Sinta Ayu Dosenku

?

Rong minggu sawise ana dhosen anyar ing kampusku, isine klas saben dina ajeg kebak, arang sing absen utamane bocah-bocah lanang. Sing yen bu dhosen kuwi durung teka, kanca-kancaku padha lungguhan ing sedhel motore dhewe-dhewe ing parkiran, ning yen bu dhosen wis ketok ketebange mlebu pintu gerbang kampus, bocah-bocah gage mlebu, rebutan ben bisa entuk pelungguhan ngarep. Bocah-bocah sejajarku semester lima utawa enem sing diasta padha kandha blaka, yen seneng diwulang Ibu Sinta Ayu, sing pancen ya ayu sempurna tenan. Ya asmane, ya priyayine, sing bisa menehi spirit mahasiswa utamane cowok krasan neng kampus. Priyayine dhasar ayu marakati, srawunge karo mahasiswa supel, grapyak sumanak seneng ngumbar esem. Mangka eseme sing ngujiwati kuwi ora nguwati yen sinawang. Dhasar ing ndhuwur lathine ana andheng-andheng sing nambahi saya cumles yen mesem. Joko kumala-kala sa aku-aku iku iki, rumangsa disuguhi dolanan sing ora mboseni. Metodhe sing dicakake seje karo dhosen-dhosen liyane. Mulang mung ndlujur tanpa fariasi, sok disiplin, njaga jarak, sikape sing mapanake awake minangka senior njur angkuh. Apa anggepe mahasiswa-mahasiswa sing wis dha nduwe jenggot lan brengos ketel kuwi mung bocah wingi sore sing durung bisa sisi., sing ketoke kok njaluk diajeni banget. Dadine dhosen-dhosen sing kaya ngono kuwi ora bisa gawe kahanan dadi interaktif lan rumaket. Jroning mulang, ya merga kahanan sing kaya ngene iki dadine mahasiswa akeh sing banjur ora melu kuliah. Mergo jroning kuliah blas ora ana daya tarik sing marahi seneng. Seje karo Bu Ayu, dheweke kena diajak tukar kawruh saknjabaning wulangan, jebul senajan yen bareng-bareng lungguhan kayane ming karo kanca, ning wangsulane ya maremake lan ketemu nalar. Maklum kejaba dhosen dheweke ya jembar srawunge ing kalangan kampus.

Bu Ayu ya bisa nyritakake kegiatan-kegiatan kampus, nalika dheweke isih kuliah biyen, lan nyatane ya bisa nuduhake foto-fotone barang. Piye grenenge kanca-kanca? Sing dikandhakake padha. ?Wah olehe ayu wis wiwit cilik, sajake, ketara wis dadi dhosen wae isih ayu. Bagyo bocah sing padha dieringe nyletuk : ?Cah ?, nek Bu Sinta kuwi ayu luwes awake dhewe njur arep napa? Wani pa kowe arep macari dhosen?? Bocah-bocah sing dha ditakoni mung pating cengingis ngguyu kecut, ora ana sing bisa wangsulan. Trisno sing glendam-glendem kuwi cluluk : ?Wis ta kanca-kanca, awake dhewe bisa nyawang wae wis seneng. Kejaba ? nek Bu sinta kuwi sing ndhisiki seneng karo siji ing antarane awake dhewe iki. Piye dha gelem ora??

?Wah ? ya jelas gelem banget nooo.? Bocah-bocah mangsuli saur manuk. Kandhane Trisno tacute, ?Ning ya kuwi entenana nek jagade wis kewalik, wong-wong wis padha bingung.? Bocah tuwa-tuwa kuwi mung dha nyengir terus bubaran. Biyen dek Bu Sinta durung mulang, Dety, Fera, Lala lan Kunthi, mesthi padha digoleki ing wektu-wektu kosong dijak ngobrol. Ning saiki blas ? ora. Sedheng cewek-cewek kuwi janji cowok ngrubung Bu Sinta wae ya melu-melu jabing. Oh pancen ? Bu Sinta gedhe banget perbawa lan daya tarike, ora ngemungana priya, selagi mahasiswa-mahasiswa putri wae ya kagum karo kasulistyane lan uga karo penampilane. Yen nerangke pelajaran, kaya-kaya wis neng lambe, mangka nek mahasiswa kuwi dha mbukak buku presis kaya olehe nerangke. Grenenge para mahasiwa mau. ?Jan genius tenan wong ayu iki.? Meneng-meneng aku ya keyungyun karo Bu dhosenku iki, ning blas ? aku ora tau kelair. Isin rasaning atiku, teneh ya diarani cecak nguntal empyak. Seje karo Herman sing anake wong mbegedhu kuwi, anggone seneng lan kedanan karo bu dhosen dikandhakake karo sapa-sapa ora isin. Bocahe ngendelke kesugihane wong tuwane, dhasar mung anak siji. Kerep kewetu karo kanca-kanca ngene : ?Timbang mulang mung numpak motor eman-eman nek ireng, upama ditukokke mobil, gelem ora ya bu Sinta kae? ? Sing ditakoni ming njur dha ninggal lunga karo ewa, karo grenenge :? Uh ? wong ayu, pinter, bijak, kok mung diiming-imingi mobil mahasiswane sing ratau munggah, ra mungkin gelem.? Dha diacuhi ngono mau Herman ora krasa, ning malah saya ngbet anggone nyenengi bu dhosen. Ning ?, sarehne aku kerep cedhak tur ya kerep disilihi buku, ditraktir, mula yen Herman kandha apa-apa (curhat) ya tak gatekake banget, senajan jroning atiku mung tak geguyu. Kuliah wae barengane wis arep dha sekripsi dheweke isih neng tingkat loro kok le mbanyaki, nyangklak nggandrung dhosen sing lagi kencar-kencar jenenge.

Pak Dibyo sing dina kuwi maringi kuliah tekan jam terakhir, nalika arep kundur ngendika : ?Mungkin besuk Bu Sinta nggak bisa masuk, katanya ada keperluan penting.? Sing krungu tenan ngendikane Pak Dibyo mau mung aku lan bocah-bocah wadon, wong liyane selak dha mlayu metu. Ning aku ya meneng wae ora kandha sapa-sapa. Kaya adate, tekan kampus aku seneng neng sedhel motor karo ngrokok ngiras ngenteni kanca-kanca. Siji mbaka siji padha teka terus mlebu klas. Aku ngerti yen saiki mesthi padha dhisik-dhisikan rebut ngarep, perlune bisa nyawang Bu Sinta luwih mat lan tanek.

Ora suwe Herman teka, motore trus dipepetke motorku karo kandha : ?Warno, ngapa kowe kok ora ndang mlebu ?, mengko kowe mesthi entuk lungguhan mburi dhewe maneh kaya dhek emben.? Kandhane karo njagrakke motor. ?Ah ? aku pingin ngentekke rokokku iki dhisik kok, Her.? Wangsulanku waton gawe lega. ?Ya wis kono karepmu, aku tak golek lungguhan ngarep dhisik tak selehane tas, mengko tak kancani neng kene. Aku mung meneng wae. Herman ora tak kandhani yen bu Sinta dina iki ora mlebu, wis ben mengko gela kepati. Ora suwe dheke wis bali neng parkiran ngancani aku karo kandha : ?War! Hayo bedhek-bedhekan, mengko bu Sinta nganggo klambi klire apa??, pitakone. Wah edan tenan bocah iki. Nganti tekan klambine bu Sinta wae kok diramal, ngono batinku. Mula wangsulanku nekat ngububi ben atine kobong.

?Her, timbang kedhisikan wong, mbok iya ditekadi mara wae neng omahe (pondhokane). Neng kana kowe mengko tawa mobil apa motor sing modhel paring anyar. Nek dheweke gelem rak ateges kowe wis entuk dalan kanggo nyedhaki. Apa maneh yen njur gelem nampa pawehmu, kowe rak ming keri buka kartu. Wis sateruse beres.? Tak kandhani ngono mau gumregah kuwanene. Jare saranku mau dianggep jitu, tur ora ana wong utawa kanca-kanca sing ngerti. Bareng wis meneng wae nganti sauntara, Herman njur takon aku sajak serius tenan. ?War, apike suk kapan ya aku dolan neng ngomahe??. Wangsulanku ngglayem : ?Nek sing apik kuwi ya dina Sabtu malem Minggu, kaya nek wakuncar kae lho, Her.? ?Iya ya War, becike aku tuku oleh-oleh apa ya sing pas lan wangun? Apa malah kembang wae War, piye kira-kira nek saka panemumu??.

?Wah ? Her, nek kembang kuwi rak ya nek wis cetha dadi pacare. Iki jenenge rak ya lagi dolan, mahasiswa neng nggone dhosene ngono. Becike tukua buah-buahan wae kanggo oleh-oleh sing kira-kira bu Sinta seneng,? kandhaku mrayogakake, senajan iki ya mung ngawur, kareben Herman lega atine ketok yen aku melu-melu mikirake. ?O ?.ngono ya becik War, waton olehku tuku mengko buah sing berkwalitas, dudu sing ombyokan,? wangsulane marem. Bareng wis tutug lehe omong, tur jam pelajaran wis diwiwiti Herman ngajak aku mlebu klas, tak legani. Jebul nganti jam pungkasan, bu sinta ora mlebu klas utawa ruwangku merga ora rawuh. Olehe kedumelan ora uwis-uwis. Dheweke babar pisan ora ngerti wong dhasare ora tak kandhani. Pancen tak jarak ben dheweke kecewa besar. Kebeneran Mila sing lungguh neng jejere, ngerti Herman kedumelan merga bu Sinta ra mlebu njur kandha : ?Eh lo Her, wingi dhek arep kondur Pak Dibyo rak ya wis ngendika ta, nek dina iki bu Sinta ora tindak, merga ana keperluan penting. Hla kuwi, wong Warno ya krungu kok dhek Pak Dibyo ngendika,? kandha ngono Mila karo minger ngawasi aku. ?Dene kowe ki ya ngerti ta War, kok ora omong-omong. Mulane betah neng parkiran dijak mlebu wegah,wong wis ngerti nek bu Sinta ora tindak. Aku dadi salah tingkah, mula wangsulanku ya mung waton wae : ?Wah aku lali tenan je, Her, ya sepurane wae, hla kowe ya njur ngajak omong wae, dadi aku ya njur lali. Ning nek kowe curhat karo aku rak ya tak rewangi mikir ta?.? ?Wo la iya, War, kowe kan kancaku sing paling cedhak, mula aku rak ya pangerten ta karo kowe?.? ? Kandhane ngelehake, anggone tansah nyah nyoh karo aku. Bisaku mung ngguyu senajan mbok menawa wong liya nyawang rupaku kadi kiwah-kiwih. Sejatine posisine Herman oleh kangkat ing panyawange kanca-kanca kuwi ya mung merga olehe sugih, lan apa-apa ora etungan karo kanca dadine mung dha sungkan. Dina Minggu awan Herman S.M.S. aku supaya teka neng ngomahe. Saranku dhek emben ketoke arep dileksanakake tenan. Mula awan kuwi aku ya njur teka ing omahe kaya penjaluke. Bareng aku wis teka, dheweke banjur ngetokake mobile (mesthi wae duweke bapake), njur ngajak aku melu. Jroning mobil Herman kandha : ? War, kowe arep tak ajak golek buah, sing mengko sore sida kanggo oleh-oleh bu Sinta. Saiki awake dhewe neng pasar buah ya!?. ?Oke Her,? aku sumaguh. Tekan pasar buah sawise markir mobil, wong loro mubeng-mubeng golek buah sing kira-kira wangun kayata : anggur hijau, anggur merah, apel, pir, leci, klengkeng, duren. Bareng aku sing ngusungi bagasi mobil wis kebak, aku takon. ?Semono akehe kuwi arep nggo apa Her??. ?We hla ya nggo oleh-oleh kuwi mau?, wangsulane Herman. ?Kuwi jenenge ora nggo oleh-oleh ning wong kekulak. Mosok oleh-oleh kok semono akehe, gek sing dioleh-olehi wong siji, njur arep nggo apa??. ?Yo mengko gampang War nek wis tekan ngomah. Nek perlu mengko diampirke nggonamu ya kena,? kandhane Herman penak. Atiku nicil ayem, wong nyatane ya tenan. Menggok neng nggonaku ngudhunke duren telu, anggur, apel, pir lan klengkeng ana limang kresek.

Herman cen cah edan, bisane mung ngabur-abur dhuwite wong tuwa. Tekan ngomah, banjur ngrancang sing arep ditindakke sorene olehe arep sowan bu Sinta. Maune Herman arep nggawa mobil ning tak penging. Wong dhosene wae mung numpak motor, kok sing arep sowan nggawa mobil, ora pas,? ngono kandhaku. Saiki sederhana wae dhisik, gampang mengko yen wis entuk angin. Ning Herman mothah, cekake aku kudu ngeterke, ora ketong aku ngenteni neng njaban pintu gerbang. Sidane tenan. Aku lan Herman ngepit dhewe-dhewe, oleh-oleh dipaki dadi rong kranjang, diseleh ngarep dikempit ing ngisor setang. Ya lagi kuwi aku ngerti omah kos sing dienggoni bu Sinta. Perumahan ning kompleke wong sugih. Sidane aku ngenteni neng njaban pintu gerbang, Herman mlebu plataran sawise nguculi kancing pintu gerbang sing mung digendhel. Aku nyawang saka kadohan. Tekan ngarep lawang nalika mencet bel, sing ngetoni wong lanang gagah, aku weruh. Kayane Herman njur mlebu karo nggowo kranjang isi oleh-oleh kuwi. Kira-kira seprapat jam Herman wis metu diuntake wong gagah iku. Lakune ndhungkluk tanpa greget, atiku wis krasa ora kepenak. Barang wis metu saka pintu gerbang gage tak takoni : ?Piye Her, bisa ketemu bu Sinta ora?, njur sing nemoni kowe mau sapa??. Wangsulane Herman angluh : ?Wis War rasah takon, jebul wong lanang mau bojone. Dheweke ngandhakake nek lehe nikah wis setengah taun. Bojone kuwi dokter kandhungan ing rumah sakit kuthane dhewe iki. Uga matur nuwun oleh-oleh sing tak gawa, jare tiwas kebeneran yen buah, wong jare bu Sinta lagi ngayati ngandheg rong wulan.? Aku mung manthuk-manthuk krungu kandhane Herman, batinku ?Syukur ? kapok kowe saiki, kedanan wong kok sing ora sa babage.?

?O ? Bu Sinta Ayu dhosenku, sing kuwawa gawe wuru para jejaka mahasiswamu.?

?

? TAMAT ?

?

Crita punika kula aturaken sedaya kadang sutresna siaran lelangen ing radio swara kanca tani.

?

Nuwun kula,

Nini Klenyem.

?

?

This entry was posted in Crita Kuna. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>