Warung Emplek-emplek

?

Surono pancen wis diwanti-wanti dening pimpinane, supaya ngrembugi sing becik-becik, alon-alon lan sing cetha. Aja nganti gawe runtiking ati, luwih-luwih ngadhepi wong cilik, sing ora dhuwur pendhidhikane. Sing ing wektu iki wis dha kendel ndhebat ? nekat, lan mberung nggugu karepe dhewe, senajan mengkone nandhang rugi.

Mulane, rehne wis diwanti-wanti kaya ngono, minangka karyawan sing becik, Surono uga bakal ngestokake dhawuhe pimpinane.

Dheweke mara menyang warung emplek-empleke yu Sarijah, sing dodol sega wungkus lan panganan jajan murahan kuwi. Diangkah supaya wektune rembugan bisa kepenak, mula milih wektu nalika warung kuwi sepi.

Lagi wae mlebu lan lungguh dhingklik srok, yu Sarijah wis aruh-aruh : ?Kadingaren pak Surono, penjenengan tindak mriki, radi sela damelan napa ??.

?Enggih, yu, kula kok kepingin nedha sekul pecel pincukan.? Wangsulane.

?Restoran wingking kantor nika sekul pecele rak malah ngangge ayam goreng ta, pak??, kandhane yu Sarijah.

?Mrika rak awis, yu, teng ngriki rak mirah.?

?Biyuh, njenengan niku kok remene ngesorke dhiri ta, pak. Pedamel bang rak kathah artane, napa malih niki tanggale enom.?

?Ajenga tanggale enom nika betahe nggih kathah, yu, mangka jugangane nggih lebet, dados nggih kathah sing diangge nyaur utang.? Kandhane Surono jujur.

?Biyuh-biyuh ? napa penjenengan niku nggih kagungan utang ta, pak?, ketingale kok mboten wangun.?

?Saestu kok, yu, tiyang niku rak namung sawang sinawang, ning benten kalih sing nglampahi.? Surono nyoba nerangke, yu Sarijah njur meneng.

Rumangsa entuk tanggapan, Surono wiwit mlebu ing wigatine olehe teka.

?Anu yu, kula wau empun nyulik rembag kalih mas Suradal, nek kiyambake niku nggih empun setuju.?

?Setuju rembag nggen napa niku, pak??, yu Rijah nanjih.

?Nggih bab wande sampeyan niki, mbakyu.?

?Lho enten napa kalih wande kula niki, pak??, pitakone yu Sarijah saya mepet. Surono wiwit nerangke :

?Niki rak ngeten, yu, rehne kitha ngriki ajeng ulang taun, supados kawontenan kitha ketingal sae, resik lan resep, kersane pak Walikota, klebet kagungane wande niki rak ajeng dibangun di dadoske sae. Dene pinten telase, yu Rijah saget nicil pendhak wulan sak kiyate. Nggih leres ta yu, wande sampeyan mindhak sae lan wangun, karyawan kantor saget sami andhok ing wandene yu Rijah. Yen wande emplek-emplek ngeten niki rak kirang resep ditingali. Mosok ta, Tower B.R.I kados ngaten saene, jebul ngajenge onten warung emplek-emplek sing ??

Durung rampung guneme, wis dipunggel yu Rijah santak :

?Lha rak ora lidok, njenengan mriki rak sengara ajeng jajan dodolan kula, ning mengku karep liya, namung ajeng ngala-ala, lan nyepelekake warung kula niki.? Kandhane Surono sabanjure :

?Nggih niki demi kepentingan umum yu, njenengan kiyambak nggih bathi kathah. Mangkeh sampeyan ajeng angsal kredhit yatra gangsal yuta kangge modal kajenge wandene dados sae. Pripun yu?, wong kang suradal nggih malah remen sanget kok.?

Yu Rijah meneng sawetara. Bareng wis njur gage kandha :

?Pak, wande niki dede gadhahane bojo kula nggih pak Suradal niku, ning niki riyin sing reka-reka damel emplek-emplek niku rak mbok kula wiwit kula taksih alit. Dados niki tilarane biyung kula (warisan kula/dede gadhahane semah kula. Ajeng ngrika setuju nggih mangga, ning nek kula mboten. Wande emplek-emplek awon nggih kajenge, wong nyatane nggih kena nggo golek pangan.? Kandhane yu Rijah cetha, swarane wiwit atos.

Surono wiwit rumangsa kewalahan, ning isih arep mbudidoya terus, nuli kandhane sareh :

?Nek njenengan mboten setuju dibangun, ora kersa disukani kredhit nggo modhal, upama kalih bang warung sampeyan dituku kanthi murwat kados pundi, yu??

?Pokoke, pak, wande niki mboten angsal nek ajeng dibangun, kula mboten betah utang bang, lan nggih mboten kula sade, pun ? atur kula niki rak empun cetha ta, pak?? Kandhane yu Rijah wis angel diunggahi.

Ning dudu pak Surono pethingone pimpinane yen njur trima mundur, dhasar pak Surono kepingin gawe sejahterane wong cilik, selagi isih ana dalan sing bisa ditempuh.

Pak Surono durung mingset saka lungguhe, senajan sikape yu Rijah wis ora nyumadulur maneh. Ulate wae saiki malih bening wong neng njamban.

Sidane pak Surono sing mbukani rembug kanthi sareh :

?Yu, kula, pak Suradal, niku sami-sami tiyang alit, mumpung wonten kesempatan ngge pados tingkatane gesang sing langkung sekeca niku, mbok nggih diginakke.

Empun ta mboten-mbotene nek bang niku ajeng ngrekasakke njenengan, gedhene ajeng nyengsarakake, wong pak Suradal senajan mung tukang sapu-sapu nggih pegawene ngriku. Estu, yu, bang mboten ajeng ngapusi.? Wangsulane yu Rijah tetep atos :

?Pak, njenengan niku mirengke mboten atur kula wau?. Kula niku dodolane mung sega pecel, ngombene toya pethak sing mung kula gratis, jajanane bakwan, pohung goreng, kacang godhog, klenyem. Gek lengganan kula namung tukang ojek, sopir becak, wong ider-ider, cah sekolah. Mangka nek mboten gadhah dhuwit nggih luwes dha ngebon, kula nggih lega lila. Lha nek mangkeh dibangun disulap dadi ristoran, lengganan kula niku rak dha mlayu kabeh, teneh nggih mesakake. Ajeng mara teng gen kula wedi, tur larang wong tarip ristoran niku mesthi dhuwur merga panganane enak-enak. Gek cah-cah sekolah, nek mantuk sekolah napa istirahat njur ajeng dhateng pundi nek dha ngelak njaluk banyu putih?. Ah?.. pak, mesakke tiyang-tiyang niku nek kula tilar, sami-sami tiyang alit??., tiyang cupet, sing mung dha trima waton wetenge warek?.

Kandhane yu Rijah karo srikutan ngulapi luhe sing nrocos. Surono ya bisa melu ngrasakake iku kabeh, mung carane mikir yu Rijah sing kebangeten olehe isih prasaja.

Ning ya maklum karang wong ora pendidikan Pak Surono saya kepingin ngentasake panandange yu Rijah, sing sejatine welasan lan becik atine kuwi, ning yu Rijah wangkot lan nggegegi penemune.

Sidane pak Surono klunuh-klunuh metu saka warung emplek-emplek iku bali menyang kantor bang. Tekan kono terus memburi nggoleki pak Suradal bojone yu Rijah, sing lagi ngguntingi rencek-rencek garing, ing panging wit-wit kembang, taman iring kantor bang. Surono nyedhak njur kandha :

?Pak Suradal, empun ping telu kula ngrembagi yu Rijah bab wande niku, ning kadose kok mboten kasil, mbok cobi, pak, nek sampeyan sing nutur-nuturi. Mesthine rak digugu wong bojo.?

Pak Suradal leren lehe nyambut gawe, karo kandha :

?Pripun Pak Surono, nek kula tak teng wande sekedhap nyanjangi mbakyune sing ndableg niku ??.

?O ? prayogi pak Suradal, wong kabeh niku kangge kesejahteraane awake dhewe tembe mburine.?

Pak Suradal gage ninggalake taman tumuju ing warunge bojone. Gandheng warung sepi, yu Rijah lungguh lenger-lenger neng lincak nggone ngedhep panganan.

Weruh bojone ngonggo-onggo, pak Suradal mlebu njur lungguh srok njejeri bojone kandhane :

?Jah, wong mono mbok aja wangkot. Pimpinan bang nduwe karep kaya ngono kuwi rak merga nampa prentah saka ndhuwur. Sing cetha, warunge dhewe sing ora pakra iki arep dibangun ben wangun. Pawitan arep diutangi, hara rak kepenak ta kuwi?? Yu Rijah krungu pakone sing lanang ben manut sarane pimpinan bang, njur njengek wangsulan :

?Wis genah pakne, kowe wis katut kelut karo pambujuke pak Surono. Ya lumrah wong kowe kancane tur andhahane sisan. Pokoke warungku iki ora arep tak kapak-kapakake. Wis ben ala, ora pakra, wong ya duwek-duwekku dhewe. Nek mung sederma dikongkon pimpinane, mbok kandha wae nek sing nduwe ora oleh, rek wis bar ta ? Kathik ndadak iyik bola-bali mara nggriseni sing diparani. Pak Surono mau tas rene, aku kandha ora, mula njur akon kowe mbujuki aku, rak ya ngono ta pakne ??

?Jah, awake dhewe kuwi wong cilik, mbok ya wis manut. Dene Kenthus sing bukak bingkil kulon kuwi ya manut, malah wis diwenehi dhuwit telung yuta, bengkele sing ya mung emplek-emplek kuwi isih arep dibangun.? Kandhane pak Radal mbujuki bojone.

?Wis kana pakne, gek bali wae neng nggaweyan, risi aku dijak ngrembug kuwi-kuwi wae.? Pakone yu Rijah nundhung sing lanang.

?Ya wis Jah, aku minangka bojo wis ngandhani, ewa semono kowe ora nggugu ya wis, sesuk yen ana apa-apa, aku wis ora ngerti lan ya ora bisa melu cawe-cawe.?

?Ra papa pakne, dhasar iki ya warung-warungku dhewe tinggalane wong tuwaku, dudu olehmu nggawekke,? wangsulane yu Rijah atos.

Sarehne wis tita bojone ora kena dirembagi, pak Radal banjur metu saka warung bali neng nggaweyan sangu ati mangkel. Sore wayahe bali nyambut gawe, ing plataran kantor bang pak Radal isih bisa ketemu pak Surono, sing mau ngakon supaya ngrembugi bojone ning ora kasil. Anggone ngeslah motor batal, motor bali disetandarke njur marani pak Radal karo takon :

?Pripun pak Radal, yu Rijah ?, purun ngowahi panemune napa mboten ??. Wangsulane pak Radal abot :

?Wah bojo kula niku jan atos tenan je, pak Surono, angel diluk penemune senajan kleru. Ha pripun, wangkot, empun mboten kena dituturi, mangkeh nek empun mangkel tenan pungkasane ming ngajak padu. Mangka kula niku, paling wegah nek dijak eker-ekeran kalih bojo. Kerep-kerepe kula mung ngalah, timbang saru dirungokke tangga. Empun sak niki mangga mawon lehe ajeng nyadharke bojo kula.? Kandha ngono pak Radal terus pamit mulih, ninggal pak Surono sing ketok kejudhegan.

Batine pak Surono nlangsa, wong pirang-pirang saurute dalan penere warung emplek-empleke yu Rijah wis kena dirembugi, denea wong siji iki angele ngudubilah.

Mangka batine, kepingin banget ngangkat bojone kancane kuwi supaya uripe luwih mapan, gandheng ana kalodhangan sing becik. Karo mlaku mbaleni motore, tekade pak Surono gembleng, yen sesuk-esuk isih arep mara sepisan maneh neng warunge yu Rijah, sapa ngerti saiki dheweke wis bisa mikir luwih adoh.

Esuke sawise ngantor absen, ngerti warunge yu Rijah wis rada sepi, pak Surono mara, ulate dibening-beningake, karo aba teh anget marang bakule. Gage takone yu Rijah :

?Adate, kantor niku rak empun disiapi teh anget kalih pak bone, ta pak ??

?Ha enggih yu, ning kula wau teka mung absen, dereng sempat mlebu ruwangan njur mriki niki.? Wangsulane pak Surono alus.

?Ning lalabane wedang nggih namung kados ngoten niku, pak, ontene namung bakwan, cemplon, kalih klenyem.?

?Ha rak enggih pun cekap ta yu, dene nek teng nggriya nika malah ming teh kendel alias mboten onten kancane.? Kandhane pak Surono ngenaki ati. Anggone nyruput wedang nasgithel sajak nikmat, karo nyomak-nyamuk ngrahapi klenyem lan cemplon sing ana ngarepe. Nyatane entek loro-loro neng weteng ya wis gemendhel. Bareng tehe mung keri seprapat gelas, pak Surono mbukani rembug :

?Pripun yu, empun dipenggalih malih dereng bab wande niki ?? Durung wae yu Rijah mangsuli, pak Suradal mlebu warung banjur ngracik wedang dhewe, njur diadhep njejeri pak Surono, karo takon :

?Pripun, pak, mbakyune empun kenging dirembagi ??

?Nggih niki, pak, yu Rijah kok dereng suka wangsulan.? Jawabe pak Surono. Yu Rijah krungu lehe dha rembugan, ya meneng wae sajak nyepelekke.

?Jah, kowe kuwi duwe cangkem ora ?, ditakoni kok mbisu wae, mbok ya wangsulan.?

Kandhane pak Suradal kasar.

?Pakne, kowe kuwi bojo apa mungsuh ?, genea kok tansah mojokke aku, apa tikna kowe kepingin entuk dhuwit akeh kaya sing dijanjekake pak Surono kuwi?, nek aku suthik, pakne.? Kandhane yu Rijah lantang.

?Jah dhuwit limang yuta kuwi yen dicakke wis marah-mareh. Kowe bisa tuku apa-apa sing sasuwene iki mbok pengini, ning ora bisa tuku. Wis ta nggugua pak Surono, awake dhewe bakal kepenak uripe.?

?Emoh pakne, aku ora bakal nggugu karo sapa wae. Aku ngerti neng tlonjonge omongmu, yen mengko aku nyekel dhuwit akeh, kowe mesthi bakal neka-neka, bisa lho kowe mengko malah njur kepingin rabi maneh, merga aku wis tuwa wis ala.? Kandhane yu Rijah karo groyok arep nangis.

?O ? jah, wong pikiranmu dhewe malah sing ngeres, sing reget, sing malah nyiksa atimu dhewe. Empun pak Surono, mangga mawon, kula estu pun mboten saget cawe-cawe.? Kandhane pak Suradal pasrah. Pak Surono mbukani rembug maneh kanthi ngarah-arah.

?Yu Rijah, sakjane sampeyan niku gadhah surtipikat siti, lan wande niki mboten??

?Mboten, pripun ta ?? Wangsulane yu Rijah jujur.

?Lha yen surat I.M.B ??

?Wah niku kula saya mboten mudheng. Pokoke kula nggih namung diwarisi saking simbok, kula mboten gadhah layang sa-suwek-suweka.?

?Nah ? napa malih sampeyan mboten gadhah surat-surat niku yu, ateges wande sampeyan niku bangunan liar. Mangka kersane pak wali niku sae, wewangunan sing mboten pakra ajeng dibangunke kajenge pantes, lan kitha niki mangkeh ketingal resep lan resik. Dagangan sampeyan kajenge pantes ajeng disambuti modhal, kersane pak wali niku kepingin ngangkat kesejahteraane rakyat. Cobi dipenggalih saestu yu.?

Akeh-akeh olehe ngandhani pak Surono ben yu Rijah kebuka atine. Ning yu Rijah wis kebacut isin mundur, mula wangsulane ya tetep atos :

?Pokoke, pak Surono, nganti kapan mawon wande kula niku mboten ajeng kula pik-pik. Empun kula trima ngoten mawon.? Gandheng wis kentekan cara anggone agrimuk yu Rijah, pak Surono njur kandha apa anane :

?Nggih empun, yu, njenengan rasakke dhewe akibate mangkeh. Rong minggu malih, sedaya bangunan liar saurute mergi niki ajeng dibongkar, sing mboten saget ditulung srana dirembugi sae-sae, mesthi mawon dibongkar paksa, kanthi angsal kerugian gantos arta gangsal atus ewu rupiyah. Pun yu, kula empun mboten mriki malih.?

Kandane pak Surono terus menyat metu saka warung kuwi wis ora noleh-noleh maneh.

Yu Rijah sing ditinggal kelop-kelop, atine wiwit thukul rasa samar, gek-gek kandhane pak Surono mau tenan. Pak Suradal bojone sing isih ngadhep wedang kuwi, ya mung meneng wae senajan nyangklek lungguhe.

Barang nganti wis sauntara padha meneng-menengan, ndadak yu Rijah semparet metu, embuh arep neng ngendi. Ngerti-ngerti wis lingguh neng bengkele Kenthus, sing dhek semana lagi nambal ban. Weruh tekane yu Rijah, Kenthus takon senajan nyambi nggosoki ban sing arep ditambal, tembunge : ?Kadingaren yu, sampeyan kok dolan mriki, napa warunge empun tutup, dagangane empun telas ??

?Ya durung Thus, aku ki ming arep takon sithik wangsulana jujur ya !?

Kenthus njur ndengengek karo nanjih :

?Ajeng takon napa yu, sajake kok penting, takone Kenthus semu gumun.

?Iya pa Thus, warung lan bengkelmu uga omah emplek-emplek sauruting dalan iki arep dibongkar ??

?Ha rak enggih ta yu, kula kinten mboten nganti seminggu malih, dalan ngriki empun resik sawangane saking wewangunan sing namung emplek-emplek, kados bengkel kula sing elek niki. Ning nggih niku, kados kula napa niki, rak nggih prasasat panen utawi menang lotre.? Kandhane Kenthus karo ngguya-ngguyu.

?Lha kok ngono lire piye Thus ??

?We lha, mangke rak nggih didamelke sing langkung sae, tur malih kados kula niki nggih angsal arta kangge tumbas alat-alat bengkel sing langkung pepak. Lha wong emplek-emplek kula niki mawon kula empun diparingi yatra tigang yuta kok yu.? Kandhane Kenthus sajak bungah.

?Lha sing menehi dhuwit kowe kuwi sapa Thus??, yu Rijah nyedhak ndhedhes.

?Sing nyukani pak Surono, wong emplek-emplek kiwa tengen bang niki sing tanggung jawab pimpinan bang. Mergane kantor bang sing nggedhangkrang niku, rak nggih mbutuhke sesawangan sing resep ing sakiwa tengene, ning jare saking dhawuhe pak Walikota. Kula gumun yu, kok sampeyan malah takon kula, napa mboten didugeni kalih pak Surono ?, mangka kang Suradal rak nggih tukang kebon bang ngriku ta yu ??

Ditakoni ngono mau yu Rijah ora sumaur, ning malah gage lunga tanpa pamit, ndadekke gumune Kenthus. Ya wiwit saka nggone Kenthus kuwi yu Rijah njur semplah ora gawe dagangan. Esuke, tekane warung mruput, ngarep mburi karo budhale sing lanang.

Yu Rijah ora njujuk warung neng ngonggo-onggo nek ngarep pintu gerbang kantor bang, sajak ana sing diadhang. Bareng kira-kira jam wolu, weruh ketebange pak Surono yu Rijah gage methukke karo klowa-klowe tangane, aweh sasmito mandheg. Pak Surono ngerti, njur mateni mesin motore karo takon :

?Onten napa yu ??

?Anu, pak Surono, rembug kula sing riyin kula jabel, sak niki kula ndherek kersane nika, mangga ? wande kula, kula rilakke.? Kandhane ngrampek-ngrampek.

?Yu, sedaya empun kalajeng, empun dados keputusan. Sinten sing mboten saget dirembugi, nggih empun, tengga mawon, warunge yu Rijah badhe kebingkar paksa, kanthi nampi yatra kerugian gangsal atus ewu rupiyah.?

Rampung kandha ngono, pak Surono ngeslah motore mlebu pintu gerbang kantor bang, ninggal yu Rijah sing wiwit klemun-klemun pandelenge, lan byuk-byukan kringet adhem metu saka awake.

? TAMAT ?

Cariyos punika kula kintunaken dhumateng sedaya kadang mitro sutresna giyaran lelangen wonten ing pundi kemawon, mugi ndadosna panglipur sawetawis. Nuwun.

?

?

This entry was posted in Crita Kuna. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>