Ketemu Suwiraning Daging (Bag 03)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 3)

Kaya padatan, sawise tutup toko pelayan padha bali, pak Darno mesthi banjur kontrol njeron toko. Nata dagangan sing durung rapi olehe mbalekake sawise dipirsani para pengunjung. Nutup lemari, mbenak-mbenakake etalage, lan mesthi wae ngontrol kancing-kancing lawang.

Yen wis rumangsa marem, lagi ninggalake toko. Sawise iku lagi sire arep ngapa ?, ngombe…. mangan …, ing meja dhahar ndhapur wis sumandhiya.

Dene yen rama Menggung ngersakke ngajak ngendikan, biasane sok njur nimbali, pak Darno sing kudu mlebu neng dalem ageng.

Neng kono rama lan ibu Menggung wis ngentosi sinambi pangandikan, sarwi nglaras unjukan teh nasgithel lan nyamikan puthu bumbung keremenane. Sawise pak Darno sowan ditutke mbok Ginah bojone, rama Menggung ngendika :

?Pak Darno lan kowe mbok Ginah, saiki perusahakane dhewe kuwi wis bisa lumaku lancar. Kabeh tenaga inti wis kena di percaya, mula kowe sakloron ora perlu ngaya. Cukup ngawasi samadya, sing penting anakmu Raharjo elingna. Aja kok mung kesenengan neng nggon setoran barang lan tagihan. Ning takonana, pengine nyambi njupuk kursus apa ta apa, kanggo masa dhepane. Syukur sing ana gegayutane karo perusahaan, supaya mbesuk kena kanggo urip mandhiri. Upama mbiyen gelem tak kon neruske sekolah, tak kira wis kecekel kesarjanaane. Nyatane gendhuk Artanti, tahun iki rak ya wis rampung S.M.A ne. Mangka gesehing umur, Artanti lan Harjo ya mung watara telu utawa patang tahun.? Krungu ngendikane bendarane wong loro mung manthuk-manthuk. Wusana ature pak Darno :

?Inggih, mila kasinggihan sanget ngendikanipun rama Menggung. Ingkang punika, kula kekalih namung sendika dhawuh. Ing sawanci-wanci kula saget jejagongan kaliyan anak kula Harjo, dhawuhipun rama Menggung badhe kula cariyosaken.? Pak Darno sumanguh ing dhawuh. Bu Menggung sing wiwit mau kendel wae njur undhu pangandikan :

?Iya pak Darno lan mbok Ginah, kangmas Menggung lan aku kuwi nganggep kowe sa kloron wis ora kaya dene bendara lan abdi, ning wis tak anggep batihe dhewe. Luwih-luwih marang anakmu Harjo, bocah sigit tur pinter, gek watake ya jujur lan lugu. Pinter gawe rena penggalihe kangmas Menggung lan aku. Mula sa bisa-bisa, aku lan kangmas Menggung ya bakal mbudidaya murih anakmu mbesuk ora keri karo sapepadhaning urip. Bisa urip mulya, syukur kena kanggo pangayoman.? Wong loro nyauri bareng :

?Inggih … inggih … matur sembah nuwun dhateng sedaya kasaenanipun rama Menggung sekalihan, ingkang sanget kasok dhateng kula kekalih lan anak kula.? Ngono ature pak Darno lan bojone kanthi tumungkul kebak urmat. Bareng wis sawetara anggone ngendikan, rama Menggung dhawuh :

?Iki wis bengi pak Darno, kana padha ngaso, ben sesuk tangi awak bali seger kanggo makarya.?

?Inggih sendika rama … ibu …., kepareng !? Pak Darno lan bojone metu saka dalem ageng tumuju ing patunggone … ngaso.

Wiwit Harjo mulih setor dagangan lan nagihi dhuwit tekan ngomah jan rolas bengi kae, awake kekes merga dina-dina udan. Merga pijer wahing wae mbokne kandha :

?Tak gawekke wedang jahe pa, le ?, ben awakmu anget ??

?Ngono ya gelem mbok, rasane awakku kok kaya kurang waras.? Kandhane harjo jujur.? Lha pirsakke neng Puskemas wae, kana sedhela !?

?Yoh mengko mbok, nek karo setor dagangan toko wetan Puskesmas, sisan lakune searah.?

?Tenan ya, le awak mono ya dijaga, sing jeneng raga mono sok-sok ya dirawat lan diwragadi mundhak dadi ragangan.?

?Oh simbok kuwi …….. ana-ana wae.? Kandhane Harjo karo ngranggeh gelas sing isi wedang jahe kebul-kebul. Mbok Ginah lega nyawang anake sing ndemenakake, srupat-sruput karo didamoni, ngombe wedang jahe gaweyane.

Bareng wis entek njur mlebu garasi tatrap makarya kaya saben ndidane. Awan kuwi panase sumelet, Wara Artanti bali sekolah terus njujug kulkas, njupuk gendul isi banyu putih.

Banjur ceguk… ceguk … gendul dilonggo meh entek setengah. Mbok Ginah sing weruh mung kamitennggengen panyawange njur alok :

?Ndara jeng, ngunjukipun mbok mboten kathah-kathah, punika toya es lho mangkih mindhak kembung.?

?Wah enak banget je mbok, saka pepanas ngelak njur ngombe banyu anyep jan …… seger tenan. Piye mbok kang Harjo neng ngendi ??

?Ha inggih nyambut damel ta, ndara Jeng, tiyang wanci katen kok.?

?Pancen kang Harjo kuwi ngeyel kok mbok, wong bola-bali gebres wahing, tur ya nganggo watuk-watuk kok dikon leren ora nggugu.?

?Anggenipun setor inggih namung ingkang celak-celak kok, ndara Jeng, namung wetan Puskesmas mriku, malah criyosipun badhe mriksakaken mumpung merginipun searah.?

?O ya syukur yen ngono, muga wae kang Harjo mung masuk angin.? ?Ngersakaken dhahar sakpunika punapa mangkeh ndara Jeng ?, munapa sareng kaliyan keng rama lan ibu ??

?Mengko wae mbok, aku durung ngelih,? kandha ngono Wara Artanti njur nyaut koran anyar ing meja terus mlebu kamar ora metu maneh. Mbok Ginah neruske pegaweyan sing sejatine wis rampungan,

Rama Menggung sing asline saka Bojonegara iku, kagungan rayi sing isih aktif makarya, ngastane ana ing Kantor Dinas Pariwisata minangka pimpinan. Putrane putri ya mung siji isih kuliah sing asmane R.A. Retno Harjanti. Dene kaceke umur karo R.A. Wara Artanti ya sawertara, amarga keng rayine rama Menggung anggone krama ora nganti kasep. Keng rayine rama Menggung Widyo Diningrat mau asmane K.R.T. Projo Kusuma.

Sedulur sing mung loro iku tansah rukun, rumaket anggone kekadangan. Senajan adoh, gandheng sarana saiki gampang, mula kanthi liwat tilpun utawa H.P. kekarone tansah bisa sesambungan.

Semono uga R.A. Wara Artanti lan pernah keng rayi naksanak R.A. Retno Harjanti uga tansah ana kontak. Malah yen libur, putri lelorone kuwi gentenan, se Minggu neng Bojonegoro, se Minggu neng Sala. Nalika teka ing Sala sing keri dhewe iki Retno Harjanti kawetu pengalembanane neng Harjo ngene :

?Mbak Tanti, wah abdimu kuwi bareng gede kok nggateng tenan ya. Saupama dheweke kuwi sekolahe dhuwur, tur dudu mung abdimu, aku gelem kok mbak.?

?Ah tenane Jeng Har, ngalem tenan apa mung guyon ??

?Slumprit mbak, aku ngalem tenan.? Wangsulane Retno Harjanti serius. Sing kabeh mau gawe bungah lan mongkok atine Wara Artanti. Sing ateges, ora mung dheweke sing kepranan marang Harjo abdine.

Lehku ngarani ya ngono je Jeng, Harjo kuwi kejaba nggantheng karo gaweyan ya sregep tur bisa, gek ya tanggung jawab pisan. Emane biyen didhawuhi neruske sekolah dening rama, ora gelem. Malah mung trima ajar nyopir lan nggenteni bapakne ngurusi setor barang lan tagihan.?

?Lha kuwi matah penting mbak, tegese sinau langsung kerja. Merga ya nggon dhuwit kuwi mbak, sing ora angger wong bisa lan kena dipercaya. Arepa dagangane laris, ning nek nggon keuwangan akeh sing dikorup dening para sing kejibah ngurusi, suwe-suwe perusahaan ya mesthi bangkrut.?

?Ora Jeng kowe kok malah pinter ta ?, selagi aku sing saben ndina ngadhepi wae ora tau mikir je.? Kandhane Wara Artanti polos.

?Oh kuwi mung durung wae mbak, sesuk nek umurmu wis tekan, kowe mesthi mikir. Cobanen, telu utawa patang taun maneh, kowe rak bisa mikir. Tak kira nek Harjo abdimu kuwi malah wis bisa mikir mbak, wong umur-umurane babag yen karo aku .

?Kok kowe ngerti nek babag karo umurmu jeng ??

?Ya jelas ta mbak, wong biyen dhek kowe isih cilik sing ndolani kowe ya Harjo kuwi. Pas aku mrene, ya njur emong cah loro. Dhek semana Harjo wis prigel nggendhong kowe merga wis kulina, ning nek aku malah durung bisa mbak, merga aku rak ora nduwe adi.? Ngono kandhane Retno Harjanti cetha.

Wara Artanti njingleng anggone ngrungokake. Pancen, putri loro darah biru iku, yen ketemu tansah ora leren-leren anggone crita. Ana-ana wae sing dikandhakake. Retno Harjanti nadyan awune luwih enom, ning nggon umur lan pendhidhikane luwih dhuwur, mula pinter nerang-nerangake.

Kosok baline Wara Artanti, senajan pernah tuwa, ning kepinteran lan pengalamane urip isih ngrumangsani kalah adoh karo pernah adhine. Merga padha dene sok krasa kangen lan mbutuhake, mula rasa tetalining paseduluran krasa rumaket tekan jroning sanubarine.

Apa maneh kekarone padha dene rumangsa ora duwe sedulur, merga tinitah dadi putra sing mung ontang-anting.

Semono uga sing sepuh, ya ibu Menggung Widyodiningrat lan ibu Projo Kusumo, senajan mung kadang pripeyan, ning ora mantra-mantra. Kepara raket rumaketing paseduluran kaya tunggal yayah rena. Kabeh mau bisa kelakon, awit priyagung lelorone pancen kagungan penggalih sing jujur, apa anane, tansah nindakake tresna asih marang pepadha, sing sepi ing pamrih.

Mula ya ora nggumunake yen pak Darno sa anak bojone awet anggone suwita lan ngabdi rama Menggung Widyodiningrat sekalihan.

Perusahaan batik Laweyan saya gedhe lan ngrembaka, malah iki ana tamu saka Holan sing meh saben ndina mara takon-rakon saka bahan batik nganti tekan obat-obatan sing dibutuhake. Sejatine iki mono rak rahasia perusahaan, ning mbok menawa mengko kulak akeh minangka conto, sing sabanjure dikembangake dhewe ing negarane Holan kana.

Tamu bule kuwi wis kandha dhewe, yen mula arep nyoba gawe batik sawise kulak saka kene kanyata laris.

Jebulane tenan, nyonya Clara ngono jenenge tamu bule kuwi, sawise entek fisa pasport holidayne ing Indonesia, baline kekulak akeh. Kuwi wae isih pesen supaya sasi ngarep dikirimi sa kontener maneh.

Ya merga kuwi rama Menggung njur menggalih, yen nampa pesenan gedhen ngene iki, sapa maneh sing dipercaya nyekel keuangan, yen dudu Raharjo? Mula rama Menggung dhawuh marang Harjo wiwit dina kuwi kudu gelem njupuk kursus kilat, bon A bon B kanggo dhasar.

Tugase setor lan nagihi dipasrahake wong liya pilihane pak Darno dhewe. Pokoke Harjo mung didhawuhi nekuni olehe kursus, syukur bage bisa nyambi kursus bahasa Inggris. Sing cetha mengkone bakal bisa langsung nanggapi tamu manca, sing ora perlu golek guide njaba, sing mesthi wae dhuwur bayarane.

Ya wiwit iku Harjo esuk lan sore lunga kursus, esuk saka jam wolu tekan jam sepuluh, sorene saka jam papat tekan jam enem. Wektu liyane kanggo sinau ing kamare.

Pak Darno lan mbok Ginah wong tuwane, banget anggone melu nyengkuyung, supaya anake madhep mantep ngestokake dhawuhe bendarane. Wayah sore nalika mangan bareng ing meja makan ndapur, pak Darno kandha :

?Le Harjo, wis entuk sepasar kowe kursus, atimu rak ya seneng ta ??

?O … seneng banget pak, aku ya nggatekke lan sinau tenan ben enggal bisa. Dhasare senengku ya nggon etung-etungan ngono kuwi, seje dhek isih sekolah, yen kon ngapalke sejarah apa ilmu bumi …….., wah jan aku susah banget. Lha piye wong gampang lali, tur yen apalan kuwi aku yo wegah !?

?Ya syukur ta le, awit dhawuhe bendarane dhewe kuwi, rak ya merga saking gedhene kawigatene neng aku lan kowe. Sesuk kena kanggo sangu uripmu ben isa mandhiri.?

?Iya pak, aku ya sinau lan mbudi daya tenan, supaya bisa, lan gawe renane penggalihe rama Menggung sekalihan.?

Ana Candhake

?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>