Prabandari Muridku

?

Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh sing padha mbujang.

Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu neng kutha Kabupaten, dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.

Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing tansah dadi kawigatenku. Kejaba bocah kuwi ayu ning ya pinter, cepet ngerti yen diterangke. Ning ndhugale ……., ya ampun tenan. Yen rumangsa panemune bener, marang sapa wae wani …. klebu marang aku gurune.

Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak gawani PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon :

?Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ??

?O …. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost neng Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?? Pitakonku marang bocah kuwi.

?Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang dolan mrika ??

?Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus kuwi akeh banget?.

?O …. inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari K.O., aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku mlebu mulang klas III sepisanan, aku wis kasengsem karo citramu sing ayu ….. najan ndhugalmu ngluwihi bocah lanang.

Tenan ….. lagi entuk telung ndina saka olehku nggawani PR, Ndari wis teka neng kost-kostsanku ijen, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-re. Jarene durung dhong tenan nalika tak terangke.

Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng omahku. Mula kandhaku karo mapan lungguh ing kursi tamu :

?Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, sing kowe nganti ngerti lan bisa nggarap PR kuwi?.

?Inggih, pak?. Prabandari banjur ngetokke buku lan uga kertas orek-orek saka tase.

Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak contoni soal ngati telu, dheweke lagi mudheng tenan. Sidane Ndari njur takon:

?Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ??

?Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan kara kancamu, ning janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke?.

?Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garapipun piyambak?.

?Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe?. Sarehne aku wong kost, mangka manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa.

Dheweke uga maklum. Bareng dheweke pamit mulih, lagi aku ajak-ajak :

?Ndari !, nek ngelak metu jajan dhisik yuk karo aku ……, piye ??

?Ah matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya kemawon?.

Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing mrusuh kuwi.

Prabandari gage ngeculke gegemane, njur mberot mlayu marani motore, karo celathu :

?Ah …. pak Gunawan ….. kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak?.

?Aja ….. aja …. aja tenan Ndari ….. sorry nek ora dadi atimu?. Embuh krungu embuh ora, aku kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku dumadakan wae ana rasa gregeten ….. neng bocah kuwi.

Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur marahi mlorot wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride.

Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku ngglindhingke motorku mubeng-mubeng kutha Kabupaten. Nalika tekan lapangan kepener ana tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo toko Supermarket anyar, sing ketara akeh pengunjunge.

Motor tak inggirake banjur tak enggo lendhehan nonton tandhingan bal. Durung ana limang menit ndadak ing sisihku ana kenya ayu mlaku ijen aruh-aruh :

?Mirsani bal napa pak ?? Gupuh karo nyawang wong mau wangsulanku :

?Inggih …., lha punika badhe tindak pundi ?? Wangsulanku kanthi basa alus.

?Wih …. kalih muridhe kok basa ta pak guru ?? Kandha ngono, wong ayu mau mbukak kacamata lan nglorot sleyere sing kanggo kudhung, marahi aku njur ora pangling :

?Ya …… ampun kowe ta Ndari, arep menyang ngendi ??

?Badhe pados wedhak wonten Supermarket mriku, pak? wangsulane karo nggeguyu aku merga pangling :

?Kosik !….? kandhaku cepet-cepet, aku ngunci motor, bali nyedhaki dheweke.

Bareng dalan rada sepi, tangane tak gandheng tak sebrangke ora suwala. Tekan ngarep toko aku kandha :

?Kana ndang blanja, mengko tak tututi, aku tak njupuk motor dhisik?. Prabandari mung mesem karo manthuk-manthuk. Bareng motor wis tak titipke, aku gage mlebu toko nggoleki Prabandari sing lagi blanja.

Kranjang tak jaluk tak gawakake, aku mlaku neng mburine, jan …. kaya wong pacaran kae. Aku ndedonga, muga-muga aja nganti kepethukan kanca guru luwih-luwih muridku, mundhak neng sekolahan dadi rame. Tekan njaba aku nawani dheweke :

?Ndari !, aku bisa kok ngeterke kowe mulih?.

?Sampun pak, kula nyidhat margi namung celak kok saking ngriki?.

?Oya wis yen ngono, aku tak bali nonton bal maneh?. Kandhaku kanthi ati gela. Sabanjure, mundhak dina srawungku marang Prabandari saya raket. Sing marahi kabeh mau, ndadekke atiku GR. Kayane Ndari krasa, yen aku tansah nggatekke dheweke. Yen mripat padha dene pas tempuk nyawang, Prabandari mesthi mesem manis … banget. Atiku dadi gonjang-ganjing ndayani anggonku mulang ora bisa konsentrasi.

Nalika wayah ngaso, dheweke ora metu, ning ngetokke taplak rendan sing durung rampung saka tase, banjur nyikluk ngrenda. Aku nyedhaki banjur takon :

?Gawe apa Ndari ??

?Ndamel taplak meja, pak, budhe kula ingkang wonten Bandung dhawuh ndamelaken?. Aku ngiling-ilingi karo ndumuk njur kandha :

?Nek wis rampung, aku pesen gawekna ya Ri !? Kandhaku karo nyangklek neng cedhake :

?Wong priyantun kakung kok remen taplak ta pak, mbok mbenjang menawi sampun berkeluwarga utawi krama, kula kadho ta sampun, pak?.

?Ah …. andak ana sing gelem ta Ri, karo aku ??

?Ingkang purun nggih kathah ta pak, wong pak Gunawan ngganteng kok ?. Wangsulane Ndari karo nyekikik mandeng aku.

Aku eling yen ana njero klas, senajan ati isih kepingin cecedhakan, ning gage aku ngadeg karo kandha lirih :

?Suk aku tak golek sing ayu kaya kuwi ya Ri?. Pas aku tekan njaba, lonceng tandha masuk sing diunekake pak bon muni. Aku bali mlebu klas bareng bocah-bocah, tak delok Prabandari wis nglebokake rendane neng tase.

Embuh mung rasaku, embuh ya piye, ning janji tempuk panyawange, Ndari mesthi mesem, ….. esem sing kebak makna jero mungguhing atiku.

Mangka aku mono jejering guru, sing wajib digugu lan ditiru. Nanging kanggoku, unen-unen kuwi mung kaya ukara apalan endah sing wektu iki ora nyenggol atiku.

Meneng-meneng citrane Ndari muridku sing ayu pawakan bongsor kuwi, mundhak dina saya mundhak mlebu keket ing atiku. Piye ya, apa Ndari ya duwe rasa kaya rasaning atiku ?

Ah embuh … kabeh isih mujudake cangkriman sing batangane isih siningit. Bel bubar sekolah keprungu saka ruang klasku, bocah-bocah wis wiwit padha metu. Aku sendhen ana lawang klas, ngawaske murid-murid sing padha bubaran. Kaya padatan, Ndari angger liwat ngarepku, wektu kuwi ora mung mesem, ning mringis karo njarak mlaku mepeti karo nggone lehku ngadeg, kepara nyenggol-nyenggol lengenku.

Atiku mak nyes rasane, ning pikiranku njur kuwur.

Nalika aku ngawaske lawang regol sekolahan, aku weruh ana mobil sedan Starlet metalik. Ndadak bareng Ndari tekan latar, sopir sedan kuwi medhun methukake Ndari, njur ngrangkul karo ngesun, sing ditanggapi dening Ndari kanthi bungah.

Meruhi Ndari mbukak lawang sedan njur lungguh njejeri sopire, atiku mengkap-mengkap panas banget. Semprul tenan batinku, jelas kae mau dudu abdi methuk bendara, ning mesthi pacare Ndari. Wong bocahe resik tur ya bagus, gek umur-umurane ya sajajar yen karo aku. Oh…… atiku lara …. nrangkel …. ngrantes ….., ning aku ora bisa apa-apa.

Tekan ngomah, tas tak uncalake, tanpa nyopot sepatu, aku njur ngebrukake awakku neng dhipan. Batinku ora trima. Yoh Ndari, awas wiwit sesuk aku ora bakal nyaruwe …. nggatekke …. sudi apa aku mbok tandhing-tandhingake karo jaka bagus ?

Ya wiwit kuwi, aku mbudidaya ora nggape lan nggatekke Ndari. Yen aku ana klas ngadhepi bocah-bocah, aku ora tau ngawaske dheweke, yen pethukan nggiwar utawa mlengos, wis pokoke aku tansah ngedohi dheweke.

Senajan sejatine atiku nangis ….. sikapku sing ngene iki wis ana rong Minggu, embuh nganti kapan aku ora ngeti. Minggu sing katelu, wiwit dina Senen tekan Kamis Ndari ora mlebu, kancane uga ora ana sing padha ngerti, lan ya ora ana sing mamitke.

Dina Jum?at esuk, ing regol sekolahan ana sedan sing kanggo methuk Ndari dhek emben, sopire ya bocah bagus kuwi.

Diterke dening pak bon, bocah kuwi nothok klasku, sejatine aku wegah nemoni, ning piye wong iki tamu. Sawise aku metu cah bagus kuwi takon kanthi alus:

?Punapa leres pak, penjenengan pak Gunawan guru wali klasipun Ndari ?? Wangsulanku entheng :

?Inggih …. wonten punapa ??

?Anu pak, kula nyuwunaken pamit Ndari, piyambakipun wiwit dinten Minggu punika sakit, sapriki dereng mantun, ngantos mboten saget mlebet sekolah?.

?O …. inggih, lha penjenengan punika pernah punapanipun ??

?Kula pak ?, kula punika kamasipun Ndari ingkang wonten Bandung, punika pinuju libur?.

Dheg ….. atiku mak jleg …. . Aku wis salah sangka, wis nduga sing ora-ora. Gage wangsulanku :

?O inggih dhik, inggih, atur penjenengan sampun kula tampi?. Wusana bocah bagus kuwi njur pamit bali.

Bali gumawang citrane Ndari sing wis tak ewani nganti rong Minggu, atiku dadi welas lan mesakake banget. Aku rumangsa getun kapati, rumangsa dosa marang dheweke, dene kok wis gawe laraning atine.

Mesthi wae Ndari ya ora ngerti, geneya aku ewa marang dheweke. Jebul atiku sing keweden, yen nganti kelangan cah ayu Ndari.

Kamase ndak sengguh pacare. Pantes dhek ngrenda taplak kae jare sing weling budhene sing neng Bandung, mesthine ya weling kamase kuwi.

Rasane atiku njur notol banget, selak kepingin weruh muridku sing tak tresnani kuwi, lan yen perlu, aku bakal njaluk pangapura.

Wayah sore tangi turu ngaso awan, aku mara neng omahe sing wis diwenehi ancer-ancer cah bagus kamase Ndari, dhek teka mamitke kae.

Nalika aku uluk salam sing ngetoni ya kamase kuwi. Gupuh-gupuh anggone ngacarani tekaku :

?Mangga-mangga pak Gun, punika bapak ibu tindak arisan trah, kula ingkang kadhawuhan nengga adhik. Lha punika Ndari taksih ngaleleh wonten kamar petilemanipun. Dereng purun ma?em, pak. Mangga ta, pak , kula aturi ngendikani !?

Aku di ajak kamase, mlebu kamare. Ndak delok Ndari mblujur krukuban slimut rapet. Aku lungguh neng lingir dhipane. Kanggo wangun-wangun karo kamase aku takon :

?O inggih …., sampun tepang kok kula dereng ngertos asmanipun, penjenengan sinten dhik ??

?Kula Prabantoro pak, putranipun bapak ibu punika namung kalih, kula kaliyan dhik Ndari. Gandheng budhe ingkang wonten Bandung mboten peputra, mila sak rampungipun SMA, kula dipun dhawuhi nglajengaken sinau wonten mrika?.

?O ngaten ta, dhik? Aku ngedhongi kandhane karo manthuk-manthuk. Tumuli kandane maneh :

?Malah ngaten inggih pak, mumpung pak Gun lenggah wonten ngriki, kula ndherek nggriya sekedhap, badhe maketaken taplak rendan dhateng budhe ing Bandung, budhe rak remen sanget rendan garapanipun Ndari?.

?O inggih mangga dhik, kula ingkang tengga dalem?. Kandhaku bungah. Bareng swara mobil wis metu pekarangan, kemul sing kanggo nutupi raine Ndari tak bukak …, aku kaget. Merga raine Ndari sing pucet banget …. gek bareng ngelekke mripate, banget olehe cowong. Aku nyedhak nyangklek ing raine, karo kumlesik ing kupinge aku takon :

?Ndari, kowe lara apa ??

?Sakit manah? wangsulane cekak. Kandha ngono iku bali narik slimute krukup karo ngiringke awake ngungkurake aku.

Nalika bantale ketarik mingset, aku weruh buku harian cilik, sing sajake mau diseleh ing ngisor bantal.

Buku gage tak saut njur tak bukaki. Tekan halaman keri dhewe, sing cetha dina lan tanggale lagi dhek wingi ditulis, banjur tak waca sing unine ngene :

Wis rong Minggu, pak guruku nggantheng sing tak tresnani kuwi njothak aku, sing aku ora ngerti sebabe. Atiku susah, lara, semangat sinauku ilang, njur marahi aku wegah mlebu sekolah. Wusanane aku dadi lara nganti saiki. Yen sajroning lara iki dheweke ora ngaruhke, aku bakal metu lan pindhah sekolahan. Semono mau yen aku mari. Upama ora, tresnaku marang pak Gun, bakal ndak gawa mati.

Rampung maca mripatku nrocos ora kena ndak ampah. Ya ketang rasa welas, trenyuh, lan keduwungku sing mbangeti. Dhasar ngomah sepi, Ndari sing turu miring krukupan iku, kemule tak sebrot, aweke tak glebagake tak ruket kenceng karo kandhaku groyok :

?Ndari, apuranen aku ya, aku salah, aku kleru panerka, kamasmu tak arani pacarmu. Gek mari ya Ndari ! njur mlebu sekolah maneh, aku wis kangen banget?. Ndari nyawangi aku mencereng ning njur kaca-kaca. Dheweke isih tak kekeb kenceng karo tak arasi bathuk lan pipine, sarta wola-wali anggonku njaluk ngapura. Ndari njur takon lirih :

?Kok pirsa, pak ??

Aku gage nuduhake buku hariane. Dheweke mesem, senajan luh sing metu saka mripate mundhak deres. Aku kandha lirih tak tempelke ing kupinge :

?Ndari, gek mari ya !, njur mlebu sekolah, aku tresna kowe Ndari ! Ngati lulus SMAmu, nganti rampung kuliahmu, aku bakal setya nunggu sliramu Ndari, ketang gedhene tresnaku?.

Krungu kandhaku mau, Ndari nyawang aku tajem, banjur ngruket aku genti, ngati kuwalahan anggonku ambegan. Ngono mau nganti sawetara. Bareng keprungu gerenge mobil mlebu pekarangan, aku gage njranthal neng kamar tamu api-api maca koran. Let sedhela jedhul …. Toro wis bali njur kandha :

?Wah matur nuwun sanget inggih pak, malah tambah ngrepoti?.

?Ah mboten dados punapa dhik? wangsulanku bungah. Bareng wis omong-omong sedhela karo Toro, aku njur pamit mulih. Saka kamar tamu, aku kandha rada seru tumuju Ndari ing kamare :

?Ndari gek ndang mari ya, njur mlebu sekolah. Kanca-kancamu wis padha kangen?. Saka kamar ora keprungu swara wangsulan, ning atiku mesthekake, yen Ndari sedhela maneh bakal mari, waras saka larane.

Lumakune taun ora rinasa.

Ing wayah esuk, aku nglorot gas motorku, lakune gledhenganku pancen tak gawe lon-lonan ngiras ngresepi segere hawa esuk.

Arahku ngalor tumuju Kaliurang, ing mburiku ngethepel nempel geger mahasiswi tingkat telu jurusan sastra, sing undang-undangane Ndari. Ing driji manise rinengga kalpika pepacangan, kanthi ing njero inisial jenengku.

TAMAT

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>