Ketemu Suwiraning Daging (Bag 05)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 5)

Ya wiwit adhine (Retno Harjanti) kandha yen karo Harjo mung nganggep teman kerja sing nyenengke, Wara Artanti dadi ilang samare yen pernah adhine kuwi bakal dadi saingane. Saiki saya mantep melu-melu adhine. Sing mbiyen Artanti mung winates crita-crita marang Harjo, saiki melu-melu, yen gojeg ya ngepol nganggo nggablog, njorokake, wis ta pokoke melu-melu adhine.

Kabeh mau ndadekake bungahe Harjo sing dhasar ana ati karo Wara Artanti bendarane. Saiki Harjo, Retno Harjanti, lan Wara Artanti wis baut ing samubarange bab nyekel lan ngurusi thek-kliwering perusahaan.

Rama Menggung sekalihan, mung keri ngawasi kiprahe putrane, ponakane, lan anake abdi kinasihe.

Wara Artanti kuliahe wis rampung, niyate gembleng bakal ngrembakakke perusahaan bathik kagungan ramane. Retno Harjanti bareng rumangsa wis bisa lan ngerti tenan, pepinginane bukak cabang ing daleme Bojonegara saya adreng. Bab mau uga dikandhakake marang pernah mbakyune kuwi, sing cetha supaya nyengkuyung ing kekarepane mau.

Ing meja dhahar dalem ageng, rama Menggung sekalihan lan Retno Harjanti sarta Wara Artanti sing wis rampung dhahar sarapan, Retno Harjanti Matur :

?Kepareng matur rama Widyo sekalihan, gandheng anggen kula sinau dagang wonten ing dalem ngriki sampun sawetawis wekdal, mila keparenga kula nyuwun pamit, niyat kula badhe nyobi piyambak wonten Bojonegara? Gage pandangune ibu Menggung :

?Ndhuk Harjanti ! njur piye rencanamu sekawit ? Apa kowe ya wis matur karo rama ibu ing kana yen kepingin bukak cabang ing Bojonegara ??

?Inggih, rumiyin sampun nate matur lan dipun keparengaken, ning kula rak kedah matur malih.? Wangsulane Retno Harjanti.

?Lha karepmu ngetan kuwi kapan ?, diterke mbakyumu Artanti, apa aku karo ramamu kene sing mrana ??

?Ah cekap mbak Artanti kemawon budhe, mbenjang Sabtu kula bidhal ngetan.?

?Saiki rak lagi dina Kemis, kowe isih bisa rembugan karo mbakyumu Tanti lan Harjo, apa sing arep mbok aturake keng ramamu, ya dhimas Menggung Projokusumo sekalihan. Karo maneh sesuk nek kowe bali, aku titip abon daging gandhik karemenane ramamu, karo gethik dara remenane ibumu. Sesuk aku dhewe sing bakal gawe.

?Inggih budhe matur sembah nuwun.? Barang wis cukup anggone ngendikan, rama lan ibu Menggung jengkar tindak medal, dene Retno Harjanti lan Artanti ngukuti piring regetan di gawa neng dhapur arep diasahi. Gurawalan mbok Ginah ngrebut piring mau karo matur :

?Welah-welah ndara jeng, mbok sampun, mangkeh simbok ingkang ngloroti.? Harjanti mangsul :

?Kowe nek direwangi kok ora seneng ta mbok ?, mangka neng ndalem kene kuwi ya wis tak anggep neng omahku dhewe.? Wara Artanti numpangi kandane pernah adhine :

?Pancen iya kok, jeng, simbok kuwi yen direwangi malah ora dadi karepe, mangka aku ya ngono. Pingin bisa masak, asah-asah, lan thek kliwere gaweyan pawon, ben mbesuk yen wis urip mandiri ora canggung.?

?Ah, ndara jeng, temtunipun mbenjang panjenengan kekalih menawi sampun winengku ing kakung, rak inggih kagungan abdi, cekap dipun ladosi.?

?Ah nek aku seneng nyambut gawe kok mbok, perlune awak waras, tur bisa nyontoni yen mbesuk merlokake kudu nduwe rewang.? Kandhane Artanti.

?Bener kuwi mbak, wong mono ora ngalahna nek apa-apa bisa. Neng ngendi-ngendi luwes, tur ora bakal disingkur uwong, kepara akeh sing mbutuhake.? Sumambunge Retno Harjanti.

?Mbok Ginah njinggleng anggone ngrungokake rembuge putri loro darahing ngaluhur, bendara timur kuwi. Wah pancen panggula wenthahe ndara Menggung sekalihan nyata hebat. Senajan mung putra siji, ning ora tau di ugung utawa di manja. Kabeh diarahke sing tujuane mbesuk diwasane bisa mandhiri. Mbatin ngono mbok Ginah ngguyu dhewe. Senajan mung sisa ngabdi, ning atine muji syukur ing ngersane Pengeran, dene bendarane apik banget pangrengkuhe neng dheweke sebrayat, sing kabeh ngabdi neng kono. Sing wis mataun-taun lawase, ning sikape ora tau owah lan malih. Pangrengkuhe jan ……. ora mantra-mantra yen mung abdi, ning wis kaya batih.

Dina Sabtu wayah esuk, Retno Harjanti wis nyepak-nyepakke koper, tas isi oleh-oleh kagem rama ibu titipane budhene. Dene Wara Artanti isih wira-wiri sing cetha pijer ngulati Harjo, wis siap apa durung. Awit esuk kuwi, Harjo sing bakal nyopiri mobil ndherekake bendarane menyang Bojonegara.

Dene Artanti ya mung ngeterake adhine sing bali mulih. Ning mengko sawise ngaso lan ngerteni rembuge adhine karo keng rama pamane, Artanti ya tumuli bali. Awit yen suwe-suwe ya mesaake sing ditinggal, merga maju mundure perusahaan ya ana tangane Harjo lan Wara Artanti.

Keng Rama lan pak Darno prasasat mung keri nglawehi olehe padha makarya. Nalika tekan Bojonegara, wayahe wis bar bedug, dhasar Harjo olehe nglakokake mobile ya mung wajar, sinambi guyon karo kenya ayu-ayu darah biru bendarane, sing salah sijine wis kuwawa njiret atine kuwi.

Ya ing wektu-wektu kaya ngono iku kalodhangan sing bisa gawe mulyane atine. Tekane tinampa kanthi suka gembiraning penggalih dening rama Menggung Purbo Kusuma sekalihan. Putra lan keponakane di rangkul-rangkul kebak asih. Marang Harjo anggone paring salam uga kebak greget tandhaning panarima. Awan kuwi isih padha nutugake anggone kangen-kangenan, werna-werna pandhangune ibu Menggung Purba marang Tanti mungguh kahanane kangmase sekalihan, iya rama lan ibu Menggung Widyadiningrat. Kabeh gumyak nelakake bungahing ati.

Dening Retno Harjanti, Harjo dituduhake kebon mburi, sing pepak wite buah-buahan, taman ing iring ndalem sing tansah rinumat dening pak Tanoyo, pak bon Katumenggungan. Ngendikane Retno Harjanti marang Harjo :

?Har ! suk yen kowe rene wektune rada longgar, tak ajak dolan neng musium perjuangan, gedung pusat kesenian, papane padha latihan tari lan kesenian liyane. Yen tak ubeng-ubengake, kowe mesthi seneng ta wis.?

?Wadhuh ndara jeng, yen dipun ubeng-ubengaken kula rak malah buyer. Saenipun dipun ajak dolan-dolan kemawon, kula malah sendika dhawuh, ndherek.?

?Wah Har, kowe kuwi yen diajak omong kok mesthi ndhagel, marahi ngguyu.?

?Ndara jeng, tiyang punika rak sae menawi gumujeng ta, tinimbang mrengut, utawi njegadul ??

?Ah embuh Har, aku wegah omong.? Ngendika ngono Retno Harjanti njur nyat ngadeg karo nggablog gegere Harjo njur mlebet dalem. Harjo sing ditinggal ana njaba mung kilang-kilong ijen.

Batine bungah bisa nggodha bendarane, sing mesthi wae mangkel merga ngendikane ora ditanggapi kanthi serius. Ning Harjo wis ngerti watake bendarane siji-sijine, dadi ya ora samar.

Retno Harjanti yen nesu utawa ngambek mung sedhela, sawise kuwi ya njur apik maneh. Watake pancen grapyak sumanak, yen wis kersa ngendika kremrecek ora kena diselani. Tandange cukat trengginas, samubarang kudu cak-cek enggal rampung, njur ganti gaweyan.

Seje banget karo Wara Artanti. Olehe grapyak sumanak ya padha, ning isih ana tindah ruruh, sruwa-sruwi kalem, ora ceplas-ceplos kaya keng rayi. Yen ana karep, Harja mung bisa maca saka panindak lan semu. Ning gandheng wis kulina ngadhepi. Dadi Harjo tanggap banget karo apa karepe bendarane kuwi.

Sing bisa dirasakake dening Harjo, yen Wara Artanti kuwi ana kawigaten gedhe marang dheweke. Ning apa atine bendarane kuwi ya padha karo sing dirasa jroning atine ? Iki sing isih dadi tandha pitakon tumraping Harjo. Sawise padha bebarengan dhahar sore, rama Menggung Purba ndangu keng putra Retno Harjanti ngene :

?Nduk Janti, rama tak pundhut pirsa ya, apa kekarepanmu arep nyoba dedagangan bathik, kaya rama ageng kuwi kowe wis mantep ?? Retno Harjanti nyawang mbakyune lan Harjo sedhela njur matur :

?Inggih sampun rama, malah rama ageng Menggung Widya ugi nyarujuki lan nyengkuyung, lha punika mbak Tanti inggih pirsa, semanten ugi Harjo.

?Inggih rama Purba,?Inggih ndara Nggung.? Ngono semaure Wara Artanti lan Harjo meh bareng.

?Lha anggonmu bakal bukak cabang kuwi ana ngendi nduk ?? Pandangune rama Purba marang keng putra.

?Lha inggih wonten dalem mriki, rama. Kados ing Laweyan dalemipun rama ageng Widyo. Dene toko rama kersoa ndamel ing sisih kiwa pendhapi punika rak saget, mangkeh mepet mergi ageng. Dene ingkang kangge nyambut damel, rama utusan tukang, damel bangunan sawingking dalem punika rak taksih kobet.

Rama Menggung Purba manthuk-manthuk tandha karenan nampi ature keng putra nuli pangandikane :

?Ya wis ndhuk Janti, aku percaya yen kowe mesthi wis akeh nampa wewarah saka ramamu ageng ing Laweyan. Ning mesthine anggonmu bakal reka-reka iki, mbakyumu Tanti lan Harjo rak ya bakal genti cawe-cawe ta ndhuk ?? Gage Tanti matur :

?Temtu rama, jeng Tanti senajan wonten Laweyan criyosipun ajar, ning nyatanipun kaindhakan kula kesagetan kathah sanget. Inggih ing Laweyan, inggih ing ngriki, kula lan Harjo, ugi jeng Janti tansah badhe bantu-binantu ing samukawis karibetan.?

?O ….. ya syukur ndhuk Tanti, ya kaya ngono kuwi sing jeneng sedulur, gotong royong ing samubarang. Ya kaya dene ramamu lan aku, wiwit cilik nganti dadi wong tuwa uga tansah rukun. Saiki kowe lan Harjo, njur arep pirang ndina kowe bocah loro ana kene, ndhuk ?? Atur wangsulane Tanti

?Rama Purba, dhawuhipun rama ibu, sasampunipun kula kepareng mirengaken kasagahanipun rama paman paring lilah dhateng jeng Janti, kula kekalih enggal-enggal kedhawuhan wangsul. Ingkang punika sarehning sedaya sampun kula mangertosi, keparenga mbenjang-enjang kula nyuwun pamit, kula kekalih badhe wangsul dhateng Laweyan.?

?O ya ora liwat nyangoni slamet, aturna salamku lan ibumu ing kene kagem rama ibumu ing Laweyan.?

?Inggih sendika dhawuh rama paman, mangkeh sadumuginipun nggriya badhe kula aturaken.?

Nalika wis rampung anggone paring pangandikan, bocah telu banjur padha lungguhan ing teras nutugake crita, maklum esuke bakal padha pepisahan.

Ana Candhake

?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>