Dhayang Sumbi

Dhek jaman biyen ing pegunungan tlatah Priyangan Bandung, ana sawijining kenya ayu sing wis ditinggal mati wong tuwane sa kloron sing wis sawetara wektu suwene. Biyen nalika wong tuwane isih padha urip, minangka kanggo cagak urip bapakne mbebedhag ing alas samburine omahe, dene ibune nenun gawe bahan pakeyan. Yen wis dadi digawa mudhun ing ngare didol, semono uga daging entuk-entukane mbebedhag, sing uga dipangan dhewe.

Dhayang Sumbi, mengkono jenenge kenya ayu mau. Senajan urip ijen dheweke ora wedi, lan ya tetep nerusake pakaryane wong tuwane, ya kuwi nenun. Sawijining awan ndrandhang, Dhayang Sumbi nenun ing omah panggungan kaya adad saben. Merga kesiliran ing angin, Dhayang Sumbi krasa kepenak lan ler-leran ngantuk wusana rada lali anggone nenun. Dumadakan krungu swara klethek…, salah sijining piranti kanggo ngukel benang tiba mangisor (ing lemah). Rehne panggunge dhuwur, arep njupuk medhun kok rumangsa wegah lan aras-arasen. Wusana tembunge kebak panalangsa :

?Dhuh Dewa Bathara!, kaningaya temen aku, tengahe nenun wae kok ndadak klethekku tiba. Mula aku pratignya, sok sopoa wae sing bisa njupukake klethekku lan diunggahake panggung kene, yen wadon tak aku sedulur sinorohwadi, yen lanang aku gelem dadi jatukramane.?

Bubar kandha kaya ngono mau Dhayang Sumbi ngonggo-onggo ngelingi uripe sing mung ijen tanpa rowang.

Dumadakan…. krekel-krekel sona lanang ngunggahi panggung karo nyokot klethek diseleh ing ngarepe Dhayang Sumbi, banjur nglosot ing ngarepe.

Dhayang Sumbi dadi kaget kepati, denea kok awujut asu lanang sing njupukake kletheke sing tiba. Dheweke sanalika banjur eling karo anggone prasapa.

Apa iya dheweke bakal dadi (duwe) sisihan asu? Ning gandheng wis kebacut prasapa lan kanthi nganggo nyebut asmane dewa, mula Dhayang Sumbi mung banjur pasrah sumarah ing tumibane nasib sing pinesthi kanggo awake. Mula neng ngarepe asu kuwi Dhayang Sumbi kandha :

?Ya ta sona, yen iki wis dadi kersane Dewa, aku bakal netepi janji, ning elinga kowe aja meksa, ngentenana menawa asih lan tresnaku wis thukul saka atiku dhewe.? Asu iku mung merem-merem karo melet-melet sajak ngerti.

Ya wiwit iku sona iku tansah kinthil Dhayang Sumbi awan bengi. Yen awan asu kuwi lunga golek buron neng alas, yen entuk kidang utawa ayam alas digawa mulih, diseleh ing ngarepe Dhayang Sumbi. Rehne ngerti karepe, dening Dhayang Sumbi ya banjur dimangsak. Ngono kuwi nganti pirang-pirang sasi lumaku ora ana kedadeyan apa-apa.

Sawijining wektu ing wayah bengi. Ya merga kekeselen anggone nenun, wiwit sore kagawa udane nggrejih, Dhayang Sumbi wis mapan neng peturon ditunggoni asune sing nglosot neng pernah sikile. Dhayang Sumbi les keturon. Nalika tengah wengi nglilir, dheweke kaget merga ing sisihe ana pawongan bagus sing nunggoni anggone turu. Bareng Dhayang Sumbi namatke karo takon, pawongan mau mangsuli :

?Dhayang Sumbi, kowe aja kaget lan wedi, aku sona sing tansah ngancani kowe saben ndina. Saka keparenge Dewa supaya luluh ati lan tresnamu neng aku kanggo netepi janjimu, mula aku dikeparengake malih jalma kaya saiki iki. Piye kowe Sumbi??
?Lha yen kowe wis malih jalma manungsa, sapa jenengmu??
?Undangen aku Tomang, ngono wae Sumbi.? Pakone wong bagus mau. Dhayang Sumbi sing maune turon njur tangi, sapejagong lan omong-omong, ora krasa atine ana rasa kasmaran marang Tomang wong bagus kuwi. Tomang tanggap, nyedhak lungguhe, ngrangkul lan ngaras Dhayang Sumbi. Sing diaras dadi kobong atine, dhasar wis diwasa mateng, wis wayahe leladi kakung. Dhayang Sumbi dadi luluh atine, mula anane mung kebak pasrah jiwa ragane ing kekebane priya bagus Tomang.

Sidane lelorone andon asmara nganti tutug lan wusanane keturon. Nalika tangi turu, Dhayang Sumbi grayah-grayah nggoleki priya bagus sing mau bengi ngeloni dheweke, ning wis ora ana. Sing ana mung asu sing isih turu nglinteg ing sikile. Dhayang Sumbi tangi gregrah, asu mau banjur dielus-elus asih karo kandha :

?Aku saiki wis ngerti kok, sejatine kowe rak Tomang ta?? Asu mau genti ngawaske, terus nyelehke endhase ing pangkone Dhayang Sumbi. Mengkono dina-dina sateruse. Ing wektu kekarone karonsih, Tomang mesthi malih wujud manungsa sing bagus, ning esuke bali wujud dadi asu biasa sing njilma.

Suwe-suwe Dhayang Sumbi krasa yen bobot. Saiki donga pujine marang Bethara kang hakarya jagat saya disrempeng, ora liya panyuwune, supaya anak sing dikandhut lahir wajar kaya salumrahe bocah. Panyuwune diidini dening Jawata. Bareng wis tekan titiwancine bayi pingin weruh padhang hawa, Dhayang Sumbi nglairke anak lanang sing banget pekih rupane. Kanthi sumorot cahyane, mahyakake watake ibune sing lugu lan tulus.

Dening Dhayang Sumbi, anake mau dijenengi Sangkuriang. Wiwit bayi Sangkuriang ya tetep diemong ibune lan si Tomang, sing karo ibune diakokake kuwi asu klangenane. Kabeh mau saka karepe si Tomang, kanggo ngawekani supaya yen Sangkuriang wis gedhe mbesuk ora isin.

Sarehne urip ana ngalas, wiwit cilik kesenengane Sangkuriang ya mbebedhag golek kewan neng ngalas. Ora lali neng ngendi wae ora nate pisah karo Tomang, sing tansah kaya dene marahi supaya entuk kewan buronan, supaya kena kanggo lawuh karo ibune lan si Tomang.

Isih cilik Sangikuriang wis katon yen lantip pikire, kuwat awake lan kendel. Kewan apa wae ora ana sing diwedeni. Penekan uwit gedhe sing dhuwur-dhuwur ya prigel, mlumpat pereng bambing ya pinter, langen ing kali gedhe ya dadi kesenengane.

Pokoke Sangkuriang wiwit cilik wis ketok yen mengkone kejaba rupane bagus, uga mesthi dadi wong sing dikdaya. Kaya adat saben esuk kuwi Sangkuriang wis samekta pirantining bebedhag, tumuli pamit biyunge.

?Wis ya, yung, aku budhal neng ngalas.? Wangsulane biyunge :
?Ngger Sangkuriang, biyung kepingin mangan daging lan atine kidang utawa menjangan. Golekna ya ngger! Mengko yen entuk, buron kuwi rencaken neng ngalas, gawanen mulih daging lan atine wae, supaya tekan ngomah njur bisa dimangsak.?
?Iya, bu, mengko Tomang tak kone ngrewangi golek.? Sangkuriang banjur budhal menyang alas ditutake Tomang sing tansah setya ngancani.

Ora kaya adate, esuk kuwi wis nganti srengenge dhuwur, Sangkuriang blas ora methuki kewan siji-sijia. Selagi manuk wae sing biasane ngoceh karo dhedhe, esuk kuwi sepi banget. Direwangi nasak-nasak grumbul meksa ora methuki kewan babar pisan.

Tekan srengenge panjer ing sirah, Sangkuriang durung entuk apa-apa kringete gobyos, awake tatu-tatu kerendhut ri ora rinasa, wekase biyunge akon nggolekke daging lan atine menjangan tansah dumeling. Atine dadi kuwur bingung lan mangkel.

Dumadakan grumbul cedhake obah-obah lan mak klebet ana menjangan metu saka grumbul mau thingak-thinguk. Bareng weruh Sangkuriang gage nlusup mlebu neng grumbul maneh.

Sangkuriang cepet-cepet nyiapke panahe karo aba marang Tomang diajak mbedhag playune menjangan mau. Ning Tomang malah nglosot karo ilate melet-melet, sajak sayah banget.

Sangkuriang olehe ngoyak nasak grumbul sing diliwati menjangan mau, ewasemono malah kelangan lacak.

Atine Sangkuriang gela banget. Nuli bali tumuju papane leren sekawit. Jebul Tomang ora melu ngoyak menjangan, ning malah turu angler. Sangkuriang atine kemropok lan mangkel banget.

Tanpa mikir dawa, panah sing wis disiapke kanggo manah menjangan banjur diincerake gulune Tomang. Panah ucul saka gendhewa, jumepret ? pas ngenani gulune Tomang sing lagi turu. Asu kuwi mung ngecenceng sedhela njur les? mati. Mangkele Sangkuriang ilang ganti lega.

Cekat-ceket ndudut pesone, Tomang dipotheng-potheng dijupuk daging lan atine arep diwenehake ibune, pinangka gantine kidang utawa menjangan. Tekan ngomah daging lan ati dipasrahake biyunge, Sangkuriang kandha yen arep turu merga awake krasa sayah banget.

Dhayang Sumbi cekat-ceket masak daging lan ati. Sawise mateng dheweke njupuk terus dipangan kanggo lawuh. Dene liyane disisihake jagan kanggo anake lan Tomang. Ora kaya adat saben, olehe mangan Dhayang Sumbi krasa ora nikmat tur kok tansah kesereten terus.

Sore sawise Sangkuriang tangi turu njur madhang lawuh iwak sing mentas diolah biyunge, Sangkuriang lungguh neng ngarep lawang panggungan kuwi karo ngalamun?. Kelingan Tomang?. Saiki atine rumangsa getun banget, lagi thenger-thenger nggetuni si Tomang, ibune nyedhak karo takon :

?Sangkuriang!, wiwit mau aku kok ora weruh Tomang, menyang ngendi ya?? Dheg, krungu pitakone biyunge, Sangkuriang ora mangsuli mung tumungkul, ana rasa wedi sing mbangeti ing atine. Biyunge ngambali pitakon :

?He Sangkuriang!, kowe ki ditakoni kok ora mangsuli, neng ngendi Tomang?? Wangsulane Sangkuriang lirih ketok yen keweden :
?Yung?.!, merga ora entuk kidang utawa menjangan welingane biyung, Tomang tak pateni, daging lan atine sing tak gawa mulih ya sing mbok mangsak mau,? Dhayang Sumbi kaget kepati, kandhane groyok :

?Tomang mbok pateni? Oh Sangkuriang?. Kowe bocah duraka?, kowe dosa?. Denea tegel mateni Tomang.? Karo sewot nesu, Dhayang Sumbi nyaut enthong sing ana wakul, dithuthukake Sangkuriang sak kayange karo nangis kelara-lara, tembunge karo nangis :

?Sangkuriang kowe wis tega lan tegel karo Tomang sing momong kowe wiwit cilik. Saiki aku ya tegel neng kowe, minggata saka omah iki gage cah duraka! Aku wis emoh kanggonan kowe. Ayo rikat, saiki uga lungoa saka kene!? Ngono kuwi Dhayang Sumbi karo nyurung-nyurung Sangkuriang, supaya ngudhuni omah panggung kuwi dikon lunga. Senajan dheweke ngerti yen sirahe anake sing dithuthuk enthong kuwi gegodres getih, nganti mili-mili neng bathuk lan pipine.

Atine Dhayang Sumbi pancen wis peteng bureng tenan. Eling-eling sapa sejatine Tomang? Dheweke rakya bapakne, sing ngukir jiwa ragane, senajan siningit, lan Sangkuriang dhewe, nyatane ya ora ngeri. Karo tetangisan ngrasakke larane sirahe lan susahing ati ditundhung biyunge, Sangkuriang terus lunga mlaku nasak alas turut pegunungan mengetan arahe.

Sing dipangan woh-wohan sing tinemu jroning alas kono. Yen krasa kesel turu menek ing wit gedhe, banjur nangsangake awake. Ngono mau nganti pirang-pirang sasi. Kerep wae Sangkuriang ketemu wong kang lagi tapa, wong tarak brata sing ngluru kasekten. Malah kerep wae Sangkuriang nampa wejangan-wejangan saka wong-wong tarak brata sing dipethuki kuwi. Lakune kerep kandheg, merga karo ngangsu kawruh saka wong-wong sing padha nglakoni prihatin kuwi.

Para wong-wong? sing laku tapa brata kuwi, padha kepranan marang bocah cilik sing wis kendel nasak alas ijen tanpa rowang. Mangka yen ditakoni sapa wae, Sangkuriang ngaku bocah lola wis ora duwe bapak biyung. Mula wong-wong kuwi padha welas, ana sing aweh kasekten, kekebalan ing upas wisaning kewan galak, uga bab atosing balung wuleding kulit.

Dene bab kebatinan uga diwarah, carane manekung marang Bethara, kekuwatan panyuwunan yen nduwe karep, lan isih akeh maneh sing disinau dening Sangkuriang. Sing keri dhewe, Sangkuriang ketemu karo pendhita sekti, paparabe Begawan Sidik Pramono, sing aweh wejangan, piye carane nyipta barang sing dikarepake, ning Sangkuriang kudu betah pasa. Sajroning sepuluh dina ora mangan, bubar kuwi sepuluh dina ora ngombe, njur sing keri dhewe sepuluh dina kudu mlaku terus ora kena leren.

Dhawuhe Begawan sekti mau ditindakke dening Sangkuriang, nyatane ya bisa. Sang Begawan bungah banget. Saking bungahe Sangkuriang diangkat anak?. Jeneng Sangkuriang dielih (diganti) Jaka Prakosa. Lan Sang Begawan weling :

?Ngger, Jaka Prakosa, yen kowe methuki kangelan apa wae sing sekirane kowe kejudhegan, manengkuwa karo Dewa lan sebuten jenengku, aku bakal aweh pambiyantu saka kadohan. Wis ngger terusna anggonmu lelaku angayam alas. Senajan umurmu lagi limalastaun, ning ora ana jalma sabarakanmu sing sektine ngungkuli kowe.? Wangsulane Jaka Prakosa :

?Inggih bapa, namung pangestunipun bapa ingkang tansah kula suwun.? Wong loro iku banjur pepisahan, ngenut jantra lakune dhewe-dhewe. Jaka Prakosa tansah ngestokke weling lan dhawuhe para pandhita lan mara tapa kang wis aweh sesurupan marang dheweke. Turut alas lelaku wis dadi kesenengane, ngiras tarak brata manjing prihatin.

Saya mundhak diwasa awake saya mekar, keker, dhadha bahune santosa, pikirane lantip, tandange trampil trengginas. Sasat kewan alas kabeh wis dadi mitrane, merga dheweke ora tau seneng nyikara, senajan karo kewan dheweke tansah seneng tetulung tur welasan.

Ana candhake seri 2

Crita Cekak Seri 2
Dening : Nini Klenyem

Dhayang Sumbi

Jaka Prakosa ora ngerti yen jagad kuwi bunder, mula lakune sing maune ngetan terus kuwi saiki wis bali saka kulon. Biyen nalika ditundhung ibune lagi kira-kira umur limang taun, saiki wis diwasa ngganteng lan bagus uga dikdaya, watara umur rongpuluh taun. Sawijining dina, Jaka Prakosa sing pinuju lelaku jroning alas kaya adate kuwi, saka kadohan weruh wong wadon ayu sing lagi ilang-iling sangisoring wit kemundhung, sing lagi awoh mbiyet mangka wis dha mateng.

Katitik ngisor kulite mbleder sisa lawa. Wong wadon mau sajake kepingin banget mangan woh mau, nyatane bola-bali ngranggeh ning ora gaduk. Sajake kesel, wong ayu mau njur ndheprok neng ngisor wit mau. Jaka Prakosa welas mula banjur nyedhaki karo takon :

?E wong ayu, apa kowe kepingin opek woh kemundhung iku?? Sing ditakoni kaget njur noleh neng arahing swara. Wong ayu mau bareng weruh JakaPrakosa panyawange kedhep tesmak karo mangsuli :

?Iya kisanak, aku pancen kepingin banget woh kuwi, ning bola-bali ngranggeh, aku kok ora gaduk.?
?Yen ngono, gelem ya tak opekke?? Pitakone Jaka Prakosa karo luwih nyedhak kepara njejeri lungguhe wong ayu mau.
?Wah kisanak, aku bungah banget yen kowe gelem ngopekke.? Ora sranta Jaka Prakosa nylingkrik wit mau, menek lan methiki woh kumundhung ditibakke neng cedhake wong ayu mau nganti akeh.
?Wis?. wis?. kisanak, wis akeh kok.?
?Ya ben wong ayu, wong aku ya kepingin mangan kok. Mengko dipangan bareng-bareng.? Lagi wae rampung kandha ngono, ngerti-ngerti Jaka Prakosa wis ana sandhinge. Sajake olehe mudhun mung anjlog wae. Ning denea ora nyuwara? Sing kabeh mau gawe saya gumune wong ayu mau. Bareng wis rampung olehe njupuki lan nglumpukke, wong ayu mau lungguh dijejeri Jaka Prakosa karo takon :
?E wong ayu, mbok aku tak ngerti, kowe kuwi sapa ta lan ngendi omahmu??
?Aku Sumbi kisanak, omahku ngalas kene. Lha kae omahku, gubug cilik ing ngisor wit gurda.? Wangsulane Dhayang Sumbi.
?Lha karo sapa uripmu neng omah kuwi?? Jaka ndhedhes.
?Aku mung ijen kisanak. Bapa biyungku wis ngajal dhek aku isih cilik.?
?Lha banjur bojomu??, pitakone Jaka Prakosa ngoyak. Wong ayu kuwi tumungkul sajak sedhih karo mangsuli lirih :

?Uga wis ngajal kisanak.? Jaka Prakosa namatake wong ayu mau njinggleng, batine ngalembana kasulistyane wong wadon kuwi, dumadakan ing atine thukul rasa kasmaran lan mesakake, wusana kandhane :

?Tepungke ya Sumbi, jenengku Jaka Prakosa. Gelem pa, supaya ora ijen kowe kala-kala tak kancani, aku tak sok dolan neng omahmu, sakwise aku nasak alas iki. Dina-dina gaweyanku mung ngumbara, turu lan lerenku sak enggon-enggon neng ngendi aku sir turu lan leren. Dene manganku ya woh-wohan apa wae sing tak temu jroning alas sing tak liwati.?
?Oh kisanak Jaka Prakosa, aku seneng yen sliramu sok gelem dolan neng gubugku,? kandhane Sumbi karo nyawang jejaka ing ngarepe kuwi kanthi panyawang tandhes. Greget sengsem marang jejaka kuwi thukul senajan umure wis patang puluh taun. Apa maneh dheweke wis tau ngrasakke asihing priya, ya si Tomang bapake Sangkuriang biyen. Mula Sumbi ya kecanthol atine karo Jaka Prakosa kuwi. Ya wiwit Jaka Prakosa kerep dolan neng gubuge, kekarone meneng-meneng banjur ngrajut tresna. Senajan lelorone durung kelair, ning sikap, tandang tanduke kaya wong sing pacaran.

Malah nalika padha jagongan Jaka Prakosa kandha:
?Sumbi wong ayu, aku tak kandha jujur wangsulana ya, sejatine aku kuwi tresna banget je neng kowe, andak gelem kowe dadi bojoku?? Ora nganti dipindhoni Sumbi manthuk karo mesem ngujiwat minangka wangsulane. Jaka Prakosa sumlengeran nampa eseme Sumbi sing kuwawa nggugah ati lanange kuwi. Mula kanthi kebak greget Jaka Prakosa menyat saka lungguhe, Sumbi rinuket kenceng banjur diarasi sakatoge. Sing diarasi nglenggana kebak pasrah.

Kekarone rumangsa begja mulya, kaya-kaya jagad iki mung duweke wong loro. Jaka Prakosa banget anggone aleman marang Sumbi. Sawijiing dina, Jaka Prakosa kandha :
?Sumbi, sirahku kok rada mumet, mbok coba pijetana, mengko rak njur mari.? Kandha ngono mau karo nyelehke sirahe neng pangkone Sumbi. Sing dikongkon banjur tumandang kanthi bungah. Jroning mijeti, tangane krasa nggrenjel kaya nyenggol tilas tatu lawas ing sirahe Jaka. Bareng diiling-ilingi bener, ana daging legok. Mula Sumbi banur takon :

?Jaka kekasihku, sirahmu iki biyen kena apa??
?O kuwi ta wong ayu? Critane dawa, tur tatu iki wis suwe banget malah kuwi dumadi nalika aku isih cilik.?
?Mbok ya aku dicritani ta, tinimbang wong loro meneng-menengan.?
?Yoh ta Sumbi… aku tak crita rungokna. Wiwit cilik uripku karo biyung kuwi ya neng ngalas ngene iki. Biyungku gawene nenun, yen wis dadi digawa neng ngare didol. Dhuwite kanggo urip. Dene aku wiwit cilik senenganku mbebedhag golek buron alas ya manuk, ya ewan sikil papat, mengko daginge tak wenehke biyung njur dimangsak kanggo mangan. Dhek semana biyungku kuwi duwe klangenan asu sing njilma banget jenenge Tomang. Ya asu kuwi sing tansah ndak ajak mbebedhag golek buron. Jare biyung, ya malah sing momong aku wiwit cilik. Kaya adate aku mbebedhag neng ngalas, sadhurunge nbudhal biyungku wekas aku, akon nggolekke daging lan atine kidang utawa menjangan kanggo lawuh. Ngertia Sumbi, dina kuwi aku sial tenan. Esuk tekan awan drandhang, siji wae ora oleh buron. Aku wiwit bingung, eling welingane biyungku. Nalika aku kesayahan leren neng ngisor wit gedhe karo Tomang, ndadak ana menjangan mencungul saka nggrumbul. Panah wis tak samektakke, ning bareng kewan mau weruh aku njur bali mlebu nggrumbul. Tak oyak, aku ngajak Tomang nasak grumbulan. Ning eman… aku kelangan lacak. Tak sawang Tomang ora gelem melu ngoyak, neng malah nggloso merem… turu. Atiku muntap, rasane mangkel banget. Panah sing wis siap mau tak arahke gulune Tomang sing lagi turu. Gendhewa tak tarik, jumeperet panah ngenane gulune Tomang…, asu kuwi mati. Dheweke tak keleti, mung tak jupuk ati lan daginge tak gawa mulih tak wenehake biyung, njur dimangsak. Sauntara kuwi aku njur turu merga kesayahen. Tan kocapa Sumbi, tangi turu biyungku nakokke Tomang, sing wiwit aku mulih ora katon. Bareng biyung tak critani yen sing dimangsak lan biyung ya wis mangan kuwi ati lan daginge Tomang, biyungku nesu tenan. Gage nyaut enthong sing neng wakul dithuthukke sirahku sakayange karo muni-muni. Jare biyung aku cah duraka, sing ora ngerti budi. Bakune aku ditundhung saka ngomah, biyung wis emoh kanggonan aku. Oh Sumbi, kanthi getih sing pating dlewer saka sirah sing dithuthuk enthong kuwi, aku lunga saparan-paran nganti seprene. Embuh biyungku saiki, apa wis mati apa isih urip, aku ora ngerti.? Rampung anggone crita, ing bathuke krasa ana banyu anyep nelesi. Bareng nyawang Sumbi, JakaPrakosa kaget njur takon ;
?Ngapa kowe kok nangis Sumbi?? Karo ngulapi luhe wangsulane Sumbi:

?Joko, aku trenyuh banget krungu critamu. Kanggo sabanjure Sumbi takon :
?Aku gumun Joko, ing atase kowe kuwi bocah urip neng ngalas, jenengmu kok becik banget??
?Sumbi, kuwi dudu jeneng asliku, kuwi jeneng pawewehe pendhita sekti. Yen biyen biyungku njenengi aku Sangkuriang.?
?Plong…. lega atine Sumbi. Saiki ngerti lan yakin tenan, yen priya nggantheng sing dadi kekasihe kuwi, jebul anake lanang sing mbiyen ditundhung. Kanggo nyapih atine supaya tentrem lan ora ngetarani, Sumbi kandha:

?Joko, yen mumetmu wis mari, mbok kana aku wis luwe, golekna buah-buahan neng ngalas kana, aku genti tak ngaso.? Cekekal Jaka Prakosa tangi saka pangkone Sumbi, menyat karo kandha :
?Ya ta Sumbi, ketang tresnaku neng kowe, tak golekke woh-wohan sing seger, mengko mangana satutugmu.? Jaka Prakosa banjur klepat lunga golek welingane wanita gegantilaning atine.

Saungkure Jaka Prakosa, Sumbi susah banget atine, denea kok wis nibakke katresnan wae jebul karo anake? Dheweke pancen pangling, ojoa anakke nyritakke sejarahe uripe. Nek saiki dheweke wis ngerti, apa ya arep diteruske? Njarag kaya tumindake kewan? Ah ora… ora bakal, ngono batine Sumbi. Sabisa-bisa bakal mbudidaya supaya Jaka Prakosa sing ora liya Sangkuriang mau ora kelakon ngrabeni dheweke. Ing kahanan ati susah lan bingung golek carane bisa uwal, Sumbi banjur semedi nyenyuwun marang Bethara, tembunge kinanthen luhe sing crocosan ngelingi lelakon uripe : Unjuke

?Dhuh Dewa ingkang Maha agung, mugi kekanjenganipunSangkuriang anak kula kapambengana, sampun ngantos kelampahan ngrasuk kula biyungipun, dados garwa. Kula trimah pejah sesarengan kaliyan anak kawula Sangkuriang yen kedah gesang sesemahan kaliyan anak kula piyambak.? Rampung ature Sumbi neng Bethara, sanalika ana swara bledheg banter banget, sing kaya-kaya nekseni upatane Sumbi.

Dina-dina sateruse mbaka sithik Sumbi ngedohi Jaka Prakosa, sing ndadekake gumun lan gela atine si Jaka, sing wis kadhung banget tresnane marang Sumbi. Mula pitakone :

?Sumbi, tak sawang lan tak rasakke pirang-pirang ndina iki tangkepmu kok beda banget neng aku, ana apa?? Krungu pitakon ngono mau Sumbi bungah atine. Kanthi dora sembada dheweke mangsuli :

?Jaka, dhek wingi-wingi aku ya pancen wis tresna banget marang kowe, ning bareng aku manages neng Bethara entuk wisik, yen sejatine aku iki dudu jodhomu. Sabara ya wong bagus, calon jodhomu kuwi jarene bethara, putri sing ayune tanpa tandhing pindha widadari. Kowe bakal ketemu jodhomu yen ninggalke aku, lan mbacutke anggonmu lelana turut ngalas.?
?Oh… aku kok ora ngadel karo wangsit kuwi Sumbi. Apa maneh aku wis ora bisa nresnani wanita liya kejaba kowe.? Sumbi krungu kandhane Jaka Prakosa mau atine judeg banget. Njur cara apa supaya bisa uwal ora sida dadi bojone? Mangka Jaka Prakosa wis mredeng sajak meksa kuwi? Saiki Jaka Prakosa wis emoh pisah babar pisan. Awan bengi mung tansah takon, kapan gelem dadi bojone? Mula kanthi sareh wangsulane Sumbi cetha :

?Ya ta Jaka, aku ki ngerti yen kowe kuwi kejaba bagus, nggantheng ning ya sekti. Mula yen tenan-tenan kowe arep ngepek bojo aku, turutana karepku!? Gagae wangsulane Jaka Prakosa:
?Oh Sumbi, kondhoa kowe njaluk apa? Pokoke janji kowe njur gelem ngladeni aku, njaluk apa mesthi tak turuti.?
?Yoh Jaka matur nuwun. Aku mung kepingin mbok gawekke prau sing gedhe lan telaga sing jembar, ning mung sajroning sewengi kudu dadi. Perlune mbesuk kena kanggo lelangen aku lan kowe, piye apa kowe saguh??
Bareng wis mikir-mikir sedhela, Jaka Prakosa mangsuli:

?Aku saguh wong ayu.?
?Ning ya kuwi Jaka, eling-elingen byar rahina kudu wis dadi. Yen nganti ora, ateges aku batal dadi bojomu.?
?Ning janji ya Sumbi, kowe aja ngrusuhi. Merga yen aku tatrap nyambut gawe krungu suwara apa wae, aku ora bisa. Dadi kahanan kudu sepi lan tentrem, luwih-luwih kowe ajak ngajak caturan aku,? Ngono welinge Jaka Prakosa marang Sumbi, lan ya di saguhi.

Wengi sing wis sarembug wong loro arep diwiwiti, Jaka Prakosa sila semedi ing sapinggiring kali Citarum. Nyenyuwun ing ngersane Bathara, lan sambat-sambat begawan Sidik Pramono, sing biyen wis tau saguh aweh pitulungan yen ana kangelane Jaka bakal mbantu. Panyuwune jaka ora liya bisane mbendung kali Citarum supaya dadi telaga sing jembar. Saking manthenge panyuwune pas jam rolas bengi, kali Citarum wis mambeg, mujudake telaga sing jembar lan kimplah-kimplah bening banyune. Semedine Jaka wudhar, atine dadi bungah lan lega. Saiki keri prau gedhe panjaluke Sumbi sing bakal kanggo lelangen wong loro ing mengkone. Jaka mesem bungah, wis nggambarake saiba mengko mulyane yen wis kelakon diladeni Sumbi minangka bojone, sing banget ditresnani. Kanggo sing kaping pindho, Jaka Prakosa ngayati semedi maneh kanggo nganakake prau sing gedhe lan endah. Anggone manungku puja uga ing sapinggiring bengawan kang nembe dadi mau.

Kaiden penyuwune Jaka, ing sapinggiring bengawan ana prau gedhe sing lagi petha, durung ana payone, wong pancen lagi ragangan. Tan kocapa Sumbi sing uga ngganter panyuwune supaya aja nganti kelakon dirabi anake, uga diidini dening Bathara. Kanyata ana bledheg nyamber-nyamber mangka ora udan. Rampung ndedonga, Sumbi niliki papane Jaka semedi. Iba kagete Sumbi, bareng weruh kali Citarum wis dadi telaga, uga ing sapinggire ana ragangan prau gedhe sing durung dadi, mangka Jaka isih semedi.

Kanthi panyuwunan kang pungkasan, Sumbi ndedonga ngasih-asih marang dewa, supaya ana lelakon sing bisa mbatalake karepe anake. Tenan, senajan wektune isih wengi, ning bang wetan wis mlerah abang, pratandha sedela maneh srengenge bakal jumedhul. Sumbi weruh iku seneng banget, banjur mlayu marani papane Jaka kang lagi semedi karo bengok-bengok sero tembunge :
?Delengen Jaka, bang wetan wis mlerah abang, iki wis esuk mangka praumu durung dadi, ateges aku batal dadi bojomu.? Krungu swarane Sumbi kang cumengkling mau, semadine Jaka dadi buyar. Bareng nywang keblat wetan nyata-nyata langit wus padhang, mangka praune durung dadi. Atine Jaka panas…. mangkel…. cetha yen iki panggawene Sumbi. Kanthi swara kasar lan sero dheweke kandha :

?Sumbi iki mesthi gaweyanmu. Pokoke Sumbi, aku trima mati yen ora kelakon dadi bojomu. Jaka mlayu marani Sumbi, kanthi praupan kang nesu. Sumbi wedi mula dheweke ya mlayu. Wong loro dadi oyak-oyakan. Nalika Jaka playune ngliwati prau sing durung dadi mau, karo nesu prau ditendhang mencelat adoh. Tibane prau ing lemah gumebruk mengkurep tangkup karo lemah.
Playune Sumbi saya adoh, Jaka anggone ngoyak ngetok karosan. Bareng wis cedhak banget, ndadak Sumbi playune kepleset… Kumleyang ana sandhuwuring tlaga. Jaka Prakosa rekane arep nyaut, ning luput. Kekarone dadi kumleyang wusana kecegur ing telaga.

Tibane wong loro ndayani banyu telaga muncrat mumbul dhuwur, sing ndadekake kali Citarum dhadhal bendungane, malih dadi kali sing banter banget iline.

Jisime wong loro katut kentir ing bantare kali Citarum. Kersane Bathara kabeh dituruti. Sumbi trima mati yen nganti dirabi anake. Jaka Prakosa alias Sangkuriang ya trima mati yen ora mbojo Sumbi, alias Dhayang Sumbi sing sejatine biyunge. Suwening-suwe bareng ana rajane jaman, prau sing ditendhang Sangkuriang mau dadi gunung sing banjur dijenengi Gunung Tangkuban Prau. Dene crita Sangkuriang lan Dhayang Sumbi dadi crita run-tumurun ing tanah Parahiyangan, dadi crita rakyat.

Tamat

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>