Ora welas

?

Wis kulina, wiwit ditinggal embokne dadi T.K.W ing negara Jiran, Warni tangine kulina esuk jam papat. Masak kanggo simbok, bapak, lan adhine, Warti sing isih klas lima S.D iku, rampung masak nggugah adhine, dikon ngrewangi nyambut gawe (nyapu latar). Warti ya manut, awit mbakyune pancen sing ngrembug sakabehe.

Sawise padha adus lan sarapan bocah loro siap-siap arep sekolah. Warni ana S.M.U. negeri klas telu, adohe saka ngomah udakara kilometer telu, dene sekolahane Warti mung ana kidul desa. Budhale bareng digoncengke pit mbakyune, dene mulihe mlaku karo kanca-kancane.Sardinah embokne, wis telung taun melu ngumbara ning Malaysia bareng tangga-tanggane sing sedesa kana ana wong papat.

Racake padha potholan S.M.A lan S.P.G. kanthi ndaftarake resmi lewat pemerintah. Asile kena dirasakake. Nyatane Warni dhek ditinggal lagi S.M.P. bar ujian, Warti isih cilik lagi klas loro. Bocah loro iku asil saka anggone bebrayan karo Karto, anake mbok Dipo sing mung tangga cedhak. Istilahe pek ngga ngono kae.

Mbok Dipo lan mbokne Sardinah tetanggan apik wis kaya sedulur.Yen ana kekurangan kabutuhaning urip sedina-dina, lih sinilihan,utang-utangan, pokoke endi sing ana. Padha dene mung anak-anak siji. Karto bocah ontang-anting, dene Sardinah ya ora duwe tunggal. Wong tuwa mbiyen ngono lumrah, yen atine padha dene cocok, njur padha ayon-ayonan njodhokke anake, ben terus olehe padha seduluran. Sardinah senajan bocah wedok ijen, ning dening mbokne digegadhang mbesuke bisa dadi wong sing mandhiri, mula sekolahe disurung-surung tenan ben maju lan pinter. Gaweyan ngomah ya ditrapi apa lumrahe bocah wadon.

Ya reresik, ya mangsak, ya dikongkon nyumbang, rewang, layat. Wis pokoke Sardinah prigel ing samubarange, gek sekolahe ya pinter. Eman, bapake wis ngajal dhek Sardinah umur 10 taun. Bapake mbiyen nyambut gawe neng air minum, dadi mbokne ya nduwe pensiun janda. Seje karo Karto, anak lanang siji, bapake banjar pekarangane amba, sawahe akeh. Mula janji ngati-ngati olehe ngecakke mesthi bakal cukup.

Karto, dhek isih ana S.D, S.M.P, sekolahe ndalan bijine ya cukup. Ning bareng pindhah ana S.M.A dadi malih. Kakehan kanca, sing senengane mung ubyang-ubyung. Bapak mbokne ora jeleh-jeleh anggone ngandhani, ning Karto kanthi nylimpet-nylimpet isih wae olehe ubyang-ubyung ora genah. Saking juweh lan tlatene anggone nyurung-nyurung wong tuwane, sidane ujian S.M.A ne ya katut lulus, senajan kanthi biji sing ngampret.

Seje karo Sardinah, dhasar bocah tuwajuh, pethel, nurut karo wong tuwa, mula asil bijine ujian ya maremake, sasat kabeh angka wolu. Mbokne bungah lan mongkok. Ning ya kuwi, senajan Sardinah wis cemetha yen kepingin nerusake, ning mbokne kandha yen ora. Wong kuliah mono ragade akeh, njur dhuwit saka ngendi? Yen mung mogol neng tengah-tengah rak malah eman-eman mesakake lehe nglakoni. Dhasar Sardinah bocah mbangun miturut, mula ya manut trima mothol S.M.A. Beda karo Pak Dipo mbok Dipo olehe ngrih-arih Karto dikon kuliah, embok menawa mengko bisa mergawe apa ta apa, syukur bisa dadi pagawe negri.

Piye wangsulane Karto? Jare pingin kawin dhisik ben atine tenang, mengko njur kuliah. Mangka sing disir ora liya ya Sardinah tanggane cedhak sing srawunge sasat saben ndina. Gandheng wong tuwane padha cocoge, tur Sardinah ya manut mituhu karo mbokne, mula bareng dilamar Pak Dipo kanggo Karto, ya njur entuk ngono wae. Malah mung ganti sasi njur dinikahake. Kesaguhane kuliah, Karto mung ndobos, wong dhasare utege kethul tambah keset pisan. Kesenengane dolan isih kaya nalika jaka.

Tujune Pak Dipo lan bojone tresnane kepati karo mantune. Dhasare Sardinah pinter momong maratuwa. Dadi senajan dina-dinane Karto mung lang-leng dolan sing ora juntrung, ning uripe Sardinah lan mbokne tetep ayem tentrem disangga maratuwane. Pas setaun bebrayan pinaringan momongan lair wadon ya Suwarni sing saiki wis dadi prawan cilik sing sekolahe wis kelas telu S.M.P. Lan lair meneh wadon sing banjur dijenengi Suwarti, saiki S.D klas loro. Sejatine Sardinah krasa yen polahe sing lanang saya suwe saya ndadra.

Sardinah ya krungu saka tangga-tangga, kejaba ubyang-ubyung dolan, ning Karto ya bojone kuwi sok melu umben bocah enom-enom. Bab dhuwit, mesthi wae ya njaluk mbokne senajan cara dhelik-dhelikan aja nganti ngerti Sardinah. Warni anake sing wis gedhe kerep weruh bapakne ndhodhosi dhuwite mbahne lan banjur wadul marang embokne. Saking kerepe, Sardinah wedi yen nganti diarani, mula niate arep ngajar bojone ben gelem nyambut gawe. Bareng ing ndesane cah-cah enom dha ndhaptarke dadi T.K.W. ing Malaysia, Sardinah mung rembugan karo Warni lan embokne melu dhaftarake, pingin nyambut gawe sing gajine jare kena dirasakake.

Endilalahe wae bocah sedesa papat kok katut kabeh, klebu Sardinah. Ulehe kandha karo bojo lan maratuwane sa kloron, bareng budhale ning Jakarta (ing papan pelatihan kerja) keri sepasar. Sardinah kandha maratuwane, yen sasuwene dheweke nyambut gawe, mbokne lan Warni wis mrantasi. Kepeksone Pak lan Mbok Dipo ya ngidini, merga Warni kekarepane wis ora bisa dipenggak maneh. Ora wurung dening bapak mbokne, ya mung Karto sing diomeli terus, dadi suhing keluarga kok emoh nyambut gawe. Bisane mung nguthes-uthes dhuwit wong tuwane.

Nalika ditinggal lagi sesasi rong sasi ya gelem rewang-rewang wong tuwa nggarap sawah, ning dhasar wong wegahan, mula ya gampang wae jeleh, kesenengane lawas bali malah kepara ndadi, awit bojone sing mbiyen tansah ngelokake saiki wis ora ana. Wong tuwane wis ora digubris. Nalika lunga nyandhak patang sasi, Sardinah wis kirim dhuwit Warni liwat pos, sing ya lumayan yen mung kanggo urip lan mbayar S.P.P. sing wiwit mbokne lunga nunggak durung dibayar.

Karto ngerti, mula saiki ora mung mbokne sing dadi sasaran yen butuh dhuwit, ning karo Warni anake ya tegel nembung. Pokoke Karto saya sakarepe dhewe. Nalika Warni ngurus layang-layang kanggo njupuk dhuwit kiriman saka mbokne ana kalurahan, Warni didangu Pak Lurah blaka apa anane. Uga bab kahanane Karto bapakne. Ngendikane Pak Lurah : ?Warni, sarehne omahmu mung mepet bale kalurahan, apa gelem yen kowe ndak wenehi tugas nyapu njero pendhak esuk sadurunge mangkat sekolah? Pendhak sasi mengko kowe ndak wenehi jajan. Dene nyapu lan reresik njaba wis ditandangi Pak Truno (Pak Bone).? Barang wis mikir-mikir sedhela Warni mangsuli : ?Inggih, Pak Lurah, kula purun.? Pak Lurah mesem, banjur ngendika : ?Yen ngono, kowe ndak cekeli kunci kanggo mbukak yen arep nyapu, kunci sijine wis digawa Pak Dhukuh, kanggo mbukak yen wis jam kerja.?

Tekan ngomah Warni kandha karo simbok lan adhine, kabeh setuju. Pokoke gaweyan ngomah bareng-bareng ditandangi, kejaba Karto bapakne sing padha disekarep. Wiwit iku Warni tambah nduwe tugas reresik njero ing kantor bale Kalurahan. Ora beda karo Sardinah mbokne, anggone sregep, tawekel ing samubarang gawe. Dhasar wis dilatih nyambut gawe wiwit cilik, mula kabeh gaweyan dilakoni kanthi seneng. Lumakune wektu ora rinasa, Sardinah nyambut gawe ana paran wis ngancik telung taun.

Saiki Warni wis klas telu S.M.U. Dhuwit kiriman saka mbokne dicakke kanthi ngati-ati, malah bapakne dijatah supaya ora tansah njaluki wae. Dene sasen saka Pak Lurah ditabung, isih tambah turahan sithik-sithik saka mbokne uga dilebokke pisan. Kabeh mau ndadekake Warni mundhak greget sinau lan nyambut gawe, uga saya P.D karo apa sing ditindakake. Mbah-mbahe padha seneng lan marem nduwe putu Warni. Adhine uga dikulinakake dhisiplin lan mandhiri kanthi conto-conto gaweyan ing saben ndinane.

Perkara bapakne, kabeh wis ngejarke disekarep. Senajan adoh, weling sing arupa pitutur lewat surat-surate mbokne yen karo kirim dhuwit tansah diestokke dening Warni lan adhine. Kaya dene unen-unen kae tenan. Senajan adoh papane antarane mbok lan anak, ning ing atine kekarone cedhak banget, sing ndayani padha dene aweh daya kekuwatan anggone padha ngayah-ayahi jejibahane. Sing sekolah ya tambah sregep sinau, ngelingi wong tuwane sing nyambut gawe neng paran, dene sing neng paran ya tambah semangat leha nyambut gawe.

Ngelingi anak-anake sing padha ana ngomah padha maju sinaune merga saka prihatine wong tuwa. Kosok balen karo Karto bapakne. Dhuwit saka anake mung dienggo seneng-seneng dhewe, yen kurang nggedhak bapak utawa embokne. Warni senajan ora kejarag neng wis krungu sriwing-sriwing, yen bapakne anggone kerep ora mulih kuwi saiki katut babon. Mangka babon kuwi wis nduwe jago, sing saiki lagi nyabut gawe neng Arab ngadu nasib. Dhuwit ajeg dikirim mulih, ning sing wadon ya malah seneng-seneng karo bapakne Warni kuwi.

Kabar mau wis ubur, ning Warni emoh nyampuri urusane wong tuwa, dhasar bapakne dikandhani mboke wae mbantah, biasane bapake njur malah nesu lan mecahi bekakas. Babon sing diereki Karto mau ora liya Mbok Darwi, sing mbiyen gaweyane adol gorengan ning saiki wis ora. Ya mung malah ngundher neng ngomah didhekemi Pak Karto kuwi. Tangga teparone ya wis sok padha nyindhir-nyindhir ning mbok Darwi ya teblek wae, dhasar rai gedheg. Merga risi entuk wadulane tangga, Pak Dhukuh wis tau kandha : ?Mbok Darwi, sampeyan niku biyen dodol gorengan, saniki kok malah nganggur, rak mesakake Pak Ngali bojo sampeyan sing teng Arab ta? Direwangi bebara teng njaban rangkah adol tenaga kok sing teng ngomah mung seneng-seneng nganggur, mbok nggih nyambut gawe napa ta napa!?.

Mbok Darwi mangsuli entheng : ?Pak Dhukuh, wong bojo kula mawon akon kepenak, kok wong-wong niku dha iyik. Tikna jenengan rak disogoki wong-wong niku ta??. Pak Dhukuh lunga karo kandha semu ngancam. ?Embok Darwi, kula empun ngelingke sampeyan lho, mangkih nek masyarakat niku nesu desane diregedi mang tanggung dhewe.? Mbok Darwi meneng wae. Saiki nek kencan karo Karto kanthi ndhelik-ndhelik ora wani ngedheng, kerepe wayah bengi.

Ngarepke Warni ujian klas telu, mbokne ngabari yen entuk cuti rong minggu, niate arep mulih, ning wektune durung bisa nemtokake. Dhuwit saka paran arep ditransfer wae neng rekeninge Warni, supaya neng ndalan slamet, ora ana rasa wedi yen, di grayak wong. Warni isih meneng wae karo wong ngomah, merga dina lan tanggale mbokne bali durung mesthi.

Pancen, samubarang kuwi yen ora dipikir, malah ora dadi beban penalaran. Kaya dene Warni ora mikir mulihe mbokne. Ing wayah sore nalika Warni lagi siram-siram latar, ndadak ana taxi mlebu pekarangan njur mandheg neng latar. Warni kamitenggengen lehe nyawang. Bareng lawang taxi dibukak, Warni mbengok sora : ?Mbah ? mbah? mbah ?dhenok, Warti ?gilo simbok mulih !? Sing ana njero omah kabeh metu, banjur ngruyuk sing lagi teka. Warni lan Warti ora lerem-lerem nggone ngambungi mbokne, sing saka pangrasane saiki.

Mbokne mundhak ayu lan putih, gek ya lemu pisan. Kabeh mlebu ngomah kono nggawa gawan tas lan koper, mestine isi oleh-oleh. Lagi wae padha lungguh karo crita ngethuprus, ndadak saka dalan ana mobil polisi ngunekake sirene mlebu pekarangan. Wong saomah padha kaget. Let sedhela, saka mobil patroli mau, ana polisi mudhun, uluk salam terus mlebu. Pak lan mbok Dipo sing methukke. Pitakone polisi : ?Leres, pak, mriki griyanipun Pak Karto ingkang semahipun wonten Malaysia??.

Gupuh wangsulane Pak Dipo : ?Inggih, Pak Polisi, wonten punapa??. ?Anu, Pak, nyaosi pirsa keluarganipun Pak Karto, menawi piyambakipun sapunika wonten griya sakit, saking keluarga dipun aturi nuweni!?. ?Wonten punapa, Pak, anak kula Karto??, pitakone mbok Dipo groyok. ?Anu ?. Keng putra dipun kroyok masa, mergi slingkuh kaliyan tiyang estri ingkang dipun tilar semahipun nyambut damel dhateng Arab, masa mboten trimah?. Krungu kandhane polisi mau, Sardinah sing lagi wae teka dhok, langsung jempling ngloso ana njogan. Sambate : ? Walah kang Karto ? patrapmu kok saya ndadi, saiki malah kowe diajar wong akeh merga pokalmu. Kowe kok ora welas karo aku ta kang ?.??

?

?TAMAT?

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>