AKU EMOH DIIJOLI

Embuh kegawa kahananku wiwit cilik sing anane mung tansah cingkrang ?, mlarat korat-korat, tansah direh lan dadi kongkonan wong, nganti saiki aku wis diwasa, rasa cilik ? mindher lan asor isih wae tumemplek neng jiwaku. Wewarahe simbok wiwit aku cilik, anane mung kudu inggih. Dikongkon sapa wae sanajan sing kongkon ora mawang wektu, anane mung kudu inggih. Lan pituwas apa wae sing diwenehke, embuh dhuwit senajan ora mingsra, embuh pangan, pakone simbok mung kudu ditampa lan matur nuwun.

Awit ya merga kuwi simbok sing ming wong bodho iku entuk pangan. Pangan kanggo urip karo aku, anak siji-sijine.
Aku ora kelingan rupane bapak, jare olehe ora ana, aku lagi umur siji setengah tahun. Kandhane simbok bapak kena malaria.
Dhek cilik, aku isih kelingan disambi-sambi buruh ngumbahi neng kali, diajak matun, lan gaweyane tangga apa wae sing dikongkonake. Kahananku tansah sak ngisore kanca-kancaku sing anake wong cukup. Simbok tansah ngarem-aremi atiku, yen urip mono ora ajeg, janji gelem mbudidaya mesthi suwe-suwe diparingi bisa lumrah, syukur bisa mulya.

Aku ngakoni, yen simbok banget-banget olehe mrihatinake aku. Saiki aku wis diwasa, lan wis makarya ana salah sawijining instansi pemerintah. Ganti aku saiki sing ngrembug simbok.

Simbok kepingin baget aku ndang rabi, ning piye, atiku iki minderan, clingus, kancaku mung cah lanang-lanang, kanca wadon sasat tepung anthuk, ora akrap. Lik Kirjo, tangga cedhakku sok nggrecoki, tembunge :
?Mas Slamet, isih nunggu apa maneh ?, mbok wis ndang rabi, selak tuwa lho?.
?Kula ajrih je, Lik, sinten sing purun kalih kula? Napa malih kula niki nggih dereng nate sir-siran kalih lare setri, minggah malih kok ngantos pacaran?.
?Sing mbok wedeni kuwi apa, mas? Kowe wis nyambut gawe mapan, omahmu wis bakoh, mbok saiki clingusmu kuwi diilangi, ajar nyrawungi cah wedok, aku tanggung mas, nek akeh cah wadon sing gelem karo kowe?. Kandhane Lik Kirjo akeh-akeh sing sipate mbombong lan nggedhekake atine Slamet.

Kerep digrecoki Lik Kirjo lan risi diundang kancane kanthi julukan jaka tuwa, Slamet dadi mikir bab rabi. Ning njur karo sapa? Gek piye carane nyedhaki bocah wadon, Slamet dadi mumet dhewe. Wusana bareng olehe mikir wis putek tenan, banjur thukul gagasane.

Niyate arep pasrah wae karo Lik Kirjo, sing tansah nggrecoki kuwi dikon nggolekke pisan. Pokoke angger cah ndesa, bocahe sing wangun, karo ora akeh tuntutane, Slamet gelem.

Sidane, apa sing dadi keputusane atine mau dikandhakake tenan karo Lik Kirjo, lan dheweke uga saguh arep nyoba nggolekke, kandhane :
?Ning ya kuwi, Mas Slamet, durung mesthi yen rumangsaku wis cocok, ning jebulane Mas Slamet ora seneng, aku mengko rak repot?.
?Lho, Lik Kirjo, kula rak nggih kudu weruh bocahe dhisik, nek kula empun kandha cocok lan seneng ?, lagi Lik Kirjo tumandang utawi ngrembag?. Usule Slamet.
?O ? nek ngono ya becik kuwi, dadi saiki tugasku lagi madik-madik dhisik, mengko nek wis entuk, aku lagi lapor sliramu, ngono pa ??
?Ngoten nggih prayogi, Lik. Bab niki simbok nggih dereng kula criyosi?.
?Wow ? nek mbokmu kuwi wis suwe kok, Mas, lehe rerasan pingin kowe ndang rabi.? Kandhane Lik Kirjo gandhakke rerasane mbokne. Sawise Lik Kirjo disambati Slamet kon nggolekke bojo, njur kelingan Marti anake Pak Pawiro ing Desa Dlingo. Anake loro wadon kabeh Darti lan Marti. Darti sing gedhe rada ora normal, ning adhine saka SMEA mandheg, merga ra duwe ragat. Bocah ireng manis, grapyak sumanak tur pinter srawung, melu kiprah ing kegiatan pemerintahan desa ing? wilayahe.

Lik Kirjo lan Pak Pawiro wis tepung apik, dhasar ya ming tangga desa. Merga sregepe sanja neng omahe Pak Pawiro, Lik Kirjo ngerti, nek Marti isih legan durung kaiket ing priya, lan Pak Pawiro ya durung nampa rembug saka sapa-sapa. Mula niyate dikongkon golek bojo ya dikandhakake karo Pak Pawiro.
Lik Kirjo sisan nggawe, nyoba-nyoba mancing atine Pak Pawiro, kira-kira piye yen Marti anake wadon diwengku dening Slamet. Tembunge :
?Kang Pawiro, upama ? iki mung upama lho ? saupama anakmu Marti iki dipek Slamet, kowe entuk ora, kang ?? Tembunge Kirjo diarah-arah, ngati-ati.
Nek aku, dhik Kirjo, ya entuk banget. Dasar Slamet wis cekel gawe, bocahe kena disawang tur ketoke ora nduwe lageyan sing neka-neka. Samono mau nek Si Marti gelem?. Wangsulane Pak Pawiro kepenak. Ora koyoa bungahe Lik Kirjo, ateges jejibahan pinangka nggolekake bojo Slamet wis ana titik-titik terang. Keri piye Slamet, seneng ora karo Marti. Nek seneng, rak njur Marti mengko gelem apa ora dibojo Slamet. Nek kabeh wis sarujuk tegese keri rembugane dimatengke.

Ora sah ndadak ditari sing kaping pindho, bareng ngerti Marti sing arep dilamarke, Slamet gage saguh lan seneng banget atine. Karepe Slamet, isih kepingin namatake kanthi mirunggan rupane Marti, lan kepingin krungu dhewe saka kupinge mungguh gelem lan orane wangsulane Marti mengko, yen ditari.

Sidane, malem minggu sesuk Lik Kirjo lan Slamet arep teka ing omahe Pak Pawiro nari Marti, lan yen bocahe saguh, sisan resmi nglamar. Pokoke, kabeh sarwa nyepakake uba rampene nglamar lan meningseti, dhasar wiwit cilik Slamet wis digempleng urip rekasa lan mandiri dening mbokne.

Nalika wis cedhak omahe Marti, Slamet atine nitir ? wedi ? isin ? Bareng kabeh wis satata lungguh pinangka tamu resmi (mesthi wae iki wis sarembug karo Pak Pawiro sadurunge), Lik Kirjo mbukani rembug wigatine mertamu. Ing sajroning padha rembugan, korden lawang obah-obah, ora suwe kesusul jemedhule kenya ireng manis rambut dawa, sing nyangga nampan isi wedang lan nyamikan, diseleh ing ngarepe sing padha jagongan, karo mesem manis ? pait madu. Gage keprungu kandhane Pak Pawiro :
?Kono, nok, ngaturi sugeng rawuh karo Lik Kirjo lan Mas Slamet.? Dhasar tangga desa lan karo Lik Kirjo ya wis kenal apik, mula tembunge Marti grapyak :
?Sugeng Lik Kirjo ! ? sugeng Mas ?, sinten Pak, asmane mase niki ?? karo ngathungake tangan marang Slamet. Slamet sing clingus dadi salah tingkah. Nampani tangane Marti kanthi tangan keder lan ati dheg-dhegan. Ewa semono eseme Marti sing adhuhai ? ndayani mripat lan atine Slamet dadi krasa anyes ? lan tentrem. Marti sing gonas-ganes, trampil, lan grapyak sumanak kuwawa nentremke atine Slamet.

Panyawange kedhep tesmak, njinggleng ora bosen-bosen. Sasat kabeh sing ana awake Marti, Slamet seneng. Luwih-luwih andheng-andheng sing ana bathuk ing tengah-tengah ing alis, sak ndhuwuring irung ? jian krasa manis banget. Slamet njur kelingan bintang filem India Pratnya Prabandari, sing tau ditonton nalika dijak kancane biyen neng lapangan, nalika nonton layar tancep.

Bali saka nontoni sing sepisan iku, Slamet njur mothah karo Lik Kirjo, njaluk supaya age-age wae dirembug utawa diresmekake.
Sing cetha Marti wis gelem dirabi Slamet. Dina sing wis ditemtokke, Lik Kirjo lan Slamet teka meneh ing omahe Marti. Ngrenggiyek gawan lan oleh-oleh? sing arep kanggo paningset. Ing sak klambi wis isi dhuwit, lan dompet isi ali-ali pinangka tandha paningset.

Kaya sing dhisik, sawise satata lungguh, Marti ngetokke wedang lan nyamikan. Saiki Slamet wis wani nyawang lan ngajak ngguyu. Wosing rembug, Pak Pawiro nyaguhi, kapan lan dina apa, anggone arep ningkahan, Pak Pawiro manut wae karo karepe Slamet.

Lagi padha penak-penake ngrahapi wedang lan nyamikan, dumadakan ? bedhengus. Ana bocah rambute rewo-rewo metu, mripate jlalatan, saka cangkeme ndrejes ilere metu. Bocah mau banjur srok, lungguh njejeri Slamet mepet karo kandha ora cehta :
?Mah ? le dadi manten alo aku wae ya ?, aku elem ok dadi ojomu. Owe lakya eneng to, mah alo aku ?? aku ya ayu ok ? mah !? kandha ngono bocah mau karo ndhesel-ndhesel lungguhe Slamet. Tangane grayahan nyekeli tangan, dhengkule Slamet, ndadekake risi lan nggilani. Wis ilere ndrejes, gek sentrap-sentrup sisan tambah njijiki.

Pak Pawiro gage ngadeg, tangane bocah mau dieneng-eneng ben uwal, ewadene bocah mau olehe ngrakut Slamet tambah kenceng karo mbengok-mbengok sero :
?Oja Pak, iki ojoku ? ok, aku wae sing dadi anten ? aku elem, sesuk Marti diijoli aku wae ya, Pak?
?Yoh ? yoh ? sesuk kowe sing dadi manten, ning diculke dhisik, gilo mas Slamet wedi? kandhane Pak Pawiro karo nggeret tangane bocah mau.
Ewo semono sing digeret malah banjur nyingkep bangkekane Slamet, sing marahi saya gila lan wedi tanpa upama, kanthi ngetok kekuwatan, Slamet mberot saka sikepane bocah wadon mau, tanpa pamit terus nggendring mlayu mulih kamigilan. Sateruse wis embuh ra weruh.

Let telug ndhina saka kadadeyan iku, Lik Kirjo teka ing omahe Slamet meneng-meneng terus lungguh ing lincak ngarepan, sing sok dienggo ngisis. Slamet ngerti, ning ethok-ethok ora ngerti lan njarak ora nemoni. Lik Kirjo ngerti yen diewani, mula banjur mlebu tanpa kula nuwun karo undang-undang.
?Mas ? mas Slamet, nesu pa kowe ?? Slamet meneng ming njur lungguh srok, njejeri Lik Kirjo karo kandha :
?Lik, kula mboten sida rabi, rembuge dibatalke mawon, kula niki wong waras lan bisa mikir, mosok kalih bapake Marti, kula ajeng diijoli wong edan?.
Lik Kirjo krungu kandhane Slamet mung ngguyu karo nata lungguhe njur omong :
?Mas Slamet, biyen aku rak wis tau kandha ta, nek anake Pak Pawiro mono loro Darti lan Marti. Marti ya sing arep sampeyan pek bojo kuwi, dene Darti mbakyune, pancen bocah ora normal. Sasat kerep anggone ana rumah sakit jiwa tinimbang ana ngomah. Mergane nek pas kumat medeni, malak sok gelem ngamuk, ya kaya dhek pas aku karo sampeyan mara peningsetan kae.

Kae neng ngomah rak lagi seminggunan. Embuh sapa sing ngandhani, mesthine tangga teparo, yen adhine arep dipek wong lan sore kuwi nampa paningset, mula dheweke njur setres berat lan njaluk didadekake manten. Ngerti calon mantene lanang sampeyan, mula njur sampeyan diuleng-uleng kae? kandhane Kirjo nerangke.
Lagi wae Lik Kirjo meneng, saka kadohan katon teka Pak Pawiro ditutke Marti. Atine Slamet dadi mak nyes? ayem. Karo mapan lungguh Pak Pawiro cluluk :
?Pangapuntene mawon nggih, nak Slamet, nggih ngaten nika nek anak kula Darti kumat. Saniki empun kula terke teng Rumah Sakit Jiwa malih. Tembung kula nika namung kangge nyapih lho, nak Slamet, mboten estu. Napa enggih manten kok dijoli?.
?Kula nggih emoh kok, Pak, nek diijoli, trima mboten sida rabi, idhep-idhep ngilangke peningset? kandhane Slamet.
?Ha nek kalih mburi kula niki pripun, nak ?? pitakone Pak Pawiro karo noleh Marti. Marti sing ana mburine bapakne mung uwat-uwet dolanan pucuking klambi karo nyawang Slamet, kanthi mbalang esem manis.
Merga saking notol lan senenge atine, Slamet sing clingus iku gage nylingker neng mburine Pak Pawiro, ngrangkul Marti kenceng karo kandha :
?Nggih Marti sing pindha? Pratnya Prabandari niki, Pak, sing tansah kula impi-impi, dados sisihan kula. Pokoke ? kula emoh ? yen diijoli?.

Gabahan, 2 Desember 2005

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>