Ketemu Suwiraning Daging (Bag 14)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 14)

Saiki sedina-dina ibu Menggung mung tansah nyaketi mbok Ginah. Wis ora mantra-mantra yen mung abdi, penganggepe kaya desulur tungal welat. Lha ya njur sapa maneh sing diajak rembugan, wong dalem sak mono gedhene isine mung wong loro.

Saksuwene toko tutup, anggone resik-resik wae ora mesthi kecakan bisa disapu komplit. Wong mbok Ginah ya ora mung kuwi sing ditandangi, gek ya wong wadon pisan.

Sing dadi panglipuring penggalihe bu Menggung siji-sijine ya mung yen bisa pangandikan karo Bojonegara lewat tilpun kuwi. Ning ya kuwi, kerep wae janji bubar ngendikan karo Wara Artanti, njur muwun.

Mesthine ya akeh-akeh sing dipenggalih, gek mangka njur bakal piye kerampungane ? Yen olehe menggalih wis tekan kono, adhakan ibu Menggun njur sesek, kringet adhem medal saka sarandhune badane, wusana njur klemprek ambruk. Ngono mau wis bola-bali, ndadekke susah lan ribete mbok Ginah. Mula yen ana tilpun saka Bojonegara pas bu Menggung ora ana, sok njur ditampa mbok Ginah dhewe. Yen mundhut pirsa, sing diaturake mung kabar sing becik-becik wae.

Wis ana sawetara suwene Harjo nyambut gawe neng nggone pak Sabar, lan ya wis ketok banget kaundhakane. Dhasar Harjo bakat dagang lan pinter golek relasi. Mula ora mokal yen jroning wektu sing ora suwe, wis bisa ngedegke toko ing sisihe toko lawas kanggo dodolan material lan alat-alat bangunan.

Pangrengkuhe pak Sabar lan sing wadon apik banget, kaya karo adhine tenan. Malah saka rumangsane Harjo, gematine Ranti bojone pak Sabar, sok krasa kliwat.

Gandheng dagangan material wis nipis, mula pak Sabar sore iku lunga golek gamping. Juragan lengganane nggone sing ngobong dhewe, mula regane rada miring. Budhale bar surup kira-kira jam pitu. Ning gandheng karo juragane ya pak Sardi, wis becik, yen jagongan betah, sok nganti jam sepuluh bengi barang.

Tutup toko sawise pak Sabar mungkur, Harjo terus mlebu neng kamare lumah-lumah. Kedaya awak kesel tumuli les keturon.

Iba kagete bareng ngerti-ngerti awake rumangsa ditindihi barang abot. Bareng melek luwih kaget maneh jebul Ranti bojone pak Sabar wis nindhihi karo mithing dheweke kenceng lan ngarasi sengak-sengok. Harjo polah ndhuwa, ning Ranti luwih ngrosani pamithinge karo tembunge memelas :

?Dhik, aku welasana, tulungen ya dhik, aku ben duwe turun. Aku wijenana ya dhik, aku wis kepingin banget duwe anak.? Ngono tembunge Ranti memelas karo nangis.

Karo ngarasi, tangane grayahan neng papan-papan sensitif sing bisa nukulke birahi. Harjo wong lanang normal sing wis tau ngrasakke swarganing urip. Dheweke mung meneng wae, sing rumangsane Ranti, Harjo nglegani.

Kanthi polahe sing kaya bantheng ketaton, Ranti bisa nangekke kuwanene Harjo sing wiwit kerangsang. Solahe tambah-tambah kaya kesetanan. Kanthi pasrah Harjo kaya dene kebo dikeluhi. Sak kridhane Ranti anane mung manut. Nganti kekarone sidane nemokke kanikmatan sing tanpa upama. Esuk nalikane padha sarapan, pak Sabar kandha karo bojone:

?Bune, dina iki aku dijak pak Sardi niliki anake sing lara neng Jakarta. Dheweke ngarih-arih ngajak aku jare kanggo kanca. Piye nek panemumu ??

?Wah kudune sampeyan ya gelem pakne. Rakya mesakake ta ? wong kanca wis apik gek lelayanan dagangan barang. Njur jare neng Jakarta pirang ndina, pakne?? pitakone Ranti nlesih.

?Jare pak Sardi, paling suwe ya seminggu,? wangsulane sing lanang.

?Wis pakne, sampeyan budhal, ngomah tak cukupne karo dhik Harjo.? Kandhane Ranti bungah. Sabanjure pak Sabar uga pamit lan pasrah ngomah marang harjo.

Sore kuwi pak Sabar budhal neng ngomahe pak Sardi, ya Harjo sing ngeterke. Rehne pak Sardi wis tuku tiket, sisan Harjo ngeterke neng stasiun wong loro kuwi, sing sida budhal menyang Jakarta.

Samulihe saka ngeterke pak Sabar juragane, atine Harjo semplah. Sejatine lelakon dhek mau bengi karo Ranti kuwi ora kejarag, lan ora dikarepake. Kaya kabeh mung lumaku ngono wae. Ranti sing nduwe karep lan ngemudheni. Kok kebeneran wae pak Sabar diajak lunga adoh ngancani juragane gamping, tilik anake sing lara.

Oh ….. njur piye mengko ? Harjo bingung ….. Senajan lakune mobil mung sasat nggremet ning sidane ya tekan ngomah. Lagi wae lungguh, Ranti nyedhak karo kandha :

?Dhik …., mengko njur tutup wae, dagangane kabeh wis nipis, ora sah wengi-wengi.?

?Ning iki durung jam wolu lho mbak, sapa ngerti isih ana wong tuku, apa ta apa,? wangsulane Harjo.

?Ya wis kono dhik sakersane, ming dikon ngaso wae kok angel.? Gandheng ming wong melu, sidane Harjo ya njur tutup toko, bubar iku lungguh kursi nonton TV.

Dumadakan …. srok, Ranti njejeri mepet karo takon :

?Sing mau bengi kae sliramu getun pa dhik ?? Harjo mung manthuk alon.

?Apa aku ora bisa gawe maremmu ?? Ranti nanjih.

?Dudu kuwi perkarane mbak, ning aku wis duraka karo pak Sabar.?

?Ning aku dhik, sing karep. Nek ana dosane aku sing nyangga.? Harjo mung meneng wae. Ranti saya mepet lungguhe karo kandha :

?Wis suwe dhik, aku kepingin turun. Ning nyatane mas Sabar ora bisa weweh. Apa kleru yen aku mbudidaya ??Harjo mangsuli maton :

?Ning ora ngene iki carane mbak, becike priksa neng dokter dhisik mbak, syukur sekalihan, dadi padha dene ngerti.?

?Uwis dhik, wis bola-bali. Malah neng dhukun ya wis bareng-bareng tak lakoni. Kabeh dhawuh lan syarate saka dokter lan dhukun ya wis tak tindakke, ning nyatane ….. ora ana hasile.?

Sing durung tak tindakke mung siji dhik, kandhane wong-wong njaba, sing jarene aku kon golek (bibit nyaba). Sing tegese aku kudu saresmi karo wong lanang liya.

Gandheng ing atiku ora tau ana priya sing aku rumangsa sengsem, mula ya mung sliramu dhik, aku nyuwun tulung …. nyuwun welasmu mijeni aku, ben aku bisa duwe turun.? Ngono kandhane Ranti sing banjur nangis karo nglendhot Harjo.

Ing atine Harjo tuwuh rasa welas. Sapa ngerti yen dheweke nglegani, bisa dadi lantaran. Mula sasuwene pak Sabar lunga, tugase Harjo nggenteni pak Sabar gawe mareme Ranti ing sawayah-wayah.

Harjo njur kelingan Artanti kekasihe, jebul wadon iku yen nduwe karep ora etung wayah, sing dheweke rumangsa nganti kuwalahan. Ning eling yen iku tumindak nista, mula niyate arep nglereni, lunga saka kono kanthi pawadan sing arep digawe-gawe.

Wis sepasar lungane pak Sabar, atine Harjo wis ditata olehe arep pamit, lunga saka kono. Batine emoh kedharung-dharung tumindhak dudu, senajan Ranti ngepol olehe nresnani lan ngladeni kaya dene bojo.

Pas seminggu pak Sabar bali diterke juragane gamping. Oleh-olehe ngrenggiyek akeh tur pepak. Weruh dagangane kebak, atine pak Sabar bungah, ora leren-leren anggone nuwun marang Harjo sing wis nyukupke ngomah mbantu bojone.

Semono uga Ranti ya njur ngedoh karo Harjo, mbuwang tilas, tansah kinthil karo bojone ngetokke kangene.

Wayah awan, kabeh neng ngarepan nunggu dagangan, sing wektu kuwi lagi sepi wong tuku. Harjo kandha neng ngarepe wong loro kuwi ngene :

?Mas Sabar sekalihan, dhek emben nalika aku ndherekke neng setasiun kae, aku rak ketemu masku nak sanak. Dhek emben nggoleki aku neng Sala kecelik, merga aku rak kena PHK, aku wis lunga njur dherek kene. Lha masku mau kandha, nek simbahku kuwi pinggin banget weruh aku, jare pupung isih urip. Jare mbahku mono saiki gerah-gerahen wae. Intine aku kon tilik mbahku sing neng ndesa. Budhalku sesuk esuk.?

?We lha kok ndadak banget ta dhik, gek neng ngomahe mbahmu njur arep pirang dina dhik ??

?Ya embuh, mas, aku ora bisa matur awit aku ora ngerti kahanane.?

?Yoh wis sak maremmu dhik, ning ya aja suwe-suwe lho.? Kandhane Ranti karo nyawang sajak abot.

?Mas Sabar, dhuwit sasen ku sing tak dherekke njenengan kepeksa tak suwun tak nggo sangu.?

?O iya dhik, dhuwitmu tak dhewekke kok, ora tak wor karo dhuwit dagangan. Arep dipundhut saiki pa sesuk yen arep budhal ??

?Sesuk wae mas yen arep budhal? wangsulane Harjo kalem. Bengi kuwi Harjo bisa turu pules, lelakon ireng sing ora dikarepake wis dirampungke. Perkara sesuk aku arep neng ngendi ….. embuh, muga Pangeran nuntun lakuku. Ngono batine Harjo. Pokoke sing cetha kudu nyambut gawe kanggo urip.

Pamite karo pak Sabar pancen mung goroh. Kosok balen Ranti, bengi kuwi gulung koming. Abot banget rasane arep di tinggal Harjo. Meneng-meneng Ranti wis nyepakke dhuwit dhewe kanggo nyangoni Harjo dikantheni layang sasuwek, sing isine wanti-wanti supaya ndang bali yen wis cukup olehe tilik mbahe.

Esuke sebubare sarapan bareng wong telu, Harjo diuntabake pak Sabar lan bojone neng ngarep tokone, nalika bis Patas jurusan Sala liwat.

Pak Sabar nyalami karo nggegemke dhuwit gaji sajrone nyambut gawe neng kono, dene Ranti wis mau esuk nalika bojone durung tangi, dheweke wis mbelu neng kamare Harjo, menehake amplop isi dhuwit karo layang, ora lali nguyel-uyel njaluk tinggalan …. ning Harjo emoh tenan. Alasane maton, wedi karo sing lanang.

Saungkure Harjo, wong loro krasa tumlawung, eling-eling ditinggal pegawene sing pinter nggolekake bandha. Luwih-luwih Ranti, kaya kelangan barang sing banget pengaji. Atine semplah ……. lemes.

Kanthi ora rinasa, lumakune wektu pancen cepet. Kandhutane Wara Artanti wis wancine nglairke, ning Harjo tetep ora ana kabare.

Retno Harjanti, saka keparenge rama ibune wis dipala kramakake karo Ir. Baskoro, putrane pak Sembodo sing mborong kabeh bangunan calon perusahaan batik olehe arep bukak cabang. Pahargyan wiwahan mung lumprah ora gedhen, ngelingi Artanti sing lagi nandhang kasangsaya.

Rama Purbo sekalihan ….., Retno Harjanti lan Ir. Baskoro kakunge, banget asihe marang Artanti. Bu Menggung Widyo sejatine ya wis kapang banget karo putrane, ning slirane wis ringkih banget, ora betah yen kanggo tindakan adoh.

Dhasar wis sepuh, kakehan penggalihan, dadi prak-prek wae. Mangka dalem semono gedhene mung karo mbok Ginah. Yen mbok Ginah lagi nyambut gawe, sapa sing dijak pangandikan ? Rak ora ana.

Ana Chandake

?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>