Ketemu Suwiraning Daging (Bag 12)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 12)

Harjo mung manthuk-manthuk karo nyoba nguculi rangkulane mbokne alon-alon, njur mlebu kamare. Tekan kamar, Harjo lungguh ing lingir dhipan, nyaut bantal dienggo nutupi raine. Mbok Ginah nunggoni karo ngarih-arih anake. Atine susah, wedi lan bingung. Dadakan kelingan bojone, sing lagi wae ngajal, mula sambate :

?Pakne ….. pakne …., saupama kowe kuwi isih ana, kena tak ajak rerembugan. Balik saiki ?, aku lan anakmu kaya ngene ?, Oh …. piye …. pakne ?? Mbok Ginah saya ngguguk panangise.

Genti Harjo sing njur ngrakut mbokne, kaya golek kekuwatan. Dene mbok Ginah ya njur ngrangkul anake, kaya kanggo ngesok sakehing rasa. Saiki ya mung anake lanang kuwi sing kanggo playuning ati. Kekarone nangis ….. nangisi nasibe …. nangisi lelakon sing lagi dumadi.

Saungkure Harjo metu saka dalem ageng, rama Menggung disikep putrine karo matur :

?Sampun, ….. sampun kangmas, ….. penggalihipun kaagema wening sawetawis, mangkih rak lajeng saget lejar …… . Menawi kangmas duka-duka terus, sedaya badhe ajrih …., prekawisipun mboten rampung. Kula ingkang sisah kangmas. Sapunika mangga, tindak nggadri lelenggahan wonten mrika, kula dherekaken.? Mireng ature keng garwa sing sareh lan teteh iku, rama Menggung unjal napas dawa. Dituntun garwane manut. Medal saka dalem ageng pindhah ing gadri, lenggah kursi males ngadhep koridor sing tumuju ing toko. Penggalihe tumlawung …..

Ibu Menggung tindak dhapur, mbok Ginah ora ana nuli ngungak kamare Harjo. Pirsa anak lan mbok iku padha rerangkulan, penggalihe bu Menggung welas, nggrantes, nuli pangandikane nyapih :

?Wis mbok, …. lan kowe Harjo ….., rama wis ora duka. Saiki sing sareh atine, mengko ana rembug dirembug alon-alon, ben kabeh bisa mudhar lan rampung.? Ngono ngendikane ibu Menggung aris, kebak ing kawicaksanaan. Bubar iku banjur tindak dhapur, nyiling banyu putih ing gelas terus diaturake garwane. Rama Menggung nampani lan banjur diunjuk.

Mbok Ginah ngerti bendarane tindak dhapur, atine krencungan, mula nuli kandhane marang anake :

?Wis le, andum gawe, kowe karo aku kaya saben dinane bali nyambut gawe. Ulatmu gawenen bigar, dhasar saiki kabeh wis binuka. Keri piye mengko kersane rama Menggung.? Harjo mung manthuk-manthuk.

Mbok Ginah tumuli metu neng ndhapur, Harjo neng toko lan kontrol para karyawan, sing sawise bapakne ngajal ditandhangi dhewe.

Senajan yen kelingan dukane rama Menggung atine Harjo rontang-ranting, ning jroning makarya ulate dibening-beningake ngadhepi karyawan lan pelanggan.

Harjo wiwit cilik, wis kulina ngadhepi perkara-perkara sing abot, mula kabeh bisa ditampa lan sinamudana. Ngrumangsani ….. ngrumangsani banget, yen mung anak abdi, sing samubarange mung kudu tansah sendika dhawuh ing bendarane.

Harjo yen bengi ora bisa turu, turune sasat mung kaya turu lali. Pangandikane rama Menggung nalika duka, banget njarem ing atine. Saya dirasakke, saya lara, gek olehe mblejeti yen dheweke iku mung sawijining batur, mujudake pangina sing tanpa upama asore.

Batine Harjo, senajan mung abdi ning rakya menungsa ta ?, neng ngersane sing Nitahake mesthine ya padha. Bedane ya mung dheweke kuwi wong sudra (pidak pedarakan), ndara Menggung priyayi luhur. Saking krasa lara lan njareming ati dinukan rama Menggung, kanggo sawetara Harjo lali karo Artanti bendarane ya kekasihe kuwi.

Neng dalem Katumenggungan kono, kaya-kaya ajine awake wis kaya sangisoring uwuh. Mula pantes yen dicutat utawa ditundhung. Gek jare bendaraku, watakku sangisoring kewan. Apa merga aku nresnani putrane kuwi ? Oh …. Harjo bali nangis kelara-lara.

Ngono mau meh nganti sepasar, awake nganti lungkrah loyo. Ya wiwit konangan yen ngandheg kuwi, Artanti sasat ora tau metu seka kamare, dadi ya ora tau ketemu karo Harjo. Apa maneh Harjo, blas …. ora wani nyedhak neng dalem ageng.

Neng ngarepe mbokne, ulate digawe padhang sajak ora ana apa-apa. Nyambut gawe biasa senajan tanpa greget, tutup toko ya njur ndhuwel neng kamar. Wiwit didukani, rama Menggung ya durung tau aruh-aruh (ngajak ngendikan), ndayani atine Harjo saya kelara-lara lan cilik merit. Neng Katumenggungan rumangsa kasingkir, disepelekake, ora ana tegese. Dhasar ya wis ditundhung pisan, mula rumangsa ora diuwongake, tuwuh kenekatane nedya minggat, nuhoni dhawuhe bendarane.

Kadereng ati lara …. panas …. susah, wengi sing sepi adhem njekut kuwi, alon-alon Harjo ninggalake dalem Katumenggungan. Embuh sing dituju ora ngerti, pokoke lunga …. lunga ….. lunga sing adhoh. Sing digawa cukup pakeyan rong setel karo dhuwit tabungan sing ana ngomah.

Atine wis gembleng, ora bakal bali yen atine durung mari larane. Nganti wong tuwa lan kekasihe ora dipamiti kadaya ati sing kuwur ….. bingung lan nalangsa.

Wayah esuk nganti tekan wancine bukak toko, mbok Ginah durung methuki anake lanang. Batine ngira, yen Harjo durung tangi utawa malah lara.

Bareng diungak kamare kosong, tur lawange ora dikancing, banjur mubeng-mubeng digoleki, ning Harjo tetep ora ketemu.

Mbok Ginah wiwit samar lan bingung. Kanthi di wanek-wanekake mlebet dalem ageng, nothok kamare Wara Artanti bendarane. Bareng metu, mbok Ginah nakokake Harjo, sing Artanti dhewe ya ora ngerti, dhasar wis pirang-pirang ndina ya ora ketemu. Wong loro wiwit ribut lan bingung. Gek njur neng ngendi Harjo ?

Bareng bu Menggung ya wis wungu lan di caosi pirso, penjenengane uga kaget.

Wong telu bareng ngleboni kamare Harjo, lan niliki utawa mbukak lemarine sing kuncine isih cumanthel. Jebulane tenan, ana pakeyan telung rong sing ora ana. Uga tas gedhe neng nduwur lemari, mesthine kuwi sing kanggo wadhah. Dene barang-barang liyane isih kabeh wutuh. Yen dhuwit tabungan pribadi, ya mung Harjo mesthine sing ngerti. Buku-buku cathetan dagangan lan dhuwit tumata rapi, ning layang sesuwek sing menehi ngerti menyang ngendi lungane, blas ….. ora ninggal orek-orek. Wis cetha yen Harjo lunga ora pamit, sanalika atine Artanti pepes …. angles, ora nduwe daya kekuwatan. Apa maneh mbok Ginah sing menthas wae ditinggal mati bojone, saiki ditinggal lunga anake lanang sing tanpa pepoyan. Gek njur arep menyang ngendi olehe bakal nggoleki ?

Ibu Menggung penggalihe ya njur bingung lan prihatin banget. Gek njur sapa sing kena dipercaya ing perusahaane, yen nganti Harjo mutung tegal ora bali. Njur priye olehe arep ngrampungi perkarane putrane putrine sing wis kebanjur isi kuwi ?

Ah ……. dadakan penggalihe bu Menggung kuwur. Rama Menggung sing isih sare diwungu wani, kanthi muwun ature :

?Kangmas ……, wungu !, punika lho Harjo kesah tanpa pamit. Adhuh kangmas….., gek lajeng kados pundi ? Mangka perkawisipun keng putra rak dereng rampung. Kita kedah tumindak kados pundi kangmas ?? Rama Menggung sing isih ayub-ayuben kaget banjut ndangu :

?Piye, bu, Harjo lunga ora pamit ??

?Inggih kangmas, mbok bilih panjenengan dukani kathah-kathah punika, piyambakipun ajrih sanget. Mangka kangmas tega nundhung dhawuh kesah. Adhuh, kangmas, menawi Harjo estu kesah, lajeng kados pundi kerampunganipun ingkang putra Artanti ingkang sampun kados ngaten punika ?? ngguguk pamuwune ibu Menggung.

Ora wurung Rama Menggung midhanget ature garwane mau ya njur lenggah dhelog-dhelog ana tempat tidur. Diraos-raosake ature garwane anggone kebablasen ndhukani Harjo pancen bener. Ora liya awit kabeh mau kedaya saka ora saget ngampah ubaling duka. Bareng wis sawetara njur ngendika :

?Yoh mengko digoleki, bu.?

?Estu inggih kangmas, perkawisipun supados enggal rampung.? Rama Menggung tumuli tindak medal njaba, dene ibu Menggung tata pesareyane garwane karo ora kendhat panyuwune marang sing Maha Kuwasa, supaya perkara-perkara sing sinandhang tumuli pinaring luwar ……

Wara Artanti wiwit konangan anggone ngandheg, terus ngontak rayine lan blaka apa anane, kabeh wis kedadeyan ing Laweyan. Sing pokoke pasrah rayine ya Retno Harjanti supaya bisa nglilihake penggalihe rama ibune. Lan mbok menawa Harjo kekasihe mlayu menyang Bojonegara, diaturi nampi.

Wangsulane rayine ya maremake. Dheweke saguh mbantu sak bisa-bisane, dhasar Harjanti ya seneng duwe sedulur Harjo. Werna-werna tembung sing katujokake marang mbakyune, supaya tentrem ora kemrungsung. Artanti dadi kaya duwe kekuwatan maneh kanggo ngadhepi perkarane sing lagi sinandhang.

Harjo sing nggeblas lunga sangu ati lara, niyate mantep ninggal dalem Katumenggungan. Batine prasapa, ora bakal bali yen Rama Menggung isih sugeng. Prekara kekasih lan anake sing isih ning guwagarba, dheweke tetep tresna lan nganti kapan wae bakal tanggung jawab. Ning ya kuwi, laraning ati ngalahake sakehing rasa sing pindhane singgat betatung, dicutat, dikon minggat mundhak nyepeti mripat. Ya tembung-tembung kuwi sing tansah dumeling ing kuping lan nglarani atine. Yen dheweke ora bali, wis ben ……….., lara wirang ben ditanggung Rama Menggung piyambak. Awit penjenengane ora menggalih dawa, mung nuruti hardaning duka. Ngono batine Harjo.

Nalika metu saka dalem Katumenggungan, ana bis, Harjo tumuli nyetop nyengklak. Ngerti-ngerti bareng wis ana dhuwur, jebul bis kuwi jurusan Cirebon.

Atine Harjo tenang, merga ngendi-endi wis akeh tepungan becik pelanggane jarik. Nalika wus mlebu warung golek mangan kanggo kekuwatan, Harjo mara njujuk ing toko bathik ?Sejahtera? sing gedhe dhewe ing kutha iku. Toko wis bukak, lan juragane pak Sabar wis ketok ana ngarepan.

Harjo nyedak, bareng pak Sabar weruh gage ngathungake tangan nyalami karo kandha :

?Kebeneran dhik, daganganku wis nipis, ning endi mobilmu sing nggawa dagangan ? Harjo meneng wae, mung ngawaske pak Sabar sing clingukan nggoleki mobile. Bareng wis tita ora nemokke, Harjo lagi kandha :

?Mas, perusahaanku bangkrut, aku kena PHK.? Pak Sabar semu kaget takon :

?Ah tenane dhik ??

?Iya, mas, tenan. Mula tekaku mrene kuwi, yen kepareng tak ndherek penjengan tunggu toko, wista apa wae gaweyan sing sekira bisa tak tandhangi aku ndherek, waton bisa nyambut gawe.?

?Walah dhik, yen tenan …., aku rak ya seneng banget. Wista, wiwit saiki uga dhik Harjo wis dadi wongku …. batihku ….? Kandhane pak Sabar karo ngepuk-epuk pundhake Harjo katon yen bungah. Ya wiwit iku Harjo nyambut gawe ing tokone pak Sabar.

Pak Sabar mono wis limalas tahun bebrayan, ning durung pinaringan anak. Pelayan tokone telu yen sore mulih. Rewange siji sing masak lan reresik. Dene toko bathike kuwi ya mung dikelola karo bojone. Dagangan batik sing wis kulina lan cocok, disetori kaya dene Harjo batik Laweyan. Ning sing perlu dikulak ya menyang dhewe utawa bojone sing lunga kekulak.

Ana Candhake

?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>