Ketemu Suwiraning Daging (Bag 02)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 2)

Mbok Ginah rumangsa bungah banget, dene semono gedhene kawigatene bendarane timur marang anake sing jejere mung wong ndhedherek.

Toko bathik tutupe yen wis jam sanga bengi. Ning kuwi kabeh wis urusane para pelayan toko lan pegawe-pegawe liyane ing wayah tutup toko.

Dene RA Artanti lan Raharja isih neng ruang tengah sing kagem lelenggahan rama lan ibune yen wancine ngunjuk teh esuk lan sore, uga kagem rerembugan/pangandikan baraya Katumenggungan.

Jeng Artanti lagi sinau, Harjo maca koran ing sandhinge. Artanti bola-bali nglirik nyawang priya ngganteng ing sisihe iku, ning sing disawang ora tanggap merga ketungkul maca.

Sajake ana kabar sing banget narik kawigatene. Gandheng Wara Artati kepengin banget omong-omongan, mula pangadikane :

?Kakang, sajake ana kabar sing narik kawigatenmu ya, ketara asyik banget anggonmu maca?.

?Inggih ndara jeng, punika wonten lowongan kerja kangge satunggaling perusahan bagian pemasaran. Ning syaratipun kedah gadhah ijasah SMA sederajat.?

?Apa kowe kepingin ta kakang??

?Lha inggih kepingin ta ndara jeng, ning ijasah kula rak namung SMP?.

?O kakang, yen pancen kowe kepingin rak gampang, aku rak bisa matur rama. Bab mengko sing ngeterke dagangan neng para pelangan rak bisa diganti wong liya?.

?Ah sampun ndara jeng, kula rak tiyang bodho, mboten saged yen wonten pemasaran. Mangka kula ugi ngertos yen ingkang wonten ngriku racakipun inggih tiyang-tiyang ingkang sampun pengalaman.?

?Kabeh mau rak ya bisa disinau lan latihan ta kakang? Semono uga kanggomu?.

?Inggih-inggih ndara jeng, prayoginipun mboten usah dipun penggalih. Kula badhe nglanyahaken rumiyin pedamelan kula ingkang sakpunika dados tanggel jawab kula. Inggih menika nyetori barang, kaliyan tagihan arta sinten ingkang lancar lan sinten ingkang angel tagihanipun.?

?O ? ngono ya becik, ning yen kakang Harjo wis kepingin tenan neng pemasaran, mengko kandha wae neng aku.?

?Inggih ndara jeng?. Wangsulane Harjo. Wong loro bali meneng-menengan. Harjo nutugake maca koran, dene Wara Artanti isih ngolak-alik buku pelajaran. Ning sejatine ing atine Wara Artanti tansah kepingin nggolekake dalan, murih gaweyan apa sing Harjo ora sedina-dina neng lapangan, sing baline mesthi wis surup.

Mangka kepingine Wara Artanti, tansah bisa cecedhakan karo jejaka anake abdi kinasih kuwi.

Ning janji ditakoni gaweyan endi sing disenengi, Harjo tansah sumanggem, ngantepi gaweyan sing lagi ditekuni ya kuwi nglakoke mobil, setor barang lan nagihi dhuwit neng para pelanggan ngganteni bapakne.

Pak Darno saiki wis arang-arang metu, sasat mung nglethek ana ndalem Katemenggungan, kejaba ngawasi sing padha nyambut gawe, pak Darno uga mrenah-mrenahake neng toko bathike, murih sing padha mirsani (tamu sing arep blanja) padha ketarik.

Kejaba tokone katon resik, tatanane dagangan rapi, si pelayan uga tansah diajari grapyak sumanak marang sadhengah tamu. Wis to, pokoke kabeh karyawan ngira yen pak Darno kapercayane ndara Menggung kuwi isih sentana piyambak, ora ana wong ngerti yen sejatie mung abdi.

Apa maneh, yen ndara Menggung kuwi ngersake medal golek hawa seger, mesthi pak Darno sing didhawuhi nyopiri.

Dene yen ibu Menggung sing tindakan, kerep-kerepe yen toko wis tutup tur karo keng putra Wara Artati, sing nderekake mesthi Raharjo.

Ing antarane bendara lan abdi, rasa kamulyaning urip kaya-kaya wis rumasuk ing penggalihe sang bendara, ning uga wis ana ing sanubarine si abdi. Lelorone padha pangrasane, padha pangrengkuhe. Mula kena diparibasakke, wong mono yen jodho kaya tumbu oleh tutup. Ning yen ora tau ana kecocokan, paribasane kaya banyu karo lenga, ora bakal bisa nyawiji.

Wektu kuwi mbeneri mangsa rendheng, wiwit esuk udane wis ngecimbreng ora terang-terang. Nganti Raharjo anggone ngelapi mobil wae mung ing kandhang (garasi) ora neng njaba kaya adate. Sadurunge budhal sekolah Wara Artanti nyedaki Harjo sing lagi ngresiki mobil karo kandha :

?Kakang, yen udane kaya ngene terus mbok ya ora sah lunga dhisik, idhep-idhep awak nggo leren. Lumrah ta yen mung leren sedina, aku mengko sing matur ibu.?

?Wah sampun ndara jeng, mangkih saged kok bidhalipun menawi sampun terang.? Gupuh wangsulane Harjo nolak pakone bendarane timur.

?Kowe iku pancen wangkal kok kakang, ning ya mangga sakarepmu, aku rak mung ngeman kowe.? Kandha ngono RA Wara Artanti karo semparet lunga ninggalke Raharjo sing isih ngisik-ngisik mobil. Let sedhela wis keprungu motor distater, lan Harjo weruh yen bendarane wis nggeblas ninggalke plataran Katemenggungan.

Atine bungah, dene semono kawigatene bendarane timur sing tansah bisa gawe ayem, sing meneng-meneng uga sejatine ditresnani. Harjo mesem dhewekan.

Bareng awan kira-kira jam sepuluhan, udane pancen trenceng. Mula sawise nata dagangan ing mobile, Harjo uga banjur budhal makarya. Kebeneran iki tujuane rada lumayan adoh yaiku neng Pemalang. Mangka sejatine batik Pekalongan rak ya becik-becik motife tur cedhak kulake, ning denea teka sepisan neng Sala (Laweyan) kok njur kulak akeh ? Sajake ya laris, wong setor sing dhisik durung ana telung Minggu, iki kok wis njaluk disetori maneh. Gek nggon keuangan ya beres.

Ya nggon sing kaya ngene iki Harjo rumangsa eman. Mangka golek lenganan sing apik mono ya angel, senajan Harjo durung tau ngasakake kerja neng pemasaran.

Merga ngelingi pendhidhikane sing mung S.M.P, rasa mindher mau isih wae rinasa ing atine.

Upama gelem matur bendarane (R.A. Artanti) mesthi kersa ngiguhake, ning kok lehe njur nylangkrak, rasane kok kaya ora mawas dhiri. Tur ya bener wong neng perusahaane bendarane dhewe, ning rasane ya piye ?. Ngono ?

Mbatin ngono mau Harjo mesthi njur mung mesam-mesem dhewe. Citrane bendarane putri timur njur kumledang ing padoning netrane. Kawigatene sing mirunggan marang awakke bisa dirasakake.

Apa ya bendarane timur duwe rasa kaya sing dirasakke ing atine ? oh ? oh? Rasa mau age-age dikipatake adoh saka atine.

Ya ora mungkin ta, wong bendara, isih trahing ngaluhur kok mikir abdi, wong pidak pedaraan sing ora ana apa-apane. Yen wis tekan kono, Harjo gage mikir liya supaya bisa nglalekake.

Ning nyatane ??

Linali lali malah saya ngalela, kumantil ing padoning netra. Critrane sing ayu milangoni, eseme sing nggregetke ati, oh sajak nantang ati lanangku. Eman ?. Aku mung wong ngenger ? ngabdi?. batur? gedibal pitulikur ???.

Harjo megeng napas, njur nyerot hawa sing saakeh-akehe supaya mbeseseging ati krasa longgar. Sawise ngono banjur ndeleng jam ing tangane, nuduhake yen wis jam 5.30. Mangka mau saka ngomah jam sepuluh esuk. Suwene perjalanan enem jam. kanggo rembugan dagangan lan leren siji setengah jam. dietung-etung wektune pas.

Udan sore kana-kene isih riwis-riwis, tur awak krasa kesel sing mbangeti. Ning piye ? apa arep nginep neng paran ? Kaya kok dhurung tau-taune Bapakne biyen wis tau weling, yen kepeksane nginep, luwih becik mblebu neng Kantor Polisi. Kandha prasaja yen ndherek nginep. Janji nggawa surat-surat lengkap, wis mesthi tanggung yen malah aman.

Harjo kelingan kuwi kabeh. Mula nalika wiwit munggah sopiran batine kandha : yoh mengko nek ora kuwat tenan tak golek kantor polisi…. nginep.

Lakune mobil biasa … ora banter lan ya ora rindhik. Ngelingi awak wis sayah banget tur wayahe bengi, mula Harjo tansaya nggedhekke pengati-ati. Donga wewarahe mbokne tansah ndremimil di ucapake. Ya kuwi donga nyuwun slamet nyuwun pangayoman marang Gusti Kang Murbeng dumadi.

Senajan kanthi ora kejarag, sing dadi panglipuring ati jroning lumaku ya kuwi, gupuhe bendarane putri timur sing methukake nalika dheweke bali saka nyambut gawe.

Tumrampile …… eseme … oh … rasa kesel sanalika ilang. Sing ana ganti rasa bungah … mulya sing tanpa utama. Mendah mulyane ati iki, yen kanggo salawase aku tansah bisa nyandhing putri sing sulistya lan sing wis klebu atiku kuwi. Ngono batine Raharjo. Kegawa ati sing sabar ora kusung-kusung, sidane tekan Sala wis jam rolas bengi.

Pintu gerbang pancen petugas jaga bengi sing mbukakke, ning nalika mobil ngandhang, R.A. Wara Artanti katon isih neng ndhapur bikut ngracik kopi.

Mak nyes ayem atine Harjo. Dene mbok Ginah mbokne methukake karo takon:

?Kok nganti yah mene ta le ??

?Iya mbok, iki neng luwar kota, perjalanane wae limang (enem) jam, gek mau esuk mangkatku wis awan.?

?Rak ya merga kepalang udan mau ta le ??

?Iya mbok, wong neng ndalan tekan nggone ya tetep udan senajan ora deres.?

?Ya wis le gek ndang wisuh, tak jupukke wedang anget? mbok Ginah cepet mlebu ndhapur, neng lawang meh wae nabrak bendarane sing wis ngasta nampan isi wedang kopi. Gage ature :

?Panjenengan malah sampun ngracik kopi ta ndara Jeng ?, kok mireng menawi thole sampun wangsul ??

?Iya mbok, pancen aku durung turu, garapan P.R. sekolahan sing kudu tak garap akeh.?

?O ngaten ta ndara jeng, mboten langkung inggih matur nuwun thole Harjo sampun damel repot.? Ngono kandane mbok Ginah abdine. Sawise wisuh lan ngadhep wedang kopi, Wara Artanti banjur nyedhaki karo kandha :

?Kakang, yen wis ngopi apa ma?em, becike njur kanggo ngaso, sing cetha awakmu mesthi kesel banget.?

?Inggih ndara jeng? Kandhane Harjo sumaguh. Nalika ninggalake Harja, Wara Artanti isih kober noleh lan mbalang esem sing ora nguwati, sing njalari atine Raharjo kongah kangehan. Ganti mbokne sing nyedhaki, banjur kandha :

?Le, mangan ya !. mau simbok nyemur daging karo kenthang, lawuhe krupuk urang. Iki karemane ndaramu putri timur. Tak jupukke ya, nggo sangu mancal kemul.?

?Iya mbok, ning sithik wae hlo.? Welinge Harjo marang mbokne kanggo nglegani atine. Sejatine Harjo wis ora selera mangan, ngombe kopi sagelas karo bakpya loro rasane neng weteng wis nggrenjel. Ning Harjo bocah sing becik kuwi, tansah njaga supaya atine mbokne tansah kalegan. Lha piye, merga ya mung kuwi sing bisa di tindakake kanggo nyenengke atine wong tuwane, sing dadi lantaraning uripe.

Wara Artanti lega bareng Raharjo wis tekan ngomah, merga anggone ngarep-arep kena di unekake nganti kaya mata walangen. Padatan surup utawa sore wis tekan ngomah, mobil wis ngandhang, keri laporan lan nyaoske dhuwit tagihan neng ibu Menggung. Sabanjure mung keri manasuka, apa sing arep di tindakake.

Ya wektu-wektu sing kaya ngene iki sing diarep-arep Wara Artanti, bisane tanek jejagongan, runtang-runtung metu ngeterke blanja kebutuhane dhewe. Kadhang-kadhang ya diutus ibune neng apotik tuku obat, lan ya kebutuhan rumah tangga liyane.

Kaya ngono mau wis lumaku saben ndinane, dadi ya biasa wae tumrape para karyawan sing padha weruh. Raharjo lan Wara Artanti wis kaya dene sedulur tunggal welat.

Mangka sanyatane, taruna ? taruni sing wis padha mekar diwasa mau, ing atine wis ana rasa lan guthit sing beda. Nek sing nyawang pancen ora ngerti lan ora cubriya, semono uga rama lan ibu Menggung blas ora nate nggagas lan menggalih.

Ana Candhake

?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>