Bathine Wong Thukmis

?

Bathine Wong Thukmis

Jilal tanggaku mono, klebu bocah sing nggantheng tur ya sarjana ISI pisan. Akeh bocah wadon sing kepingin dipacar dheweke, ora isin padha mara dolan neng ngomahe, kathik karo nggawa oleh-oleh buah utawa panganan sing mirasa. Dhek isih ana SMP, SMA, bocah kuwi anteng tur nurut karo kabeh pituture wong tuwa, mulane sekolahe ya lancar, lulus kanthi biji sing maremake.

Embuh saka karepe dhewe, apa pangajake kancane, Jilal sidane neruske neng ISI njupuk jurusan tari. Ya ora mokal wong yen ing ndesaku ana pentas peringatan dina Kamardikan, apa perayaan liyane, Jilal mesthi dadi sri panggung priyane. Mesthi wae Jilal milih bocah sing ayu kanggo pasangane. Ya merga pintere kiprah ing panggung mau, rombongan wayang wong, kethoprak, apa campur sari, janji Jilal melu dadi paraga, sing nonton mesthi jejel riyel. Janji dheweke metu, wong-wong mesthi wegah mingset, ngenteni badharing lelakon. Sejatine akeh seniwati putri sing dha kepencut, neng ngelingi yen Jilal sawijining sarjana seni sing wis kawentar, mula seniwati-seniwati sing mung dha pendhidhikan cendhek trima mung domblong karo clegukan. Kepingin ning ora bisa ngarah. Apa maneh saiki, Jilal bukak kursus tari ing daleme wong tuwane sing jembar lan njenggarang kuwi.

Maklum bapakne Jilal pensiunan Camat. Ning ya kuwi, sing jeneng menungsa mono ora ajeg, biyen apik mulus dadi pengaleman, ning bareng wis dadi wong sing berhasil sok njur salin slaga. Embuh kuwi pengaruh saka kanca, apa merga ngerti dhewe saka lingkungan ing kiwa tengene.

Jilal pancen sok digrecoki kanca-kancane, tembunge mancing-mancing :

?Mas Jilal, panjenengan ki ngganteng, bagus, gek cah wadon ayu-ayu ya akeh sing tergila-gila, ning njenengan kokle anteng nuklun, mbok sepisan-sepisan salah siji ditanggapi.? Wangsulane Jilal kalem :

?Mas, nek salah siji kula tanggapi, nek sanese meri pripun??

?Walah nggih keleresan, nek perlu mbaka siji dilanggati, idhep-idhep milih pundi mangkeh sing cocok diagem garwa. Nek kaya njenengan niku mas, mboten usah ngrayu lan golek mrika-mrika, cah wadon sumerep panjenengan niku empun njur templek kok. Dadi cah lanang niku nek anteng-anteng nemen mboten wangun lho.? Ngono kandhane Karjio, pimpinan campur sari ?Mekar Sumerbak?.

Ya wiwit dha digarapi olehe anteng wae kuwi, Jilal dadi nyoba murah esem karo kenya-kenya ayu kenalan-kenalan ing tanggapan manggung ing ngendi wae. Jebul tenan, wiwit dha digrapyaki, saiki HP ne pendhak menit muni, saka si A si B, si C sing isine mung ngajak gojek lan guyon-guyon parikena. Malah ana sing ngeblak nembung kepingin dadi pacare. Uga akeh sing ngencani dolan, utawa dikon dolan neng omahe, nganti Jilal kewuhan olehe nanggapi.

Batine, wah ya ngene iki rasane dadi wong bagus, sapa-sapa kepingin nyedhak, kepingin templek. Jilal mikir-mikir, endi ya sing paling ayu lan bisa mlebu atine, kuwi sing arep njajal ditanggapi. Wusana pilihane tiba Wara Uwarsi, pesindhen lan penyanyi campur sari sing wis kumlebet jenenge. Wis bola-bali Jilal manggung bareng, ning biyen yen dicedhaki ora tau nanggapi, mung biasa-biasa padha kanca-kancane, sing saiki mosik ing atine.

Jilal nyoba dolan neng nggone Wara?., wah tanggapane jian luwar biasa. Apa maneh ing omahe meneri suwung, dadi anggone omong-omongan bisa taneg. Jilal diajak neng mburi sing ana tamane, diajak neng dhapur racik wedang karo ngemil panganan, dituduhi kamare. Uwis ta, cekake Jilal olehe nampa diistimewakake. Bareng Jilal arep mulih, Wara nglendhot karo kandha bisik-bisik :

?Ngaso-ngaso neng kamar dhisik pa mas, bapak ibu kondure mengko sore kok.? Jilal plenggongan, ning durung nganti bisa mikir, tangane wis diseret Wara mlebu neng kamare. Bareng wis nutup lan ngancing lawang, Wara njorogake Jilal neng tempat tidur njur diuleng-uleng. Jilal sing wis diwasa iku, senajan blas durung pengalaman, sidane ya kerangsang tuwuh birahine. Kanthi manut dituntun Wara nikmati swarganing urip, mabur ing awang-awang sap pitu kanthi rasa marem. Saking sayahe lelorone les keturon. Bareng nglilir, Jilal ngiling-ilingi jam, wis nuduhke angka telu. Age-age nganggo pakeyan, tanpa pamit Wara sing isih pules, Jilal gage metu saka kamar, nyaut jaket sing kemlumbruk neng kamar tamu, nyetater motor banjur nggeblas mulih.

Sabubare lelakon kuwi karo Wara sing sepisanan, Jilal kerep dheleg-dheleg mbayangake apa sing wis ditindakake, oh jebulane kok nyenengake. Kenikmatan apa wae kuwi tundhone kabeh nagihi. Wara sajake wis pengalaman akeh, nyatane angger padha dene kepingin mbaleni, Wara tansah bisa nggawa marem.

Ning suwe-suwe Jilal mikir. Wara nadyan ayu, ning wis baut tumindak salulut, mesthine wis bola-bali ngladeni priya, wah yen ngono dudu wanita becik-becik, rugi yen kanggo bojo, dheweke mesthi ora setya.

Jilal banjur noleh wong ayu liya sing ya kepingin ngrasakke. E jebul wong-wong ayu kuwi akeh sing gampang lan malah kepara ngoyak, dheweke mung merga kayungyun kebagusane. Jilal bareng wis kulina ngrasakake lelumban ing donyaning asmara rucah, banjur ngawur. Wis pira wae wanita apik-apik sing dirusak, sawise nuruti wadon-wadon murahan sing padha kedanan marang dheweke. Laku ngiwa?. slingkuh ing papan-papan resek, wis dadi ambah-ambahane. Kebagusane didol murah kepara diobralake.

Saiki wis akeh wadon sing ngerti, yen dheweke kuwi nyedhaki wong merga mung kepingin nuntasake nafsu bejate, sing yen wis entuk ditinggal semprung. Suwe-suwe wong bagus Jilal entuk sebutan si bajul buntung.

Kiprahe ing seni isih tetep dilakoni, ning wong-wong wadon anyaran sing dho melu bareng main, racake wis padha dikandhani sing angkatan lawas, supaya aja cedhak-cedhak karo Jilal mundhak mung dirusak.

Ing sawijining wektu campur sari grupe Jilal ditanggap wong sugih, dene keperluane syukuran merga putrane rampung kuliahe kanthi nggondhol kesarjanaane. Anggone nanggap tontonan wae werna loro, awan uyon-uyon karo guyon maton, njupuk pemain saka kutha liya, dene bengine campur sari grupe Jilal.

Senajan awan ora nduwe tugas, ning Jilal merlokke teka, merga kepingin arep weruh pesindhen lan perangene guyon maton sing jare saka kutha liya kuwi. Dhasar dheweke rak bisa mbantu nabuh apa wae utamane ngendhang. Nalika teka lan weruh sindhene sing pranyata ayu sulistya ing warna kuwi, Jilal nyedhaki Jarwono penggendere njur takon :

?Jar! Pesindhen anyar katon kuwi saka ngendi ta??

?O kuwi ta Lal, wis mbok inceng kawit mau mestine? Kuwi ki ponakane Lik Sukro pengendhangmu campur sari sing lagi seminggu teka saka Palembang, ha embuh asale saka ngendi, nyatane ya pinter nyindhen kok.? Entuk wangsulan ngono mau, Jilal njur gage metu saka pahargyan uyon-uyon terus neng omahe Pak Sukro, sing mengko bengi tugas nggelar pentas campur sari karo dheweke. Bareng wis lungguh Jilal takon.

?Lik Sukro, bener pa sing melu nyindhen uyon-uyon mau ponakanmu? Kok lagi iki aku weruh.?

?Iya mas Jilal, kae anake adhiku sing melu transmigrasi neng Sumatra telung tahun kepungkur. Dhek isih neng kene kuliahe ya neng ISI njupuk Karawitan. Ning lagi semester telu mothol, njur melu wong tuwane neng Sumatra, melu transmigrasi. Dheweke pancen nduwe bakat seni, senajan pendhidhikane mogol, ning kabisane nari, tarik suara disinau tenan. Mula neng transmigrasi yen ana wong ewuh-ewuh ya laris. Malah nganti bisa nabung. Gandheng dheweke kepingin ngrampungake kuliahe, mula nalika aku tilik mrana bocah kuwi kelayu, arep ngrampungake kuliahe neng kene, mula njur melu bali katut aku.? Gandheng wong tuwaku mung keri simbok, mula karo adiku, ya wong tuwane bocah kuwi dikon ngancani mbahne kareben kena kanggo kanca. Aku ya sarujuk, dene yen ana tanggapan, sekirane Rini ya bocah kuwi bisa, mesthi ndak ajak.? Ngono keterangane Pak Sukro marang Jilal, ya pimpinane campur sari kuwi.

?Lha wong tuwamu desane ngendi, Lik??

?Walah ya mung Gedongan kono kok mas.?

?O? yen ngono mung cedhak wae ta. Apa mengko bengi yen awakke dhewe pentas kuwi ya arep mbok ajak ta Lik?? Jilal nanjih.

?Ha ya terang ta mas, aku yakin Rini kuwi kena kanggo kembang neng grupe dhewe. Dhasar bocah kuwi lagu-lagu ya mumpuni. Mula mengko tak kon bali dhisik, senajan uyon-uyon durung bubar, soale ben bisa ngaso kanggo mbalekake tenaga pentas bengi.?

?Yen ngono mengko baline tak terne wae Lik, sampeyan rak isih kudu ngendhangi nganti sabubare.? Ngono Jilal tawa jasa.

?Yen kersa ya kebenaran mas, syukur mengko budhal sampeyan ya saka kana karo Rini, dadi aku ora usah methuk.?

?Yen kersane ngono ya becik Lik.? Jilal bungahe ngayang batin, prasasat menang lotre satus yuta. Kira-kira jam papat, sawise pamitan kancane, Rini terus ngadeg arep ndhisiki mulih. Gandheng kekarone wis dirembugi Pak Sukro, mula Jilal wis samekta karo motore neng latar. Sawise motor urip, Rini mbonceng? motor banjur bablas tumuju Desa Gedongan omahe mbahne Rini. Mbahne weruh Rini mulih nggawa tamu, gupuh anggone nanggapi. Salumrahe wong ndesa, tamune gage disuguhi wedang lan gedhang godhog saka kebone dhewe. Sidane nganti surup Rini tansah ngladeni Jilal sing ngajak ngobrol ngalor ngidul nganti ora sida bisa ngaso. Lagi jam pitu mbahne wis mlebu senthong paturone karo kandha :

?Nok, nek madhang golek dhewe neng mbabragan ya, jangane barang wis tak angeti. Aku arep ngaso, sedina buruh meme gabah neng nggone Mas Kromo. Riku disekecakke nggih, mas.? Ngono kandhane karo Jilal tamune.

?Inggih mbok.? Ngono wangsulane Jilal grapyak.

?Empun mbah gampil, mangkeh teng panghargyan rak nggih disuguh.? Ngono Rini mangsuli mbahne. Rini jane ya pingin ngaso, ning Jilal ora tanggap. Mula bareng mbahne wis mlebu senthong peturone, Rini nekat kandha karo Jilal :

?Mas wis jam pitu aku tak adus, mengko ngaso sedhela, jam-jam wolu mangkat.? Rini mlebu kamar mandi ditut panyawange Jilal sing kedhep tesmak. Let sedhela wis keprungu gebyar-gebyur. Batine Jilal, mendah kaya ngapa endahe Rini sing lagi adus nglegena. Sanalika nafsune makantar-kantar. Kanggo ngampah sakehe rasa, Jilal metu njaba karo mbayangake, apa ya Rini mengko gelem diajak ngaso turon sekamar ?

Lagi mesam-mesem ngundha pepinginan, dumadakan Rini metu mung ubel-ubel andhuk langsung nggeret Jilal diajak neng ngomah ngarep, jare kana ana kamar. Prasasat rindhik asu digitik Jilal nurut digandheng Rini. Neng ngomah ngarep kono ana dhipan, Rini banjur nggloso dhisik, Jilal sing atine wis kobong, wis ora sranta.

Rini sing mung tapihan andhuk kuwi disrobot wani, wong loro uleng dedrek. Jroning bandayuda Jilal mbatin. Genea Rini kok gampang banget, malah kepara dheweke sing ngajak. Senajan wis ngetokke kekuwatan, Jilal rumangsa kuwalahan ngladeni Rini sing ringas kuwi. Wusana saking kesele?. Jilal keturon, senajan Rini isih nguyel-uyel sajak durung marem.

Embuh sepira suwene anggone keturon, ndadak keprungu jago kluruk. Jilal nglilir, ngiling-ilingi jam tangane wis nuduhke jam telu bengi. Gregah Jilal kaget tangi ing sandhinge wis ana lampu teplok karo kertas ana orek-orek tulisane gedhe-gedhe unine ngene :

Mas Jilal!

Mas, bubar aku adus lan dandan, panjenengan tak goleki ora ana, bareng tak ungak neng ngomah ngarep sing kanggo gudhang, penjenengan wis sare pules, gek benik-benik ageman wis padha ucul lan ageman mbledheh. Aku ora mentala nggugah, apa tikna sumuk banget ta mas? Mula aku njur mangkat ijen.

Saka aku Rini

Bubar maca layang Jilal lingak-linguk, dumadakan ana ganda mak sentuk, ambune bathang sing ngganduk banget. Yen tulisan kuwi cetha layange Rini, njur sapa sing wis nggeret dheweke, nguyel-uyel, lan saresmi nganti nguras tenaga kuwi? Mangka yen rupane presis Rini, ning tandhange jian kuwate nggegilani, Jilal rumangsa kuwalahan.

Jilal gage menyat karo mbenakke sandhangane, marani motor kanthi rasa wedi sing mbangeti tumuju ing pahargyan. Tekan kana wis bubar. Kandhane wong-wong sing isih resik-resik, jare bubaran jam siji dek mau. Jilal ngowoh rumangsa getun banget. Ngelingi sing mentas kelakon, Jilal ora wani mulih, sidane melek neng kono nganti esuk. Ya wiwit kuwi Jilal kapok ora royal lan ora dolanan bocah wadon maneh. Syukur?. Ya kuwi bathine wong thukmis.

Tamat

?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>