Kanggo Anak-anakku Sing Ana Paran

?

Kanggo Anak-anakku Sing Ana Paran

?

Nok, le, kowe kabeh anak-anakku sing padha ana ing paran

Kowe aja padha nglalekake welinge bapa biyungmu dhek nalika biyen arep lelungan

Ing papan anyar ditansah ngati-ati ing samubarang aja lirwa ing penalaran

Pikiran sing wening aja gumampang percaya ing pangajak ing liyan

Merga yen nganti kleru langkahmu mung kowe dhewe sing bakal kapitunan

Awas lan waspada neniteni lan di bisa nyemak laku jantraning jaman

?

Iki tenan lho ngger, dipoma aja lali ngestokke welingku

Rowang becik sing tulus tanpa pamrih anggepen kuwi sedulurmu

Ben kena diajak rembug pikir senajan dudu kulit dagingmu

Sing akeh ndedonga eling ing Gusti supaya tansah kuwat imanmu

Sabar sareh yen mrangguli kahanan sing gawe ruwet pikirmu

Tansah syukura ing Pangeran ing kabeh peparinge sing tansah lumintu

Gawenen atimu tansah bungah, awit kuwi sumbering semangatmu

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>