Jakarta

?

Jakarta

?

Nembe wae rampung ndak racik layang pamitan

Kang tumuju marang kadang mitra lan kabeh kenalan

Ninggal wong tuwa, sedulur lan desa papan kelahiran

Tumuju kutha gedhe sing kawentar sesebutan Metropolitan

Pingin aku ngumbara neng kutha gedhe sing dadi punjering pangomongan

Jarene neng kana gampang golek sandhang pangan

?

Nanging saiki senajan isin, aku kudu kepeksa bali

Neng kana ora ana wong sing gelem diajak memitran lan ngandhan-ngandhani

Dina-dina wong-wong kuwi mung padha mburu rejeki lan golek bathi

Wong sugih senajan mblegedhu ora bisa disambati

Tur ya maneh emoh lan angel dicedhaki

Merga omahe sing racake loji, dipageri rajek wesi sing bakoh lan mitayani

Oh kadang, aku bali mulih isih tetep mlarat bali kudhi, aja dipoyoki

?

Jakarta dudu papan sing nyenengake kaya sing padha dibayangake

Wong mrana sing mung sangu karep bakal kecelik, yen ora tahann mung bakal magang dadi kere

Sing sugih lan sing mlarat jomplang lan bedane kaya esuk karo sore

Mulane bareng wis tak pikir aku trima bali mulih wae

Kebon sawah sing tak tinggal mesthi nglentere

Pak ? mbok ? kowe wis tuwa … lerena ya !, aja nyambut gawe

Genti aku sing bakal kumlawe, nggarap kebon lan sawah dimen metu asile.

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>