Ketemu Suwiraning Daging (Bag 04)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 4)

R.A Wara Artanti nyrempeng tenan sinaune, merga ujian achir sekolah wektune mung keri sesasinan. Atine kepingin banget, sawise lulus S.M.A. mengko, arep neruske kuliah kaya adik nak-sanake ya kuwi Retno Harjanti sing saiki wis semester pungkasan.

Artanti gumun marang kepinterane sedulure kuwi, dene apa-apa kok ngerti tur yen omong blak-blakan.

Jebulane ora mung jeng Harjanti sing seneng karo Raharjo, selagi atiku dhewe ya ngono kok. ngono batine Artanti. Ning apa ya kelakon, lan rama ibu marengake ? Wah yen wis mikir tekan kono atine dadi angles. Ning ya wis ben, saiki Harjo wis kursus tata buku, suk bar kuwi tak kon kursus bahasa Inggris. Cekake janji Harjo pinter lan bisa nggedhekake perusahaan, rama ibu mesthi seneng lan marengke aku bebrayan karo Harjo.

Panglamune Artanti nglantur, nganti njur mesam mesem dhewe ora krasa. Ning bareng krungu kumlonthange jam sing wis nudhuhake angka sepuluh, Artanti nata buku sing mau mentas disinau. Sadurunge mapan turu Artanti metu, tinemu kamare Harjo seka ndhuwur isih katon padhang, tandha dheweke isih sinau. Mula Artanti trima bali mlebu dalem ageng, ngancing lawang njur mapan turu.

Ora koyoa Harjo dipercaya bendarane mung mligi ngemenke anggone kursus, Harjo ngestokake banget. Ora ana wektu sing ora kanggo sinau, ya neng ngomah ya neng kursusan. Apa sing durung ngerti di takokke nganti dhong tenan, mengko tekan ngomah di bolan-baleni dhewe nganti bisa.

Nganti pak Hendro gurune kursus gumun lan ya seneng, duwe murid sing tumemen kaya Harjo. Malah kerep wae diparingi ngampil buku-buku kagungane di enggo sinau neng ngomah.

Ya mung pak Darno bapakne kuwi sing sok mlebu kamare, nyenthuk nunggoni anggone sinau anake.

Harjo dhewe rumangsa seneng ditunggoni bapakne, kaya-kaya entuk kekuwatan luwih, ora gampang kesel lan ngantuk.

Pancen, wong tuwa mono mesthi aweh panjurung kanggo anak-anake sing nurut ing pituture. Sing cetha pengestu lan dongane ora kendhat, sing mengkone bisa numusi anak gangsar nggayuh idham-idhaman sing dikarepake.

Wara Artanti saploke Harjo sinau temenan nyendikani dhawuhe ramane ya njur akeh menenge. Batine ndedonga, supaya Harjo bisa nggawe mareme penggalihe ingkang rama. Wektu iku wayahe mbok Ginah wis nyepakke unjukan teh sore kagem rama ibu Menggung, uga jeng Artanti bendarane timur.

Dene ing meja makan dhapur, mbok Ginah uga wis nyawisi kanggo bojo lan anake, mung anggone padha ngombe wae sak wayahe. Ing dalem ageng nalika rama lan ibu Menggung lagi nikmati teh kanthi nyamikan pisang goreng, ndadak tilpun ing sisihe lenggah muni banter.

Wara Artanti sing isih lumah-lumah neng kamar gage njranthal metu, karo mapan lungguh gagang tilpun dicekel. Tumuli :

?Halo ….. ya … ya …. saya sendhiri. O iki jeng Janti ta ? Piye jeng ? Aku krungu jare wis rampung kuliahmu, kapan wisudha ?? Sauntara Tanti meneng, embuh swara saka adoh kana sabanjure :

?O yoh… yoh tenan lho jeng … aku seneng banget. Gek enggal ya ! Sesuk bar wisudha, nek nganakke pista neng ndalem tak tunggoni. O yoh mengko tak aturke rama ibu. Dhaaaaag …………?

Tilpun di tutup njur nyedhak rama ibune karo matur :

?Anu rama ibu, jeng Janti ngaturaken sungkem kagem rama ibu. Piyambaipun criyos menawi sampun wisudha badhe mriki, syukur kepareng ajar mbantu wonten perusahaan.? Rama Menggung manthuk karo gumujeng, ngedikane :

?Ya terang pareng ya bune, apa meneh isih ponakan dhewe. Sesuk nek adhimu Janti pinter rak malah bisa nuntun kowe, Tanti.?

?Inggih rama, menawi jeng Janti wonten ngriki dangu, kula rak remen. Mangkeh saget ngajari yen kula sampun tatrap kuliah, lan temtunipun mbaka sekedhik kula saget mangertosi thek kliweripun perusahaan.?

?Adhimu Janti kuwi kuliahe njupuk apa ta Tan ?? pandangune

?Mendhet ekonomi rama, dados gelaripun mangkeh S.E.?

?O…. wah begja tenan aku sesuk yen dheweke ajar dagang neng kene, mesthi perusahaanku saya maju. Ha piye olehe ora ? Harjo mengko yen wis rampung mesthi baut tata buku, pinter ngatur dhuwit. Janti ahli ekonomi. Mula becike Tan, sesuk yen kuliah njupuka management perusahaan wae, dadi mengko sing nyekel dhuwit awak dhewe kabeh. Ya senajan Harjo mono mung abdi, ning rak wis kebatih, dadi ya dudu wong liya maneh.

?Tanti mung inggah-inggih nglegani pangandikane keng ramane. Wektu lumaku ora rinasa. R.A. Retno Harjanti sida ndherek ajar dedagangan bathik neng daleme rama ageng ing Laweyan.

Pancen, sawise biyen meruhi perusahaane keng rama agenge mekar ngrembaka, dheweke nduwe pepinginan bisa mbukak cabang neng ndaleme ing Bojonegara.

Kekarepan mau uga diaturake keng ramane yaiku K.R.T Projokusumo, lan penjenengane ya marengake. Mulane banjur dhawuh, sawise kuliah ngiras sinau langsung praktek, kadhawuhan ndherek rama agenge ing Laweyan.

Dhasar karep di paringi dalan, mula sawise wisudanan, Retno Harjanti terus budhal sowan rama agenge. Neng Laweyan tinampa kanthi bungah dening kulawarga Katumenggungan, luwih-luwih Wara Artanti.

Raharjo mung setaun kursus bon A lan bon B wis rampung, saiki nerusake kursus bahasa Inggris sing tingkat sandhuwure, lan nglanyahake omong langsung karo tamu-tamu manca sing padha teka ing tokone, blanja.

Mula ora mokal, senajan ing kursusan ngulinakake bahasa Inggris karo gurune, Harjo sok klinthong-klinthong dolan ijen neng papan-papan wisata sing akeh tamune manca, mung saperlu ngetes awak, bisa tenan ora omong-omongan karo wong manca.

E lha, kok malah njur nduwe kenalan kanca kenya-kenya bule, sing banjur akrap lan di jak neng toko bathike. Ora wurung ya nglariske tokone. Ngono mau saya gawe renane rama Menggung sekalihan.

Jroning penggalih rama Menggung rumaos marem lan mongkok, ora ngilang-ilangake anggone nggulawenthah lan ndhidik wiwit cilik. Semono uga Retno Harjanti, srawunge karo Harjo luwih bebas lan caket, malah yen gojeg sok nganti nggablok apa njiwit wis ora sungkan-sungkan maneh.

Rasane minangka bendara lan abdi kaya-kaya wis ora katon, awit yen ing ngarep umum Retno Harjanti mesthi nganggo basa Indonesia. Gelem ora gelem Harjo ya mung ngetutake uga nganggo bahasa Indonesia.

Dene yen ana ngarsane rama Menggung, tata kramane jangkep, basane ya ganep, gawe gumune karyawan-karyawan liyane. Aluse bebudene, becike budi pakartine, prasajane, gawe seneng sok sopoa. Luwih-luwih Wara Artanti, batine saya mantep, embuh mengko dalane, dheweke bakal nelakake tresnane neng anake abdi kinasihe kuwi, sawise rampung sinaune.

Yen weruh anggone gojeg adhine nak sanak karo Harjo, rasane Artanti kaya piye…. ngono. Ana sapletik ati samar, gek-gek Retno Harjanti naksir karo Harjo. Awit biyen selagi Harjo durung pinter kaya saiki wae wis ngalem, apa maneh saiki ? Pokoke Harjo biyen, wis beda banget karo Harjo saiki.

Olehe padha gumun maneh, dene anggere ana tamu bule mesthi nakokke Harjo ? Jare mbiyen nalika nonton Candhi Prambanan, Borobudhur lan Kraton Yogya ya Harjo kuwi sing ngeterake.

Ateges Harjo ya sok nyambi dadi guide. Wah … wah…, mula ora mokal yen wis akeh kenalane wong manca. Harjo pancen ngakoni menehi alamat ing toko bathike, ning dheweke ya jujur yen mung salah sawijine pelayan ing toko kuwi.

Ya merga saka andhap asore kuwi, kabeh kancane padha tresna lan ngajeni. Urmate para karyawan perusahaan batik, ora mung sekedar kaya sing dipercaya karo juragane, ning wis kaya karo sing duwe utawa juragane dhewe. Dene Retno Harjanti ya njur dha di kenal, awit rama Menggung ya ngendika karo sapa wae, yen kuwi isih putra ponakane piyambak.

Mangka Retno Harjanti sikape karo sapa wae ya mersanak, grapyak ora mbedak-mbedakake marang siji lan sijine. Retno Harjanti ya terus terang, yen ana Laweyan kuwi ya ajar utawa sinau. E ….. sapa ngerti mbesuk bisa tiru-tiru kaya keng rama agenge, ngedegke perusahaan batik.

Wiwit Retno Harjanti ana Laweyan, Artanti tansah takon werna-werna, sing kabeh diwangsuli dening pernah adhine kuwi kanthi apa anane, ning malah bisa gawe mareme atine Wara Artanti. Kena diarani, yen saiki ya adhine kuwi sing kena kanggo curhat yen ana bab-bab sing marahi sumpek atine Artanti.

Merga saking cocok mungguhing ati lan panemune, sedulur loro mbakyu lan adhi nak-sanak kuwi wis ora ana barang wadi maneh. Malah nalika arep mapan turu, Artanti mara neng dhipane Harjanti sing tunggal sekamar kuwi karo kandha :

?Jeng Har, bengi iki aku tak bubuk sak dhipan karo kowe ya ??

?Tikna kuwi ana apa mbak ??

?Ah ya mung arep crita wae, jeng, ben luwih tumanja lan bebas.?

?Ha mbok iya, malah nek perlu, awake dhewe sadhipan terus rak ya ora papa ta mbak ??

?Ya aja, jeng, turu kuwi ya butuh nggon longgar lan nyaman, ben awak bisa istirahat tenan.?

?Bareng Wara Artanti Wis ndhisiki turon ing dhipane Harjanti, adhine ya njur nusul turon ing sandhinge karo takon :

?Wis mbak Tanti, arep crita apa tak rungokke ??, kandhane Harjanti.

?Ngene jeng, aku tak takon ning aja nesu, lan ya wangsulana kanthi jujur ya!?

?Wista mbak gek to the poin wae, aku selak ora sabar je.?

?Yoh … yoh … jeng, saiki aku tak takon, piye perasaanmu yen karo Raharjo kae ??

?Piye sing piye mbak ?, aku ya tetep seneng karo dheweke. Lha piye, bocahe pinter nyambut gawe apa wae, neng perusahaan iki mumpuni, wasis golek pembeli, nggantheng, apik bebudene. Sapa sing ora seneng kerja sama karo dheweke ?? Wangsulane Harjanti canthas.

?Iya jeng, kuwi aku ya ngerti, ning sing tak karepke. Mbiyen jeng Janti rak wis tau kawetu karo aku ngene : Umpama bocah kuwi sekolahe dhuwur, tur dudu abdimu mbak, suk nek wis gedhe aku ya gelem kok. rak ngono ta kandhamu ? Mangka Harjo kuwi sekolahe rak ya mung tekan S.M.P. Hara nek saiki rasamu piye jeng ??

?O …. kuwi ta mbak, wah nek saiki lan biyen wis seje critane mbak. Biyen kuwi sekolah dhuwur (kepinteran), syarat utama kanggo sangu urip. Dene nek saiki bali nginguk wektu sing wis kawuri, ora ana gunane mbak. Senajan Harjo mung tamatan S.M.P. ning kanggo golek kamulyaning urip wis ndalan. Dheweke pinter, gelem makarya apa wae, srawunge jembar gek sangu bebuden sing becik. Sapa sing ora seneng ? Upama mbak, aku iki wis seneng nduwe bojo, ora isin kok aku nyedhaki Harjo, senajan kuwi mung abdimu. Semono mau, yen Harjo dhewe ya durung duwe sir-siran.?

Glong … atine Artanti lega krungu kandhane pernah adhine mau. Dadi Harjanti yen gojeg kliwat kae ya ora ana apa-apa tenan. Winates ing kekancan. Mula sawise padha meneng-menengan sawetara, Artanti takon :

?Dadi kanggone jeng Janti, upama awake dhewe kuwi mbesuk mbangun brayat karo wong sing kaya Harjo kuwi bisa ya, jeng ??

?Yen panemuku bisa, mbak, ning ya kuwi, wong tuwane dhewe sing jare isih darah biru kuwi, isih nggegegi banget karo sing jeneng bobot…. bibit …. bebet.?

?Wah …. apa kuwi, jeng ?

?Ngertiku ya mung winates kok mbak, nek bobot kuwi nggon bandha (materi) timbang saka wong tuwane bocah sakarone.

Bibit wis ngarani, nek trahing ngaluhur yen golek besan ya sing kudu padha trahing ngaluhur.

Dene yen bebet (kampuh) kuwi ageman utawa busana (tindak tanduk, budi pekarti). Mulane ana paribasan sing unine : ajining sarira iku saka busana. Piye wong arep kajen karingan, yen kelakuane utawa pakertine ala ?? Retno Harjanti nguwisi anggone nerangake njur ngekeb mbakyune karo kandha :

?Wis kana mbak, bali neng ndhipanmu, aku wis ngantuk, sesuk mundhak kerinan.? Wara Artanti tangi ngesun adhine karo kandha : Trims ya, jeng, sesuk crita maneh, saiki aku tak mapan.? Sadurunge mapan turu, Tanti tangi ngganti lampu tidur, njur mapan ing dhipane sangu ati bungah.

Ana Candhake



?

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>