?
Sendika Dhawuh
Aku wong cilik, anane mung tansah sendika dhawuh
Ditata ya mung inggih, di dhawuhi ya mung sumaguh
Kanggo nyambung urip, cukup trima dhanyang buruh
Omah waton kena kanggo ngaso la nusuh
Denea para panguwasa padha tumindak nggidhuh ?
Tanpa risi utawa isin apa dene rikuh lan pekewuh
Yen karo andhahan kagol sing kawetu mung pisuh lan nutuh
Oh…. wong cilik kaya wis ora kuwat didadekake wadhah uwuh
Kawula dadi bingung, endi ta sing bisa ngayomi
Sing ana ndhuwur kok cak-cakane meh kabeh madhani
Ngobral janji, ning yen wis kepenak kok njur gampang lali
Sejatine wong cilik isih katenta karo jaman sing wis kawuri
Sing mlarat saya kesrakat, sing sugih saya umuk sajak ngiwi-iwi
Mangka kawula butuhe rak mung sandhang pangan lan tenterming ati
Karo sesorah, pidhato sing kebak janji, wis wegah, jare mboseni