Ketemu Suwiraning Daging (Bag 06)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 6)

Dina esuke Wara Artanti lan Harjo sida budhal mulih menyang Laweyan. Sadurunge munggah mobil, Retno Harjanti ora leren-leren anggone ngarasi pernah mbakyune kuwi, eling-eling mengko wis ora kaya wingi-wingi nalikane Harjanti ana Laweyan.

Dina-dina amor, bareng nyabut gawe, bareng mangan lan bareng mapan turu. Dene karo Harjo, Retno Harjanti wanti-wanti, supaya kursus sing dijupuk enggal rampug ganti apa sing disenengi lan di dhawuhake dening rama Menggung, sing ana gandheng cenenge karo murih saya majuning perusahaan.

Nalika arep munggah neng sopiran, Harjanti isih kober mbisiki Harjo lirih ngene :

?Har, titip mbakyuku di emong sing tenan, aku ming percaya karo kowe lho !? Harjo mlengeh kebak pangerten karo mangsuli urmat :

?Nun inggih sendika dhawuh, ndara jeng.? Mobil budhal, rama ibu Menggung lan Retno Harjanti isih ngawe-awe nganti metu ing dalan gedhe.

Lungguhe Wara Artanti ngangsek sopire ndadekake si sopir gumludhug atine merga bungah. Wong loro isih meneng-menengan. Harjo jelas, ora bakal wani ndhisiki matur marang bendarane sing kalem lan ruruh kuwi.

Anane mung anteng lan ngenteni. Bareng wis metu kutha, Artanti kandha :

?Wah atiku sumedhot je, kakang, nalika ninggalake jeng Janti mau. Rasane kok abot banget ngono.?

?Mboten maiben ndara jeng, tiyang saben dinten uyak-uyuk mangkeh lajeng sepi. Ning anggenipun menggalih rak inggih winates wajar kemawon, mboten dangu rak inggih wonten sesambetan malih ta, ndara jeng ??

?Sesambetan malih kapan kakang ?, paing-paling rak ya mung liwat HP apa tilpun ?? Kandhane Wara Artanti.

?Lho mangkeh menawi ndara jeng Janti estu bikak cabang rak inggih kerep mrika-mriki malih.?

?Wah rama paman Menggung rakya isih suwe ta kakang, anggone kudu mbangun-mbangun gedhung, gawe toko, papan kanggo makarya para karyawan, lan isih akeh maneh.?

?Mila mboten usah dipun penggalih ?.. mindhak nglangut, ndara jeng.?

?O ?. Iya kakang, jeng Janti dhek mbisiki mau kandha apa ?? Artanti ndhedes. Harjo ora mangsuli ning mung ngguyu sajak ngemu teges, sing nggawe Artanti dadi penasaran. Mula pandheseke :

?Gek ndang ta, kakang, aku kandhanana.? Kandha ngono karo bola bali nyikut Harjo sing nyekel setir. Harjo saya dikatonake olehe juwal mahal, ora gage wangsulan Artanti gregetan njur kandha :

?Wis ta kakang, gelem blaka ora ?, nek ora mobile ndhekna, aku tak mudhun bali neng Bojonegara ngebis, kang Harja balia dhewe kana !? Ketok yen bendarane rada mangkel, Harja kandha :

?Inggih ?. Inggih, ndara jeng, kula tak matur, ning ndara jeng Tanti mboten usah menggalih, margi ndara jeng Janti punika rak remenipun gojek.?

?Iya ?.. iya ?. Kakang, wista gek uwis?.. aku tak krungu, jeng Janti mau mbisiki apa ?? Pakone Artanti ngoyok.

?Ngaten, ndara jeng, keng rayi wau ngendika :

?Aku titip mbakyuku ya Har, mongen !? Ngaten ndara jeng.

?O ??.. ngono ta ?, kang Harjo mau rakya saguh ta, wong aku krungu dhewe anggonmu mangsuli.?

?Inggih ndara jeng, ning rak mboten klentu ta anggen kula caos wangsulan?? pitakone Harjo.

?Ora kakang, ning ya kuwi nek dilakoni. Nek ora jenenge ya inggih ning ora kepanggih.?

?Lha kersanipun ndara jeng, punapa taksih mbetahaken kula emong ?, mangka ndara jeng rak sampun diwasa. Saget kula rak inggih malah namun ndhedherek, ngatos mbenjang punapa kula mboten mangertos.?

?Nek momong wong sing wis diwasa kuwi rakya ora kaya bocah cilik ta kakang, ning sing dikarepke jeng Janti kuwi, kakang didhawuhi njaga, ngampingi, ngayomi supaya atiku tansah seneng lan mantep,? kandhane Artanti cetha.

?Menawi ndara jeng ngersakaken ngaten, lan kula sagah, punapa sekinten kula saget, ndara jeng ?

?Ngapa ora, kakang, janji wiwit saiki wis mbok wiwiti. Mbok wiwiti anggonmu rumengkuh lan nyedhak neng aku, sing neng atimu ana rasa mungguh tanggung jawab kabagyanku. Mbaka sithik buwangen jurang pemisah sebutan antarane bendara lan abdi, ben rasamu bebas ngadhepi aku.?

?Harjo njinggleng ngrungokke dhawuhe bendarane. Saiki atine krasa tenan, yen bendarane mambu ati marang dheweke, mung durung ngeblak. Mula njur matur :

?Ndara jeng saking pundi anggen kula kedah miwiti, awit nyatanipun kula rak namung anaking abdi.?

?Ya ngene kakang, saiki yen ngundang aku ora usah nganggo ndara jeng? cukup jeng ngono wae, rak luwih cedhak.?

?Menawi wonten ngersanipun keng rama lan ibu kula ajrih, ndara jeng.?

?Ya cukup neng ngersane rama ibu wae, ning kakang rak saguh ta ngayomi aku ??

?Sagah, ndara jeng, ning kados pundi kula dereng ngertos punapa ingkang kedah kula tindakaken, awit raosipun kok aneh. Ingkang leres punika inggih kula ingkang ngayom, ndara jeng.?

?Yoh wis kakang, angger kowe tansah manut karo aku, mengko atimu rak ngerti dhewe, mungguh karepku.?

?Mboten ndara jeng, mbok inggih ngendika walaka, dados gampil panampi kula, punapa menggah kersa penjenengan.?

?Oh ?.. kakang ? kakang Harjo, sing dha ngarani kowe kuwi wong pinter, ning jebul nggon rasa kowe iku cubluk. Apa kowe ora krasa tenan ta kakang, marang gedhene kawigatenku neng kowe ??

?Wah ndara jeng, inggih kraos kemawon sanget. Panjenengan sae sanget dhateng kula, kebak ing pangrengkuh lan welas asih.?

?Ora mung kuwi kakang, aku tresna banget marang kakang Harjo.?

?Tresna ingkang kados pundi, ndara jeng ??

?Ya tresna, sing salawase aku kepingin tansah ing sandhingmu kakang, aku ora rila ana wanita liya ing sisihmu.?

?Adhuh, ndara jeng ? Harjo sing nyekel setir iku kaget tanpa upama. Sauntara mung meneng wae. Wektu iku pas lakune mobil wis ngambah karang pradesan. Dalane sepi gek pinggir dalan akeh wite gedhe-gedhe, edhum. Weruh ing ngarepe ana wit Akasia gedhe, mobil di inggirake, njur mandheg.

Tangan kekarone sing mau kanggo nyekel setir, saiki nginger lungguhe ngadhep Wara Artanti. Tangane bendarane digegem kenceng tangan loro, diarasi karo kandha :

?Dhuh, ndara jeng, jebulipun mboten namung manah kula piyambak ingkang kraos mekaten. Kula sakelangkung setya bekti lan tresna dhateng, ndara jeng. Kados dhateng badan kula piyambak.?

?Krungu kandhane jaka bagus Harjo, Artanti nglolos tangane tumuli ngruket abdine mau karo groyok, kawetu tembunge :

?Kowe ya tresna karo aku kakang ??

?Inggih, ndara jeng, sampun wiwit rumiyin. Ning tansah kula singidaken sampun ngantos sok sintena mangertos, awit sinten ta kula ?. Namung trahing abdi, tiyang pidak pedaraan, kok badhe nranyak kumawani nresnani bendaranipun, ingkang taksih trahing ngaluhur.?

?Uwis kakang, kuwi kabeh ilangna, aja mbok bolan-baleni. Saiki sing cetha, aku lan kakang Harjo padha tresnane. Tresna sing kanggo salawase. Mula wiwit saiki, kakang kudu tansah mbudidaya, supaya bisa tansah gawe lega lan renane rama ibu.

Carane ora liya mung kudu sendika dhawuh ing kabeh sing dikersakake, uga gawe saya mekare perusahaan sing awake dewe cekel iki.?

?Inggih, ndara jeng, kula badhe nyendikani sedaya dhawuh panjenengan.?

?Hara kakang, kok isih nyebut ndara jeng terus, mbok coba muni jeng, ngono wae !?

?Inggih ?? inggih ?? jeng.? Swarane Harjo ketara yen kikuk.

?Prayogane wiwit saiki kakang karo aku ora perlu basa, dadi luwih rumaket.?

?Ah kula ajrih jeng, raosipun kok dados pundi ? ngaten.?

?Kakang, anggonmu nyebut ndara jeng lan basa mug yen ana ngersane rama ibu wae, dene neng njaba, apa meneh ing bab gaweyan lan urusam dagang, rak bisa ta nganggo basa Indonesia. Dene karo jeng Janti kae kokya penak?. luwes, ora ana wong nyapa lan alok, uga rama ibu.?

?Inggih ??. Inggih??.. iya jeng.? Kandhane Harjo rada gagap.

?Wis kakang, wiwit dhetik iki, yen kakang Harjo isih kleru nyebut ndara jeng, lan basa tak jiwit cilik banget ning sero.? Kandhane Artanti ngancam.

?Ing ing ? e iya wis jeng.? Tangane Artanti wis kebacut nylonong njiwit lempenge Harjo, sing Harjo krasa lara ning seneng. Wusanane tangane Artanti dicekel kenceng njur diarasi, tembunge lirih keprungu ing kupinge Artanti

?Oh bendaraku ??. Kekasihku ??.. gegantilaning atiku ??.? Artanti trenyuh krungu tempung ngono mau, mula bali makgabyuk, lelorone rangkulan keket kebak ing kabagyan.

Gegembolaning ati kekarone wis kawedhar ing jroning mobil mandheg, ing sangisore wit akasia gedhe, ing poncot desa, sing jenenge …… embuh ora ngerti. Wusana tembunge Harjo wiwit ngoko :

?Piye, jeng, mlaku ya, ben tekan ndalem ora nganti sore.?

?Ngono ya prayoga kakang.? Mobil wiwit ngleser mlaku maneh. Saiki Artanti nglendhot ing awake Harjo kebak pasrah. Kekarone rumangsa begya mulya, kaya-kaya donya iki mung duweke wong loro, jalu lan wanita kang lagi kapadan tresna kuwi.

Dhasar mobil lakune dijarag nggremet, mula mlebu kutha Sala wis surup. Tekan latar dalem Katumenggungan, mobil mandheg, ngudhunake Wara Artanti, dene Harjo isih ana sopiran, sire mobil terus arep mlebu kandhang.

Ana Chandhake

?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>