Kabeh mau kanggo manungsa

Gusti kersa nitahake manungsa jalu lan wanita

Uga nitahake wektu bengi lan rahina

Kahanan padhang lan peteng, adhem lan panas

Rupa bagus lan sulistya, kahanan papa lan mulya

Kersa nyipta gunung lan samodra, kewan dharat sarta mina

Ngersakke anane mbulan lan bagaskara, bumi lan angkasa

Merga Gusti tresna, kabeh mau mung kanggo manungsa

Ning genea manungsa akeh sing kemaruk ngumbar watak angkara murka

Nggedhekake rasa meri, drengki srei, nganti tegel gawe pepati

Amung merga nuruti ati srakah, ngangah-angah, dhakah-dhakah

Bandha donya kepingin dikuwasani, kanggo dhiri pribadi

Wis wuta rasa tresna ing sesama, ra tepung tepa selira

Kabeh mau, apa gunane, yen kita tinimbalan marak angersaNe ?

Mangka bandha mau pinaringake ora kanggo angga ? priyangga

Ning kanggo nresnani pepadha, tetulung mring kang kasangsaya

Kanggo nggatekkake kadang mitra sing katir lan kasingkir

Di tansah eling weweh marang kang nandhang papa lan cintraka

Datan kena pilih kasih lamun andum tresna asih

Awit ing ngarsane Pangeran, kabeh manungsa mono padha

Urip ora mung ngluru banda, tresna pepadha, lan ngabdi marang kang Maha Kuwasa

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>