Bodronoyo Mbaleke Alam Nyata

?

Bodronoyo Mbaleke Alam Nyata

Ing wayah sore, ki dhalang Cermo Carito, lungguh ing lincak ngarepan papane jagongan lan ngisis karo bojone ing saben ndinane.

Nalika nyi Cermo ana pawon nggodhog wedang, ki Cermo lingguh ijen, pikirane adoh tumlawung, kelingan kanca rombongane golek pangan jaman biyen. Kaya dene ki Dipo Jenggot pengendhange sing gamben, waranggana nyi Mumpuni sing cengkoke nggregetake, Waldikun tukange ngegong, sing kabeh mau wis padha tinimbalan marak ana ngarsaNe Pangeran, kanthi umur sing kaya-kaya durung mangsane pinundhut.

Dhek jaman semana, ki dhalang Cermo durung kondhang kaya saiki. Tanggapan isih arang-arang banget, merga wong-wong racake yen nanggap padha milih dhalang sing wis kawentar.

Ora mokal yen kahanane ki Cermo sak wiyagane isih mrihatinake banget. Beda karo saiki, sawise ki Cermo nyantrik dhalang kondhang ki Mantep Sudarsono, sing nyata-nyata mumpuni ing sakabehe, ki Cermo njur wiwit payu. Malah saiki, sasat sesasine ping telu ping pat entuk tanggapan, luwih-luwih yen sasi becik.

Nalika Nyi Cermo ngladekake wedang, bojone isih ketok nglamun njur gage disapa :

?Lungguh ijen kok ngalamun kuwi mikir apa, Ki ?? Ki Cermo kaget karo gragapan wangsulane :

?Anu Nyi, mikir kanca-kanca bala niyaga sing wis padha ora ana. Mangka dhek semana kahananku rak isih prihatin, durung kaya saiki. Kae pesidhenku Mumpuni kae, nek saiki sewengi limang atus wae, akeh sing gelem. Mangka dhek semana nek aku payon, tak ulungi dhuwit seket wae bungahe ora jamak. Durung sing Pak Dipo Jenggot, Waldikun. Ah … upama saiki isih urip rak bisa ngrasakake jaman kencana rukmiku. Ya merga kahanan awake dhewe sing saiki sarwa keturutan kuwi Nyi, njur gawang-gawang bala niyagaku kumledhang ing padoning netra.? Kandhane ki Cerma ngesah.

?Wis ta ki, kabeh wis kersane Pengeran kudu ngono. Becike dilalekake, mikir sing bakal dilakoni wae. Kuwi wedange nasgithel gek ndang di unjuk ben kumepyar.? Kandhane Nyi Cermo ngelingake bojone ben ora nerusake olehe ngalamun.

Lagi wae Nyi Cermo ninggalke sing lanang mlebu pawon ngrampungke olehe asah-asah, ndadak ana mobil kijang mlebu pekarangan, mandheg neng latar.

Sing numpak mung priyayi siji ndhil pakeyane bregas, banjur mertamu neng omahe ki Cermo. Bareng wis dilenggahake lan lage binage, tamu mau banjur ngandhakake wigatine sowan, kandhane :

?Ki dhalang Cermo, sowan kula mriki sepisan tuwi kasugengan, dungkap kaping kalihipun, kula dipun sraya sedherek-sedherek kula saperlu ngaturi ki dhalang, supados Minggu ngajeng dinten Kemis Wage malem Jum?at Kliwon, ki dhalang kaaturan rawuh griyo kula dhusun Sala Kumunci ingkang saperlu nggelar ringgit purwa kanthi lampahan Durga Murba. Mekaten menggah wigatosing pisowan kula.? Bareng wis mikir-mikir sedhela, ki Cermo kandha :

?Nyuwun ngapunten, nak mas, selami kula dados dhalang, kadosipun kok kula dereng nate mireng lampahan punika. Mbok menawi nak mas sampun pirsa caranganipun, kula malah dipun paringi pangertosan sekedhik, mangkeh kula garapipun.?

?Ah kula piyambak mboten ngertos, ki, namung welingipun sedherek-sedherek kula, paraga utawi ringgit Durga kedah dipun menangaken kaliyan sinten kemawon. Semanten ugi darah Pandhawa kedah saget karangket ing lampahan punika. Sedherek-sedherek kula ugi weling, puna kawan mboten usah dipun wedalaken, langkung-langkung Semar utawi Bodronoyo. Bab prenesan utawi dhagelan mangga sak maremipun, kepara saru-saru sekdhik mboten dados punapa, malah punika ingkang sami dipun remeni.?

?Ki Cermo Carito ngrungokke kandhane tamu sing arep nanggap, krasa gumun, njur mengko piye anggone bakal mbeberake lakon sing aneh kuwi. Lagi mikir-mikir ngono kuwi, tamune wis ketok nggogohi sak, ngetokake amplop banjur digegemake ing tangane ki Cermo karo kandha :

?Ki, minangka kekahing pirembagan, punika wonten arta sawetawis, dene sapunrnaning pagelaran, panjenengan taksir badhe dipun tambahi malih.? Ngono kandhane tamu mau.

?O … inggih matur sanget nuwun. Ning nak mas, gandheng dhusun lan dalemipun kula dereng mangertos lan dereng nate mireng, lanjeng anggen kula sowan mrika kados pundi ?, mbok inggiha dipun paringi alamat utawi kartu nama.?

?Wah mboten usah, ki, saenipun kula papak kemawon dumugi dalem ngriki.?

?Lajeng anu ….. nak mas, ubarampe kados dene, ringgit …. gangsa, pesindhen sak niyagaipun kados pundi ?? Pritakone Ki Cermo neges.

?O sampun ta Ki, pokokipun panjenengan namung kantun rawuh, sedaya sampun dipun cawisaken … komplit. Waranggana lan niyaganipun sedaya pilihan, mboten badhe nguciwani.? Kandhane tamu mau ketok yen menyakinkan.

?Wow … yen ngaten inggih keleresan senget, kula mboten perlu manah menapa-menapa malih.?

?Rehning sampun cekap Ki, kula nyuwun pamit, gethaking dinten kula sowan mriki mapak ki dhalang.?

?Inggih … inggih … mboten langkung ndherekaken sugeng tindak.? Kandhane Ki Cermo. Saungkure tamu, Ki Cermo mlebu ngomah diruruhi bojone :

?Tamune kok cepet banget ta Ki, lehku nggodog wedang mung sepero ceret wae durung umeb kok wis bali.?

?Ya wis ora papa ta Nyi, wong wis kecekel butuhe. Iki suk emben aku entuk tanggapan malah wis dimanjeri.?

?Pira Ki ?? Sing wadon nanjih.

?Lha iki, kene dietung.? Nyi Cermo nginthil ngetutke sing lanang. Bareng tekan peturon amplop dibukak, dhuwit dietung wong loro, gunggunge ana patang yuta rupiah. Sawise padha pandeng-pandengngan gumun, Nyi Cermo cluluk :

?Manjer kok akeh temen ta Ki ??

?Ha ya embuh, aku mung saderma diulungi. Kuwi wae, suk bar mayang isih arep diwenehi.? Ngono Ki Cermo nirokke kandhane tamune.

?Umpamane ora diimbuhi Ki, iki rakya wis tanggapan dhuwur ta. Wong rata-rata klasmu ya mung siji setengah utawa rong yuta. Wis dianggep wae nek iki mujudake kaluwihan. Mbok menawa wae sing nanggap kuwi karo nadaran.? Kandhane Nyi Cermo.

?Bisa uga ngono, Nyi.? Sabubare nampa lan nyaguhi tanggapan tamu sing loma kuwi, yen bengi Ki Cermo merem melek, piye anggone arep nggelar lakon sing aneh kuwi. Denea Pendhawa kok dikon kalah karo bajobarat, utawa dhemit balane Durga ? Njur olehe ngalahake piye ? Mangka ora ana lakon Pendawa dipangan dhemit, Pendhawa mati lan … ah embuh sesuk tempuking gawe.

Pas dina kesaguhane kira-kira jam pitu, tamu sing methuk wis teka. Ki dhalang wis samekta, mula banjur budhal.

Mlebu mobil mak srebet …. mambu kembang telon. Ya lumprah wong malem Jum?at Kliwon. Ngono batine ki Cermo.

Mobil kuwi alus banget, kaya ora keprungu gerenge, ngerti-ngerti wis tekan plataran bawera. Pendhapane jembar gilar-gilar, ya papane sing arep kanggo wayangan. Njaba wong dodol kebak, bocah-bocah dolanan sing padha playon nambahi regenge swasana.

Ki Cermo tinampa sing among tamu banjur kairit mlebu ing panti bojana katuran dhahar. Ing meja pancen sarwa pepak dhaharan sing mesthi wae mirasa, ning ki Cermo wis kebanjur wareg mangan neng ngomah sadurunge budhal mau, dadi selera mangan blas ….. wis ora ana.

Pengine njur manjing ing papan sing mengko kanggo nggelar utawa mayang, perlune bisa nyamektakake wayang sing bakal kanggo jejeran kapisanan.

Ki Cermo banget gumun, dene wayange becik-becik, tatahan lan sunggingane ngrawit alus, nandhakake yen sing kagungan priyayi sugih.

Jam setengah sepuluh kawitan, ki Cermo mbedhol kekayon, tandha pagelaran wayang kapurwakan. Sing nonton jejel riyel gawe mongkok atine ki dhalang.

Jejer sepisanan, pasetran Gondolumayit, bethari Durga kasowanan bethara kala, para bajobarat, dhedhemit, engklek-engklek balung atandhak. Sing surasane padha gugat marang bethari Durga, denea kok tansah wurung anggone bakal mangsa para Pandhawa, sing sejatine klebu bocah sukerto.

Mangka ratu-ratuning dewa ya bethara Guru wae wis marengake yen kuwi dadi pangane para dhedhemit.

Sidane, bethari Durga nglilani para bajobarat di pandhegoni bethara Kala, nglurug menyang Ngamarta perlu arep mangsa para Pandhawa. Lengser pasowanan, mbudhalake para dhedhemit, banjur sinelan Limbukan.

Ki Cermo kelingan welinge tamu sing akon naggap, yen dhagelan sing saru-saru bebas, kepara wektune dipolake.

Jebul tenan, janji ki dhalang rada saru, sing nonton surake mbata rubuh, mangka ora ana pedhote.

Saking senenge nuruti penonton, nganti jam rolas Limbukan lagi rampung. Njur jam perang gagal (sepisanan) mengko rampunge ? Mangka yah mono durung kawiwitan. Ngono batine ki Cermo.

Adegan jejer Pendhawa ora kocap, ning ki Cermo mikir, yen digawe perang Pendhawa sing kalah kok ora wangun, mula critane satriya Pandhawa mung distrum dening para dhedhemit kuwi, critane para Pandhawa wis mlebu ing pakunjaran.

Saiki sing nonton wani muni pating brengok ngene :

?Wis Pendhawa gek di pateni !, dipangan !, dhalange rasah ngeman Pendhawa! Swara pakon ngono mau ambal-ambalan, ndadekke ki Cermo bingung. Bareng jam tangan wis nuduhake jam lima esuk, ning jam tembok ing sisihe mayang ndhuwur lawang, kok lagi nuduhake angka siji, endi iki sing bener ?

Pikire ki dhalang bingung … worsuh …… Nyawang nemburi weruh sing nyindheni Nyi Mumpuni, sing ngendhang pak Dipo Jenggot, lan sing ngegong Waldikun. Mangka kabeh mau anak buahe sing wis padha dadi jenat, tambah-tambah atine kuwur. Gek swara penonton saya mbrebegi kuping.

Kanggo ngedhem rasa lan pikir, ki Cermo ngetokke wayang Semar Bodronoyo. Ndhodhok cempala, Bodronoyo tumemplek ing kelir, dumadakan blencong lan kabeh lampu mak pet mati.

Kahanan dadi remang-remang saput lemah. Wayang sak gamelane, niaga, pesindhen, omah gedhong sing kanggo wayangan, penonton kabeh musna utawa ilang.

Ki Cermo rumangsa lingguh ijen ing omah los dawa. Bareng noleh ngiwa weruh kijing pating jenggeleg ing sajroning makam sing jembar banget. Papane lingguh mau mblasah godhong kluwih sing wis padha garing.

Ki Cermo meneng ndedonga, nyuwun pangayoman marang sing Maha Kuwasa. Atine dadi wening. Nuli nyawang papan liya, keprungu swarane motor liwat, Ki Cermo mara arahing swara, prayata dalan gedhe sing isih sepi.

Karo ngleremke pikir, ki Cermo ngadeg neng pinggir dalan, karo batine ngudarasa : Jebul aku ditanggap lelembut.

Sing ngundang aku kae, ngakune desa Sala Kumumci, tegese Sala kuwi cekakan saka tembung Sasana Laya. Kumunci tegese Kuncen. Dadi aku sewengi iki mau mayang neng brak makam Kuncen, nganggo godhong kluwih garing.

Ah….., tujune ora ana wong weruh. Yoh wis, aku isih matur nuwun, dene isih pinaringan slamet. Ngono batine ki Cermo.

Let sedhela ana taksi liwat di setop. Dikon ngeterke mulih. Saiki ki Cermo wis wening ora bingung maneh. Bareng tekan ngomah, dhuwit manjer limang yuta, mau bareng diwetokke saka lemari, dibukak saka wadhahe tas kresek, jebul bareng disuntak mung isi godhong nangka sing wis garing. Ewa semono ki Cermo ora gela, ning isih muji syukur ing Pangeran, dene isih tansah pinaringan bagas waras, slamet.

Tamat

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>