?
Kamulyaning Ati
Sapa sing nyana sapa sing ngira yen mbak Luwi nggandhol juwara ?
Tetandhingan Macapat ing Kabupaten Sleman dek nalika semana
Ngleluri tinggalane para eyang buyut sing wis ngyuwargi
Tembang Macapat pancen ngemot sakeh pitutur lan wewarah
Unggah-ungguh … tata krama, budi pekerti sing luhur lan suci
Yen para generasi mudha ora gelem ngopeni, njur sapa sing bakal di tinggali ?
Mangka iki budaya sing hadi luhung, sing wong manca padha gandrung
Ngger ! Jare kowe iku wong Jawa, nggon ngendi olehmu njawani ?
Selagi tutur basamu wae mapanke kowe ora ngerteni
Yen ngagem kebayak lan pinjung kowe nyuwun di busanani
Delengen mbak Luwi kae wis diwasa … gelem sinau lan mbudidaya
Ngarang crita kanggo greja ya wis mlaku, lan gawe mareming nala
Ayo sliramu sing isih mudha … jangkahmu isih amba segrepa mbudidaya
Senajan bisa basa apa wae, ning aka lali basa Jawa basane dhewe
Sing akeh nyenyuwun lan ndedonga mring Gusti
Wis ta percayoa, cekake mesthi di paringi janji sing migunani
Janji kinanthen madhep mantep ati karep
Mekaring greja, cacahing timbalan, rejaning wihara
Ngrembakaning seni lan budaya dadi tanggung jawabmu
Yen sliramu priya, jaganen kenya mawar sing tuwuh ing plataraning ing greja
Pinangka puspita pepaes akarya remaning Gusti
Yen sliramu kenya, waspadakna marang kumbang seka njaba sing
mung bakal ngrusak lan gawe wisa
Yen kabeh wus mbok tindaki, munjukna syukur ing ngersa dalem Gusti