KANUGRAHAN

Mangsa rendheng ngecimpreng, awan bengi udan ora leren-leren. Wis telung ndina iki Tukijo anggone narik becak sasat mung kena kanggo setoran. Sisane dhuwit sing digawa mulih yen kanggo tuku beras lan sayuran, dipangan karo bojo lan anake loro sing lagi semega ora wareg.

Lha piye, bah Kim juragane becak kuwi ya kebangetan olehe tegel. Dina-dina udan karo panas ndrandhang, setorane ki ya padha wae telung puluh ewu. Yen panas mono akeh priyayi tindakan, dadi ya meksa akeh tarikan, ning yen udan, lha setorane dusuda limang ewu wae ora entuk-entuka tenan.
Karang jenenge wae wis ngarani Cina-perinciane ana. Kaya dene dina kuwi Tukijo jan… mulih mung nggawa dhuwit limang ewu. Kuwi wae dheweke ora wani mlebu warung angkringan ngelu sega kucing, sing yen dipuluk mung rong emplokan.
Tekan ngomah, anake? loro neng ngarepan methukke karo takon:
?Tuku slondhok apa pothil, pak?? Kanthi ati angles, Tukijo nyelehke bokong neng lincak dawa karo mangsuli :
?Bapak ora tuku apa-apa je, Le. Dhuwite mung cukup nggo setoran. Iki bapak mung keri nggawa dhuwit limang ewu jagan nempur embokmu, kana wenehna, mbokmu neng ngendi?? Parjan anake sing gedhe mangsuli :
?Simbok bubar nggodhog tela puhung olehe menehi bu Pawira mau njur turon wae je, pak, jarene wetenge pijer mules wae.? Krungu wangsulane anake, Tukijo menyat saka lungguhe, marani senthong peturone, nyedhaki bojone karo takon :
?Piye mbokne, wetengmu apa isih lara?? Karo ngiyes-ngiyes sing wadon mangsuli :
?Sajake anakmu arep lahir kok pakne, wong dhek aku mirsakke neng pos yandhu kae bu bidhan ngendika, nek jare olehku nglairke ora nganti sepasar maneh. Gek mangka pakne, jare……, sing wadon ora neruske guneme ning lambene ngawet ngampet tangis. Gage Tukijo nyedhak nyangklek karo takon :
?Jare piye mbokne, bu bidhan ngendhika apa?? Pitakone Tukijo sajak ora sabar kepingin ngerteni.
?Ngene pakne, bareng dipirsa kanthi tliti, jebul bayi anakmu sing neng kandhutan iki, ngendikane bu bidan kuwi kembar.?
?Ha kembar?? Tukijo mbaleni kandhane bojone kanthi ati sing ora karu-karuwan rasane. Upama kahanane mono pinaringan cukup, Tukijo bungah-bungah wae diparingi anak kembar dening? Sing Maha Kuwasa. Ning? bareng sing dipangan sedinane wae ndadak nganggo kethanyalan golek, ngono wae durung karuwan entuk, hara piye yen njur tambah bayi loro? Gek bojone mesthine njur ora bisa cawe-cawe ngrewangi golek, ha bayine sapa sing arep ngurusi? Oh sanalika Tukijo dadi lemes, semplah ngrasakke uripe, sing sasuwene dadi wong tuwa durung tau ngrasakke legining urip. Tinem bojone, sing saiki wis menehi anak loro kuwi bakal tambah karo sing isih ana kandhutan loro maneh. Oh…. Tukijo ambegan dawa kanggo ngilangake rasa sing semumpel ing dhadhane. Bojone weruh sing lanang thongo-thongo njur nerusake guneme.
?Pakne, kejaba kuwi bu bidhan ya isih ngendika meneh je….?
?Ha isih ngendika apa maneh mbokne?? Pitakone Tukijo selak kepingin ngerti bacute.
?Ngene pakne, jare anakku kuwi kahanane lemah banget, mula sesuk yen wancine lahir, dhokter mrayogakake oprasi sesar……… ngono je kang. Kuwi oprasi piye…. aku ya ora ngerti. Ming sing cetha, aku keweden yen dikon ndadak kudu oprasi.? Mungkasi guneme karo sing lanang, Tinem njur prembik-prembik nangis. Atine Tukijo ora karu-karuwan. Ketang welase karo sing wadon, Tinem sing nglentere turon kuwi njur diruket diambungi. Tangise wutah. Wis lali karo jejere dadi wong lanang, sing kudune ora gampang ngetokke luh. Karo ngrangkul bojone kenceng, Tukijo mbudidaya ngeyem-yemi atine sing wadon. Tembunge groyok.
?Wis…. wis…. Nem. Atimu gedhekna, awakke dhewe iki senajan mlarat pitulikur, ning rakya ana sing nitahake. Bisane awake dhewe mung nyuwun karo sing Kuwasa, muga diparingi kuwat lan tabah nampa pacobaning urip. Muga-muga wae mengko pinaringan pitulungan. Pokoke Nem, mantepa wae pikirmu. Mantheng nyuwun bagas waras.? Kandhane Tukijo karo atine ditatag-tatagake kanggo nggedhekke atine sing wadon. Bareng wis rasa mendha, nuli pitakone :
?Wis pirang sasi ta mbokne, kandhutanmu kuwi??
?Wis sanga ki pakne, jarene bu bidhan kira-kira ya minggu ngarep kono.? Lagi wae meneng lehe padha omong-omongan, anake sing cilik nyedhak karo kandha :
?Mbok….! ma?em aku ngelih je mbok!? Sing gedhe nrambul gunem :
?Pak! Simbok barang kuwi wiwit esuk lagi mangan pohung lho pak.?
?Yoh… yoh… le, sabar ya le, coba tak golekke utangan nggone bu carik lor kono mengko rak njur kena nggo tuku sega wungkus nggone lik Darmo.? Bubar kandha ngono, Tukijo njur ngingklik ngalor. Sing dituju daleme bu Carik. Tukijo njujug pawon, merga nek liwat ngarep ndhak kaya tamu. Pas Tukijo kula nuwun, bu Carik lagi ngracik unjukan kagem kakunge. Senajan lawang wis dibukak lan ya wis dimanggakake, ning Tukijo mung manglung neng ngarep lawang. Atine rumangsa cilik merit, ngrumangsani yen angger mara kok mung arep golek utangan. Bu Carik banjur metu karo ngendika :
?We la kene ta Ja, ana apa??
?Kados adatipun bu, namung badhe ngresahi. Badhe nyuwun ngampil arta bu, selangkung rupiyah kemawon kangge tumbas sekul, wiwit enjing lare-lare dereng nedha. Dinten punika, anggen kula narik namung cekap kangge setoran, tirah gangsal ewu kula sukakken mbokipun jagan nempur benjing.? Ature Tukijo blaka.
?O… yoh, sedhela entenana ya Jo.? Ngendikane bu Carik grapyak banjur mlebu ndalem. Metune wis nggegem dhuwit karo besek isi sega ngendikane :
?Iki lho Jo, yen sesuk karo nggo tambah nempur. Lan iki sega ulih-ulih gawanen kanggo anak-anakmu ben wareg, wong sedina iki mau lehku nyumbang telung enggon.? Ngendika ngono mau karo nggegemke dhuwit eketan selembar karo ngulungke besek isi sega ulih-ulih. Tukijo nampani karo bola-bali olehe matur nuwun, terus pamit mulih. Tekan ngomah lagi wae dibukak, anake selak ora sabar, njupuk ajang banjur ngethamul anggone padha mangan. Tukijo lan bojone rumangsa bungah ning ya trenyuh weruh olehe padha mangan anake. Ya maklum, wong jeneng bocah, tur ya ngelih pisan. Bar madhang, anak-anake njur dha mapan turu. Keri Tukijo sing isih glenikan karo bojone. Ning pokoke Tukijo mung tansah nggedhekake atine sing wadon, senajan atine dhewe sejatine rontang-ranting. Kegawa ana rejeki saka bu carik sing kena kanggo kekuwatan, mula Tukijo lan sing wadon sidane ya bisa ngaso, turu. Ana rasa ayem ing atine, dene isih ana jagan dhuwit limang ewu kanggo dina esuke. Gandheng bengi isa ngaso, mulese wetenge Tinem sing mbok menawa masuk angin kuwi mari. Tukijo ayem, mula kaya padatan, sawise nglinting udud lan ngombe banyu putih ya njur mangkat neng nggone bah Kim juragane, njupuk becak terus arep tarik. Karo wiwit mancal pedhal becak, dongane Tukijo nrithil marang sing Paring urip, supaya entuk rejeki kanggo cukuping kulawargane.
Lagi wae njedhul neng ratan gedhe, ndadak ana wong ayu dandanane menor ngawe becake, gage Tukijo nyedhaki wong ayu mau karo takon:
??Bhade tindak pundi mbak?? Karo mangsuli cekak, tanpa takon pira ongkose, wong ayu mau banjur wae munggah becak karo kandha :
?Pak neng hotel Nikmat.? Tukijo nginger becake, banjur wiwit dilakokake. Batine nicil ayem, dene lagi wae becake metu kok wis ana sing mbutuhake. Nonton dandanane lan anggone tanpa takon pira ongkose, Tukijo mesthekake yen wong mau sugih dhuwit. Kira-kira lakon rong puluh menit, becak wis tekan plataran hotel. Sawise becak mandheg, wong ayu mau mudhun terus nyedhak Tukijo karo kandha :
?Pak, dienteni sedhela nggih kula mangke njur wangsul, sampeyan terke bali sisan.? Durung wae Tukijo mangsuli, wong mau wis mlaku tumuju hotel liwat iring gedhong. Tukijo njur mundur, thethek neng jaban pintu gerbang hotel karo ngawasi wong sing mlebu metu hotel mau, ngiras ngenteni penumpange sing durung mbayar malah jare dikon ngeterke bali. Sepuluh menit…, rong puluh menit…, malah wis kliwat setengah jam anggone ngenteni, wong ayu penumpange mau durung katon metu. Tukijo ninggal becake, nguncluk mlebu neng pekarangan hotel, marani tukang sapu sing mau ya weruh nalika Tukijo ngudhunake penumpange, kanthi urmat Tukijo takon :
?Pak, punapa mbak ingkang kula dherekaken mau taksih wonten nglebet..? ingkang kula kajengaken dereng ketingal medal??
?Oh wonten punapa dhik?? Tukang sapu mau genti takon Tukijo.
?Anu pak… dereng maringi ongkosipun. Wau weling ngentosi badhe aken ngeteraken wangsul, sampun dangu kula tengga kok mboten medal-medal.?
?O… ngaten ta dhik. Mangka mandhap saking becak wau, piyambakipun namung langkung iring lobi hotel, lajeng bablas pintu wingking gerbang medal. Kadosipun ing ngrika, piyambakipun lajeng mlebet sedhan, ingkang sampun ketingal sauntawis anggenipun nengga.?
?Menawi ngaten mboten mlebet hotel inggih, pak?? Tukijo nanjih.
?Ha inggih mboten dhik, wong yen mlebet hotel punika menawi wonten tamu ingkang mbetahaken.?
?Punapa yen ngaten…. piyambakipun punika….?? Kandhane Tukijo ora diterusake.
?Inggih… inggih…. dhik leres. Piyambakipun punika satunggaling pramunikmat, ingkang saget dipun kersakaken priya sok sintena kemawon, ingkang tirah arta tur betah panglipur.? Kandhane pak tukang sapu mau cetha. Gleg, atine tukijo ngendhelong gela. Cetha yen dheweke wis kapusan wanita lanyah sing wis mentala ngapusi wong kecingkrangan. Sawise ngaturake panuwun marang pak sapu merga awehe keterangan, Tukijo banjur marani becake, alon-alon becake diinger neng dalam sacedhake pasar, janggol neng kana adhang-adhang rejeki. Durung limang menit ngadeg neng cedhak becake, ndadak ditabrak wong gedhe dhuwur sing mlayu banter banget merga dioyak wong akeh karo dha bengok-bengok.
?Copet….. copet…. maling… maling….? Ngono wong-wong sing ngoyak mau. Saking bantere anggone nabrak, Tukijo nganti ambruk krenkangan, ngono wae isih ketindhihan wong sing nabrak mau. Nalurine Tukijo kandha, yen iki mesthi wong ala, ketara dioyak-oyak wong akeh. Mula senajan awake lara, wong sing nabrak tiba nindhihi mau terus diruket kenceng karo muni tulung-tulung. Kanca-kancane tukang becak ya njur teka nggruduk, melu nggujengi wong sing diruket Tukijo mau. Senajan wong mau polah kepingin uwal lan mlayu, ning merga akehe sing nggunjengi wong mau, sidane mung bisa nggobik-nggobik. Nganti wong sing dha ngoyak teka mbarengi ibu setengah sepuh sing isih mbengok-mbengok alok copet. Bareng ngerti dipithing wong akeh, ibu mau nudingi wong mau karo kandha :
?Nggih niki sing nyebrot tas kula.? Wong akeh mau ting brengok nakoni.
?Endi sing mbok copet?? Wong mau meneng wae. Ning bareng salah sijine wong mbiyak heme, jebul saka wetenge sing njebubuk mau tiba tas saka kain brudru ireng sing njur gage dijupuk karo ibu setengah sepuh mau, karo kandha :
?Nggih niki tas kula sing disebrot.? Sanalika wong-wong mau ngiwut ngantemi karo ting brengok.
?Pala wae rame-rame ben kapok.? Tanpa dikomandho wong-wong sing teka melu ngampleng ora ketang ora ngerti dhodhok selehe. Kebeneran wektu iku ana mobil polisi sing lagi patroli, ngerti rubung-rubung banjur di endhegi. Ngerti polisi teka, wong-wong mundur bubar. Semono uga Tukijo, dhewekke ngglenes lunga. Becake diinger njur ditumpaki alon-alon arahe mbalik. Batine wis rumangsa seneng bisa tetulung wong sing arep kecopetan wurung. Tinimbang mengko dadi seksi, nek kudu? urusan karo polisi rak njur ora bisa golek pangan, mula trima njur nylingkur lunga. Ben wae diurusi polisi karo sing kecopetan. Lagi wae kira-kira entuk satus meter, ana priyayi kakung sepuh metu saka kantor, njur ngawe becake. Bareng Tukijo wis nyedhak, priyayi sepuh mau takon :
?Pak, pundi nggih sak njawining terminal papan ingkang saget kangge nyetop utawi kendel bis jarak jauh.? Tukijo gage mangsuli:
?O punika pak, celak gedhung Wanita, mboten tebih kok saking ngriki, antawis satusan meter.?
?O… yen ngaten mbok kula dipun teraken mrika.?
?Mangga-mangga pak,? gupuh wangsulane Tukijo terus nyedhakke becake neng wong mau, lan wong mau uga banjur munggah. Tekan nggone, bis Patas Jakarta Surabaya sing lagi wae ngedhunake penumpang, wis arep mangkat. Ning Tukijo aweh sasmita kanthi tangane, supaya ngenteni penumpang sing ana becake. Priyayi sepuh mau gupuh olehe medhun saka becak sajak kesusu-susu, wedi yen nganti keri. Ora lali olehe bola-bali maturnuwun karo Tukijo. Lagi wae wonge munggah bis, ndadak ing jok becake ana amplop gedhe keri, gage Tukijo bengok-bengok ngundang sopire supaya ora nglakokake bise dhisik, dene amplop disaut diulungake priyayi sepuh sing lagi wae mapan lungguh mau. Karo nyalami Tukijo, priyayi mau nggegemi dhuwit ing tangane, mbok menawa wae minangka ongkose mbecak. Bubar iku, bis mamprung nerusake laku tumuju Surabaya. Tukijo marani becake, karo ngiling-ngilingi dhuwit sing mentas ditampa. Gandrik… Tukijo kaget ning ya seneng, denea narik mung limang menitan diparingi rong atus ewu. Mengko rehne kesusu, gek kleru? Ning ya piye, wong nyatane wonge wis bablas digondhol bis.

Krasa awake rada lara ditabrak copet mau, Tukijo sire arep mulih ngaso, wong kejaba wis ana dhuwit kanggo setoran, sisane ya rada kobet kanggo blanja. Tekan ngomah, Tukijo ya crita apa anane karo bojone, uga olehe ngeterke wong ayu neng hotel ning dikemplang. Bojone mung mangsuli gawe ayem.
?Ning karo sing Kuwasa rak wis diijoli ta, pakne??
Sepasar saka ngendikane bu Bidan Puskesmas, wiwit esuk Tinem wetenge wis krasa slemet-slemet mules. Wis mesthekake yen embuh mengko apa sesuk dheweke bakal nglairake. Ning yen kelingan ngendikane bu Bidan, atine dadi cilik lan wedi. Piye yen anake mengko kembar?, gek jare diprayogakake nganggo operasi sesar barang? Njur kabeh mau kanggo wragad, dhuwit saka ngendi? Mangka sing uwis, karo mbah dhukun wae gampang, ongkose sasat sak nduwene, wong mbah dhukun ya ngerti sak tenane, yen Tinem ya wong kesrakat tenan. Tukijo ora narik, ning nunggoni bojone nyenthuk, karo ora kendhat ndedonga, marang sing Kuwasa supaya pinaringan pangayoman murih kabeh slamet. Wetenge saya awan saya krasa lara, malah saiki wis njaluk uwat. Sidane Tukijo marani mbah dhukun, awit yen digawa neng Puskesmas Tinem emoh, jare wedi. Mbah dhukun bareng wis niliki, jare pancen wis wayahe lahir, wong banyu ketuban janji uwat ya tansah metu wiwit mau esuk. Mula bisane ya mung ngarih-arih Tinem supaya gelem digawa neng Puskesmas, neng kana rak ana dokter ahli kandhungan. Tukijo weruh bojone sing bededengan yen uwat, atine welas banget. Ngono mau wis wiwit mau esuk, saiki wis meh sore ewadene sing diuwatake ora gelem ndang lahir. Kringete Tinem gobyos, cahyane pucet wis kaya nganti kentekan tenaga. Wis bola-bali mbah dhukun nyaranke kon? gek golek kendharaan, ndang nggo mangkat neng puskesmas, selak mesakake Tinem. Ning Tinem tetep ora gelem, jare wedi.

Tukijo dhewe pikirane judheg wong nyatane blas ora gocek dhuwit. Njur apa sing arep kanggo ongkos mengko? Tangga teparo sing dha nunggoni anane mung welas lan mesakake, ning njur arep apa, wong tangga-tanggane uripe ya mung dhanyang buruh kaya dene Tukijo. Ngarepake adan Mahgrib, pak Carik sekalihan rawuh. Bareng wis takon-takon karo wong-wong sing dha neng kono, bu Carik njawil kakunge njur bisik-bisik, embuh apa sing dingendikake. Mung pak Carik njur nyedhaki Tukijo, uga ngendika lirih-lirih, wong-wong ora padha krungu. Bar kuwi pak Carik njur nyedhak anggone turon Tinem karo ngendika :
?Yu Tinem, kowe nggugua aku ya! Ben anakmu ndang bisa lahir, saiki kowe ndak gawa neng Puskesmas. Kowe lan bojomu aja samar, bab ongkos aku sing ndhadhagi.? Tinem mung manthuk lemes. Pak Carik kondur sedhela mundhut mobil, njur nggawa Tinem meyang Puskesmas. Sawise dipirsa, dokter nyaranke supaya digawa neng RS Panti Asih, neng kana jare luwih lengkap alat-alate. Ora lali Dr. Uga aweh surat pengantar. Dening pak Carik, Tinem langsung digawa neng RS Panti Asih, njujug ing UGD. Sabanjure Tinem digawa mlebu, pak Carik, bu Carik lan Tukijo sing melu neng mobil, tunggu njaba. Sawise sawetara perawat metu kandha, yen Tinem olehe nglairake kudu srana bedhah sesar. Merga kejaba wis kentekan cairan, bayine uga kembar. Kabeh sing dikandhani mung bisa manthuk-manthuk.

Ora bisa digambarake, kaya ngapa susah lan rasa kuwatir sing mbangeti mungguh atine Tukijo wong sing bodho lan lugu kuwi. Bisane mung ndremimil sambat sebut karo sing Maha Kuwasa. Panyuwune mantheng, muga bojo lan anake sing dilahirke pinaringan slamet. Bareng wis sawetara pak carik ngendika karo Tukijo:
?Nak Tukijo, aku karo ibumu tak bali dhisik. Mengko tak kirim wong sing ngancani sampeyan nunggu neng kene, ben diterke pak Sahid sopirku.?
?Inggih… inggih pak carik, ndherekaken sugeng kondur, donga pangestu panjenengan sekalihan ingkang kula suwun.
?Iya-iya nak Tukijo, muga sapungkurku ndang njur lahir.? Ngono ngendikane pak Carik terus kondur. Saiki keri ijen ning ngarep bangsal UGD. Tukijo saya mbatek olehe donga, nganti ora karu-karuwan polahe. Kepareng tebah-tebah dhadha, kadhang? tangane diathungake mendhuwur, yen ora ya sujud ngambung bumi. Kabeh mau mung saking bangete anggone nyuwun marang Pangeran, kanggo keslametane bojone.

Kira-kira jam 10 bengi, ana perawat metu ngandhani yen anake wis lahir nyata kembar metu wadon. Kabeh pinaringan slamet. Perawat mau kandha, mengko yen bayi wis resik, kena yen arep weruh. Tukijo bungahe ngayang batin, ora leren-leren anggone matur nuwun karo Pangeran. Jroning ati janji, mbokya dikon kangelan kaya ngapa wae saguh, janji anak bojone padha pinaringan seger waras, syukur bisa diparingi bisa nggolekake pangan kanggo uripe. Ora suwe perawat mau metu maneh, ngirit Tukijo diajak mlebu ben weruh anak kembare lan bojone.
Mak ces atine Tukijo nyumurupi anak-anake lahir slamet tanpa cacat, gek bocahe ya apik-apik. Bubar iku njur nyedhaki bojone. Tinem weruh sing lanang njur mesem, senajan lambene isih biru pucet. Ning kanggone Tukijo, eseme bojone nukulke semangat lan greget urip sing makantar-kantar. Alon-alon nyedhak, tangane bojone digegem kenceng karo mbisiki kupinge sing wadon :
?Matura nuwun karo sing Kuwasa, Nem, tugasmu nglairake wis rampung kanthi slamet.?
?Iya kang, aku uga ora kendhat nyuwun lan matur nuwun.? Perawat sing jaga nyedhak karo kandha :
?Wekdalipun sampun cekap, pak, kula aturi medal.? Tukijo ya njur klunuh-klunuh metu. Sajroning ana RS , yen ora esuk ya sore, Tukijo mesthi niliki bojone. Bareng wis seminggu, merga ibune wis rencang lan bayine ya seger waras lan ndemenakake, Dr. ngendika marang Tukijo yen wis dikeparengake mulih. Ora koyoa bingung lan? judhege Tukijo, gek njur apa sing arep dianggo nebus bojo lan anake ing RS? Durung sing mesthine ongkos oprasi barang. Mendah nea akehe dhuwit sing kudu disetorake neng RS. Gandheng nyatane ya ora nyekel lan duwe dhuwit sing murwat, kejudhegan lan bingunge digawa mlayu sowan pak Carik. Toh biyen panjenengane sing saguh ndhadhagi. Sowane Tukijo neng daleme pak Carik wayah sore, sabaline saka RS tilik bojone, lan nampa dhawuhe dhokter rmau. Ature Tukijo kanthi swara kedher lan pedhot-pedhot :
?Pak Carik sekalihan, gandheng dhokter sampun marengaken semah lan anak-anak kula dipun bekta manthuk, saget kula namung pasrah wonten ngersanipun pak carik sekalihan, awit nyatanipun kula mboten saget nebus semah lan anak-anak kula. Salajengipun, menawi pak Carik sekalihan ngersakaken pekawisan utawi gubug kula ingkang mboten pakra punika, kanthi rila legawaning manah, saestu kula caosaken.? Ngono ature Tukijo kanthi luh sing ndlewer nelesi pipine. Pak Carik mirengake kraos trenyuh lan welas banget penggalihe, nuli ngendikane :
? Nak Tukijo, esuke bubar aku ngeterke neng RS nyaimu dhek emben kae, aku rak njur golek surat-surat keringanan kanggo bojo lan anakmu. Lha iki gilo wis ana tapak astane pak Lurah… pak Camat lan setempele pisan. Kowe rak durung duwe Askeskin ta??
?Dereng pak…, wah inggih matur sembah nuwun sanget.? Wangsulane Tukijo bungah.
?Wis ngene nak Tukijo, sesuk kira-kira jam kerja, kowe karo aku neng RS ngiras ngurus administrasine bojo lan anak-anakmu. Syukur kepareng digawa mulih pisan.?
?Inggih pak, kepareng kula nyuwun pamit, mbenjang kula sowan mriki malih.? Penggalihe pak Carik lega, muga-muga layang sing diaturake mengko bisa ngentheng-enthengi sesanggane Tukijo. Dina esuke, kira-kira jam sanga Tukijo wis sowan pak Carik, penjenengane malah wis busana necis lenggah ing kursi teras. Pirsa ketebange Tukijo njur ngendika :
?Wis wiwit mau je nak, olehku nunggu, ayo mangkat saiki!? Ngendika ngono njur ngajak Tukijo munggah mobil sing wis sumadhiya ing latar. Tukijo sumrinthil ngetutke pak Carik. Tekan RS ya lumrah ndadak nganggo antri, ning ora suwe. Bareng wis tekan gilirane, pak Carik nyodhorake surat karo ngendika neng petugas sing nglayani :
?Nak, punika gandheng tiyang mboten gadhah, mila surat punika kangge nyuwun keringanan bab administrasi bayi lan ibunipun.? Petugas mau takon:
?Mlebet lan oprasinipun tanggal 17 Agustus kala wingi inggih pak?? Pak Carik lan Tukijo bareng mangsuli:
?Inggih.? Nuli kandhane petugas mau cetha :
?Ngaten pak, sedaya pasien inggih ingkang sakit, inggih ingkang nglairaken, lan ugi ingkang oprasi ing dinten lan? tanggal punika sedaya gratis. Margi dinten lan tanggal punika rak nyarengi mengeti dinten kamardikan, lan nyarengi? negari kita ingkang nembe ambal warsa. Kejawi sedaya gratis, margi putranipun bapak punika lahir kembar, mila saking griya sakit mriki pikantuk hadiyah, inggih punika :
?Selami umur balita, lare kembar dados tanggelanipun RS bab susu, talek, obat-obatan, lan perawatan kesehatanipun. Makanan balita, ugi pakaian lan ubarampenipun. Saget kesuwun pendak wulan.? Saksampunipun umur 6 th, nembe dados tanggelanipun tiyang sepuh.
?O ngaten ta pak, wah inggih matur nuwun sanget pak.? Ature pak Carik.
?Kula namung petugas pak, sadermi menyampaikan.? Bubar iku, petugas banjur ngadeg, ngalih neng meja liya nulis-nulis. Tukijo sing krungu atine mak plong, bungahe kepati-pati. Kabeh krungu dhewe saka petugas RS. Pak carik mung pijer mesam-mesem wae karo Tukijo nelakake bungahe ati. Bareng wis rampung nulis-nulis petugas mau bali karo kandha :
?Punika pak serat kagem ijin kondur, punika kangge kontrol (mirasakaken), lan punika serat kagem mendhet sedaya kabetahanipun bayi selami umur balita. O inggih, bapakipun bayi punika nyambut damel punapa, ta pak?? petugas mau nanjih. Tukijo gage mangsuli jujur :
?Kula pak ingkang bapakipun bayi, pedamelan kula narik becak, namung tenaga kasar, kok pak.? Petugas mau banjur takon :
?Pak, punapa penjenengan kersa nyambut damel wonten mriki minangka sapu-sapu? Awit mriki kekirangan tenaga kangge punika. Yen kersa, gajinipun pendhak wulan, wonten ngriki pikantuk nedha sepisan. Dinten libur ugi libur, awit sampun wonten petugas ingkang kangge dinten-dinten libur punika. Kados pundi?? Tanpa taren pak Carik, Tukijo gage mangsuli. :
?Kula purun, pak.?
?Menawi kersa, Senen ngajeng bapak sampun saget miwiti kerja. Mangga punika kula caosi serat, mangke kecaosna ing kantor kepala rumah tangga RS. Awit mrika ingkang mbetahaken.?
?Inggih pak matur nuwun. Bareng kabeh urusan Administrasi wis rampung, sing kabeh sarwa gratis, wong loro runtung-runtung tumuju bangsal bersalin, saperlu njupuk bayi kembar lan embokne. Sing dina kuwi arep digawa mulih. Karo tumuju bangsal pak Carik ngendika :
?Nak Tukijo, Gusti Allah kuwi nek ngersakke rak mung sakedheping netra, kabeh kahanan wis bisa malih. Coba, piye rasamu dhek kowe nunggoni bojomu nalikane arep nglairake biyen? Aname rak mung susah… bingung… wedi… samar. Ning merga mantheng panyuwunmu, Gusti Allah ngidini. Wusana laire anakmu nggawa kabagyan sing ora dinuga sadhurunge. Malah saiki sampeyan entuk gaweyan sing pokok, rak iya ta??
?Inggih… inggih… inggih, pak. Kula pitados, yen Gusti Allah punika Maha Mirah, Maha Welas lan asih. Dhatengipun pacoben ingkang kula tampi kanthi sabar, kanyata paring kanugrahan ingkang tanpa upami agengipun, menggahing kula.?
?Iya nak, kuwi kabeh wajib kita syukuri sing tanpa upama. Kuwi tenan nak, kabeh mau mujudake kanugrahan sing ora kanyana saka Gusti.? Wong loro wis tekan bangsal bersalin, banjur padha mlebu.?

TAMAT

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>