Pakulinan

?

Pak Ronodipo sakloron ing desa Gumiwang mono, mujudake pasangan manula sing harmonis, ngono istilah saiki. Wiwit enom nganti saiki anak-anake wis padha dadi wong, lan putune wis mbeyayah malah wis duwe buyut loro, uripe tansah guyup rukun, ayem tentrem sih-sinisihan.

Minangka wong ndesa klebu kuna, sing uripe saka olehe tetanem, tansah tawekel olehe nyambut gawe. Gotong royonge karo sanak kadang lan tangga teparo kenthel.

Tansah katon ing bot-repoting tangga kiwa tengen sing lagi mbutuhake pitulungan, luwih-luwih ing wektu kesusahan.

Ing mangsa labuh lan mangsa panen, kekarone dina-dina neng sawah nekuni pakaryan sing dadi garapane. Anake telu lanang kabeh, saiki wis padha mbangun brayat lan ya wis padha anak-anak.

Sing mbarep Pardi, ana Jakarta, nyambut gawe neng pegadhean, mbiyen katut kanca. Dene sing tengah Parto, karyawan pelabuhan neng Semarang, ragile Parmin saiki ana Surabaya bukak bengkel sepedha motor, sing wis lumayan gedhene. Sing dirabi bocah Surabaya kono wae, ngrewangi eker-eker bojone bukak restoran rujak cingur sing wis akeh lengganane.

Yen Pak Rono, wis kerep diajak anak-anake neng Jakarta lan Semarang uga Surabaya, ning kerep-kerepe mung ijen.

Mbok Rono yen diajak ora tau gelem alasane werna-werna, jare ora mentala ninggalake omah yen nganti dinan-dinan ditinggal lunga. Sejatine jroning ati rumangsa eman yen lelungan kuwi, jare mung mbuwang-mbuwangi dhuwit gek ming ora penting, kejaba mung entuk seneng.

Mangka yen gelem ngerti, yen anak-anake ngajak kepingin ditekani wong tuwane kuwi, ya tanggung jawab penuh. Tiket menyang mulih, durung olehe ngajak plesir rana-rene ben wong tuwane seneng, mesthine rak ya ora sithik.

Ning Mbok Rono puguh penemune, ora tau gelem.

Wiwit cilik dening wong tuwane biyen, wis diwarah lan dikulinakake gemi lan nastiti. Tawekel nyambut gawe, urip ora boros, lan ora kulina njajani.

Lan nyatane asile uga katon. Senajan sawah ora amba, ning merga saking taberine, anak-anak lanang telu ya bisa ngrampungke S.L.T.A.ne kabeh. Lan ya saka panyuwune sing mantheng lan madhep mantep kinanthen wani prihatin lan tindak jujur, anak-anake saiki wis mentas lan cumanthel kabeh, sing bisa disawang wong tuwa.

Prasasat mbok Rono saiki wis silir, wis ora ana sing dirembug kejaba leladi bojo sing sarwa gampang. Pak Rono mangane gampang ora rewelan, prasasat nyebrot gegodhongan neng kebon utawa sawah wae dimangsak wis dadi.

Yen gaweyan ngalas wis rampung labuh, Mbok Rono neng ngomah santai. Paling-paling yen kayu obonge entek, lagi neng kebon golek rencek. Lumrah pakulinan ing padesan, bubar mangsak dha sanja karo petan neng tangga ? bebas ?. ngobrol. Pakeyan apa wae sing tumemplek neng awak, ora tau ana wong alok utawa nyaru siku.

Mangka pakulinane Mbok Rono angger wis tapih lurik sing wis buthuk karo kotangan wis bar. Tekan ngendi-endi janji isih ana kiwa tengene omahe, ya wis ngono kuwi padinane.

Kejaba yen ana dhayoh apa anake pinuju mulih. Awit dening anak-anake tansah padha diprayogakake supaya ngulinakake nganggo klambi.

Ning ya kuwi janji, anak-anake wis padha bali, Mbok Rono bali copot klambi, kotangan kumel karo tapihan sedhengkul, jarik sing wangune wis dienggo lap.

Pancen, urip neng ndesa pancen luwih bebas, lan bab karesikan uga mung sak geleme.

Tekan adus salin penganggo, tumrape Mbok Rono ya mung sak senenge kaya dene tangga kiwa tengene. Sumur ya duwe, tinggalane wong tuwane biyen. Sumur tuwa lan kawak sing saubenge sumur mung tinanduran wit-witan bangsane grumbul. Papan kanggo papane nyidhuk banyu mung diathak-athaki pring, supaya sing nyidhuk banyu nganggo timba ember ditaleni karo pring bisa slamet ora kejegur. Timbane wae ya nganggo pring, sing ing sisihe dibandholi watu jenenge timba mau senggot.

Sejatine yen anak-anake padha bali, wis bola-bali kandha olehe padha kepingin ndandani, syukur-syukur gawe kamar mandi lan kakus utawa W.C., ning Mbok Rono kereh-kereh ora entuk tembunge :

?Wis ta le, ya ben wae apa anane. Wingi tinggalane mbahmu biyen ya kaya ngono kuwi, nyatane ya awet nganti seprene. Wis dhuwite anggonen tuku apa?apa wae neng omahmu. Wong aku karo bapakmu wis trima kok kaya ngene iki wae, kejaba nek kowe salah siji ana sing gelem omah neng kene, ya bangunen sak karepmu. Ning nek ora, mbok wis kaya ngene wae apa anane.? Kandhane anake :

?Mbok, caramu urip kuwi ora sehat. Adus neng jembangan utawa pengaron kuwi, banyune rak mung sithik, oleh adus durung resik, banyune keselak entek, hara rak ndadak ngadeg nimba. Seje mbok nek nduwe kamar mandi njur diisi kebak, aduse tutug, olehe kosokan bebas tur bisa resik tenen, awak rak dadi sehat.? Mbok Rono gage nyaut :

?Dene ora nduwe kamar mandi, seprana-seprene aku ya tansah sehat. Tangga-tangga ya ora dha nduwe kamar mandi, dene ya ora padha lara.? Parmin sing nduwe usul arep gawe kamar mandi kuwi kandha :

?Mbok tanggane dhewe kuwi carane mikir mung apa anane, durung gelem padha maju. Mula awake dhewe kudu wani ndhisiki. Wis ta mbok, mengko aku sing wragat, simbok ora usah ngetokke dhuwit, ngertine dadi.?

?Ha Min, gawe kamar mandi kuwi rak ya ngentekake dhuwit yutan ta ?, apa maneh kathik ndadak arep gawe kakus barang, mbok uwis ta, apa sing wis ana wae, ora usah ndadak gegaweyan sing mung mbuwang dhuwit.?

?Mbok!, Kang Pardi karo kang Parto kuwi wis tau kewetu karo aku, olehe dha wegah tilik ngomah kuwi ya merga repot olehe padha adus lan ana pekiwan. Mosok ta janji arep bebuwang, ndadak neng kali sing dohe sak kilometeran saka ngomah. Hara nek ngajak anak-anake rak ya repot ? Mangka jare wis bola-bali kang Pardi lan kang Parjo arep nggawekake kamar mandhi lan W.C. ning simbok ora tau nglegani, mongko nek bapak ya senang seneng wae digawekke. Karepmu kuwi piye ta mbok ?? Parmin ngonggo-onggo ngenteni wangsulane embokne. Mbok Rono sajak ora nggagas karo pitakone anake kuwi, ubeg ngracik kinang terus diemplok karo nyomak-nyamuk mamah kinang, tangane nguntel-untel mbako sing arep kanggo susur. Rampung iku tangane grayah-grayah neng longan nggoleki kecohan kuningan sing rupane nganti wis mangkak kuwi merga arang-arang dikumbah.

?Mbok!?, Parmin mecah sepi karo mbaleni pitakone njaluk lilah anggone arep nggawekake pekiwan wong tuwane kuwi.?

?Piye entuk ya mbok nek aku gawe pekiwan, ben simbok lan bapak penak lehe adus ??

?Ah ya luweh kono Min, tarah kowe wis turah dhuwit.? Kandha kaya ngono karo lunga neng pawon daden geni, embuh arep ngapa. Parmin judheg tenan, ming arep ngepenakke wong tuwa wae kok ditolak. Arep nekat ora wani, mula let rong ndina ya mung njur pamit bali mulih, sengadi wis mari kangene karo wong tuwa.

Jroning ati Parmin tetep mbudaya lan ngulir budi, piye bisane kekarepane mau kaleksanan. Wusana lewat surat, rerembugan karo kakangne ya Pardi sing ana Jakarta lan Parto sing ana Semarang. Kekarone setuju banget karo kekarepane Parmin, lan kakangne uga bakal mbantu sepira enteke wragad nganti rampung, mengko dieyeng-eyeng wong telu.

Manut carane kakangne sing mbarep Pardi, bapak mbokne bakal diboyong menyang Jakarta kira-kira seminggu. Parmin dikon mulih terus ngayati gawe pekiwan kuwi. Wektu semono, kamar mandhi lan W.C. mesthi wis rampung, yen perlu tenagane diakehi. Rancangan dadi.

Pardi banjur kirim layang ngomah neng bapak mbokne, surasane, bapak lan mbokne kudu teka neng Jakarta, jare iki mujudake nadar, yen olehe nambah kamar wis dadi arep mboyongi wong tuwane, dikon nuroni ora ketang seminggu.

Dadi gelem ora gelem, pak Suro kudu ngajak bojone menyang Jakarta nuruti kekarepane anake kareben luwar ujare utawa nadare.

Satampane layang saka anake, Mbok Suro kaya padatan sawise rampung gaweyan pawon sanja petan neng tangga. Jroning petan mbok Suro kawetu tembunge marang Mbok Wongso, tangga cedhake sing diajak petan kandhane :

? Dhi Wangsa, nek sida minggu ngarep aku kuwi rak dijak bapakne neng Jakarta. Pardi duwe nadar nek olehe nambah kamar wis dadi, kudu aku lan bapakne sing nuroni. Wah piye ya ??

?Wadhuh ? sampeyan arep neng Jakarta ta yu ?? Mbok Wongso nanjih.

?Iya dhi, lha piye nek kuwi mujudake nadar utawa ujar rak kudu dilunasi utawa dileksanani. Jenenge ngluwari ujar,? ngono kandhane Mbok Rono.

?Wah yu, jare neng Jakarta kuwi ora ana wong tapihan, anane kabeh wong wadon padha nganggo rok utawa kathokan, mengko sampeyan piye ??

?Iya pa ? wah yen ngono tenan, aku rak ya susah, mangka aku durung tau-taune nganggo rok, lagi nyawang wae wis ora seneng. Ketoke kok le mbediding awake sing ketutupan mung sethithik,? kandhane Mbok Rono.

?Meneh-meneh yu, omongane wong kono kuwi nganggo basa melayu. Ora ana aku lan kowe ? jare sing ana kuwi lu lu, karo gua gua, ngono.?

?Jan ? susah ya dhi yen ngono, aku rak dadi ra bisa srawung karo tangga-tanggane Pardi. Ning ya wis ben, tekan kana ? ngundher wae ana kamar, Pardi tak penging kandha-kandha yen aku ana kono.?

?Ngono ya becik, tur mantu sampeyan bojone Pardi rak wong saka Klathen? mesthine rak ya bisa diajak omong kaya awake dhewe.?

?Ya kuwi dhi, sing marahi rada ayem. Ya wis dhi, aku tak bali dhisik, mengko aku tak takon-takon karo kakangmu, wong dheweke wis bola-bali neng Jakarta.?

?Iya yu, ora luwih aku mung bisa nyangoni slamet.? Tetemon mau njur dha bubaran. Tekan ngomah Mbok Rono nyedhaki sing lanang, sing lagi nglinting udud, terus kandha :

?Pakne ?, saupama aku ora melu wae, ujar kuwi luwar ora ya ??

?Ya kudu karo kowe mbokne, wong sing kudu nuroni kuwi kowe karo aku kok. Perkara kowe mengko emoh awor aku kaya nek ana ngomah, gampang ?. Turumu mengko mepet tembok lor ? aku mepet tembok kidul, butuhe ki rak mung sekamar ta mbokne. Rasah samar nek aku bengi bakal alihan kaya dhek jaman semono. Kandha ngono pak Sura karo nyawang bojone, sing disawang njur srongkotan lunga karo kandha :

?Ki ? kaki, mbok wis rasah ngandhakke kuwi, ben padha dilakoni anak putu sing saiki wis dha gerang-gerang kuwi.?

Hari H kaya penjaluke Pardi anake, Pak Rono karo bojone sida budhal neng Jakarta numpak bis. Sewengi sadurunge budhal, mbok Rono wis ora bisa turu, werna-werna sing dipikir. Gek-gek tenan, neng kana ora ana wong tapihan kaya dheweke, ora bisa srawung merga ra ngerti omongane. Wis ta pokoke akeh banget sing digagas. Senajan wis dielikke bojone ora sah nggawa oleh-oleh sing aneh-aneh, ning Mbok Rono tetep ngrenggiyeg gawane kaya ta : kacang brol asil panenane, dhele, jadah lan wajik. Maklum wong salawase durung tau lelungan, dadi ya lucu yen disawang.

Nalika arep mangkat wae merga krungu critane Mbok Wongso biyen, Mbok Rono takon bojone :

?Aku rak ya tapihan wae ta, pakne ??, wangsulane sing lanang :

?Ha piye ta karepmu, nek ora tapihan apa arep wuda wae ?, teneh dadi tontonan sing padha numpak bis.?

?Ora ngono, pakne, jare neng kana kuwi ora ana wong tapihan, jare kabeh racake padha nganggo rok utawa kathokan.? Kandhane Mbok Rono kaya omonge Mbok Wongso.

?Wis ta mbokne, wong mono mbok apa anane. Awake dhewe kuwi wong bodho sing sajege ora mambu dhingklik sekolahan, ya wis apa anane wae. Mung wong mono kudu gelem golek pengalaman, perlune mundhak kawruhe, ora kebangeten olehe kaya enthung. Mbok Rono meneng wae, ngrumangsani bodhone.

Wiwit munggah bis, Mbok Rono meneng wae, semono uga Pak Rono. Dayane bis malam sing lakune banter tur hawane adhem, Mbok Rono keturon pules sewengi ora nglilir. Ngerti-ngerti digugah bojone dioyok-oyok :

?Mbokmu tangi !, iki wis tekan Jakarta.? Karo gragapan pitakone :

?Ha endi, pakne, jare Pardi arep methuk.?

?Lha ya mudhun dhisik ta, mbokne, mengko yen wis mudhun rak ketemu.? Bareng wis mudhun, wong loro tuntun-tuntunan golek nggon kanggo leren, wusana mlebu warung golek wedang anget karo sarapan. Dhasar weteng ngelih, Mbok Rono ndemenakake olehe mangan. Sega rames sepiring karo wedang teh nasgithel segelas ? jablas.

Weruh olehe mbayar bojone, Mbok Rono gumun. Dhuwit limalas ewu sadhodhokan wong loro rumangsa gedhe banget ajine. Dene yen neng pasar kae, sega gudhangan limang atus sepincuk, wis krasa nggrenjel neng weteng. Ning mbok Rono meneng wae. Lagi wae metu saka warung, ngerti-ngerti Pardi wis ngrangkul mbokne saka mburi karo kandha :

?Slamet ta Mbok, Pak ??

?Ya slamet, le.? Ngono wangsulane bareng.

?Simbok rak ora mabuk ta, Pak ??

?Ora, le, wong mbokmu wiwit munggah terus turu, nglilire ya wis tekan iki mau njur tak gugah.?

?O ? ya syukur yen ngono, wis ayo saiki mulih.? Tekan njaban terminal, Pardi marani mobil kijang abang ati, dibukak njur ajak-ajak :

?Ayo pak, mbok, gek mlebu.? Wong loro mlebu kijang, Mbok Rono njawil sing lanang :

?Pakne, Pardi kok wis pinter nyopir, gek iki mobile sapa ya ??

?Lha ya duweke dhewe mbokne, wong aku rene sing dhisik kae wis duwe kok.? Wangsulane bojone ngglayem. Mbok Rono saya gumun, dene anake kok ora tau crita yen uripe wis ngglenter neng paran. Sarehne omahe ing dhaerah pinggiran, mula pas byar esuk lagi tekan ngomah.

Mobil mandheg ing ngarep omah loji cekli, banjur padha mudhun lan mlebu. Gumune Mbok Rono saya ndadi, bareng weruh omah lan perabotane anake sing sarwa becik. Rini bojone Pardi, gupuh-gupuh ngacarani maratuwane kanthi basa jawa mlipis. Ora suwe wedang susu lan roti sing mentas dientas saka loyang disuguhake. Wong papat karo Rini padha wedangan bareng. Suwasanane gayeng, Mbok Rono anane mung seneng. Sawise padha wedangan, bapak lan mbokne dituduhi kamar sing mentas wae digawe, ya kuwi sing penjaluke Pardi, kudu dituroni bapak lan mbokne. Bareng wis mlebu kamar, Mbok Rono kandha bojone :

?Pakne dhipane kok mung siji ?, lha kowe turu ngendi ?.?

?Gampang aku mengko tak njupuk sepon saka nggudhang.? Wong loro banjur padha lungguhan neng kamar kono omong-omongan.

Tan kocapa, Mbok Rono krasa wetenge mules tandha yen arep bebuang, mula banjur nggoleki Warni mantune kandha apa anane. Karo Warni banjur diajak neng W.C. sing closete dhudhuk kuwi. Sawise dikursus kilat carane nggunakke, Warni njur metu, genti Mbok Rono sing ijen ana W.C.

Sawise ingak-inguk sedhela, njur mapan lungguh. Bareng bokong sumeleh ing closet krasa anyep, sak nalika sing ana njero, sing mau rasane wis keri mbrojol malah macet, isin ayake. Nganti suwe Mbok Rono anggone lungguh ing closet, ning sing arep ditokke ndhendheng emoh metu, sidane njur malah dadi ora krasa.

Mbok Rono njur klithih-klithih metu, atine susah. Durung nganti rong jam wis krasa maneh. Kaya sing uwis, Mbok Romo mlebu W.C. kaya mau, ning panggah kaya sing dhisik, sing ana njero emoh metu.

Atine jan judheg tenan, wusana ngungak gudhang, weruh tas kresek bekas, neng dhus njur njupuk digawa mlebu W.C.

Metu saka W.C. rumangsa lega, karo nguntel-untel tas kresek kuwi tumuju ing bak sampah pojok mburi omah. Bareng wis mbuang tas kresek ati rasane wis plong.

Nganti wis genep seminggu Mbok Rono lan bojone neng omahe anake. Dina sing kaping wolu ing komplek perum, ana asu kerah rame banget ing mburi pekarangane Pardi, nganti wong-wong padha metu.

Bareng ditliti bak sampah kuwi wis sepasar ora dijupuk karo petugas kebersihan, kelalen ayake, wong olehe seleh ana mburi pojok omah.

Bareng wong-wong padha metu, jebul asu-asu kuwi wis dha ngewer-ewer plastik isi jerowan weteng wong, sing ambune nggundheng ora nguwati.

Wong-wong padha gumun, gek sapa sing mbuwang, wong kabeh padha ngerti yen pendhak omah wis padha duwe W.C. Rini sing keri dhewe niliki kaget, bareng weruh plastik tilas wadhah sepatu sing lagi sepuluhan dina anggone tuku, kok wis isi kaya ngono ana bak sampah.

Batine njur mesthekake, yen plastik-plastik sing diewer-ewer kirik kuwi mesthi pokale maratuwane, ning ya meneng wae, mundhak maratuwane isin. Pak lan Mbok Rono ya ngerti, lan Mbok Rono ya ngrumangsani yen kuwi duweke, ning ya meneng wae, bathine krasa wedi lan isin banget.

Bengine Mbok Rono nggejret sing lanang njaluk bali dina sesuk, alasane wis kliwat seminggu ana Jakarta. Anak lan mantune wis ora bisa nggondheli kekarepane mulih, wusana Pardi ngeterke Bapak lan Mbokne tekan stasiun, numpak sepur sing esuk dhewe budhal.

Ana ndalan ora kacarita, medhun saka sepur njur numpak andhong, antarane sak jam tekan ngomah. Lagi mudhun saka andhong, Mbok Rono durung mlebu ngomah, ning malah mlayu neng iring omah. Tekan ngisor dhapuran pring, ing tengahing grumbulan wit midra, Mbok Rono nyincingke tapihe. Durung wae rampung olehe mapan ndhodhok, sing ana njero weteng selak kesusu mbradhat metu, merga olehe ngampet wis wiwit awan mau. Layak nalika mangkat wis emoh sarapan, neng sepur uga emoh jajan, mesthine kuwatir bab siji kuwi, sing neng Jakarta wis gawe wirang.

Mbok Rono lan anak-anake dhek isih cilik, pancen ya wis kulina ngono kuwi, mula yen lungguh ana closet malah ora metu. Ya kaya ngono kuwi mau, bali neng pakulinan ing saben dinane sing sejatine kuang becik, lan ora prayoga mungguhing kasarasan.

Bareng esuke lagi ngerti, yen mburi omah wis digawe kamar mandi lan kakus dening Parmin, sing mulih nalika bapak lan mbokne budhal Jakarta. Ning saiki Parmin wis bali neng Surabaya, budhale lagi mau esuk. Wiwit saiki mbok Rono gelem ora gelem, kudu ajar adus lan bebuwang sing mapan, sing kabeh mau karepe anake demi kasarasan.

?

?Tamat.?

?

Mas Giman, cariyos punika kula aturaken dhateng sedaya kadang mitra sutresna giyaran lelangen sedaya, ing pundi kemawon. Mugi ndadosna penglipur sawetawis.

Nuwun.

Puskesmas Cebongan Tanggal 13 Juni 2007

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>