Kabeh Karepe Manungsa

?

Kabeh Karepe Manungsa

?

Wis pirang-pirang ndina iki, senajan ing mangsa rendheng, hawane sumuk, neng awak rasane mriyang.

Yen tiba udan, dina-dina ngecimpreng, nggrejih, adhem njekut ra terang-terang.

Wah pancen wong mono ngewuhke kok, upama keturutan mono, karepe mung kepingin kepenak lan menangan.

Wektu iki srengenge ndhelik sesingidan, nganti kumbahan bebleg ra garing, ambune ra ketulungan.

Ning piye njur arep ngapa?, manungsa mono rak mung saderma, nyatane mangsa kuwi ya wis kaya padatan.

Seje karo manungsa, sing dha seneng ngawur, nerjang sarak nyingkiri bebener, nadyan sejatine ngerti yen nerak pranatan.

Ha ra ta manungsa kok kalah karo wektu lan mangsa, mangka nduwe nalar, budi, lan pikiran.

Yen urip iki mung arep ngetut kersane angga priyangga, ya kana urip neng wana, ngancani sato, ben ora gawe cilaka lan rugine kadang mitra.

Selagi tumindak ngati-ati wae, sok isih nemu rubeda, geneya padha seneng wuru? .. nglali, nganti ora eling purwa duksina?

Oh njur apa kang bakal tinemu neng anak putu mbesuk, yen kita kabeh iki isih seneng murka lan nguja hawa?

Mangka kita kabeh iki rak pinaringan budi merdika, mbok iyoa milih tindak becik lan utama, sing bisa gawe bungah lan mulyaning sesama, timbang tumindak candhala sing bisa gawe cilaka lan sangsarane pepadha.

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>