Golek Pelarisan Banyak Kanthil

?

Golek Pelarisan Banyak Kanthil

Jaman saiki ngendi ana wong ora kepingin cukup, kepingin sugih? Selagi sing wis sugih wae isih ndhungsang-ndhungsang olehe usaha liyane, murih sugihe bisa mblegedhu. Kepingin dialem… kepingin di wah…. neng masyarakat, mbudidaya supaya sugihe ora ana sing madhani.

Kuwi wong sing wis sugih…. wis turah cukup. Seje karo wong kaya aku, sing gali lubang tutup lubang, dijereng-jereng ya tetep wae olehe cupet. Aku wong buruh-buruh sing ora nduwe pametu ajeg, Sinem bojoku bakul cilik-cilikan, adhang-adhang neng ndalan pemetu kebon utawa sawah sing arep digawa neng pasar. Neng ndalan dituku, mengko ya njur digawa neng pasar didol meneh. Entuk bathi sithik-sithik kena nggo nempur apa tuku janganane. Pokoke entuk-entukanku bebau lan asile adhang-adhang bojoku ya kuwi sing kanggo urip wong loro. Dhasar olehku rabi lagi setaun lan ya durung diparingi momongan. Nalika arep mapan turu Sinem bojoku kandha :

?Kang Parmin!, wong mlarat kaya awake dhewe iki, ming pingin nggo mangan wareg wae kok direwangi ketekuk ringkel ora tau turah ya, kang??

?Wis ta, Nem, sing sabar wae, wong nyatane awake dhewe ya wis tansah mbudidaya kok, mengko suwe-suwe rakya duwe turahan.? Ngono anggonku ngeyem-yemi bojoku. Bareng wong loro meneng-menengan, Sinem njur omong ngene :

?Kang….!, entuk pa aku tak melu-melu kancaku golek pelarisan, ben olehku bakul kuwi gangsar. Kulake murah, dole payu larang… dadi bathine akeh.?

?Arep kaya dene ngingu inthuk pa, sing gawene jare ngrewangi golek pangan, ning jebule mung nyolongi duweke uwong liya.?

?Dudu Kang, dudu inthuk, ning jare nek diweruhi rupa banyak ngono kok.?

?Nem!, kowe ngerti nek golek-golek kaya ngono kuwi mengkone mesthi nganggo banten utawa wadal. Kowe ora wedi? Mangka tumbal kuwi kerep-kerepe nyawa.?

?Jare kancaku ora ngono kok Kang, mung cukup ngladeni banyak kuwi, pendhak sasi gelem disosori, ya sing golek pelarisan kuwi dhewe.?

?O… ngono ta. Ha njur kancamu kuwi saiki piye?? Aku nanjih.

?Wah Kang senajan kancaku kuwi randha, ning saiki luwih dening cukup, anggon-anggonne mas-masan komplit, dhite muwel tur saiki mundhak besus wong apa-apa bisa tuku.? Batinku sejatine ora lila ditareni Sinem ngono mau, karo ngadeg nglungani aku mung mangsuli :

?Ha ya dipikir dhisik Nem, aja nganti ana rasa getun tembe mburine.? Wis pirang-pirang ndina iki, Sinem mulihe saka pasar mesthi wis awan, yen tak takoni jare golek dagangan neng liya desa. Jare karo ajar nebasi woh-wohan sing lagi usum. Aku ya ngandel wong nyatane yen undhuh-undhuh ya aku sing penekan ngundhuhi. Keri-keri iki cen bathine ketok tenan, dadi aku ya melu seneng. Nalika ngarepake dina malem Jemuah Kliwon, Sinem kandha :

?Kang….. aku mengko bengi tak turu senthong ya, aku arep prihatin ben gampang olehe entuk rejeki.? Aku mangsuli :

?Aku melu ngancani prihatin ya gelem kok Nem.?

?E…. aja Kang, aku kudu turu neng senthong ijen, malah kowe kudu ngadoh supaya olehku prihatin ora batal.?

?O…. yoh yen ngono. Malah mengko aku tak turu neng gerdhu ngarepan kono, ngomah kancingen wae saka njero, dadi aman.?

?Yoh Kang…. ngono ya becik.?

Meneng-meneng Sinem wis sida golek pelarisan Banyak Nganthil neng Gunung Jowah diterke kancane, Ginah si randha enom sing saiki uripe cukup kuwi. Neng kono tanpa syarat, ning juru kuncine kandha yen pendhak malam Jemuah lan Selasa Kliwon, Sinem kudu saguh disosori banyak sing jare ngrewangi golek rejeki kuwi. Sinem dikon turu ijen neng senthong ngedhep kembang setaman karo ngobong menyan, sawise jam rolas bengi.

Senajan karep, ning atine Sinem ya dhak-dhik-dhuk. Gek dheweke kudu saguh disosori, rak ateges dheweke bakal ngrasakake lara. Jarene Ginah, ya kuwi bantene. Sawise jam rolas, apa pakone si juru kunci Gunung Jowah ditindakke. Rumangsane Sinem, sawise ngobong menyan kok njur ler-leran mbliyut ngantuk.

Sajroning layap-layap ngaluyup Sinem weruh yen ana banyak saka kadohan sing gulune dawa….. banget. Ya gulune kuwi sing kaya ula marani dheweke. Bareng cedhak raine, banyak kuwi gage nyosori pipi… lambe, lan bareng wis marem, endas banyak kuwi ngusel-usel klambi ? mlebu kotang…. nyosori gunung kembar ing dhadhane Sinem, sing banjur nuwuhake rasa nikmat. Sinem dadi kongah-kangehan. Endhas banyak saya ngusel-usel mudhun wusana bareng nemu barang klangenane Parmin bojone, endhas banyak kuwi katrem neng kono nyosori kanthi dhokoh. Sinem ngrasakke presis kaya nalika ngladeni bojone ….. kepara luwih nikmat nganti bisa dirasakake tekan mbun-mbunan. Bareng banyak mau sajake ya wis krasa marem, ngerti-ngerti lap ilang… ninggali kemareman Sinem sing durung tau dirasakake saka Parmin bojone. Sinem turu pules kaya dibandul. Ning tan kocapa bareng nglilir, awak lemes tanpa daya… blas ora duwe kekuwatan. Nganti esuk sing lanang mulih saka nggerdhu ndhodhogi lawang, Sinem kepeksa tangi krengkangan mbukakke lawang. Kuwi wae karo kandha :

?Mas…. gawea wedang dhewe ya, awakku lemes sewengi ora turu, aku tak ngaso dhisik.? Sing lanang nyedhak kebak asih karo takon :

?Sing disosori nggon apa, Nem??

?Sak awak, Mas.? Parmin ngiling-ilingi awakke bojone ning katok wutuh ora ana biru-biru tilas sosoran banyak. Gage kandhane Sinem :

?Nek tilase ora ana Mas, ming rasane sing njarem.? Kandhane Sinem goroh.

?Oh… oh… ya wis Nem, ngasoa mengko yen butuh apa-apa genti aku sing ngladeni kowe.? Ya wiwit iku Sinem rejekine ndledeg. Sing dieling-eling saiki mung dina malem Selasa Kliwon lan Jemuah Kliwon, tekane si banyak seluman sing bisa aweh kemareman pol kuwi. Yen dijaluki Parmin sing bojone, wegah….. ana-ana wae wangsulan lan alasane. Parmin nganti jengkel ngrasakake bojone, denea kok aneh. Mulane saiki Parmin kerep nesu.

Gandheng karo tangkebe Sinem sing ewa, Parmin tanpa pamit sing wadon mara neng nggone mbok randha Ginah, keneng ngapa bareng saiki golek pelarisan Banyak Nganthil, kok njur wegah leladi nafkah batin karo bojone. Mbok randha Ginah kandha karo ngguyu :

?Dhik Parmin, Sinem rakya wis pamit sak durunge ta, yen arep golek pelarisan Bangak Nganthil? Wong sakdurunge wis takkon, piye bojomu oleh ora. Sinem kandha karo aku nek ketoke sampeyan oleh. Mula aku ya gelem ngeterke. Ming sawise dikandhani karo juru kunci mangguh syarate kuwi kandha karo panejengan ora??

?Ora, piye Yu Ginah syarate?? Parmin nanjih.

?Syarate, pendhak dina malem Jemuah lan malem Selasa Kliwon, Sinem kudu nampa tekane si banyak. Turu ijen neng senthong, gelem/ saguh disosori si banyak sak mareme.?

?Kuwi aku ya ngerti Yu, ming gumunku, Sinem saiki kok wegah tak cedhaki, kaya emoh leladi batin karo bojone.?

?Ha ya kuwi klerune Sinem dhik Parmin, bareng wis ngrasakke diwori seluman kok njur wegah karo bojone. Ngertia dhik Parmin, sing disosori kuwi nggon-nggon sing kabeh klangenanmu, upamane gunung kembar ing dhadhane Sinem, ngisor puser susuh manuk, kuwi sing diinceng si banyak, tur sing disosori ya entuk kanikmatan sing ngepol, memper yen Sinem njur wegah leladi batin bojone. Hha nek aku rak bebas dhik, wong aku randha, dadi ora ana sing nglarang.

?O… yen ngono, ra trima yu aku, padha wae aku dirusuhi dhemit. Upama Yu Ginah, arep ngilangake utawa ngguwang ilmu pelarisan kuwi piye??

?O… kuwi gampang dhik. Nek arep mbuwang utawa ngilangke ilmu kuwi, Sinem sajroning telung malem Jemuah lan telung malem Selasa Kliwon jaken lunga neng papan-papan suci pangibadah upamane neng Mesjid… neng Greja….. neng Pura. Neng kono kowe ndongaa sabisamu katur sing Paring urip nyuwun pangapura lan keslametan. Kabeh seluman utawa dhemit ora bakal wani nyedhak karo manungsa kang cedhak karo Pangeran. Ya mung ngono kuwi wae, dhik carane.? Semparet Parmin lunga tanpa pamit karo Yu Ginah. Atine ngigit-igit banget karo bojone.

Cekake Sinem arep ditanting abot bojone, apa abot dhemit. Nek abot bojone, Sinem kudu gelem mbuwang ilmu pelarisan kuwi. Nek ora gelem Parmin trima pegatan wae. Bareng wis dipikir-pikir tenan, sidane Sinem mbuwang ilmune pelarisan Banyak Nganthil, pilih kerja giyat karo bojone, ora lali tansah ndedonga nyenyuwun marang sing kuwasa supaya pinaringan cukup uripe.

? Tamat ?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>