Aboting Sesanggan

?

Pak Setro Glendhoh sawise omahe ambruk nalika udan barat sesasi kepungkur, saiki dikon manggon emplek-emplek kandhang kayu nggone Wak Haji Ali ing samburine pawon. Ya pancen senajan mung kandhang kayu, ning wong duweke wong sugih, mula ya pengkuh lan brukut.

Ning sing jeneng kandhang kayu, mesthi wae reget lan sawange ya pol. Nalika arep ngenggoni, nganti sedina pak Setro, bojone, direwangi Slamet anake sing wis jejaka cilik kuwi olehe reresik.

Nalika wis resik lan tumata, pak Setro arep nglebokke amben lan babragan, ya mung kuwi sing isih isa di alap, merga kabeh wis ringsek kebrukan omah. Nalika Wak Haji weruh njur aruh-aruh :

?Ya wis kuwi wae sing dilebokke Tro, mengko omahku ndhak reget. Nek ming nggo mangsak, mengko tak silihi kuwali karo cowek saka pawonku. Ning ya kuwi Tro, kowe manggon neng nggonaku iki senajan gratis, nek aku nduwe gaweyan kowe ya kudu tumandang, ora kok enak-enakan ngono wae.?

?Inggih Wak Haji, kula inggih rumaos sanget nek penjenengan tulung.? Wangsulane pak Setro angluh. Sikap lan tembunge Wak Haji wis nglarani lan nyenggol perasaane sing alus.

Gandheng nyatane ya mbutuhake kanggo ngeyub, mapan sa anak bojone, wusana tembung-tembunge Wak Haji mau mung diulu ngono wae. Batine ngudarasa:

Muga-muga suk ana wong welas, senajan mung nunut ana nggubug, ning sing dinunuti kuwi wong sing duwe tepa selira, karo wong ora duwe kaya dheweke.

Pak Setro mono wonge lugu, jujur tur ndenenakake. Sejatine pak Setro mono kasinungan rupa bagus …. gagah …. tur kulite ya kuning resik, mula ora mokal dhek enom keparaban Glendhoh, mergane glendhoh-glendhoh bagus. Ya merga wong ora duwe, mangka pegaweyane buruh macul, buruh ngaritke sapi, buruh leb sawah, dadi baguse ya ilang. Apa maneh awake ora diopeni.

Duwe bojo Diyem bocah tunggal sedesa, sing wiwit cilik ya wis padha dene tepung lan srawung, semono uga wong-wong tuwane. Ya saka karepe wong tuwa-tuwane kuwi Glendhod dijodhohake karo Diyem.

Biyen ya awit padha dene wong ora duwe kuwi anggone padha bebesanan. Saiki wis tuwa, di jenengi Setro Pawiro, ning sidane ya padha ketengen ngundang Setro Glendhoh. Pinaringan anak lanang mung siji ndhil dijenengi Slamet. Mesthi karepe ya ben slamet awake lan slamet saka tumindak dudu. Setro Glendhoh lan bojone nggatekke banget karo anake, sing saiki wis S.T.M kelas telu kuwi. Pengarep-arepe yen anake pinter ben bisa payu golek gaweyan sing murwat, ora kaya wong tuwane sing salawase urip kok mung buruh-buruh kasar, lan dadi kongkonane wong.

Mula senajan direwangi mlirit-mlirit olehe mangan, ning kebutuhan sekolahe Slamet tansah di dhisikake. Slamet dhewe ya bocah sing mituhu lan nurut karo wong tuwa. Sekolahe lancar, wiwit SD tekan S.T.M tansah entuk beasiswa merga pintere. Neng sekolahan ya disenengi dening guru-guru. ketang pinter, nggatekke yen diwulang, Slamet tansah rewang-rewang gaweyane bapak lan embokne. Kaya dene saiki dibubuhi reresik njaba njero omahe Wak Haji, yen weruh bapakne wis nyapu njaba, Slamet ya gage reresik njero. Sing kuwi klebu gaweyan Wak Haji, sing pak Setro kudu nandangi saben dina tur ora dibayar.

Pancen sapa ora ngerti lan ora weruh, yen Haji Ali kuwi neng desa kono wis kawentar cethil pokil lan tegelan.

Dhuwite sing dipotangke kudu mundhak, ning nek wis dadi bandha aja nganti kesrempil wong liya. Sawiji dina nalika Slamet bali saka sekolah nyedhaki bapakne sing lagi nglinting udut karo kandha :

?Pak, pak guru mau dhawuh je, yen dhuwit pendaftaran ujian, batas wektu keri telung ndina klebu dina iki. Dadi yen rong ndina maneh iki aku ora bisa pasok dhuwit kuwi, aku ora kepareng nderek ujian.? Pak Setro kaget gage mangsuli

?Le, kowe kok ora kandha adoh sadurunge ta ? dadi bapak bisa golek utangan.?

?Wong aku ya wis kandha simbok je, pak, tak arani nek wis kandha karo bapak.?

?Durung je, le, paling-paling mbokmu rak lali. Ya wis le, mengko tak rembugan karo mbokmu.? Bubar kandha bapakne, Slamet terus njupuk bal, jare arep latihan kanggo tandhingan bal-balan suk emben antar sekolah.

Saungkure anake, pak Setro nggoleki bojone, tinemu lagi nguntingi rencek kayu ben ora mabur-mabur. Kandhane pak Setro :

?Kowe wis bisa nggolekke dhit nggo dhaftarake ujian anakmu pa mbokne ??

?Durung !, gek dhuwit ka ngendi ta pakne, buruh ngumbahi neng tangga, janji entuk ya njur mlebu kendhil apa kwali ming sak cemplungan.?

?Haning kok kowe ki ming meneng wae, ora kandha karo aku mbokmu ??

?Aku mikir pakne, paling Slamet ya wis kandha karo kowe.?

?Ha ya lagi iki mau mbokne, wah nek ngene iki aku rakya bingung.?

?Mbok coba pakne, jawab utang Wak Haji Ali, sapa ngerti nek diparingi.?

?Yoh tak cobane ya mbokmu, soale batas wektune ki mung keri rong ndina. Nek ora isa pasok rakya mesakake Slamet, ora oleh ujian.?

Nalika Wak Haji Ali lagi ngisis neng kursi goyang ngarepan, pak Setro nyedhak njur lungguh ing jobin ngarepe.

Krungu klesete pak Setro, Wak Haji sing lagi liyer-liyer ngantuk kuwi mak gragap njur melek. Weruh pak Setro wis nglesot neng ngarepe, gage pitakone :

?Ana apa pak Setro ??

?Anu Wak Haji nyuwun pangapunten badhe matur.? Kandhane lirih.

?Wis ta gek ndang kandha, mundhak ngganggu olehku ngantuk, wis liyer-liyer je iki mau.? Kandhane sajak ora keduga.

?Wak Haji, keparenga kula nyuwun ngampil arta satus ewu, badhe kangge ndaftaraken ujian.? Kandhane pak Setro ngarah-arah.

?Pak Setro, dhuwit semono kuwi mbesuk olehmu bakal nyaur saka ngendi ? Aku ra ngandel nek kowe isa nyaur. Mbok uwis nek ra isa mbayar, ya ra sah ujian. Aku ra bisa ngutangi, pak Setro.?

Kandha ngono Wak Haji ninggalke pak Setro sing isih nglesot ana jobin. Atine banget kelara-lara olehe dipal lan disepelekake wong sing dingengeri.

Kanthi abot jumangkah tumuji ing papane kandhang kayu, nemoni bojone. Eman …. bojone wis lunga golek buruhan gaweyan.

Wayahe reresik sore, pak Setro nyapu njero karo kejudhegan mikir, saka ngendi olehe dhuwit kanggo ndhaftarke ujian anake.

Weruh ing ngisor meja kenap ana HP wis pirang-pirang ndina gumlethek, karo pak Setro njur dijupuk disak dikira wis ora kanggo. Batine, e mbok menawa didol isih payu nggo keklumpuk mbayar anake. Rampung nyapu, wayahe bubar surup. Pak Setro eling yen Karmin tanggane bukak warung loakan neng pojok desa nganggo kios emplek-emplek. Sing di adhep pepak apa wae ana, kaya ta : senter, radio, kompor, HP, pokoke apa wae, ning barang bakas sing wis didandani. Pak Setro teka mrono, ngetokke HP sing disak karo tawa :

?Nek barang kaya ngene iki kowe gelem nuku pira, Min ?? Karmin nampani njur diiling-ilingi.

?Wah niki batune empun mati Lik, mulane mboten saget urip. Ha Lik Setro betah arta pinten ??

?Nek butuhku dhuwit kuwi akeh, wong arep nggo ndhaftarke ujian Slamet. Nek satus ewu ndhak kowe gelem, Min ??

?O nek semonten nggih purun Lik, tur kula nggih mesakke Slamet, nek mboten saget pasok ndhak mboten angsal ujuan.?

?Karang jare ya ngono kuwi je, Min.? Sawise nampani dhuwit, pak Setro njur gage mulih, dhuwit njur diwenehake Slamet, dhasar sesuk kuwi dina terachir mbayar pendaftaran ujian.

Atine pak Setro lega. Sing wadon ora perlu dikandhani, wong nyatane wis rampung, butuhe dhuwit wis kecekel terus dipasokke. Mulih saka sekolah, Slamet ya wis seneng merga bakal melu ujian. Olehe sinau saya disrempeng, eling-eling ujian mung keri sepuluh dina maneh.

Let telung dina Wak Haji kelingan yen nduwe HP, sauran saka wong utang sing ora bisa nyaur. HP lagi olehe tuku telung sasi patang atus ewu, kepeksa nggo nyaur, merga selak dibedhag Wak Haji sing dina kuwi wis kudu nyaur karo bungane. Merga lali, rana rene olehe nggoleki. Wusana takon pak Setro :

?Kowe weruh HP ku Tro ??

?Mboten Wak Haji.? Wangsulane pak Setro semu kedher, merga goroh ngrumangsani yen ngedol HP ne. Ya merga kepepet tur diarani barang wis ora kanggo, merga kumlarah wis pirang-pirang dina.

Nalika Wak Haji reke rusak, njur digawa neng nggone Karmin sing biasa ndadani. Wong cethil …. owel yen tuku anyar. Karo ngenteni olehe ndandani, Wak Haji ndeleng-ndelelng dagangane Karmin.

Sanalika weruh HP banjur dicekel diiling-ilingi terus takon :

?Iki rega pira Min ??

?Tigang atus ewu Wak Haji.?

?Olehmu nuku duweke sapa, kowe isih kelingan ?? Wak Haji ndhedhes.

?Enten napa ta Wak Haji ?

?Aku ora pangling Min, yen HP iki duwekku, mula tak jaluk.? Kandhane njur disak.

?Wah ampun Wak, niku angsal kula numbas, teneh kula bangrut, nggih mang tumbas mboten semonten, uger buk mawon kula caoske.?

?Ora Min, sakjane sapa sing mbok tukoni ??

Wangsulane Karmin semu wedi :

?Anu, Wak …. pak …. pak Setro Glendhoh.?

?Ha ? Setro Glendhoh ? Wah jan ora urus tenan ….. wis ditulung oleh manggon kok isih tegel maling.? Nuli kandhane marang Kamin :

?Wis Min, barang iki oleh apa ora tak gawa, iki duwekku, iki arep tak nggo bukti awit aku arep lapor polisi.?

?Ampun Wak ampun ….. dijaluk nggih angsal ning mboten sah lapor polisi.? Kandhane Karmin kiwah-kiwih wedi, ning Wak Haji wis bablas lunga, ora nggubris dicelak-celukke Karmin.

Tujuane mung siji, saka nggone Karmin terus neng kantor polisi lapor kanthi nggawa bukti HP.

Kira-kira jam sanga bengi, kandhang kayu papane padha turu pak Setro Glendhoh saanak bojone dithothok uwong. Bareng ditoni dening pak Setro lan Slamet, tamu loro mau kandha yen saka kepolisian. Entuk tugas saka atasan nek dikon methuk pak Setro wektu kuwi uga, dene tamu mau banjur nuduhake surat tugas.

Wong loro anak bapak kuwi kaget. Gage pitakone Slamet :

?Ada urusan apa, pak ?? Apa salah bapak saya ??

?Saya tidak tau dhik, saya harap bapak sekarang bersama kami.?

Pak Setro ora bisa suwala, banjur digawa tamu loro sing jare saka kepolisian kuwi. Tamu kuwi mung numpak motor, pak Setro diapit ana tengah. Saungkure polisi nggawa bapakne, Slamet ngebrukke awake neng ngamben karo crocosan luhe, sambate :

?O ya talah gek bapak kuwi lupute wae apa ta mbok, kok dijupuk polisi ?? Wangsulane mbokne sing wis nggembleh wiwit mau :

?Ya embuh ta le, simbok ya ora ngerti. Kok ana-ana wae ta lelakone dhewe iki. Wiwit omahe dhewe ambruk kae jare ditulung uwong, ning baune dhewe ya dienggo tampa leren.? Kandhane mbokne karo senthak-senthuk nangis. Atine mbok Setro angles …… pepes, ngelingi nasibe sing kelara-lara.

Kedaya sewengi mung nangis terus tur blas ora ngliyep, mbok Setro sing wis saguh saben esuk nyapu latare pak Lurah mau, rekane arep metu tumandang gawe. Ning lagi wae jumangkah mak klemprek mbok Setro tiba terus semaput.

Weruh mbokne meneng wae, Slamet nangis nggembor karo undang-undang mbokne. Tangga-tangga sing krungu padha teka ngaruhake klebu bu Lurah sing daleme mung rong surup saka omahe Wak Haji. Bareng dikemonah wong akeh mbokne njur eling, Slamet banjur crita anggone bapakne di jupuk polisi. Sing krungu padha trenyuh atine. Tekan ndalan bu Lurah matur garwane. Minangka Lurah sing tanggung jawab marang wargane, pak Lurah ngaruhke neng kantor polisi. Sawise kondur, njur ngendika karo sing putri :

?Bu …., pak Setro pancen kleru lan luput, ning kabeh mau merga saka aboting sesanggan, abote tanggung jawab nggolekke dhuwit Slamet nggo mbayar pendhaftaran ujian. Jarene polisi, pak Setro adol HP olehe ngopeni neng ngisor meja kenap, wis pirang-pirang ndina kumlarah neng omahe Wak Haji. Sarehne pak setro ora tau weruh wak haji nggunakke HP, mula banjur diopeni didol, jare payu satus ewu, pas nggo mbayar pendhaftaran ujian kuwi. Nalika ditakoni polisi, pak Setro njur crita apa anane.? Krungu critane garwane, bu Lurah krasa welas, mula nuli ature:

?Mbok wis Pak, Slamet wae diparingi dhuwit telung atus ewu apa pira, diwenehake Wak Haji, Wak Haji dikon nyabut laporane. Kon kandha, nek Slamet wis isa ngijoli merga entuk utangan. Lan sabubare kuwi Pak, mengko penjenengan tak aturi ngendika karo Wak Haji, yen pak Setro Glendoh dijaluk manggon ing omahe dhewe, dikon nunggu omah sing kanggo karang taruna kuwi. Saiki rak wis digawekke neng cedhak bale Kalurahan? Pak Lurah manthuk-manthuk njur ngendika:

?Ngono ya becik, bu.? Ngendikane Pak Lurah.

Tenan, usule bu Lurah dicakake. Dhuwit peparinge pak Lurah marang Slamet ditampani Wak Haji, tumuli menyang kantor polisi nyabut laporan. Merga polisi wis dicritani mungguh tekone Wah Haji sing medhit …. cethil lan tegelan tur ora lumrah kuwi, mula nalika ana kantor polisi, karo polisi sing jaga ditakoni :

?Wak Haji, pak Setro iku pernah napa kalih sampeyan ??

?O sanes napa-napa pak. Piyambake niku tiyang mlarat, sing tigang wulan kepengker omahe ambruk, empun kula tulung manggen teng kandhang kayu kula, kok taksih purun maling.? Kandhane Wak Haji songar.

?Nek saben dina nyambut gawe teng daleme niku, sampeyan bayar mboten ?? Ngono pitakone polisi.

?Ha enggih mboten, wong empun entuk nunut manggon kok.?

?Ha niki nulung ning jenenge onten pamrih Wak Haji, sampeyan ngalap bau lan tenagane. Nek nulung niku nggih sing eklas, merga gaweyan sampeyan, pak Setro nganti mboten kober golek-golek buruhan ngge mangan. Rak mesakke ta ??

Wak Haji ora bisa mangsuli. Bareng wis dielingke akeh-akeh, anggone nyabut laporan dililani, ning Wak Haji kudu mbayar administrasi penahanane pak Setro. Batine pak Setro : isih bathi akeh aku, ngono kira-kira.

Metu saka kantor polisi, Wak Haji gage geblas nganggo motore, dene pak Setro mlaku saktitahe. Polisi sing padha weruh gedheg-gedheg. Let seminggu, pak Lurah haji Darmanto mara neng omahe Wak Haji Ali, surasane nembung yen pak Setro saanak bojone bakal diboyong pak Lurah, dikon nunggu ngenggoni omah siji wutuh sing tilas kanggo kegiatan-kegiatan pemudha, mergane saiki wis digawekake ing sisihe Bale Desa. Gelem ra gelem Wak Haji mung kudu muni inggih, merga karo pak Lurah. Dina kuwi uga pak Setro boyongan, Wak Haji saiki ketekuk ringkel, kabeh gaweyan ditandangi dhewe. Nalika padha jejagongan mbok Setro kandha :

?Ya amarga olehmu laku dudu ning merga kepeksa ya pak, awake dhewe saiki ndherek pak Lurah kepenak, ora diperes-peres baune dadi kowe bisa golek pangan.?

?Iya mbokne, aku kepeksa mlaku dalan sing kleru, merga saka aboting penandhang lan sesanggan.?

Tamat


This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

One Response to Aboting Sesanggan

  1. Grat Surahman says:

    Sebuah kisah yang bagus dan inspiratif.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>