Ketemu Suwiraning Daging (Bag 01)

Ketemu Suwiraning Daging (Bag 1)

Ing kampung Laweyang Sala, sapinggiring dalan gedhe, ana omah gedhong magrong-magrong cakrik kuna sing isih banget endah lan kopen. Pendhapane joglo jembar gilar-gilar, tinatan meja kursi ukir kuna rong setel sing isih gilap pliture, nandhakake yen kopen panggrumate. Ngarepan pendhapa tinanduran wit kepel lan sawo kecik sing wite wis lumayan gedhene, tandha yen wis taunan panandure, utawa wis tuwa umure. Ya ora mokal, awit omah mau kagungane priyayi luhur, sing isih trahing kusuma rembesing madu, kusuma sing asline saka Banjarnegara. Dene asmane priyayi luhur sing saiki sinebut darah biru mau, ora liya Kanjeng Raden Tumenggung Widyodiningrat.

Dhek biyen ngastane ana ing Kantor paniti kisma, kagungan dalem Kraton Kasunanan ing Surakarta, saiki wis purna tugas utawa pensiun.

Ya bareng wis pensiun iku, panjenengane banjur bukak perusahaan bathik ing daleme sing jembar iku. Wiwitan, tenaga sing mbathik ing daleme ya mung ana ibu-ibu watara sepuluhan, ning bareng saya akeh pesenan, tenagane uga saya tambah-tambah. Kabeh sing wis padha tau mundhut ngalem, yen bathikan dalem Widyodiningratan alus lan ngremit.

Rama Menggung, ngono yen wong-wong padha ngaturi, mung kagungan putra siji sing banget sulistya ing warna, yaitu Raden Ajeng Wara Artanti. Nalika keng Ramane pensiun, jeng Tanti lagi ana klas telu S.M.P.

Mbok menawa wae, mbiyen Rama Menggung iku wis lungse yuswane nalika krama. Kanyata Rama lan Ibu Menggung, banget sungsate mungguh kahanane fisik lan yuswane. Pidhane kaya bapa karo anak. Ning rehne padha dene trahing ngaluhur, Ibu Menggung banget setya lan baktine marang kakung.

Ibu Menggung sing nalika timure asma RA Retno Windarti asli Sala mau, kagungan abdi sing anggone ndherek wiwit isih enom yaitu mbok Ginah jenenge.

Biyen abdine ibune, ning bareng RA Retno Windarti kuwi kapundhut garwa Rama Menggung, mbok Ginah banjut kaparingake putrane, ganti ngabdi Raden Ajeng Retno sing saiki dadi Ibu Menggung Widyadiningrat ya, keng Ibune jeng Wara Artanti kuwi.

Tresnane mbok Ginah marang Bu Menggung bendarane kaya marang awake dhewe. Dhasar dhek cilik ya meh babag umur-umurane.

Sareh ne Rama Menggung kuwi kagungan abdi kinasih lanang jeneng Darno, mula saka kersane Rama Menggung, Ginah dijodhohake karo Darno sing padha-padha ngabdi ing Katumenggungan kono.

Gandheng lelorone ya tir padha irenge, sir padha tresnane, mula ya mung sendika nderek kersane Rama Menggung. Ginah lan Darno, wis dianggep kula warga dhewe. Digawekke omah neng pernah mburi dalem Ketumenggungan. Entuk setaun Ginah lan Darno bebrayan, dening Gusti kang paring urip pinaringan momongan lahir lanang, dening Rama Menggung diparingi jeneng Raharjo.

Bayi uga dimong lan di gulawenthah mbok Ginah ing dalem Katumenggungan kono. Mesthi wae, dening Pak Darno lan mbok Ginah ya dingertekake wiwit cilik, yen Raharjo mono mung jejere anaking abdi, sing kudu ngerti wates-watesing pasrawungan antarane bendara lan abdi.

Tansah diwarah basa, tata krama, unggah-ungguh lan pakarti luhur. Nganti telung taun RA Retno Windarti di garwa Rama Menggung, lagi pinaringan putra miyos putri sing diparingi asma Wara Artanti.

Kabagyan, kamulyan, sing diraosake Rama Menggung Widyodiningrat tanpa upama. Dhasar garwane enom, sulistyo tur bekti ing kakung. Mangka saiki pinaringan momongan, minangka pratandha wohing sih trasna kang wis pinatri, wujud putra.

Oh ……. penggalihe senajan wis kaduk sepuh ……, yen nyawang garwane kaya-kaya semangate bali kaya nalika jaka kumala-kala. Kebak gregeting asmara sing tanpa pepindhan.

Marang garwa lan putrane sing isih bayi, kaya wegah yen nganti ginggang sarikma. Kepingine mung tansah cecedhakan nengganani. Gegambaran endah ing dina mburine bakal kasembadan.

Ya putra iki mbesuk sing bakal nerusake sejarah sugenge minangka pewaris Katumenggungan. Saiba luwih mulya lan bingahing penggalih, saupama jabang bayi keng putra mau miyos kakung.

Oh …….. ning kabeh mau mung saderma nampa lan nggadhuh, jer kabeh mau kersane Sang Maha Kuwasa . Rama Menggung njur mesem kalegan.

Ya merga anane keng putra mau, semangate makarya ngajokake perusahaan bathik saya nggrengseng. Kwalitas saya di jaga, kesejahteraane para tenaga banget di gatekake. Mula ora mokal yen perusahaan bathik Widyodiningratan sing senajan lagi wae madeg, barange wis kawentar, lan pesenan saya ndledeg.

Ibu Menggung sing tansah diwulang wuruk dengan garwane, benget olehe nggatekake. Sing wusanane suwe-suwe ya dadi pinter. Malah yen putrane meneng, Ibu Menggung nyoba nyipta / nggambar bathik sing tuwuh saka penggalihe dhewe, sing ora mung nyonto utawa tiru-tiru.

Mbok Ginah sing mung abdi ya diajari, apa maneh Harjo saiki wis umur limang taun, wis bisa di utus ndolani bendarane timur ya jeng Wara Artanti.

Gandheng wiwit cilik tansah amor sadolanan, kekarone dadi akrap, kaya siji lan sijine padha dene mbutuhake.

Raharjo sing wis rada nalar kuwi, yen momong bendarane, kaya momong adhine dhewe. Kabeh mau ndadekake renane Ibu Menggung sing tansah ngulati putrane. Mbok Ginah jejere abdi kang setya, tansah sandika dhawuh. Eling-eling yen kabegjane uripe ya mung gumantung bendharane kuwi sing dadi lantaran.

Mekar ngrembakaning perusahaan batik Widyodiningratan ing kampung bathik Laweyan, kanyata akeh tamu saka negara manca sing yen mangsa liburan teka ing Indonesia, padha teka lan blanja.

Saiki tugase mbok Ginah mung leladi Rama Menggung sagarwa putra, dene sing masak wis ana abdi liya. Tukang masak kanggo para tenaga lanang wadon kang ora kurang saka rong puluhan. Harjo saiki wis mekar dadi jejaka cilik lulus S.M.A, dene RA Wara Artanti lagi tamat S.M.P arep mlebu S.M.A.

Kekarone ora mantra-mantra yen bendara lan abdi. Ngertine wong-wong, yen kekarone wis wawan gunem. Sing putri ngoko nyebut Kakang, dene priyane basa alus yen ngundang nganggo embel-embel ndara jeng. Bocah loro makarya bebarengan jroning dalem Katumenggungan.

Rama Menggung pancen ora mbedak-mbedakake, ngelingi lelabuhane mbok Ginah ya mbokne Harjo lan Darno sing olehe ngabdi cecilklu wis wiwit prawan lan jaka ana ing Katumenggungan. Dening Rama Menggung, Harjo ditari, kepingin neruske kuliah apa trima njupuk kursus. Harjo matur yen arep ajar nyopir ben bisa ngrewangi bapakne makarya.

Pancen, Darno ya bapakne Harjo mbiyen di kursusake montir, sawise banjur di cekeli mobil sing banjur bisa diutus ngeter-ngeterake dagangan bathik marang para langganane.

Papinginane Harjo dikeparengake, saiki neng ngendi-ngendi Harjo katut bapakne. Kejaba ben ngerti ngendi pelanggan sing kudu disetori, Harjo ya karo diajari setir dhewe dening bapakne.

Pawitan ati seneng lan karep, durung nganti rong sasi Harjo wis trampil. Saiki pancen kudu kursus, ben gerti tenan bab mesin, supayane yen ana kerusakan bisa diatasi dhewe.

Sawise rampung kursus, Harjo saiki wis ora kudu karo bapakne, ning setor neng para pelanggane cukup dhewe.

Rama Menggung marem mirsani Raharjo anak abdi kinasihe, sing cepet ngerti apa wae kuwi. Peparinge dhuwit saka Rama Menggung sekalihan, tansah diwenehake mbok Ginah mbokne, supaya disimpen. Dene awake dhewe mung trima ngesaki sedhiyan kanggo leren ngombe utawa jajan neng paran. Awit pendhak esuk, kabeh mobil sing kanggo kerja wis dikebaki bensin dening tenaga perusahaan kono.

Darno bareng saiki tugase wis ditandangi anake, kersane Rama Menggung mung ngopeni dalem Katumenggungan lan ngawasi sing padha nyambut gawe.

Percayane Rama Menggung lan garwane marang Darno sak anak bojone kaya marang batihe dhewe.

Mula ya bener, senajan karo wong liyan ndrayan, ati mono yen wis cocok merga linambaran ketulusan lan kejujuran, bakal nggawa kabagyan mungguhing saka pihak lelorone. Kosok balen, becik sing mung lamis lan mawa pamrih, racake mung sagebrayan lan ora bakal langgeng.

RA Wara Artanti saya diwasa saya tambah kasulistyane, dhasar saiki wis baut ngadisalira, sarwa katurutan ing samubarange. Keng Rama Ibune kasok tresnane marang putra-putrine sing mung ontang-anting kuwi. Penggalihe Rama Menggung tansah ayem tentrem, awit senajan mung putra siji, anane Raharjo anake mbok Ginah, mrantasi samubarang thek kliwering Katumenggungan.

Harjo uga ndherekake putrane yen tindakan, marahi sinau, sasat kerepotane jeng Artanti dadi tugase Raharjo.

Senajan turun wong pidak pedarakan, yen disawang saka tindak-tanduke sing tansah alus lan mranani, wong ora ngira yen Raharjo saora-orane isi sentara Katumenggungan. Gek rupane ya sembada lan jenthara.

Mekaring kadiwasane bocah loro iku, sing umure kaya dene kakang adhi, siji lan sijine ketuwuhan rasa seneng lan tresna.

Dhek biyen pancen kaya tresnane kakang marang adhi utawa bendara neng abdi, ning suwe-suwe kanthi ora rinasa, ing atine ketuwuhan rasa tresna ing antarane jalu lan wanita.

Iki pancen kodrate ngaurip sing pinaringane dening Gusti marang kabeh umate. RA Artanti yen nyawang Raharjo ora jeleh-jeleh, dijingglengi dimatake saya suwe saya katon ngganthenge.

Semono uga Raharjo. Kanthi nyolong-nyolong singsene bendarane, jroning dhadha ana rasa gumludhuk yen ndulu kasuslistyane bendarane sing pindha dewi Ratih iku. Oh ………. iba begjane mbesuk sing kagungan, ngono batine.

Raharjo pancen dina-dina tugas njaba ngeterake dagangan neng toko-toko pelanggane, mangka kerep-kerepe neng luar kota, dadi baline mesthi wis sore.

Ora koyoa bungahe Wara Artanti yen Raharjo wis bali. Biyen apa-apa mbokne sing ngladeni, ning saiki Wara Artanti sing ribut njupukke apa-apa, kanthi pawadan ewang-ewang mbok Ginah abdine.

Ana Candhake

?

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>