Arwahe Mulih Nangis Njaluk Adus

?

Arwahe Mulih Nangis Njaluk Adus

Aku isih kelingan, yen entukku crita saka kancaku iki nalika aku isih ana SMA ngarepake ujian. Ewa semono aku isih kelingan banget. Mungguh critane kancaku mau mengkene.

Ing ndesane kancaku Karang Sari Surabaya kana, ana bocah kekancan wiwit isih ana SD nganti wektu kuwi wis dha lulus SMA. Gandheng dhek jaman semana, yen wong golek gaweyan kuwi ya wis angel kaya saiki.

Arman lan Wanto ngono jenenge bocah sing padha memitran kuwi wiwit cilik, ya kaya bocah-bocah liyane. Janji ngerti ana lowongan gaweyan, bocah kuwi gage-gage gawe lamaran. Semangate ndang bisa nyambut gawe makantar-kantar, ngelingi yen dheweke (bocah loro) kuwi padha-padha anake wong ora duwe. Batine daya-daya enggal kepingin ngentheng-enthengi bebane wong tuwa, wong nyatane bocah loro kuwi ya isih padha nduwe adhi. Arman adhine loro isih SMP lan SD, dene Wanto adhine mung siji isih ana SMA lagi wae mlebu. Bocah loro kuwi ngerti banget marang rekasane wong tuwa, olehe tanggung jawab nguripi lan nggolekake wragad kanggo sekolahe anak-anake.

Rekane bocah kuwi ndang kepingin rewang-rewang wong tuwane. Pirang-pirang lamaran sing wis padha dikirimake, ning ditunggu wis nganti setaun, kok ora ana panggilan. Kanggo ngisi wektu-wektu kosong, ora isin lan ora sungkan Arman lan Wanto njegur sawahe uwong perlu buruh macul, leb, tandur lan matun. Mengko yen sore mulih, pituwase padha diwenehake wong tuwane. Ngono iku nganti sawetara suwene, karo ngenteni mbokmenawa ana layang panggilan kerja.

Ing wayah sore, bubar surup Arman dolan neng nggone Wanto, ngepasi Wanto lungguh dheleg-dheleg neng lincak ngarep omahe. Weruh tekane Arman, Wanto gage-gage methukke karo ngacarani lungguh ing lincak kono. Bocah loro banjur omong-omongan. Wanto sing ndhisiki rerasan :

?Piye ya Ar, awake iki? Apa sajege ya mung arep dadi wong buruh macul? Mangka yen dietung ya rekasa tenan jare. Dhuwit telung puluh ewu sedina mbethethet saka esuk tekan sore,? Arman mangsuli kanthi tanpa greget :

?Lha witikna piye? Yen nuruti rasa, aku ya wegah banget kok, macul kuwi rak gaweyan kasar tur abot. Haning apa awake dhewe arep nganggur methekur?? Wanto ora mangsuli, wusanane bocah loro meneng?.amem. Sajake padha ngumbar gagasane dhewe-dhewe. Bareng wis sawetara Arman ganti mbukani rembug tembunge :

?Gelem pa To awake dhewe mbecak wae, mengko aku tak nembung babahe Kosing??

?Wah?aku durung bisa ki Ar nglakokke becak, abot lho kae setangane??

?We lha ya nganggo ajar dhisik no, nek iya aku tak kandha bah Kosing, ya blaka, entuk ora nek nyilih nggo ajar dhisik.?

?Ya wis lah aku manut.? Wanto sumaguh. Esuke Arman sida nembung bah Kosing ngandhakake apa karepe. Senajan Cina, bah Kosing kuwi wong apikan tumanggape marang kabeh sing nyewa becake, gapyak sumanak tur ngerti tenan watake bocah loro kuwi, wong nyatane tunggal kampung, nuli kandhane :

?Bolih?bolih. Ha ya buat belajal dulu nggak apa-apa, bial kamu bisa kelja. Kamu bolih pilih becak mana yang kamu sukai untuk belajal.?.haya oe lela aja.? Ngono kandhane Cina kuwi celat-celat. Arman lan Wanto banjur milih becak sing pengkuh lan rupane isih katon anyar. Kanthi dieweng-eweng bocah loro becak kuwi diwetokake saka platarane bah Kosing sing jembar lan kebak becak sewan kuwi, digawa mulih neng omahe Arman. Ya wiwit kuwi, bocah loro gentenan ajar nglakokke becak neng lapangan. Bareng wis sepasar lan wis rada apal njur ajar neng lurung-lurung kampung. Bocah loro kuwi wis sarembug mengko yen wis bisa tenan, karo mbalekke becake bah Kosing arep diwenehi sekedar sewa becake sajrone kanggo ajar. Tenan bareng Arman lan Wanto wis rumangsa bisa, becak dibalekake. Bah Kosing diulungi dhuwit minangka tandha atur panuwun, ning bah Kosing emoh kandhane :

?Ha ya oe nggak mau tlima uangmu. Nggak usah kamu belum punya dhuwit, nanti aja kalau kamu udah mulai talik becakku, oe mau tlima uang sewa,? Kandhane Cina kuwi karo ngguyu.

Bocah loro bola-bali olehe matur nuwun banjur mulih. Minggu candhake Arman lan Wanto teka maneh neng omahe bah Kosing, niyate dina kuwi arep wiwit narik becak. Wis padha sarembug, yen Arman arep narik esuk, dene Wanto arep narik sore tekan bengi. Bah Kosing nglilani, becak banjur digawa. Tekan njaba Wanto kandha :

?Wis kene Ar, saiki aku sing dadi tukang becake, kowe lungguha kaya penumpang. Aku tak wiwit praktek tenan.?

?Ning ngati-ngati lho To, adate kowe ki sok nekat.?

?Ora wis Ar, aku wis bisa tenan kok,? Arman munggah jok, Wanto mapan neng sedhel becak, becak wiwit mlaku neng ratan gedhe. Dalane pancen lempar tur aspale rata, mula Wanto gayane ya kaya wis mahir kae. Anggone mubeng-mubeng wis ana setengah jam, kringet wis gobyos, mula niyate becak arep digawa mulih, ganti Arman sing arep miwiti narik dina kuwi.

?Dalan sing mlebu neng kampunge kuwi ndronjong tur tikungane tajem. Wanto lali, tanpa ngurangi playune becak sing ndronjong kuwi. Saka arah liya ana mobil tengki minyak sing dumadakan njedhul saka tikungan kuwi tanpa klakson. Wanto gragapan kaget, ning becak wis kebacut mblandhang njur nabrak tengki minyak sing gase gedhe merga dalane munggah. Swara tabrakan cukup sero sing gawe kagete sakiwa tengene papan kono. Becak mungsuh mobil tengki, sepira banggane? Arman mencelat adoh tiba neng aspalan kuthah getih. Dene Wanto ndekem neng ngisor ban mobil nglumpruk, kekarone wis ora obah-obah.

Regudug?wong-wong nyedhak lan tandang tetulung, kanyata Arman lan Wanto wis nglengger. Nalika digawa ning RS, lagi tekan ndalan lelorone wis ora ana (ngajal). Mula jisim ora sida digawa neng RS, ning diterake bali ning omahe.

Gandheng kurban kahanan kekarone wis gobrah getih, kulawarga lan wong-wong kampung ora tegel ngedusi. Mula tetuwa kampung kono mutuske, yen jisim terus wae dibuntel, diupacarani sawetara banjur dikubur. Dina kuwi wong-wong Desa Karang Sari ubur, padha ngandhakake Arman lan Wanto, lelakone wiwit cilik tekan ngajal kok tansah bebarengan.

Tan kocapa, pas telung dinane, wong-wong desa kono angger bengi krungu swara ngrintih, swarane bocah loro sing tetangisan tembunge memelas:

?Aku njaluk adus?. Ngapa aku cah loro ora padha mbok dusi? Saiki aku njaluk adus?.aku njaluk adus?.? Ngono panangise.

Tangis mau nganti bar dipitungndinani isih terus wae keprungu pendhak lingsir wengi, gawe angles lan tintrime wong sadesa. Mula banjur digolekake wong pinter. Wong mau ngakon marang warga desa, kanthi manut kapitayane dhewe-dhewe dikon ndongakake, lan nyuwunake pangapura. Dene yen uwis wong-wog dikon tuku kembang setaman dhewe-dhewe. Pendhak wong nggawa banyu saember dicemplungi kembang mau, banjur kanggo nyirami makame bocah loro kuwi.

Wengi sing wis ditemtokke, wong sadesa bareng-bareng nindakake pakone wong pinter mau, dadi ya rame banget kae.

Ning anehe, sabubare iku, wis njur ora keprungu swara tangis njaluk adus maneh. Ngono critane kancaku mau. Dene pitados lan orane, sumangga para maos.

Tamat

?

This entry was posted in Crita Remaja. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>