjur gage ninggalake omah sing dituju mulih neng Padhepokan Watutulis.

Ing Padhepokan Watutulis, Empu Baradhah lagi mucal para siswa ndadak ketungka tekane Bahuka ngajak bojone. Empu Baradhah katon karenan penggalihe. Sawise bage biage mungguh ing keslametane, Bahuka banjur ngaturake buku jimate Mbok Randha Calon Arang sineksen ing Rara Manggali.

Sang Baradhah nampi lan banjur mirsani isine buku mau, sedhela-sedhela mesem lan manggut-manggut, ndadekake gumune para siswa. Bareng wis rampung Empu Baradhah banjur ngendika :
?He siswaku, sarehne Mbok Rnadha iku sing digilut ngelmu sing ireng utawa reget, mula isi buku sing becik iku diwalik. Mantra sing kudune kena kanggo gawe kabecikan iku, diwalik kanggo gawe kasangsaranig liyan. Gawe cilaka… lara… lan yen wong sing dipenggawe kurang kuwat imane bisa wae tumeka ing pati. Ning iki kabeh, ing mengkone bakal tumama ing awake dhewe. Malah kepara tikel yen wis wancine wong mau ngundhuh wohing penggawe. Mula siswaku dieling, kowe kabeh aja nganti gawe piala ing liyan, balik tansah nindakake kabecikan senajan atimu wis tau digawe lara utawa serik.?

Kendel anggone paring wewarah. Empu Baradhah? banjur utusan salah sijining siswa kadhawuhan nyepakake padupan. Bareng wis sumadhiya Empu Baradhah ngendika:
?Mara padha delengen, becike buku jimate Mbok Randha iki bakal tak obong. Yen wis tak obong, dheweke wis ora bisa gawe sangsarane para kawula maneh.?
Buku banjur katumpangake ing padupan murub…, wusana banjur kobong dadi awu. Bubar iku, Sang Pandhita banju pamit para siswane sumedya tindak menyang Girah. Kersane arep ngelingake tumindake Mbok Randha, supaya bali ngambah dalan sing bener. Tindake mung piyambakan, ora ana siswa sing diparengake dherek.

Tan kocapa ing desa Girah, sore sak tangine saka turu, Mbok Randha grayah-grayah, tangane nggrayahi buku sing maune sumandhing… wis ora ana. Tangi gregah banjur nggoleki rana rene ora ketemu. Mbok Randha wiwit bingung… kuwur…. Anake wedok diundang ora mara ora wangsulan, bareng digoleki wis ora ana. Semono uga Bahuka mantune ora katon, sujanane tuwuh. Mbok Randha kekitrang, apa wae sing kecekel dirusak, polahe wis kaya wong kepanjingan iblis.
Lagi tengahe mbingungi, Empu Baradhah teka, banjur mlebu lan lenggah. Kanthi sareh ngendikane :

?Ana apa Mbok Randha kok bingung, njur apa sing digoleki? Ana tamu besan teka kok ora diacarani?? Wangsulane Mbok Randha sengol karo wis tanpa ngingetake.
?Aku lagi ora butuh tamu… ora ngurusi besan…! Aku lagi nggoleki barangku sing banget pengaji mungguhing uripku.?
?O… ngerti aku, Apa kowe nggoleki buku jimatmu, Mbok Randha? Yen buku jimatmu wis digawa anakmu, njur diwenehake aku. Ning mangertia… saiki wis tak obong! Merga yen buku kuwi isih, lan ngani bali tuniba ing tanganmu maneh, mesthi arep mbok anggo ngumbar kamurkan. Pira wae akehe wong sing wis mbok gawe sangsara Mbok Randha? Sing lara… sing tumekaning pati…? Apa kowe durung marem ndeleng akehing korban? Mbokya dimareni ta Mbok randha!?
?Setan… Dhemit edan kowe Baradhah! Ora sudi aku nurut kandhmu! Aku ora ngira bangsaat, yen olehmu ngajak besanan aku jebul mung mbok anggo kedhok olehmu bakal nyengsarakake aku. He Baradhah …! Rasakna iki piwalesku!?

Mbok Randha banjur mateg mantra sing diapali. Tangane njepaplang diacungake marang Empu Baradhah. Mripate Mbok Randha mencereng kaya kobong, awake kedher saking kuwate anggone mateg mantra, pangesthi bilahi sing dibarengi aji panglebur. Karo-karone katon awake kedher, ning suwe-suwe Mbok Randha katon gumrobyos… wusana banjur ambruk gregeli… kojel-kojel sedhela banjur mati. Isih kalah karo aji panulake Empu Baradhah.

Patine Mbok Randha gawe bungahe wong akeh, luwih-luwih Sang Prabu lan kawula ing Kediri. Negara pulih dadi ayem tentrem, rara Mangagli lestari dadi bojone Bahuka. Uripe atut runtut, ujare wong tuwa kaya Mimi lan Mintuna.

TAMAT

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>