Ndak Gandrungi

?

Ndak Gandrungi

Dhuh mustika seprana seprene sliramu ndak antu … ndak luru

Ndak anti … ndak goleki nganti aku kampi-kampi

Atiku selak kapang, ndak gegadhang, ndak kangeni, ndak gandrungi

Yen wis ketemu bakal ndak rangkul, ndak kekeb kraket ing jiwanggaku

Uga saradhuning jiwangganing bangsaku sing saiki lesu

Sing lagi kasangsaya kebak ing panandhang kasurang-surang

Pancen, dening sing ngesuhi kerep di janjeni, di arem-aremi

Ning jebulane mung diapusi, sing marahi gela kepati

Ati iki jane ya krasa serik … mrekitik, sing bisane mung mendelik

Mangka jamane simbah biyen, wani mendelik mesthi dicuthik

Munggahe meneh digitik, njur dilebokake kothak di peksa ndhelik

Oh mustikaning ati, kapan sliramu nyawiji ing aku lan bangsaku

Dhuh Dewi rasa Ayem ? Tentrem, sliramu tansah ndak gandrungi

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>