Ketemu Suwiraning Daging (Bag 09)

temu Suwiraning Daging (Bag 9)

Pangruketke saya kenceng, nganti Harjo ora wani suwala nolak pakone kekasihe.

Awake banjur nggloso ing sisihe. Artanti lega, Harjo dikeloni nggekeng samar yen lunga. Saiki Harjo wis kaya dene pesakitan sing ora bisa bangga, anane mung manut. Ewadene isih mikir golek dalan bisane bali ing kamare. Kandhane :

?O iya, jeng, lawang kamarku mau rak durung ditutup ta ?, mengko nek simbok nglilir metu, weruh lawangku menga ? Semono uga lawang mlebu dalem ageng. Tak tutupe sedhela ya ? Artanti gage nyaut gunem karo gregah tangi :

?Wis kakang, aku tak sing nutup. Tumuli cekekal tangi, mudhun tempat tidur terus bablas metu. Let sedhela wis keprungu kumleseting sikil, lan keprungu lawang dalem ageng dikunci ceklek. Artanti munggah tempat, nyurung awake Harjo menengah sing olehe ngglethak mingklik-mingklik ing pinggir tempat tidhur. Ganti Artanti sing ana pinggir. Saiki Harjo wis ora ana alasan kanggo lunga. Mula senajan atine kuwur, Harjo ngekeb kekasihe karo kandha :

?Wis, jeng, saiki sare, mundhak sesuk aku kerinan.? Kandha ngono Harjo mripate terus merem, pamrihe Artanti ya ben gelem turu. Sakawit pancen ya anteng, ning suwe-suwe Artanti tangane nggrathil, dolanan irung, janggut, uga ngarasi pipi, bathuk, lathi. Harjo tetep anteng merem, gawe saya gregeten sing lagi riwut. Wusana tembunge Artanti cetha ditempelake ing kupinge Harjo :

?Kakang, aku ngerti kok yen kakang durung turu, ning mung ethok-ethok turu.? Kandha ngono raine karo di usel-uselake pada dene rai. Awake sing wewek itu ganti ditumpangake ing dhadhane kekasihe.

Kena di upamakke ngithik-ithik macam turu, suwe-suwe ya tangi lan kurda semono uga Harjo, sing mau kuthuk, wasana tuwuh birahi kadiwasane.

Daster sing dianggo Tanti dibukak, awake Artanti digrayangi, diuleng-uleng diarasi sakatoge. Wastra njero kang nutupi uga kadhedhel. Nyawang angga weweg polos kaya bayi lahir, gunung sakembaran sing endah ing dhadhane, alas roban kang subur lan ketel…….. Oh Harjo ora bisa ngampah, daya-daya kepingin nyasak alas roban mau ngupaya kanikmatan.

Artanti sing pancen karep, anane mung nglenggana lan pasrah. Kekarone uleng dedreg kaya bantheng ketaton, padha dene ngetokke katiyasane. Wusana bareng wis padha dene ngrasakake puncaking kanikmatan, kekarone nglumpruk tanpa daya, sabanjure ….. les keturon.

Kira-kirane jam lima, mbok Ginah tangi. Sawise ngengkringake ceret njur kelingan nggugah anake. Marani kamare Harjo nuli nothok lawang … ora ana wangsulan. Lawang dibukak gampang wong ora kancingan, ning kok kosong. Neng ngendi Harjo ? Artanti sing nglilir dhisik krungu yen mbok Ginah wis kluthekan neng dhapur, gage Harjo digugah alon-alon karo kandha :

?Kakang, simbok wis tangi, becike kakang tangi, ning ora metu lawang sing tumuju dhapur, ndak bukakke lawang iring dalem sing langsung neng njaba.? Harjo tangi semu ngragapan karo manthuk-manthuk kandha :

?Ya, jeng, aku manut.? Artanti mbukak lawang iring dalem, Harjo terus disurung metu, lawang tumuli bali diinep. Harjo njur tumuju latar ngarep isih karo rindhong-rindhong kemul sarung. Mbok Ginah sing metu nggoleki anake, weruh glibete anake njur nyedhak takon :

?Olehmu metu liwat ngendi, le, lawang dhapur kok simbok arep metu isih kancingan. Mangka rekaku arep nggugah kowe, ning kamarmu kok wis kothong.?

?Aku liwat garasi kok mbok, iki mau aku mlaku-mlaku golek hawa seger.? Kandhane goroh.

?O ya syukur, le, pancen yen esuk hawane resik, becik yen kanggo mlaku-mlaku ben awake waras. Rak ora lali ta, yen esuk iki mapak rama Menggung sekalihan ??

?Ora mbok, sedhela engkas aku adus njur budhal.? Mbok Ginah tumuli mlebu dhapur. Harjo ngetutke terus mlebu kamare tata peturon. Kaya ing saben ndinane, mbok Ginah ngracik wedang lan tata dhahar ing meja dhapur, sing bendarane timur ya Wara Artanti saiki yen dhahar ya bareng-bareng neng kana. Jare yen dhahar dhewe ora enak.

Nganti Harjo rampung sarapan lan wis siap arep budhal, Artanti durung katon metu. Kabeneran, ngono batine Harjo. Awit yen pamit krungu mbokne rak kewuhan anggone ora basa. Mula bareng wis pamit mbokne lan bapakne, Harjo tumuli budhal. Wanti-wanti welinge mbokne :

?Lunga ijen ngati-ati ya le, rasah mampir-mampir nggone kanca, lan yen lagi nyopir rasah mikir sing werna-werna, mundhak lirwa ing pengati-ati.?

?Iya mbok, wangsulane Harjo sumaguh, terus mlebu ing sopiran nyandhak setir, let sedhela maneh mobil wis gleser-gleser ninggal plataran katumenggungan.

Saka dalem ageng Artanti ya krungu budhale Harjo, batine ndedonga muga-muga kekasihe neng ndalan slamet lan enggal bali. Bareng wis tutug olehe lumah-lumah, Artanti tangi terus neng kamar mandhi.

Jroning adus ngeling-eling lelakon dhek mau bengi dheweke mesem, esem sing kalegan … lan kebak ing kemareman. Semono uga sing lagi ana paran ijen, jroning mobil ora ana sing diajak omong-omongan, wusana nyut … pikirane Harjo ora wurung kelingan gegantilaning ati sing ana ngomah.

Bendarane timur sing nyata-nyata wis nyerahke jiwa ragane, mustika kaurmatane, rasane wis kaya dadi duweke. Mung keri kapan resmine, iki sing dadi tandha pitakon ing atine. Apa ya priyayi luhur kuwi rila lan sudi nampa dheweke minangka putra mantune ? Sanalika pikirane dadi abot, sing mahanani ulat dadi sedhih lan katon yen nelangsa. Batine : e … ya talah temen, tinitah urip wae kok dadi anake wong sekeng, sing mung jejering batur utawa abdi.

Pikirane Harjo dadi kosong tumlawung. Dumadakan sliwer …… ing ngarepe ana pit motor mbalik arah medhot dalan sing ndadak. Gragap, Harjo ngerim mobile ngeget muni ciiiyiiiit ……………….. Sing njur dadi kawigatene wong sacedhake, luwih-luwih wong-wong sing padha mlaku. Meh wae ana tabrakan. Rahayune Harjo trampil, dadi slamet, senajan atine ya wis kumelap.

Sanalika eling welinge mbokne nalika arep budhal mau. Harjo njur ndonga ndremimil, saiki pikirane konsentrasi ana setir sing dicekel. Tekan Bojonegara tinampa kanthi seneng dening kabeh kulawarga katumenggungan, uga bendarane sing dipapak. Apa maneh Retno Harjanti sing tambah grapyak lan sumanak. Sawise Harjo bisa ngaso, rama Menggung Widyodiningrat ngendika :

?Har, wis bisa ngaso lan wis mari kesele ?? Wangsulane Harjo anoraga :

?Sampun rama, kersanipun ??

?Yen wis mari kesele, prayogane ya budhal saiki, perlune tekan Sala isih padhang.?
?Nun inggih sendika.? Rama Menggung sepuh sekalihan, banjur pamit marang keng rayi sarimbit, gandheng wis dipapak kersane arep kondur dina kuwi. Sing dipundhuti pamit mung bisa ngaturake sugeng tindak, banjur padha medal saka ndalem ageng nyedhaki mobil sing bakal dititihi kondur. Retno Harjanti mlayu dhisiki, nyedhaki Harjo banjur takon :

?Piye Har, welingu tak kon momong mbakyuku, apa wis mbok tindakke?? Wangsulane Harjo lirih cetha :

?Sampun, ndara jeng, cekakipun kula sagah momong utawi njagi keng mbakyu ing salaminipun.? Matur ngono mau Harjo karo ngguyu ngemu teges jero, sing Harjanti uga wis tanggap. Batine Harjanti : ah saupana Pangeran njodhohkake, aku seneng nduwe kamas kaya Harjo. Wonge simpati, luwes. Tur bisa diajak nyambut gawe bebarengan.

Sing ninggal lan sing ditinggal padha abote, merga rasa pasedulurane keket, raket kaya nalika isih cilik biyen. Ana mobil rama Menggung sekaliyan ora akeh ngendikane mung ndangu Harjo ngene :

?Har, tak tinggal seminggu karo ibumu, ngomah rak ya apik-apik wae ta, semono uga dagangane ??

?O inggih, rama, kawontenan ndhalem sae. Lengganan bakul mindhak kathah, malah Minggu wingi angsal-angsalipun bebathen saget karaosanken tinimbang ingkang sampun. Mangkih rama rak saget mirsani pembukuan. Dene arta, tetap ndara jeng Tanti ingkang ngasta.?

?Ya syukur Har, aku bungah dene kowe lan Tanti padha dene duwe bakat dagang sing kena diandelake. Muga wae yen mbesuk kowe wis kepingin mbangun brayat, yen ndak paringi modhal, kena mbok anggo sangu urip srana dedagangan.?

?Inggih rama, sembah nuwun saderengipun.? Gandheng mobil lakune rada digelak, mula tekan Sala isih awan. Pak Darno, mbok Ginah lan para karyawan padha seneng weruh bendarane utawa juragane kondur. Semono uga Wara Artanti, kemruyuk panyuwun pirsane marang rama ibune ngenani keng rayi Retno Harjanti. Ature, jare ya kapan-kapan dheweke kepingin genteman menyang Bojonegara tilik keng rayi. Dene karo rama ibune ya dikeparengake. Mbok Ginah uga ora kalah gayenge anggone ngaturake marang bu Menggung, ngenani bendara timure, sing saiki dhahar barang ngersakke bareng-bareng neng dhapur, awit neng ndalem ageng ora ana kancane, jare njur marahi wegah dhahar. Bu Menggung mung mesem midhangetke ature mbok Ginah. Nuli ngendikane :

?Mbok, rehne kowe sabrayat kuwi wis tak anggep batih, mula ya ora papa yen kowe kabeh padha gelem ngancani Tanti mangan ana dalem ageng.? Wangsulane mbok Ginah karo nglempiti pemehan :

?Dhuh ibu Menggung, sinten kula, dene kumawani drajak-drajak ing dalem ageng. Kepareng ndherek ngayom …… ngabdi salaminipun kemawon, sampun mujudaken kanugrahan ingkang tanpa upami.?

Ibu Menggung baget trenyuh mireng ature abdi kinasihe iku, sing tansah nudhuhke andhap asoring dhiri sing kabeh mau saya-saya nambahi asihe ibu Menggung sekalihan marang pak Darno … mbok Ginah lan Harjo.

Sakondure rama ibune saka tindakan, yen bengi Wara Artanti angel bisane turu. Pikirane tansah nggambarake lelakon sing wis dumadi, bengi sadurunge rama ibune kondur. Muga wae sing dilakoni sepisanan kadidene wong kemaruk merga ditindakke kanthi ambal-ambalan mau, ora ana kedadeyan sing marahi gawe wirang. Omung saiki rinasa, yeng sedina wae ora bisa nyawang Harjo kekasihe kanthi tanek, ati rasane gothang, gela lan cuwa. Semono uga Harjo kanthi pawadan apa wae, dheweke kudu bisa ketemu mirunggan karo bendara kekasihe kuwi. Senajan mung bisa ngajak ngguyu, senggolan, syukur-syukur yen kahanan sepi bisa nyiwel pipi apa njanggut.

Kekarone wis luluh padha rasane, padha kangene, padha tresnane lan ya padha dene mbutuhake. Wis genep sesasi lelakon sing wis padha ditindake kawuri, kanyata ora dumadi bab-bab sing diwedeni. Tamune Tanti sing ajeg teka pendhak sasi (mens) isih biasa, njalari atine dadi mak plong.

Ana Chandhake

?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>