Disilih Ragane

?

Disilih Ragane

Lelakon iki penulis mung dicritani kanca, sing dheweke iku sawijining seniman sing sejatine wis gamben, ning eman dheweke ora kawentar merga profesine mbiyen kuwi guru. Dadi jiwa senimane iku mung disalurake sanjabane tugase minangka guru.

Yen sela (libur) diajak main kancane ya oke, ning yen ora sing ditekuni ya mung anggone mulang kuwi.

Jantra lelakone wong urip mono ora ajeg. Merga kesandhung kahanan, anggone dadi guru dilereni merga nerak aturane pemerintah sing wis disahake.

Saiki gelem ora gelem ya mung ngurip-ngurip jiwa senine. Ambyure seni neng kethoprak, semono mau yen kancane sing wis padha nduwe jeneng kondhang ngajak, yen ora ya nganggur.

Jeneng wis nate ngenyam pendhidhikan guru, tur kerep manggung, mula sastrane ya ora nguciwani, meh kena diunekake nyedhaki sampurna. Apa maneh kejaba ngethoprak, yen ana sanak sing ngersakake, dheweke ya bisa dadi pranatacara (MC), ing pahargyan apa wae.

Gandheng sinaune ngaji mumpuni tur wonge alus, neng masyarakat ya trampil, mula ya tansah kanggo. Umpamane ngisi pengajian, ngabulke kendhuri, tandang upacara layon, nyembeleh kewan kurban, lan liya-liyane.

Apa wae ditandangi sauger ngentuake rejeki (halal). Saiki dheweke melu nggabung kerawitan ing Desa Sedhogan Tempel-Gubug, lan uga melu nguri-uri kabudayan jawa utamane kerawitan lan kethoprak. Ya iki sing dicritakake kancaku.

Sesepuh kerawitan mau asmane Pak Bagyo (samaran). Ing sawijining wektu, Pak Bagyo mau lagi nggarap sawahe merga uripe pancen ya tetanen. Nalika dheweke macul, weruh watu gedhe njenggeleg neng tengah sawah mau njur mikir ngene :

?Umpamane watu iki tak singkirke, mesthi olehku nyambut gawe luwih penak.? Wusana Pak Bagyo njur maculi sakubenging watu kuwi supaya gampang didhongkel. Bareng wis rinasa gampang banjur diogek-ogek dhewe. Ning gandheng saking gedhene watu mau, sidane ya ora bisa. Obah wae ora. Wusanane banjur njaluk tulung wong papat ndongkel watu kuwi, ning ya tetep ora kuwat.

Bengine Pak Bagyo ngimpi kaya ditemoni wong tuwa sing nyandhang menganggone cara kejawen jangkep. Wong mau kandha :

?Wah kowe kuwi ngganggu papan dolanane bocah-bocah, sing saiki njur dha rewel. Hara nek saiki njur dha nempuhke eyang ngene iki piye??. Pak Bagyo takon:

?Panjenengan punika sinten lan dalemipun pundi?? Wong sing teka sajroning impen mau mangsuli :

?O…. yen kowe arep ngerti, sebuten wae aku Eyang Sarip, omahku ing kidul mbendungan kuwi. Nek kowe arep mindhah watu kae, becike rak taren ndisik, dadi ora gawe gelane bocah-bocah, wong kae papan dolanan.?

Pak Bagyo njur krasa yen ditekani lelembut, wong ngaku omahe kidul mbendungan, mangka ing kono mung ana wit pule gedhe. Mula wangsulane Pak Bagyo ngakoni klerune :

?O…. nggih Yang, yen ngaten nyuwun pangapunten. Sela punika badhe kula singkiraken, awit ngganggu anggen kula nggarap sabin.? Wong tuwa mau manthuk-manthuk njur kandha :

?O iya ta yen ngono, kowe wong becik wong gelem ngakoni luputmu. Yoh kana singkirna, ora usah golek kanca.? Tekan kono Pak Bagyo nglilir, njur lungguh dhelog-dhelog nganti suwe banget karo mikir-mikir.

Niyate arep dibuktekke, watu kuwi sesuk arep didhongkel dhewe. Yen kena, ateges olehe tetemonan karo lelembut mau nyata.

Temenan, wayahe wong menyang sawah, Pak Bagyo mbaleni macul-macul sakubenge watu mau banjur diongkek-ongkek dhewe. E… lha dalah… watu mau gampang wae digeser-geser nganti tekan pinggir sawah utawa galengan. Pak Bagyo lega atine.

Let pirang ndina saka anggone ndhongkel watu mau, Pak Bagyo lara panas. Wis dipijetke, diprisakake dokter, larane ora suda, kepara arep tangi lan mlaku wae kudu dilawani keluwargane.

Anak buahe karawitan lan kethoprak uga padha ngerti, mula ya ilir padha tilik. Emane Pak Bagyo ora kandha apa-apa. Bareng ditiliki kancane penulis, ya sing nyritakke lelakon iki, Pak Bagyo kok njur njaluk ditangekke lan lungguh. Kancane penulis mau sing jenenge Daliman (singlon) njur matur :

?Ingkang dipun raosaken punapa, Pak??

?Aja ngundang aku Pak, ning aku iki Eyang Sarip sing nunut mapan ing ragane Pak Bagyo.? Ngono swara sing metu saka lesane Pak Bagyo. Swara mau kaya swarane wong sing wis tuwek keklek (mbok menawa wae mirip swarane Mbah Suto penyiar Kanca Tani sing bisa gawe penasarane wong akeh, sing durung padha pirsa). Pak Daliman mangsuli :

?Yang, yen ngaten punika mboten leres, mesakaken raganipun Pak Bagyo ingkang dipun panggeni. Lha punika Eyang pirsa ta, sampun tigang minggu, selami Eyang panggeni, Pak Bagyo gerah sanget, madal salwiring usada. Yen Pak Bagyo ngantos mboten kiyat utawi mboten ngukup, punapa Eyang mboten ajrih dhateng ingkang Maha Kuwaos?, awit kita punika rak sami-sami dipun titahaken. Namung alamipun manungsa beda kaliyan alaming titah ingkang mboten kasat mripat.?

?Wah…. kowe jebulane wong limpat, duwe piyandel sing gedhe. Yoh wis ngene ya, senajan aku krasan ing ragane Pak Bagyo, aku tak mulih, ning aku njaluk sangu.?

?Badhe mundhut sangu punapa, Yang??

?Aku dusana kembang setaman (kaya yen manten siraman), sajen uga pepak, lan penganggon manten sejodho, arep dhak agem karo nyaiku. Dene bubar siraman, aku dandanana tak bali neng omahku.?

Panjaluke roh sing mapan neng ragane Pak Bagyo mau rinungu wong akeh, mula ya njur gage bakal padha ditindaki.

Dina candhake, pepanganggon manten sejodho wis disewakke, sajen pepak wis sumadiya ing meja, cedhak banyu kembang setaman sing arep kanggo nyirami kabeh wis cumawis. Keri nunggu wayah apa Eyang Sarip njaluk disirami lan saguh bali ninggal awake Pak Bagyo.

Wayah bubar bedhug, Eyang Sarip kandha :

?Wis aku saiki padha siramana kaya manten!? Keluwarga lan anak buahe padha bikut tumandhang nyirami urut mbaka siji, wiwit saka sing tuwa njur sing enom.

Pak Bagyo dilungguhake ing ndhingklik, nganti kemput kabeh keratan nyirami. Barang wis rampung, dilap garing, banjur didandani kaya manten, dilungguhake ngadhep sajen lan penganggon manten putri sing wis disedhiyakake ing kono. Sedhela-sedhela Eyang Sarip ngguya-ngguyu karo dununging ageman penganten putri. Mbokmenawa wae Eyang Putri Sarip wis neng kono, ning wong-wong ora padha weruh.

Sawise mesam-mesem sedhela, Eyang Sarip banjur kandha :

?Kowe kabeh wong becik-becik, wis ya saiki aku ndak bali!? Kandha ngono awakke Pak Bagyo banjur mak klemprek ambruk, tinampan ing anak buahe sing tansah padha ngampingi ing sandhinge. Bareng wis sawetara wektu, penganggon manten dilukari, Pak Bagyo banjur kajunjung, digawa neng kamar diturokake.

Nganti meh surup lagi nglilir, banjur aba njaluk wedhang teh anget. Swarane wis pulih kaya swarane Pak Bagyo adate. Kabeh padha seneng lan ngaturke puji syukur ing ngersane Hyang Kang Murba Jagad. Telung minggu Pak Bagyo disilih ragane dening roh alus, sing ndadekake susahe kulawarga lan para murid-muride.

?Tamat?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>