Kowe Mung Lamis

?

Kowe Mung Lamis

?

Wis ndak kirim segagang kembang putih

Marang sliramu tandha ngalah kanthi ati bungah

Pindha gendera seta kumlebet suka sasmita mungkul ing yuda

Pawewehmu kembang abang mbranang neng aku, minangka panantang

Puspita sing ngganda racun ngelingake perihe tatu lawas

Sing nganti kapan wae ora bakal bisa ndak lalekke

Saiki aku suthik ? aku emoh ? aku wis kamigilan ???.

Cikal pamitran sing mbok wenehake lan wis ndak tandur ing ati

Saiki bakal ndak sebrot ? ndak bedhol ? ndak buang

Sadurunge tanganmu kober kumlawe ngrumat lan nyirami

?

Swaramu memper swara gagak, rinungu neng kuping ora penak

Suka pralampita yen ing sisihmu ana bangke utawa pepati

Tekamu namur pepriman sing sejatine maling julig

Saka tutukmu mbrubul tembung manis manuhara kothong

Dadi gegaman anggonmu bakal milik kanthi apus krama

Tujune aku tansah sumarah ing pangwasaning Gusti

Sing tansah mirsani lan sing kagungan pesthi

Aku mung bakal ngetut lumaku lan ubenging jantra

Jer kita kabeh iki amung saderma, pindha paraga panggung sawetara

Toh urip kita iki bebasan mung mampir ngombe, sakedheping netra.

?

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>