Kaya Dene Dibojo

?

?

Kaya dene dibojo

?

Tinuk mono wiwit cilik wis lola, ditinggal mati wong tuwane nalikane dheweke isih bayi, dadi ya durung ngerti kaya apa wong tuwane kuwi.

Ngerti-ngerti ya wis dimong bulike, ya bulik Sari sing saka rumangsane ya ibune dheweke kuwi. Ngerti-ngerti saiki bareng wis diwasa, dikandhani sedulur-sedulur lan tangga teparone.

Gotheke wong akeh, bu Sari kuwi golek pesugihan buta siluman. Sing dianggo banten (wadal) awake dhewe, jare gelem dibojo, senajan bu Sari wis digarwa pak Mardi sing Carik desa saiki kuwi.

Tinuk maune mung krungu-krungu kandhane tanggane sing ora methok ngene : ?Mbak Tinuk, kowe ki saiki penak, kepingin apa wae keturutan wong ibumu sugih. Ning dhek kowe cilik uripmu rekasa. Paklikmu durung dadi Carik, lan ibumu ya isih apa anane.?

Tembung apa anane tanggane mau, dening Tinuk dipikir-pikir, apa saiki ibune mau ora apa anane ?

Ah embuh, dhek semana Tinuk isih wegah mikir.

Bareng wis neng S.M.P, Tinuk lagi ngerti lan krungu saka tanggane sing cedhak karo Tinuk, jare bulik Sari kuwi golek pesugihan, jarene tanggane tanpa wadal, ning bulik Sari gelem dibojo buta seluman.

Dadi bulik Sari nindakke poliandri kosok balen karo poligami.

Tinuk ngakoni kasugihane bulike, lan dheweke ya ngrasakke yen apa sapenjaluke tansah dituruti.

Tinuk rumangsa yen bulik Sari lan garwane tresna banget marang dheweke. Ana niyat ing atine kepingin mbuktekake, ning piye carane ?.

Merga yen sacara terang-terangan, jelas ora tekan lan ora wani, mangka sing bakal diadhepi ana gandheng cenenge karo roh alus.

Tinuk banjur nyedhaki ibu sepuh sing pangibadahe marang Pangeran kuwat, matur apa anane, yen kepingin mbuktekake bener lan orane kabare, yen bulike kuwi golek pesugihan.

Dening ibu sepuh kuwi dingendikani, syarate kon pasa telung ndina ora mangan sega lan uyah, cukup mangan sayur-sayuran lan buah.

Dene dongane ngene : ?Dhuh Gusti ingkang Nyipta jagad saisinipun, kawula nyuwun pangayoman lan kawilujengan, kawula kepingin mangertosi, kados pundi sejatosipun bulik kula punika.?

?Ngaten kemawon nak Tinuk.? Ngono dhawuhe ibu sepuh mau.

Tenan ? kanthi tanpa dingerteni paklik lan bulike, ing dina Kemis Wage sore olehe pasa wis rampung, bengine ngepasi malem Jemuah Kliwon.

Tekade wis gembleng, yen mengko bengi dheweke arep mbuktekake, embuh piye carane.

Sore bubar sinau, Tinuk mlebu kamare bulike. Ing meja kamar wis ana kembang telon neng nampan sing dilemeki pupus gedhang, lan banyu kembang neng gelas.

Sejatine Tinuk wis meruhi kaya ngono kuwi bola-bali pendhak dina Jemuah Kliwon, ning mbiyen rak ora kepikir, ora digagas.

Mangka kena dipesthekake, yen malem Jemuah Kliwon paklik Mardi mesthi metu (tindakan) jare sesirih.

Iki wektu sing apik banget, ngono batine Tinuk. Niyate mengko bengi bakal metu saka kamare, syukur wani metu neng longkangan, mbok menawa weruh apa ta apa, muga wae dheweke ora wedi.

Saka rumangsane Tinuk bengi kuwi beda lan wengi-wengi liyane. Swasanane sepi nyenyet. Mung saka kadohan keprungu baunge lan jegoging asu sing nambahi ati saya kekes.

Pancen, Tinuk sore ya mapan turu, ning mripat senajan wis diremke dhipet, ning ya ora bisa turu.

Pikire tansah nglambrang, apa mengko sing bakal ditindakake. Wengine saya larut, jam tembok wis kumlonthang nuduhake tabuh rolas.

Tinuk nyingkirake kemule ? tangi. Budi, ati, lan nalare nyawiji, banjur ndonga kaya sing diwarahake ibu sepuh kae.

Bubar kuwi banjur metu saka kamar, nyedhaki kamare bulik Sari. Aneh, kaya-kaya Tinuk krungu suwara sing sasuwene iki durung tau rinungu.

Swara kuwi werna-werna ning bareng. Swarane wong nangis ngrerintih, wong ngguyu, wong padu, worsuh sing banget medeni.

Tekan ngarep lawange bulike, kuping ditempelke, ning sepi ora krungu apa-apa.

Tinuk judeg, sidane mung lingak-linguk.

Ora kejarag mripate weruh bolongan kunci, tinuk nyoba mrono nginjen. Hla dalah begja, dene kuncine ora di njingke neng bolongan, dadi kanggo nginjen cetha, gek njero kahanane ya padhang.

Bolongan kunci mau pas karo dhipane bulike.

Tinuk ora weruh bulike, ning dhipan mau ana kaya gulungan kasur gedhe sing kaine abang. Ning bareng dimatke kok obah-obah.

Ya ampun ? sakala tinuk ndredheg ngewel keweden. Jebul sing kaya gulungan kasur obah-obah mau menungsa sing turu mengkurep nindhihi bulike.

Ora sadhar ? lambene Tinuk ndremimil ndonga nyuwun kekuwatan lan pengayoman sing Paring urip, supaya slamet.

Mripate katrem ing bolongan kunci lawang kuwi. Wong kuwi tangi lungguh ?, Tinuk dadi mat karo rupane, sing banget nggegilani lan medeni.

Rambute gimbal, untune metu siyunge, mripate sajengkol-jengkol abang nggegilani, driji tangane sagedhang-gedhang kanthi kuku sing lancip-lancip.

Oh ? Tinuk isih saya ngewel saking wedine, ning dongane terus ? wae kepara rada sero. Wong sing kaya buta kuwi tangi njur ngadeg, ya ampun ? dhuwure jebul sadedege cendhela ing sandhinge.

Bareng wong kuwi ngadeg, saiki bulik Sari ketok, turon neng dhipan nglegena tanpa kesasaban sandhangan.

Wong sing kaya buta mau banjur nyedhak meja, nyaut gelas isi banyu kembang mau terus diombe, katone marem banget.

Keprungu antobe sing sero saka njaban lawang. Bubar kuwi, Tinuk wis ora weruh maneh, embuh menyang ngendi lungane utawa lungane.

Bareng karo ilange wong sing kaya buta mau, Tinuk krungu swara kaya sekawit, swara sing werna-werna dadi siji, medeni. Gandheng ilange wong sing kaya buta mau dienteni nganti sawetara ora ana apa-apa, Tinuk bali neng kamare.

Saking ngantuke, lagi wae nibakke awake neng peturon ? les turu. Tangine kawanan ? terus siap-siap budhal sekolah.

Nalika Tinuk bali, bulik Sari isih sareyan, diladeni dhahar lan unjukan karo paklik Mardi. Tinuk nyedhak karo takon :

?Bulik gerah, nggih, ngaturi dokter napa dipirsakke bulik, kula dherekaken.?

?Ora usah Nuk, bulik mung sayah kok, mengko rak mari yen wis tak nggo ngaso.?

?Ning bulik sakniki ringkih lho paklik, pendhak wulan gerah.?

?Bulikmu nek tandang gawe ngaya kok, Nuk, ora ngelingi kekuwatan,? pak Mardi mangsuli. Tinuk nyedhaki bulike, cahyane pucet banget, lan awake katon loyo tanpa kekuwatan. Ya memper wong ditindhihi wong sing bobote padha karo sapi, langka yen ora lemes lan loyo, ngono batine.

Saiki Tinuk ngandel karo kabar sing wis ubur, yen bulike ngingu pesugihan, gelem dibojo buta seluman sing ngrewangi golek bandha.

Tenan, lagi pirang ndina bulik wis nari aku yen arep mundhutke motor anyar, ning aku nolak wong nyatane motorku isih apik utawa layak pakai.

Batinku nlangsa, saupama aku wis bisa nyambut gawe utawa golek dhuwit, bulik tak penging laku kaya ngono kuwi, ning piye ?, aku dhewe saiki durung bisa apa-apa, mula bisaku ya mung meneng.

Mung gumunku kuwi, apa paklik ki ora pirsa, utawa apa ya pancen ngidini bulik tumindak kaya ngono, aku dhewe ora ngerti, dadine bingung.

Sabanjure aku tita tenan, yen bulik pendhak malem Jemuah Kliwon nyedhiyani banyu kembang neng nggelas, sing diombe seluman pacare, sawise sacumbana.

Oh lelakon ing ndonga kok ya werna-werna tenan kahanane. Njur nganti tekan kapan bulik Sari tumindak kaya ngono?. Senajan awake dhewe sing dadi tumbal utawa banten, ning tumindak kaya ngono mau rak dadi larangane agama, ya agama apa wae.

Muga-muga wae Pangeran mbuka atine bulik, ben bali neng dalan sing bener.

?

? TAMAT ?

?

Mas Giman, cariyos punika kula aturaken sedaya sutresna giyaran lelangen, langkung-langkung kagem bu Nanik Bajuri, priyantun ingkang sanget jirih punika. Menawi badhe sare, dipun titi saestu, punika Pak Bajuri saestu punapa dede utawi sanes, bu ?.

Nuwun

NB : Cariyos punika saking critanipun rencang kula.

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>