Panjenengan Ingkang Kula Padosi

?

Minarni sewengi ora bisa turu, ngrasakake larane ing sakojur badane sing rinasa mundhak saya abot. Wis rong Minggu dheweke ngaleleh ing dhipan jroning gudhang, dhewekan. Mangan lang ngombene disangga juragane. Lagi wae mak ler…., bisa ngeremake mripate, mak jeglek lawang dibukak ngeget saka njaba. Bu Candolo mlebu. Tanpa ana rasa welas dheweke takon.

?Minar ! Sida kapan kowe ninggalake papan iki ? Kene iki dudu rumah sakit, dudu losmen gratis ! Wis telung sasi kowe ana kene ora bisa nampa tamu, njur rong minggu kowe mung mangan ana gudhang iki. Aku, Nar, aku sing ora bisa …., rugi !? Kandhane Bu Candolo karo malang kerik.

?Kula taksih sakit, Bu. Kangge mlampah kemawon taksih dereng kiyat. Kula semados sedinten kalih dinten malih, menawi sakit kula sampun radi entheng.? Wangsulane Minarni karo ngiyes-ngiyes nahan larane.

?Ning tenan lho ya kandhamu, sacepete kowe kudu enggal lunga saka omah iki.? Jenggleng …., Bu Candolo metu karo mbanting lawang.

Sapungkure Bu Candolo, Minarni bisane mung nangis. Kejaba nangis merga larane kumat, uga atine kelara-lara. Nangisi uripe sing cengkah karo gegambaran dhek semana.

?Dhuh Gusti, kawula nyuwun pangapunten. Kawula titah dosa, gesang kawula kebak ing kadurakan. Kawula nyuwun kiyat, nyuwun mantun saking sesakit kawula. Gusti, menawi sampun mantun, kawula sagah ndadosi gesang kawula malih. Gusti……, nyuwun kawelasan.? Minarni eling sembahyang, eling marang Gustine sing wis lawas ditinggalake.

Dina esuke, sawise diwenehi sarapan, kanthi sempoyongan Minar nata sandhangane, mas-masan lan dhuwit dilebokake ing tase. Atine wis manteb yen esuk iki dheweke bakal lunga. Risi karo Bu Candolo sing wis bola-bali anggone nundhung. Niyate arep neng Rumah Sakit dhisik sowan dr. Budi, dokter lengganane, saperlu nyuwun obat, bubar kuwi lagi mikir sapa-sapa mengko sing bakal dijujug. Bapak emboke wis ora ana, kari Lik Ijah, adhine bapake, wong ora nduwe, anake kemriyek isih cilik-cilik. Karo ngenteni tekane Bu Candolo saperlu pamit, Minar bali lumah-lumah ing peturon karo nata ati. Leng……, pikirane dadi ngambra-ngambra kelingan kabeh lelakon sing wis kawuri.

Sanadyan mung anake wong dhanyang buruh kasar, Minar sekolahe rampung SMU kanthi entuk ijazah. Wong tuwa kekarone klebu wong temen lan jujur tur enthengan. Tawakal manembah Gusti, pendhak Minggu neng Greja bebarengan. Mula ora mokal yen ditresnani tangga teparo. Lagi wae rampung sekolahe, Minar sing lagi mekar ngancik dhiwasa iku, ditinggal ngajal bapak emboke merga kena alangan, kesrempet bis nalika boncengan pit arep nyumbang sanak seje desa sing duwe gawe mantu. Kekarone ngajal sanalika iku uga.

Dhasar anak wadon ontang-anting, Minar sing wis lola iku nyambung uripe kanthi kabisan sing diwarisake embokne. Yen dikongkon tangga, pagaweyan apa wae ditandangi, sinambi ora kendhat gawe lamaran pegaweyan, e …. bokmenawa mengko ana panggilan. Jer kabeh mau mujudake pambudi daya kanggo nggayuh kamulyaning urip.

Wayah esuk meneri Minar menyang pasar, ketemu kanca lawas sing dhek cilik ubyang-ubyung bareng dolan. Mitri jenenge. Kakak kelase dhek ana SMU. Bareng lulus Mitri njur lunga menyang kutha, kabare payu nyambut gawe. Nalika ketemu, bocah loro kejaba salam-salaman ngadhakake keslametane, uga gablog-gablogan nandhakake olehe padha dene kangen, nganti lali yen ana dalan.

?Minar, piye kabarmu saiki ? wah ora ketemu sepira suwene wae, saiki kowe wis ketok dewasa lan tambah ayu,? kandha ngono Mitri isih karo nyekeli tangane Minar kenceng.

?Ya mung kaya ngene iki, Tri, saiki aku malah wis lola mangka aku durung cekel gawe sing gumathok,? wangsulane Minar karo tumungkul sedhih, kelingan wong tuwane sing wis padha ora ana.

?Kowe mono begja, Tri, nyatane saka panyawangku, saiki bareng wis nyambut gawe uripmu penak. Sandhanganmu becik lan penganggonmu mompyor.?

?Ah, ya mung biasa kok, Nar, nek saka rumangsaku ora ana bedane ya mung sithik, karang ya jeneng wis nyambut gawe gek cak-cakanku ngati-ati pisan. Dadi ya cumanthel kaya sing bok sumurupi iki.?

Bebarengan mlaku tumuju pasar, Mitri tansah nyritakake oleh-olehane nyambut gawe ana kutha, dene Minar tansah njinggleng anggone ngrungokake rumangsa ketarik banget.

?Nar, gelem pa kowe melu aku ? Mengko kowe daksuwunake gaweyan karo juraganku. Gaweyan entheng, ning dhuwite lumayan.? Kandhane Mitri karo nyawang polatane Minar. Dhasar prasasat wong kepetengan ditawani obor, mula gage olehe wangsulan.

?Tenane Tri, teneh aku seneng banget yen kowe bisa nggolekake pegaweyan kanggo aku. Wis ta gaweyan apa wae janji aku bisa, aku saguh.?

?Kandhaku iki tenan Nar, dak kira kowe bisa, mergane mengko rak ya nganggo dilatih barang. Ning ya kuwi Nar, nyambut gaweku kuwi kaya dene kontrak. Nek seneng lan krasan bisa terus, ning nek ora sajroning telung sasi lagi entuk metu. Dadi wektu telung sasi kuwi kowe bisa ngrasak-ngrasakake sumbut ora gaweyan lan pituwasmu,? Mitri nerangke.

Tanpa nganggo mikir dawa, Minar gage saguh, sajak ora sabar maneh.

?Wis, Tri, pokoke kapan kowe bali neng kutha, aku melu. Aku pengin ndhang nyambut gawe ben bisa kaya kowe,? kandhane Minar mantep.

?Minggu suk emben aku wis kudu bali kok, Nar, mula sadurunge pikiren sing tenan, dene nek iya kowe siap-siap, suk budhal bareng aku.? Rembug wis dadi, pas tekan pasar kekarone sowang-sowangan blanja kebutuhane dhewe-dhewe.

Dina Minggu esuk, bocah loro wis padha ana dalan gedhe ngadhang bis. Sajroning ngadhang bis, Mitri ngandhan-ngandhani Minar.

?Nar, senajan randha ning juraganku kuwi sugih banget mangka ora duwe anak. Omahe gedhong magrong-magrong cacahe telu. Sing ngarep dhewe kanggo losmen, dijenengi Losmen Arum Ratri. Mburine kanggo pondhokan wong-wong sing padha nyambut gawe ana kono, klebu bocah-bocah anyar sing kudu dilatih kaya kowe barang kuwi. Dene gedhong sing ana iringan, kuwi sing dienggoni juraganku karo rewang-rewange. Ya saka kono iku juragane bisa ngawasi losmen lan buruh-buruhe, liwat wong-wong sing dipercaya.? Mitri mandheg, nyawang raine Minar sing ketok nggatekake.

?Wah, durung-durung aku kok wis ana rasa wedi dhisik ya Tri, gek mengko aku ora ketampa. Aku rak mung cah ndesa, tur durung pengalaman.? Pengresahe Minar lirih lan lugu.

?Wis ta, aja samar. Cekake yen karo aku mesthi ditampa. Aku rak wis kandha, yen kabeh bocah anyar kuwi mengko dilatih dhisik. Mula welingku, kowe kudu tansah manut prentah lan aturan sing wis ana. Ora kena mbantah, lan kowe ora bebas sakarepmu dhewe. Kejaba yen kowe mengko wis tatrap nyambut gawe, lan entuk palilah saka juragane.?

?Mengko yen aku wis wiwit nyambut gawe, bisa amor karo kowe ora, Tri ?? Minar nanjih kepingin luwih ngerti.

?Ora Nar, tugasku rak ana njaba. Dakkira, yen kowe wangun ana losmen, ngacarani tamu sing arep padha nginep.?

?Mesthine rak ya isih ana sing bodho kaya aku ya, Tri ?? Pitakone Minar sing polos mung diwangsuli esem dening Mitri.

Bis sing padha diadhang liwat, bocah loro banjur padha munggah.

Tekan kutha, Minar dipasrahake Bu Candolo, ngono yen padha ngundang juragane dening Mitri. Sabanjure Minar pancen dipapanake ing pondhokan. Neng kono ana bocah anyar wolu, racake padha yen karo Minar. Sajroning rong dina, Minar sakancane sasat mung mangan turu, kanggo ngaso, jarene.

Nyandhak dina sing katelu, Minar sakanca diwenehi sandhangan anyar patang setel. Kabeh dikon njajal nggolek pase awake dhewe-dhewe. Emane, Minar ora ana sing seneng. Yen bahane pancen becik, ning potongane ? Sasat kabeh jigrang sadhuwur dhengkul, gek belahan dhadhane ? Oh …. lagi njajal wae wis risi. Ning priye, neng kono kudu manut sakabehe, ora kena mbadal prentah.

Dina candhake, isih esuk teka ing pondhokan sawijijing ibu sing menor pacakane, Bu Wingit undang-undangane. Ya dheweke iku jare sing arep nglatih. Sepisanan, bocah-bocah iku dikenalake karo alat-alat kosmetik, sabanjure ngresiki rai, molesake wedhak, celak, lipstik, lan sapanunggalane. Bubar iku njur ngadibusana. Jroning batin Minar gumun, kok mung bab dandan sing diwulangake, njur kapan olehe arep nglatih nyambut gawe ? Kanthi diwanek-wanekane, Minar takon marang Bu Wingit.

?Tugas kula benjing punika punapa nggih Bu, kula sarencang kok dipun latih ngadi sarira lan ngadi busana ??

?Neng losmen. Sing cetha kowe kabeh duwe tugas ngacarani tamu, kareben losmen laris. Mula kowe kudu latihan sing tenan, luwih-luwih kudu grapyak lan semanak, sugih guyu, lan gawe krasan sing padha nginep. Wis saiki rasah kakehan pitakonan, suk bakal ana dhewe wong sing nglatih.?

Ganep rong minggu Minar wis baut dandan. Jebulane dheweke moblong lan ayu dhewe tinimbang kanca-kancane. Bok menawa wis rinasa cukup anggone nglatih, esuk iki Bu Wingit wis ora teka, ning ganti ana tukang foto sing banjur njupuki gambare bocah-bocah iku siji-siji. Bubar iku tukang foto uga banjur lunga.

Ing wayah esuk Bu Wingit teka ngedumke foto sing dhek emben wis dadi. Kabeh gumun ndeleng gambare dhewe, sing luwih endah luwih apik karo sing nyatane. Jebul ora baen-baen dayane awak sing wis didandani. Sawise kabeh tutug lan marem nyawang fotone, Bu Wingit kandha :

?Wiwit mengko sore, kowe kabeh wiwit tugas ana losmen. Wis ana wong sing kajibah ngeterke kowe mrana. Ana losmen, golekana kamarmu dhewe-dhewe. Ing ndhuwur lawang kamar, wis dipasang foto-fotomu padha sing karo kok gawa. Dene sing bakal nglatih kowe nyambut gawe, mengko bakal teka, cukup kok tunggu ana kamar. Kowe kabeh mengko bakal ngerti apa tugasmu.? Tanpa ngenteni bokmenawa ana sing takon, Bu Wingit terus bablas metu ninggalake pondhokan.

Wis watara sajam Minar ana kamar losmen. Sinambi ngenteni wong sing dijanjekake arep nglatih nyambut gawe, Minar maca majalah anyar sing wis sumadiya ana kono. Durung rampung sajudul, kepurungu lawang kamar dithotok saka njaba. Gage Minar marani lawang sing ora dikancing. Nalika lawang dibukak, neng ngarep lawang wis ngadeg wong lanang setengah umur. Kanthi polatan sumeh, wong mau ndhisiki takon.

?Bener mbak, kowe Minar ? Bocah anyar sing lagi wae teka ??

?Inggih leres Pak, kula Minar. Lare enggalan. Punapa Bapak ingkang badhe nglatih kula nyambut damel wonten ngriki ?? Pitakone Minar alus.

?Bener Minar, aku sing bakal ngajari kowe. Ditepungake, aku Pak Dremba.? Maju selangkah karo ngulungake tangane, wong mau wis ana njero kamar. Tangan tinampan dening Minar. Cepet mbalik, lawang sing diungkurane ditutup jeglek banjur dikancing, kuncine disak. Minar mundur cepet mepet dhipan, aloke :

?Lho, Pak ! ….., panjenengan kok malah mlebet ? Kori kok dipun kancing ??

?Iya Minar, wengi iki kowe bakal dak ajari nyambut gawe. Nyambut gawe sing enak lan kepenak. Ngrasakake swarganing urip, necep kanikmating kadonyan. Kowe rak durung tau ngrasakake, ta ?? Kanthi guyu ngemu teges, wong iku nyedhaki Minar nyambi nyiwel pipi. Minar kaget kaworan wedi. Mundur saya mojok kamar, atine dheg-dhegan.

?Pak …., kula wonten ngriki badhe nyambut damel. Kula sanes lare nakal. Kula boten purun yen dipun camah. Mangga kori dipun bikak, kula punapa panjenengan ingkang medal ?? Pakone Minar kanthi swara groyok.

?Minar, ana kene tugasmu pancen ngladeni tamu, kaya dene aku. Bengi iki kowe wis dadi panguwasaku. Aku duwe hak tumindak apa wae marang kowe sakarepku.? Wong mau nyedhak arep ngrangkul pundhak, tangan enggal disampluk kanthi praupan mencereng kawetu tembunge kasar.

?He, wong lanang hidung belang, gelem bukak lawang lan metu saka kene ora? Yen ora, aku bakal njerit njaluk tulung !? Minar ngancam.

?Ha …. ha …. ha … !? Wong lanang iku ngguyu nggleges. ?Minar ngertia !, yen bengi iki kowe wis daktuku larang, merga jarene Bu Candolo, kowe isih prawan asli sing polos lan lugu. Mangka, ya kuwi sing tansah dak goleki. Nek kowe wangkot lan jaremu arep njerit, cobanen. Mangsa ana wong sing bakal tetulung, awit sing jaga kene kabeh wis padha ngerti. Mung kowe Minar sing durung mudheng, yen sejatine kowe wis klebu ing loropan dadi panguwasane germa sing ndagangake awakmu marang wong sing padha ngumbar nafsu.?

Krungu kandhane wong lanang Dremba, prol ……. kringet adhem metu byuk-byukan saka sarandhuning awake. Awak gemeter, sikil ngewel, pandeleng pet-petan. Krasa yen wis ora bisa oncat saka bebaya, awak kumleyang tanpa daya. Nalikane arep tiba, Minar krasa tinampan tangan prakosa, sabanjure Minar wis ora eling apa-apa maneh.

?Mbak Minar ! Tangi … ! wis awan ! Gek ndang bali neng pondhokan, kamar arep diresiki !? Panggugahe sing jaga losmen karo ndhodhogi lawang kamar.

Minar nglilir, awak krasa lara kabeh. Sandhangan sing dienggo wis bosah-baseh uwal saka awake. Kelingan kabeh kedadeyan dhek bengine, Minar angles, atine nangis kelara-lara. Gandheng selak didhodhogi saka njaba, cekat-ceket Minar nganggo sandhangane. Nalika metu lawang, karo ngguyu sing jaga losmen menehake amplop langsung digegemake ing tangane Minar, karo kandhane :

?Iki mbak, saka tamumu mau bengi.?

Kanthi amplop ing gegemane, Minar bali neng pondhokan, atine rontang-ranting. Neng pndhokan, sawise padha ngerti tugas apa sing kudu ditindakake, werna-werna polatane Minar sakancane. Ana sing ketok sedhih, suntrut, biasa, ning uga ana sing malah katon bungah lan ngguya-ngguyu.

Bocah-bocan krasa lan ngerti yen kapusan. Janji-janji arep diwenehi gaweyan dening wong-wong kang disebar Bu Candolo. Dheweke sing pasang tarip dhuwur, bocah-bocah cukup clepretane. Kanggone bocah ndesa, sing penguripane buruh-buruh tur kurang entuk panggula wenthah kautaman, ya njur seneng ngono wae. Nyambut gawe entheng, entuk dhuwit lumayan. Ning kanggone Minar, wiwitan rumangasa abot. Gandheng yen arep metu kudu yen wis telung sasi, lan merga pengaruh saka kanca-kancane, suwe-suwe Minar dadi biasa ngadhepi tamu. Apa maneh dheweke rumangsa dadi kembange losmen. Minar sing ayu, sasat dadi kembang lambe lan kekidungane para priya hidung belang, sandhung jekluk Minar sing ayu kuning. Tamu langganane tanpa etungan, kabeh njaluk diladeni Minar.

Ganep patang taun Minar dadi penghuni Losmen Arum Ratri. Kabeh kesenengan rumangsa tutug. Dhuwit, emas hiasan, sandhangan, meh saben dina tuku, paweweh saka bos-bos sugih sing padha gandrung.

Jeneng urip mono owah gingsir. Wis ana sesasi Minar kerep lara weteng, luwih-luwih janji bubar nampa tamu. Mula saiki kerep nolak , ndadekake Bu Candolo kerep nesu. Wis priksa dhokter ngolah-ngalih ning padha wae, janji obate entek, mesthi kumat. Keri dhewe neng dr. Budi, ahli penyakit dalam. Minar rada kisinan merga didangu dhokter ngene :

?Panjenengan nglampahi nakal, mbak ?? Pandangune alus neng nandhes.

?Inggih, Dhokter.? Wangsulane Minar lirih semu mlengos.

?Sampun dangu ?? Dokter nanjih.

?Sampun …. wetawis kawan taun, dhokter.? Minar mangsuli jujur.

Karo nerusake mriksa, dhokter dhawuh.? Saenipun kendel mbak, panjenengan sampun kenging penyakit ingkang mutawatosi, siphilis utawi rajasinga.?

?Siphilis, Dhokter ? Oh …..?

Sakala Minar nangis, atine kebak rasa wedi, was, lan sumelang sing mbangeti. Merga mens sing terus-terusan, wusanane dening Bu Candolo Minar dikon ngalih turune. Sing maune neng kamar pondhokan, saiki dikon ngalih neng gudhang, awor karo barang-barang sing ora kanggo. Merga wis ora bisa ngolehake dhuwit, bola-bali Bu Candolo ngakon Minar supaya bali ndesa, kanthi kasar, tanpa duwe rasa welas sithik-sithika.

Jeglek, lawang dibukak kasar, njalari lamune Minar dadi ambyar. Bu Candolo nggejejer neng tengah lawang, kanthi panyawang sinis. Kandhane :

?Minar, nek arep bali apa duwekmu kabeh gawanen, aja nganti ana sing keri!? bubar kandha ngono terus klepat, ninggal lunga kanthi lawang gudhang isih menga moblah-moblah.

Awak lara ketambahan ati sing ajur mumur, Minar ninggalake gudhang cukup pamit sing jaga. Kanthi laku sempoyongan tumuju dalan gedhe, Minar nyegat bis saanane, tekade angger bisa adoh saka kono. Bab mengko embuh dipikir keri. Wayah Asar, bis mandheg cedhak pasar ngundhunake pemumpang, Minar katut mudhun. Ndadak wetenge krasa kumat larane, mangka obat wis entek kawit dhek wingi. Tanpa mikir dawa, Minar mlebu pasar sing wonge wis mamring. Weruh amben dhasaran kosong, gage ndudut jarik saka tas, gloso …., tas isi sandhangan kanggo bantalan. Minar turon, larane krasa suda. Kegawa awak sayah, kena sumribiting angin sumilir, Minar keturon. Nglilir-nglilir bareng wis surup, gregah tangi lingak-linguk kahanan sepi nyeyet. Tas isi dhuwit lan mas-masan sing mau dikekeb wis ora ana. Ngisor amben dhasaran, tong sampah ing sisihe, ngisor uwuh dirogoh dibiyaki pranyata ora ana. Ati bingung kuwur, awak lemes. Bareng tita ora ketemu, Minar ngambruk ing amben, sambate ngaruwara. Dhuwit, mas-masan lan sandhangan kabeh ilang bareng sak tase. Saiki wis babar pisan ora duwe apa-apa, kejaba sandhangan sing tumempel ing awak lan jarik siji. Tangise nganti megap-megap, luhe prasasat wis asat, nggetuni kabeh lelakone. Kanthi lambe kedher Minar sambat-sambat eling marang Gustine.

?Dhuh Gusti, kawula tiyang dosa nyuwun pangapunten. Kawula nyuwun kekiyatan.? Ngono iku terus tansah dibolan baleni.

Ya wiwit wengi iku Minar kepeksa turu neng pasar iku. Yen wayah awan kanggo nyambung uripe, dheweke njejaluk lan nampani sihe wong sing padha welas. Apesing awak, wetenge Minar larane kumat, ngluwihi sing uwis-uwis. Pangrasane kaya wulanan, ning wetune getih sendhet tur kenthel gek ambune …., ya ampun….., Minar dhewe gumun, geneya ora kaya sabene. Sandhangan ora tau salin, jarik sing kanggo ubet-ubet wis ora rupa maneh. Yen Minar liwat, wong-wong mesthi mithes irung. Mula janji Minar nyedhak, racake padha nyingkang-nyingkang ngakon lunga, wegah karo gandane. Panandhange Minar saya tambah abot. Gandheng ana pasar tansah entuk panyia-nyia, Minar metu saka pasar, tekade arep ngemis wae turut omah, mesthine rak ya ana wong welas.

Awan iku panase sumelet, wiwit esuk durung ana wong sing aweh pangan, ewadene Minar isih duwe pengarep-arep mesthine mung durung. Bok menawa mengko ya ana wong welas sing gelem aweh pangan. Omah sauruting dalan sing didhodhoki, sawise meruhi kahanane Minar sing mambu lan njijiki, akehe mung banjur nguncali dhuwit receh terus nutup lawang. Rasa susah, lara, ngelih campur dadi siji. Saka lemese, Minar ndheprok neng pinggir dalan. Mripate bali teles dening luh, luh gegetun, tangis keduwung sing tulus saka jroning ati. Ngelingi rasane awak wis kaya ora kuwat, Minar ngeremake mripate mbaleni sembahyang, pasrah sawutuhe konjuk Gusti mungguhing uripe. Rampung sembahyang, nalika ngelekake mripati, Minar weruh ana jaka tanggung ing iring Greja. Dheweke mesthekake menawa iku koster. Karo krengkangan Minar ngadeg, kanthi laku sing sempoyongan dheweke marani prenahing regol greja. Tekan lawang regol bali sedhoprok maneh. Tangane grayahan nemu watu cilik banjur dijupuk kanggo nuthuki wesi lawanging regol. Sing lagi nyapu krungu banjur marani karo takon saka njero.

?Ngapa nuthuki lawang ??

?Tulung, Mas ! Aturna aku arep sowan Rama,? kandhane Minar memelas.

Koster anyar sing isih katekumen iku nyedhak arep ngengakake regol, ning bareng mak sentuk ….., ana ganda nyogok irung tur weruh sesawangan sing banget njijiki mau kandhek, ora sida bukak regol ning malah rada mundur. Karo kandha :

?Rama tindakan, kondure suk emben.? Bubar iku terus nggeblas lunga. Oh…., genea koster iku tanpa nduwe welas karo aku. Mangka sowanku mono mung arep ngaku dosa, kareben entheng sesangganing atiku. Ngono batine Minar. Tangise bali ambrol, sambate kajaba Gusti …. Gusti …. wis ora ana maneh. Kanthi sisa-sisaning kekuwatane, Minar nerusake laku, sedheka leren mandheg ngampet larane. Saka esuk tekan surup wetenge ora klebon pangan, gek gulune krasa salit garing. Pas tekan ndhuwur kreteg Ndanen, Minar nglumruk tanpa daya entek kekuwatane.

Wengi iku meneri rembulan ndhadhari. Ning gandheng kesaput mendhung mula pandhange dadi remeng-remeng. Nyawang bening lan kumriciking banyu kali, ngelake Minar saya mbangeti. Ning kepriye ? Dalan sing tumuju kali parenge dhuwur, mangka awake wis ora kuwat ngglawat. Bisane mung sambat, ?Dhuh Gusti….., kawula nyuwun kawelasan.?

Wengine sangsaya sepi. Saka sunaring rembulan, ing adoh sisih ngisor kana Minar weruh pawongan. Dene pawongan mau uga nyawang prenahe Minar. Tangane Minar ngawe pinangka aweh pratandha supaya wong mau nyedhak. Tekan ngisor kreteg pawongan mau mandheg. Minar nganggo isarat tangane nelakake yen dheweke njaluk banyu. Sing neng ngisor tanggap, gage methik godhong lumbu, dianggo madhahi banyu banjur digawa munggah.

Tekan ndhuwur, tanpa ditembung, pawonan mau ngethukake banyu ing godhong lumbu sing ana tangane ing tutuke Minar. Minar olehe ngombe katon dhokoh. Wedi yen diuwali, tangane wong mau dicekeli kenceng. Nganti krasa marem olehe ngombe, awak krasa seger sumyah bali kekuwatane. Kaya-kaya wis ora ngrasakake blas lelarane. Mbarengi Minar ngadeg arep ngaturake panuwun, pawongan mau mbuang godhong lumbu sing mau kanggo nggawa banyu. Tatrap …., Minar kaget. Jebul epek-epek tangan lelorone wong sing aweh banyu mau gudras getih, tatu ing tengah-tengahe. Minar nyoba namatake raine. Pawongan mau mesem, ning ora beda raine uga glubrat getih, mili saka bathuk lan sirahe sing ketanceban ri kaentha makutha.

Oh … oh ….., batine Minar isih kebak tandha pitakon ing atine. Bareng cetha panyawange, wong iku ngliga tanpa sandhangan, mung begeyan winadi sing kesasaban ubel-ubel. Minar nglirik iga sakupenge. Mripate natab lempeng sing tatu kaya tilas kejojoh barang landhep, sing tatu mau isih katon ngetokake getih lan banyu. Gage mlorot panyawange Minar mudhum namatake sikile wong kang aweh banyu mau. Sikil kekarone tatu ? batine Minar. Bali munggah panyawange, wusana tempuk wong mau uga nyawang Minar kebak asih. Sakala mripat lan atine Minar tinarbuka. Tanpa mangu-mangu Minar gage ndheprok. Sikil sing tatu tembus dlamakan iku dirakut kenceng, diarasi sak katoge.

?Dhuh Gusti Sri Yesus ….., Panjenengan kula padosi. Gusti kawula nyuwun pangapunten, sapunika kawula ndherek.? Bola-bali mung iku sing kawetu jroning tangise. Rumangsane Minar, Gusti ndhungkluk nglawani Minar ngadeg, wusana ginandheng, tinuntun tumuju dalan alus. Saka kadohan wis katon, yen sing tinuju papan sing endah lan nengsemake.

Esuke kabar sumebar, yen ing ngisor kreteg kali Ndanen tinemu jisime wong wadon, sing sajake kacilakan tiba saka ndhuwur. Sirahe kurban sumedhene ing gampeng kali, dene awake kekum ing banyu sing iline mung gumlintir. Wong-wong ora ana sing padha ngerti kuwi jisime sapa, lan wong ngendi, awit pancen ora ana bukti-bukti sing bisa nuduhake.

Tamat

Mangga Mas Kardi, kula aturi nggarap piyambak. Ingkang sampun saged dados tigang babak wonten ing Purna Budaya . Nuwun

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

One Response to Panjenengan Ingkang Kula Padosi

  1. Br. Antonius Mungsi, O.Carm says:

    Meski terlambat akhirnya aku menemukan cerkak yang begitu indah. Matur sembah nuwun Bapak Is Sardjoko cerkak-cerkakipun. Berkah Dalem.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>