Keluargane Pak Darmo

?

Ing desa Bendungan, pak Darmo wong sing kepetung ora nduwe kuwi urip karo anak bojone. Uripe banget prasaja, sedina-dina mangane ya mung sa anane, kanggo pak Darmo jangan gegodhongan lawuh tahu tempe kuwi wis apik banget, semono mau yen ajeg, wis mujudake kanugrahan.

Kerep wae anake lanang, Pamungkas sing isih sekolah SMP kuwi, mulih sekolah mung ana sega, ana tempe loro wae sing siji wis sisa kucing. Ya ora mokal, wong pak Darmo kuwi seneng banget karo kewan. Sing di ingu ing omahe ing antarane : asu, kucing, terwelu, pitik.

Tangga-tanggane sok gumun campur welas, lha piye, wong kanggo mangan wae kurang, kok ingon-ingone mbeyayah, apa ya ora ngalah-ngalahke Pamungkas.

Merga seneng ngingu kewan, dening tangga-tanggane, pak Darmo entuk paraban pak Srati.

Bocah kuwi kerep wae yen arep mangan kepingin lawuh, sok njur mancing neng kali njur digoreng dhewe kanggo lawuh. Kaya wektu kuwi, Pamungkas mentas mancing oleh iwak akeh njur digoreng.

Lagi wae njupuk ajang arep kanggo madhang, neng njaba keprungu wong kulanuwun. Sarehne bapakne lagi turu, mula tamu mau ditemoni dhewe. Sing surasane tamu mau mung nglayati.

Saungkure tamu, Pamungkas gage mlayu mlebu arep madhang. Ning iba kagete, bareng tekan meja makan, weruh kucing methekut mangan iwak sing arep kanggo lawuh, sing rampung wae olehe nggoreng.

Atine mangkel banget. Tanpa mikir dawa, weruh kayu slarak lawang semendhe, dijupuk banjur digebugake kucing kuwi nganti mati.

Pak Darmo sing turu kuwi, krungu swara mak bug, kaget njur nglilir. Bareng metu saka kamar, weruh Pamungkas nyekeli kucing sing wis mati mau arep dibuang neng slokan. Gage pak Darmo takon :

?Neng ngapa kucing kuwi, Kas ??

?Mati tak gebug slarak lawang, pak. Jeneh kok mangan lawuhku, sing mentas tak goreng?. Krungu wangsulan mau, bapakne sak nalika nesu banget, nuli kandhane kasar :

?Lawuh golek maneh rakya bisa ta ? Nyoh ….. rasakna, nek kowe digebug kuwi lara ora ?? Pak Darmo nyaut slarak lawang sing mentas kanggo nggebug kucing, ngancap Pamungkas, arep digebugake.

Ngerti watake bapakne sing kasar lan tegelan, Pamungkas wedi banget njur mlayu lunga, sing bapakne nganti ora ngerti menyang ngendi playune.

Gandheng wetenge ngelih banget, mula diwanek-wanekke nembung tanggane, lan ya njur dijupukake nganti Pamungkas krasa wareg. Tanggane mau ngelus-elus sirahe Pamungkas karo kandha :

?Kebangeten bapakmu kok, Le. Kayane kok luwih tresna neng kucing tinimbang karo anake?.

Wayah surup, saka nggone tanggane, Pamungkas weruh bapak mbokne, lunga ngalor nglurung, sajake ya arep nggoleki dhewekwe (Pamungkas).

Ngerti ngomahe suwung, Pamungkas gage mulih, mlebu ngomah njujug rak buku. Bareng rapot sing digoleki wis ketemu njur disak. Pamungkas njur gage metu, lunga ninggal omahe. Lakune tumuju dalan gedhe. Dene Pamungkas kuwi arep neng ngendi, ya durung ana gambaran sing di tuju. Pokoke ming lunga saka ngomah, aja nganti dipala bapakne.

Pamungkas rumangsa wedi tenan karo bapakne, wiwit cilik wis kerep diajar. Kaya ngapa rasane dijewer, digeblegi nganti milur-milur, dikancingi neng njero senthong satugel dina, njur yen saiki nganti digebug slarak lawang …. adhuh iba larane.

Pamungkas mlaku terus, weteng ngelih, kesel, bingung tanpa tujuan, ndayani awak dadi sleyoran, pandeleng pet-petan, wusana ndhepprok ing suketan pinggir dalan semaput.

Esuk kuwi, ana priyayi sepuh pensiunan dokter sing lagi tindak-tindak (olah raga lansia).

Pirsa ana bocah keturon neng suketan njur diiling-ilingi. Bathuke …. awake …. lan ambegane, uga ketek (dhenyut nadhi tangane diprisa).

Priyayi mau ngerti yen bocah kuwi mau mung semaput. Mula mbeneri ana taksi liwat njur diendheg. Bocah kuwi di asta kondur, dokter kuwi murangake anggone tindak-tindak.

Rehne penjenengane dokter, mula ya tenang wae. Pamungkas disuntik embuh apa, ning nyatane njur bisa obah-obah lan nangis. Sawise eling tenan, banjur diparingi ngombe anget. Bubar kuwi Pamungkas di paringi bubur ana sayur lan lawuhe.

Gandheng luwe banget, bubur sapiring labas mlebu ngalih ing wetenge.

Dokter pirsa, yen Pamungkas isih lemes, mula di dhawuhi istirahat (turon) nganti rong ndina lawase. Jroning ngaso, Pamungkas didangu, apa sebabe kok nganti lunga ninggal omah tanpa pamit (minggat).

Pamungkas crita apa anane. Dokter njur ndangu :

?Pamungkas, suk nek wis mari kowe tak terke mulih ya ?? Wangsulane :

?Mboten pak, kula mboten badhe mantuk, kula badhe pados pedamelan?.

?Le, kowe kuwi isih cilik, isih wayahe sekolah, njur arep nyambut gawe apa?? Pandangune pak Dokter alus.

?Kula saget lados tukang batu, saget reresik lan damel jugangan. Pokokipun kula namung betah nedha, bab opah namung sak paringipun?. Dokter Dakdo, ngono asmane dokter kuwi, kraos trenyuh lan welas marang ature Pamungkas. Wusana kawiyos pangandikane :

?Le, piye nek kowe ndherek aku neng ngomah kene wae, kowe ya tak paringi pegaweyan ta wis?.

?Wah matur nuwun pak, kula reman sanget. Lajeng pedamelan punapa ingkang saget kula tandangi ??

?Pamungkas, sing kudu mbok tandangi ya kuwi : Reresik pekarangan dalem iki lan ngopeni taman (nyirami lan ngatur), sawise njur ngguyang mobil Corola kuwi yen reget. Dene yen ora, cukup mbok lap utawa mbok resiki. Piye …. saguh ??

?Wah saguh kemawon sanget pak, ning kula nyuwun wiwitan nyambut damel kedah dipun contoni !?

?O yen kuwi ya mesthi le, awit kowe rak durung tau. Upama Pamungkas, aku dhawuh kowe siji maneh, apa kowe saguh ??

?Kersa dhawuh punapa pak ??

?Tak delok, rapotmu kuwi nuduhke, yen kowe mono lagi klas III SMP, saumpama kowe neng kene sekolah maneh ben duwe ijasah SMP, piye ? Nek kowe saguh beaya sekolahmu aku sing nanggung?.

?Kula remen sanget pak, ning wekdal nyambut damel kula ngopeni taman lan mobil kados pundi ??

?O…… kuwi bisa mbok tandangi sabalimu sekolah lan sore. Angger kowe karep …. mesthi kabeh bisa rampung, Pamungkas?.

?O ……. inggih pak, kula sagahi sedaya dhawuhipun?.

?Yen kowe gelem sekolah Pamungkas, anakku wadon sing mung siji Ningrum, rakya lagi SMP klas III. Mengko menyang mulih rak bisa tak terke sekolah bareng, wong sekolahane saka kene ya lumayan adoh. Ningrum arep ndak ajari setir, isih semaya during wani?.

?Inggih-inggih pak, kula bingah sanget, sedaya dhawuh panjenengan badhe kula estokaken?. Ngono ature Pamungkas kanthi polatan bigar lan ati mantep.

Wiwit dina kuwi Pamungkas manggon dherek Dokter Dakdo neng Jl. Kemuning.

Bu Dakdo ya remen marang Pamungkas, kejaba olehe sregep, pethel nandangi gaweyan sing dibisani, uga jujur lan gampang ngerti yen dikandhani.

Pamungkas sida didaftarke sekolah, ya sak klas karo Ningrum putrane Dokter Dakdo sing di dhereki.

Ana klas kanca-kancane Ningrum yen dha ngundang muni ?Jeng? ngono, Pamungkas ya tiru-tiru kancane. Dheweke ora isin, yen neng kono mung ndherek (ngabdi) sing ya diparingi gaweyan. Ya merga saking apike penggalihe, sing didhereki, Pamungkas njur disekolahake.

Tekane Pamungkas ing dalem kono, nambahi asrining sesawangan ing latar ngarep pendhapa sing gilar-gilar kuwi, merga asrining pepethetan lan taman, sing kerumat becik dening tangan trampil.

Pamungkas tansah mbudidaya gawe remene sing didhereki. Mundhak dina kabisane saya mundhak.

Sing mbiyen mung reresik njaba, saiki wis baut ngepel, ngresiki kaca, ngatur meja kursi, malah ajar tata dhahar barang. Sing kabeh mau malah gawe rasa risi mungguhing Ningrum, sing rada kesed lan manja kuwi.

Bareng wis padha lulus SMP Ningrum nerusake neng SMU, ning Pamungkas meneng wae.

Dheweke mung manut kersane bendarane. Pak Dokter Dakdo welas, ndeleng tangane Pamungkas sing seneng uthak-uthik, apa-apa bisa, mula njur di dhawuhi neruske neng STM bag. Mesin.

Corola mobile bendarane sing saben ndina dirumat kuwi, malah kena kanggo sinau senajan kanthi dhedhelikan.

Yen ana krusakan sithik-sithik, Pamungkas ngajak kancane didandani dhewe. Malah meneng-meneng Pamungkas ajar setir nganggo mobil prothol duweke kancane, sing sok dienggo setor ngangkut barang-barang gresek, neng pabrik dhaur ulang, wong bapakne kancane mau sawijining pengepul (nampa setorane saka tukang gresek).

Lumakune wektu ora rinasa. Jeng Ningrum wis klas III SMU ngadhepi ujian, dene Pamungkas ya wis arep ujian achir.

Kekarone nunggal sa omah, mangka saben ndina ketemu.

Meneng-meneng jeng Ningrum sok nyolong-nyolong ngematke citrane Pamungkas. Jebul bareng diwasa, Pamungkas ora mantra-mantra yen mung abdi.

Rupane bagus, pawakane gagah, kulite resik putih, ketambahan polatan sumeh, grapyak sumanak tur enthengan.

Nyambut gawe apa wae ora kidhung, merga pancen ora seneng nganggur.

Wektune mangsa liburan, merga mentas padha ujian, dadine akeh olehe padha ana ngomah. Pak Dakdo nimbali Pamungkas dhawuhe :

?Pamungkas, mesthine kowe wis pinter ngenani bab mesin, mbok saiki ajar setir nganggo Corola kuwi, ayo tak warahi?.

Panjenengane banjur nerangke, dene Pamungkas njinggleng ngrungokke, gawe mareme sing ngendikani.

Rampung ngedikani banjur nyontoni mubeng-mubeng neng latar sing jembar kuwi, Pamungkas ya nggatekake banget. Bareng wis rinasa cukup, nuli dhawuh Pamungkas sing genti nyekel setir, isih karo ngendika :

?Ngati-ati lho Le, alon-alon dhisik !?. Bareng Pamungkas lungguh ing sopiran, Pamungkas nyekel setir, presneleng dilebokke, gas di idak alon-alon bareng karo ngeculke kopling.

Mobil nggereng terus nggleser …. Bareng wis mubeng-mubeng sawetara ing latar, kluwer ….. mobil banjur metu tumuju dalan gedhe Jl. Ratabinangun.

Dokter Dakdo banget gumune marang ketrampilane Pamungkas setir mobil. Batine : Gek kapan bocah iki olehe ajar, mangka Corola kuwi ora tau metu yen ora aku dhewe sing nggawa. Apa ya neng sekolahan ? Gumunku, dene bocah kuwi ora tau nuduhake kewasisane.

Penggalihe dokter Dakdo saya mongkok bisa nemu Pamungkas. Gek bocahe ya ora nguciwani, kepara nggantheng lan pideksa. Mobil mandheg neng Pom ngisi bensin, Pamungkas matur :

?Bensinipun nipis, pak?.

?Yoh yoh ….?. Gurawalan dokter Dakdo ngetokke dhuwite karo aba :

?Limalas liter, mas !? Sawise ngisi bensin, mobil banjur digawa mulih. Karo mudhun dokter Dakdo ngendika :

?Olehmu ajar kapan Pamungkas, denen kok wis baut setir ??

?Ngangge gadhahanipun rencang pak, col prothol ingkang sering kangge momot gresek. Kula sering ngrencangi momot lan ngedhakaken, mangke wangsulipun kothongan, kula dipun ajari?.

?O … ngono ta ?? Dokter Dakdo manthuk-manthuk karenan penggalihe, nuli ngendikane :

?Yen ngono Pamungkas, Ningrum ajarana pisan ben bisa setir dhewe, perlune yen butuh lunga ora perlu ndadak diterke?.

?Inggih, pak, sendika dhawuh. Ning jeng Ningrum mugi bapak ingkang ndhawuhi? ature Pamungkas.

?Ngono ya becik?, wangsulane pak dokter.

Nuju wayah esuk, nalika Pamungkas reresik dalem, Ningrum ngrewangi sulak-sulak, bareng wis padha rampung Ningrum kandha :

?Kakang Pamungkas, jare kowe wis pinter setir mobil, mbok aku di ajari !?

?Lha mbok inggih, jeng, mbenjang punapa kersanipun ??

?Wah lha ya ora sah ngenteni sesuk-sesuk ta kang, kapan wae janji aku lan kowe sela, lan mobile ora diasta bapak tindakan, ya njur aku diajari ngono wae?.

?Yen mangkeh sonten kados pundi jeng ?, sak sampunipun jeng Ningrum wungu sare siyang?.

?Ngono ya becik kang, sedheng aku tak matur ibu dhisik?. Wangsulane Ningrum bungah njur mlebu ndalem nggoleki ibune. Sore kuwi Ningrum wis siap.


Nganggo clana jin gojak-gajeg, ndhuwure kaos ketat sing klire biru padha clanane. Nalika Pamungkas weruh wis ngadeg neng pendhapa pamit bapak ibune, Pamungkas ngowoh oleh nyawang.

Ningrum sing pawakan atlit tur ayu pindha selebritis kuwi, kuwawa gawe pandelenge Pamungkas kumepyur, dhadhane kumesar, ati lanange kegiwang, kasmaran poyang-payingan.

Dheweke nganti lali yen mung jejere abdi. Yen di uja, rasane kepingin njingglengi citrane kang pindha wara Srikandhi kuwi. Ning Pamungkas gage eling lan ndhungkluk, ethok-ethok ngelapi mobil, sing sejatine wis kincling kuwi. Ojoa pak dokter ndangu :

?Pamungkas !, wis siap apa durung ya ??. Gage atur wangsulane Pamungkas :

?Sampun, pak, namung nengga jeng Ningrum minggah mobil.? Krungu wangsulane Pamungkas, Ningrum njur njranthal munggah mobil lungguh neng ngarep jejer sopir. Pamungkas uga banjur nututi munggah nyekel setir.

Ancase Pamungkas, anggone arep ngajari neng lapangan Gumelar. Neng kana kejaba lapangane amba, uga adoh saka kerameyan, dadi ora bising. Neng ndalan padha meneng-menengan.

Mangka sejatine, atine mudha-mudhi kuwi padha dene kuwur, merga kekarone pancen ana rasa.

Corola wis mlebu lapangan, Pamungkas wiwit nerangke lan Ningrum ya nggatekke tenan. Bareng wis dibolan-baleni endi sing kudu dicekel diapalke, saiki Ningrum wiwit nyoba.

Sepisanan pancen kaku, bola-bali tangane Ningrum ing setiran kerep ditumpangi tangane Pamungkas, rasane kok seneng. Apa maneh senggolan, suk-sukan lungguh, kaya wis ora ana rasa jiguh pekewuh, anane mung seneng.

Bareng wis kira-kira sak jam, kringete Ningrum dleweran ing gulu lan bathuk. Pipine dadi abang kena panasing srengenge sore sing isih krasa sumelet. Weruh kaya ngono kuwi Pamungkas nyuwun pirsa :

?Kados pundi, jeng, ngaso rumiyin punapa ??

?Oh ora kakang, aku durung kesel. Piye yen aku ngapalke latihan maneh, ning kakang Pamungkas ya tetep kudu ndhampingi aku terus, rak durung sayah ta ??

?Oh…. dereng jeng?. Batine Pamungkas : mbok tekan sesuk ta, janji nyanding sliramu, aku ora bakal krasa kesel.

Ningrum tatrap maneh nyekel setir, terus mbaleni mubeng-mubeng neng lapangan kono nganti ping pira embuh ora ngerti.

Srengenge wis saya ngulon, tenagane Ningrum wis saya lempe-lempe, ning Pamungkas meneng wae. Nganti wusanane Ningrum kandha :

?Kakang Pamungkas, aku wis kesel, piye nek saiki leren dhisik, sesuk dibaleni maneh?.

?Ngaten inggih prayogi jeng, kula rak namung ndherekaken?.

?Yoh wis kakang, kene sliramu bali nyekel setir terus mulih, sesuk aku diampingi maneh?.

?Inggih jeng?. Pamungkas rekane arep mbukak lawang mobil metu pindhah nggon, ning Ningrum nggondheli karo kandha :

?Rasah mudhun, kakang, lungguhmu cukup mepet, aku sing mlangkah mrono?. Pamungkas manut. Senajan mepeta dikaya ngapa, jeneng ruang sopiran mono mesthi sempit banget, mula nalika Ningrum mlangkah pindhah nggon, ya sasat kaya wong pangkon sing adhep-adhepan.

Ati lelorone krasa kumrangsang, ketang ubaling geni asmara. Napase Ningrum kang metu saka irunge sing mbangir iku, nampek raine Pamungkas saya nambahi kuwuring pangrasa.

Tangane Ningrum gocekan pundhake Pamungkas, dene tangane Pamungkas lelorone nggoceki bangkekane Ningrum. Kanggo ngilangi sakehing rasa, karo nyekel setir Pamungkas takon :

?Punika rak estu lajeng kondur ta jeng??

?Iya kakang, aku wis kesel tenan, njur kepingin ngaso?. Pamungkas nuruti kersane bendarane. Neng ndalan ora kacarita. Mlebu ndalem wayahe wis meh surup. Ewadene Pamungkas isih nandangi apa wae, sing sinawang isih kudu di tandangi.

Tekan ndalem sawise siram, jeng Ningrum mlebu kamar njur wis ora metu-metu maneh.

Bengi kuwi, taruna-taruni sing padha kekeselen ajar lan ngajari setir, padha dene ora bisa turu. Ing kamare Ningrum mung tansah gedabigan, kajane nggege engala esuk …… awan …. lan sore, pamrihe bisa ajar setir maneh kaya sing uwis.

Rasa bungah lan mulya jroning ati, dene bisa sesandhingan jaka bagus sing wis kuwawa nggondhol atine, senajan mung jejering abdi. Atine Ningrum goreh lan samar, apa kira-kira Pamungkas ya nduwe rasa padha, karo dheweke ?

Wah yen ora rak cilaka mencit. Mangka Ningrum jan wis ….., kaya-kaya ya mung Pamungkas kuwi priya sing wis mlebu ing atine tenan. Wong nyatane, sekolah wis nganti klas III SMU lan ngadhepi kuliah, ora ana kanca lanang sing narik kawigatene.

Tur ya akeh priya sing wis nelakake tresnane, ning Ningrum ora nggubris.

Dina kapindho …. katelu… Jeng Ningrum wis lanyah setir, mung keri piye yen neng ndalan gedhe ? Atine wani ora ?. Dina sing kaping pat, pak Dakdo sekalihan diampiri budhene nyumbang neng sedulur sing daleme luar kota, wis ngasta mobil piyambak. Dadi Corola tetep ana ngomah.

Bareng bapak ibune wis tindak, Ningrum kandha marang Pamungkas :

?Kakang, yuk awake dhewe metu dolan, aku kok pingin weruh Kaliurang?.

?Lha ingkang jagi ndalem sinten, jeng ??

?Celukna pak Kromo kakang, kae sing sok diutus-utus bapak, didhawuhi tunggu dalem, kandhoa yen mung sedhela?.

Pamungkas gage menyang omahe pak Kromo, sing mung keletan telung omah kuwi. Bareng pak Kromo wis teka, wong loro banjur budhal. Sing dituju Kaliurang.

Tekan Kaliurang sawise markir mobil, wong loro munggah, lakune satitahe. Kepara bareng dalane ndeder lan rumpil, Ningrum tansah njaluk gandheng, sing ndadekake atine Pamungkas saya kroncalan.

Tenan, seploke ngajari setir lan bisa saya namatake kasulistyane Ningrum bendarane, atine dadi gulung koming, batine sesambat ngaruwara : Apa ya kelakon yen mung atase aku, cebol kok nggayuh lintang ? Pamungkas … Pamungkas …. delengen ….. kowe iku sapa ? Karo tangane tebah-tebah dhadha.

Kanggo meper sakehing rasa, Pamungkas njur ambegan landhung karo mentheleng ngalamun. Tekan dhuwur, kahanan sepi merga dudu dina libur, mula ora akeh pengunjung. Ing sangisore wit cemara sing isis, Ningrum ngajak leren lungguh, dene Pamungkas mung tansah ngestokke. Nganti suwe wong loro meneng-menengan, sidane Ningrum takon:

?Piye rasamu kakang ??

?Wah wonten mriki remen, jeng, hawanipun seger, sasawanganipun endah?.

?Mung kuwi kakang ??

?Inggih, jeng ??

?Kakang Pamungkas, piye rasamu yen kakakng sesandhingan karo aku ?? Pitakone Ningrum karo mandeng ora kedhep-kedhep.

?Remen sanget jeng, kula tansah nggegadhang, mbok inggiha kula tansah saget cecaketan kaliyan panjenengan? wangsulane Pamungkas lirih tumungkul.

?Padha kakang, atiku uga mulya yen bisa tansah ana ing sisihmu, mergane ….. aku tresna sliramu kakang?.

Krungu tembung mau Pamungkas ngowoh, nyawang Ningrum semu gumun, Kandhane groyok :

?Saestu, jeng ??

?Tenan kakang? Kandha ngono, Ningrum nubruk Pamungkas, nyelehake sirahe ing dhadhane priya bagus kuwi, karo luhe crocosan.

Dening Pamungkas, anggane Ningrum rinuket kenceng, kapepetake ing dhadhane kebak asih, ature :

?Matur nuwun, jeng, jebul raos panjenengan sami kaliyan raosing manah kula. Namung kula ajrih, awit kula ngrumaosi yen namung abdi?.

?Aja kaya ngono kakang, awit katresnan mono ora mawang apa wae, lan sapa wae. Merga katresnan kuwi peparinge Gusti marang kabeh titahe.?

?Inggih jeng, inggih ning kula ajrih, temtu keng bapak lan ibu mboten marengaken?.

?Kuwi rak lagi pangiramu ta kakang ? Mangka nyatane bapak ibu kae ora nate mbedak-mbedakake wong, kakang Pamungkas rak bisa ngrasakak ta ??

?Inggih-inggih saget, jeng, ning kula ajrih?.

?Yoh wis ngene, kakang, aku wis lega bisa nglairke isining atiku, yen aku tresna karo srliramu. Begjaku, dene saiki kakang Pamungkas uga ana rasa tresna marang aku. Iki jenenge wis jumbuh. Saiki ngene kakang, piye yen wiwit saiki awake dhewe ora basan binasan??

?Oh ….. inggih mboten saget, jeng, kula saestu ajrih yen kepirsan bapak lan ibu?. Wangsulane Pamungkas gage.

?Yoh wis biasa ya kena yen ana bapak lan ibu, ning yeng mung aku lan kakang, becike ya ngoko wae, piye ??

?Inggih ngaten inggih sae?.

?Hara ta rak isih basa maneh, mbok dicoba kakang !?

?O … yoh tak cobane …. ning nuwun sewu sadurunge, iki kersamu lho jeng !?

?Iya kakang, ngono rasane rak saya rumaket?. Kandha ngono Ningrum karo nyedhaki Pamungkas nglendhetake awake, sing dening Pamungkas tumuli ringakul kebak greget.

Ati lelorone wus manunggal, begja mulya lan bungah rinasa ing sanubari mudha-mudhi kuwi.

Pamungkas pancen bocah sing lantip pamikire, ora seneng ngumbar kekarepan lan nuruti ati. Bareng wis rinasa marem banjur ngelingake kekasihe :

?Jeng, becike saiki kondur !, aja nganti tekan ndalem kedhisikan rawuhe bapak ibu sing saka tindakan. Manehe, pamite karo pak Kromo mau rak mung sedhela. Dene yen durung marem, besuk kapan rak bisa mrene maneh?. Ningrum eling yen mau ora matur bapak ibune, mula pangajake Pamungkas ya gage disaguhi :

?Ayo kakang, aku manut?.

Saiki mudhune wong loro rangkulan keket, kang wis pinatri ing katresnan sing wis padha dilairake. Temenan tekan ndalem bapak ibune durung kondur, pak Kromo wis nyapu latar gilar-gilar. Ora lali kekarone wus nyepakake oleh-oleh jadah tempe kanggo pak Kromo sing tunggu dalem.

Ningrum banjur mlebu pawon, ngengkrengke ceret kagem unjukan. Lan racik dhaharan sawetara kagem sing padha kondur saka tindakan.

Dina-dina candhake lumaku bisa, Pamungkas tetep ngatonake olehe bekti lan ngajeni marang sing didhereki.

Mung keri-keri iki dokter Dakdo lan garwane kraos, yen wiwit Ningrum ajar setir kae, tangkepe marang Pamungkas luwih nggatekake.

Saiki sedhela-sedhela nggoleki, kanthi pawadan dikon ngeterke neng ngendi ta ngendi, sing pokoke metu saka ngomah. Tumrape wong tuwa, mesthi tanggap marang solahbawaning anak sing beda lan biasane.

Semono uga bu Dakdo ya ngerti, yen putrane ana rasa marang Pamungkas.

Batine seneng, merga senajan mung jejere wong ndhedherek, Pamungkas bocah sing kena dipercaya lan bisa mandhiri. Saupama putrane seneng, panjengengane ora lingsem ngangkat putra mantu.

Semono uga dokter Dakdo, penggalihe ya kaya sing putri, mung wae ya ora nate kelair.

Ing sawijining dina, dokter Dakdo kerawuhan kamase pak Hartono, sing saka Surabaya, sing mbiyen pemborong gedhe, mula sugihe mblegedhu. Surasane, rawuhe mung paring bebungah rupa trek Puso, merga penjenengane diaturi leren anggone dadi pemborong, alasane wis sepuh, dening putra-putrane sing kabeh wis padha dadi wong lan mapan uripe.

Dene kendharaan lan liya-liyane sumangga bapake, putra-putra wis ora padha nyuwun. Kebeneran pak Hartono kok njur kengeten rayine sing ana Yogya, ya pak Dakdo.

Pak Hartono pirsa, senajan putrane adhine mung siji putri ning ya pirsa nek kagungan abdi lanang sing nggantheng ….. pethel …. tur prigel si Pamungkas. Ngendikane pak Hartono :

?Dhimas, rehne sliramu senajan purna tugas, isih brengga rowa, mula trek iki tak paringke sliramu. Kena mbok sewakke, kena mbok dol, kanggo ngragadi Ningrum samangsa mlebu kuliah, wis mangsa borong aku pasrah lan lega lila?.

?Wah inggih matur sembah nuwun sanget kamas, mugi-mugi peparingipun kamas punika, dadosa margining rejeki kangge brayat kula.? Sawise rampung perlune, pak Hartono ya banjur kondur Surabaya.


Temenen, dina candhake ana trek Puso warna kuning lumebu regol daleme pak Dakdo, utusane pak Hartono. Iku wae isih diparingi nawala embel-embel, yen pak Dakdo kersa, isih ana kijang siji lan col prothol loro sing kena kanggo angkutan. Yen kersa, sawayah-wayah bisa utusan uwong supaya dijupuk.

Pak Dakdo anane mung matur nuwun lan sendika dhawuh. Ing wayah sore wancine ngunjuk teh, pak Dakdo ngersakke garwa lan putrane, uga Pamungkas padha ngumpul.

Wong telu lungguhe ngupengi meja, mung Pamungkas sing lungguh dhingklik rada adah kana. Dhawuhe pak Dakdo :

?Pamungkas lungguhmu ngalih mrene !, aku butuh rerembugan?. Karo nudingi kursi sing kosong. Pamungkas nyedhak njejeri kursi palungguhane Ningrum. Ngendikane pak Dakdo :

?Bune, Ningrum lan kowe Pamungkas, piye mungguh panemumu bab trek peparinge kamas kuwi ?? Wangsulane bu Dakdo :

?Pak panjenengan kuwi wis sepuh, aku ora rila yen penjenengan arep menggaklihke trek. Upama arep ngasta (nyetir) wae aku wis ora mentala. Mbok iyoa, piye yen dipasrahke Pamungkas wae sing enom. Dheweke bisa thak-thik dhewe yen ana karusakane, tur ya ngerti tenan karo mesin?. Pak Dakdo njur mirsani Pamungkas karo ndangu :

?Piye Pamungkas ??

?Kula namung ndherek sedaya kersanipun bapak?. Ature Pamungkas lirih. Ora didangu Ningrum matur :

?Pak, ginanipun punapa menawi kakang Pamungkas dipun sekolahaken, kok mboten dipun lajengaken dumugi rampung ? Yen dumugi rampung, sak mboten-mbotenipun, sampun saget nyepeng kesarjanaannipun, rak saget sampurna kesagedanipun. Semanten ugi saget omber syaratipun kangge pados pakaryan?. Pak Dakdo manthuk-manthuk, njur pandangune :

?Karepmu, Pamungkas dikuliahke ndhuk, apa ngono ??

?Inggih pak?.

?Lha njur trek kuwi apa didol wae ?? Pamungkas matur :

?Menawi bapak dhangan ing penggalih, kula saget pados tiyang ingkang saget dipun pitados nyepeng trek punika dipun karyakaken. Dene mangkeh, inggih bagi hasil. Yen wonten kerisakanipun kula ingkang tanggel jawab ndandosi?.

?Yen ngono ya apik banget kuwi, njur kapan kowe bisa ngrembugi wong kuwi Pamungkas ??

?Mbenjing enjing kula bidhal pak, babar pisan mangertosi lan nyobi kawontenanipun trek punika?.

?Aku melu ya kakang?.

?Inggih prayogi, jeng?. Pak lan bu Dakdo mung mesem krungu ature putrane mau, ketoke kok mung kinthil wae, pingin tansah cecedhakan karo Pamungkas.

?Ningrum, kuwi kendharaan gedhe dudu Corola, kowe ora kena ajar setir trek!?. Ngono dhawuhe pak Dakdo.

?Mboten pak, kula namung tumut kakang Pamungkas kok?. Sidane bocah loro kuwi budhal, Pamungkas sing nyopiri. Bungahe Ningrum ngayang batin, dene bisa nyuwunake supaya Pamungkas dikuliahke.

Sing cetha, kanggo masa dhepane kekasihe, bakal luwih padhang. Pamungkas kandha :

?Jeng, mampir pasar Ngasem ya, aku arep golek kucing sing apik kanggo oleh-oleh?.

?Lho kok aneh, oleh-oleh kok kucing ta kakang ??

?Iya, jeng, marga sing padha di parabi pak Srati kuwi senengane ngingu kewan. Saliyane tuku kucing, mengko ya tuku oleh-oleh sing akeh. Wista, mengko jeng Ning rak ngerti sapa sing ndak parani iki?.

Ningrum meneng, ana ing sopiran awake nglendhot kekasihe kebak ing rasa kabagyan. Ora suwe wis tekan ndesa sing jeneng Bendungan. Pamungkas ninggal treke ing lurung, tumuju omah cilik sing banget prasaja. Ningrum tansah kinthil ing mburine. Bareng tekan ngarep lawang banjur uluk salam

?Kula nuwun ….. !?

?Mangga?, keprungu suwara wadon sing banjur ngengake lawang. Weruh Pamungkas lan Ningrum, wong wadon mau takon :

?Badhe kepanggih sinten den ??

?Badhe kepanggih pak Darmo, wonten mbok ??

?Oh wonten … sekedhap, wadon tuwa mau mlebu, ora suwe wis ngirit wong lanang tuwa sing banjur takon :

?Den penjengan sinten ?, nggih kula niki pak Darmo sing ketelah pak Srati. Sak nalika Pamungkas jengkeng neng ngarepe wong tuwa loro kuwi karo kandha groyak ngemu tangis :

?Pak ….. mbok ….. apa kowe pangling ? ……., aku Pamungkas …….. anakmu sing minggat …….. merga arep mbok gebug slarak lawang biyen kae, merga mateni kucing …….., iki saiki tak gawakake kucing Condromowo, apik pak?.

Wong loro ngowoh, njur pating prembik nangis, ngrangkul anake dikon ngadeg, pak Darmo kandha :

?O …… kowe Pamungkas …. oh ngger kowe yogaku …. kowe anakku lanang .. apuranen bapak ya le …. bapak kleru?.

Pak Darmo ….. mbok Darmo genti-genten anggone ngrangkul anake karo padha nangis. Wong telu tangis-tangisan ngesok kangen, dene Ningrum sing ora ngerti apa-apa, ya kesetrum melu mrebes mili. Anak lan tamune banjur dijak mlebu ngomah, dilungguhake ing amben dawa.

Bareng wis adheng, bage binage keslametan, pak Darmo takon :

?Njur den lara iki sapa le ??

?Iki putrane bendaraku pak, sing nulung lan ngopeni aku tekan saiki?.

?O …… nggih matur nuwun sanget den lara …., nggih kalih rama lan ibune?. Ningrum mung manthuk-manthuk karo mesem. Pamungkas banjur nyritakake kelakone, lan sabanjure nari bapakne, apa gelem dipasrahi trek kuwi kanggo golek dhuwit, dene yen mengko ana kerusakane, Pamungkas saguh ndandani. Bapakne saguh. Ningrum takon :

?Napa penjenengan niku riyin nggih sopir ta pak ??

?Inggih den lara, ning kula niki sopir setoom, nika lho sing diangge ngapikke dalan?.

?Pak, senajan iki putrane bendaraku, bapak yen ngundang ya muni ?Nak? ngono wae ben rumaket?.

?O …… yoh, rak kepareng ta den lara ….., e nak ??

?Inggih pak, kula malah remen?. Kandhane Ningrum.

Mbok Darmo banjur kandha karo anak lan tamune :

?Wis kono le, ngasoa dhisik, simbok tak ngliwet, njangan lodheh mbayung, iki isih ana peyek teri?. Kandha ngono terus ninggal Pamungkas lan Ningrum.

Bocah loro njur padha metu njaba ndeleng kebon mburi, wusana mlaku-mlaku tekan slokan Mataram. Mulihe srengenge wis ngglewang terus padha mangan sajak nikmat banget.

Gandheng wis sore, Pamungkas pamit, mbesuk yen trek wis di serfis jare arep gage diterke dhewe. Bocah loro ana ndalan tansah gojeg, Pamungkas takon :

?Piye jeng, sliramu gela ora ?, aku mung anake wong cilik sing biyen tilas sopir setoom ??

?Ora kang, aku malah bungah, merga yen mbesuk methuki rekasa, awake dhewe wis ora kaget?.

?O ya syukur, jeng?.

?Kakang bapak kok kandha yogaku, kuwi tegese apa ??

?Anu jeng, yoga kuwi tegese ya anak, piye ta ??

?Mbok jenengmu ngarep ditambahi Yoga, perlune aku yen ngundang mas Yoga ngono, rak apik ta ??

?Dadi wutuhe Yoga Pamungkas ngono ta jeng??

?Iya, lan wiwit saiki aku ora muni kakang Pamungkas, ning ganti mas Yoga, rak kena ta mas Yoga ??

Pamungkas ora mangsuli, ning njur ngrangkul kekasihe ngganggo tangan kiwa kanthi gregeten. Sing dirangkul mung nyekikik. Tekan ndaleme pak Dakdo wis surup, Pamungkas ngaturake kabeh minangka utusan.

Sore candhake, ya ana Pamungkas, Ningrum crita karo bapak ibune, yen Pamungkas mono isih duwe wong tuwa komplit. Biyen ngaku ora duwe wong tuwa, marga saking wedine karo bapake. Bapakne mono biyen tilas sopir setoom. Pak Dakdo ngendika :

?Jane kowe karo Pamungkas kuwi piye ta ndhuk ?? Ningrum nyawang Pamungkas. Sing disawang krasa banjur matur :

?Pak …… Bu .. weleh-weleh punapa, sejatosipun jeng Ningrum lan kula sampun sami tresnanipun, ning kula ajrih matur kaliyan bapak ibu?.

?Pamungkas !, sejatine aku wis ngerti, ning aku lan ibumu ngenteni aturmu. Sarehne saiki kowe wis cumetha, piye yen kowe lan Ningrum ndakpacangake dhisik, pelaksanaane mbesuk yen kowe kabeh wis rampung sinaumu ??

Bocah loro mung manthuk tandha sumaguh. Bu Dakdo njur ngendika :

?Pamungkas, panjalukku, sarehne kowe wis padha diwasa, kanggo njaga sakabehe supaya kuliahmu padha bisa rampung, Pamungkas, kowe muliha ndisik neng omahmu. Dene wragat kuliah ya asile trek kuwi. Lan yen perlu njupuk kijang lan col prothol loro sing wis diparingke pakdhemu kuwi neng Surabaya. Kowe mrene, utawa Ningrum mrono mung yen dina libur. Kira-kira padha kabotan ora ?? Gage wangsulane Pamungkas :

?Mboten bu, punika malah prayogi sanget?.

?Lha kowe piye ndhuk ??

?Ngono ya becik bu, perlune padha dene konsentrasi anggonku pada sinau?.

Kanthi climen mung ngaturi sesepuh, pak RT, RW lan sedulur sawetara, Ningrum sida kapacangake karo Pamungkas. Bakda kuwi Pamungkas banjur mulih neng nggone pak Darmo bapakne.

Ngepasi dina libur, Ningrum dolan neng nggone kekasihe, dijagongi bapak lan mbokne. Pak Darmo kandha :

?Le Pamungkas, bapak nduwe karep, mbok iya yen wis rampung sinaumu kowe nggenteni gaweyane bapak sing biyen, nglakokke setoom. Gagah lho le, setoom kuwi gedhe rosa yen kewan pindhane gajah. Gek cete kuning resik, rak pas yen tak jenengi Liman Jenar?.

?Ya gelem-gelem wae ta pak, awit kabeh pakaryan mono becik, apa wae ora kena di sepelekake. Ning ya kuwi, yen bisa wong mono rak kudu mbudidaya luwih dhuwur timbang bapak rakya kena ta ??

?O ….. kena banget le, tak dongakke, ndak pengestoni, ben dadi wong mulya. Pamungkas ! anakku !, DUMADI ONO ku ing jagat iki dadi lantaran anamu. Mula ya senajan kaya ngapa kahanane wong tuwamu, kuwi mau kabeh wajib mbok syukuri?.

?O ….. iya pak, aku tansah syukur karo sing paring urip?. Ngono wongsulane anake, ya Yoga Pamungkas.

Lumakune taun ora kocap, ning jantraning jagad tansah ana ing panguwaos dalem Hywang Kang Murbengdumadi. Kanthi rancak nir ing sambekala, sinaune bocah loro wis rampung, lan padha dene bisa nganthongi gelar kesarjanaan.

Pamungkas sing wiwit cilik tansah prihatin, tansah bisa njaga tindak lan srawunge marang kekasihe sing biyen tilas bendarane. Ningrum dhasar putrane priyayi, tur entuk panggulawenthah sing becik saka bapak ibune, mula diwasane dadi putri sing dadi pangalembana para sepuh, sing karenan marang luhuring budi lan pambangun turute marang wong tuwa.

Senajan wis padha ngerti, yen Ningrum iku wis pepacangan, ewa semono isih akeh priya sing nandhang wuyung, lan gandrung marang kasilistyane sang ayu. Upama kembang, Ningrum mono lagi nedheng-nedhenge mekar lan nyebar ganda arum. Mesthi wae kabeh mau saya gawe mongkok lan bombong atine Pamungkas, sing dadi gegantilaning atine.

Pak dokter sekalihan banget tresnane marang Pamungkas, sing pancen pinter ngrangkani penggalihe calon mara tuwa kuwi. Gandheng kabeh wis sarembug lan bocah wis padha karepe, kersane pak dokter, Pamungkas lan Ningrum bakal diresmekake.

Rehne mung anak siji, pawiwahan bakal digawe rowa. Kabeh kadang mitra bakal diundangi mapan ing gedhung ?Wisma Sari?. Dene kanggo ngramekake pahargyan, pak dokter sekalihan ngersakake nanggap kroncong paguyuban ?Surya Ndadari? sing pancen wis kawentar jenenge ing dhaerah kono.

Tempuking gawe, Ningrum lan Pamungkas sing pancen ayu lan bagus iku bareng wis didandani jan … prasasat bathara Komajaya lan Dewi Ratih sing ngejawantah. Kabeh tamu cingak lan gumun.

Dene pak Srati sekalihan minangka besan, sing didandani lan dilungguhake ing cedhak dhampar penganten, senajan lungguhe kanthi kaku lan katon yen tingak-tinguk, ning batine mbedhodhog, dene dimulyakake anak.

Ora ngira yen ing atase biyen mung sopir setoom, kok saiki duwe anak sing bisa mikul dhuwur mendhem jero, marang wong tuwa. Apa maneh yen kelingan, biyen wis tau dibledik nganggo slarak lawang merga nggebug kucing nganti mati.

Oh …. atine pak sopir setoom alias Liman Jenar, jan rumangsa getun banget … Biyen kok nganti semono ketegelane marang anak, apa maneh anake nganti minggat pirang-pirang taun suwene. Batine pak sopir njur thukul gagasan. E … sesuk yen ngundhuh sapasare, senajan wong ora duwe ya arep reka-reka mahargya anake.

Dheweke rumangsa kepotangan budi karo pak dokter sekalihan, apa maneh bareng biyen ketemu padha dene crita. Lelorone kelingan, yen pak sopir wis tau kena slenger tangane, dene sing nangani lan nambani ya pak dokter sing saiki dadi besane kuwi. Dek jaman semono panjenengane isih praktek neng rumah sakit.

Apa sing dadi gegadhangane pak sopir mau nyata diwujudi. Bareng ngudhuh sepasare penganten, pak sopir ngunduh Macapatan saka kelompoke, merga pak sopir melu mlebu paguyuban Pusparani ing Radio Kanca Tani, sing nguri-uri lestarine budaya jawa.

Mesthi wae, merga wis kerep padha siaran, kanca-kancane pak sopir wis padha baut nembang. Dene suwarane ya padha becik-becik. Penyiare sing kakung nggantheng-ngganteng tur grapyak sumanak, dene sing putri ya ayu-ayu tur isih padha enom.

Marang warga / monitor srawunge wis kaya sedulur, marahi wargane saya mundhak-mudhak akehe. Dene pesindhane sing padha melu ngramekake ya wis gamben-gamben. Kayata : Ibu Musidah, Ibu Sekar Teja, Ibu Sumini. Semono uga sing padha ndherek siaran Campur Sari (Karaoke), wargane uga akeh sing swarane becik, ora kalah karo penyanyi sing wis dadi. Kayata : Ibu Arumsari, Ibu Arumdalu, ibu Yati, mbak Tutik Sumberan, mbak Inul lan isih akeh maneh.

Dene kakunge kayata : Bapak Sarijo, Bapak Welas, Bapak Slamet Pedhot Margo, Bapak Kamandaka. Semono uga sing sepuh-sepuh, uga akeh swarane sing isih padha becik lan laras, ora blero.

Malah ana dhanyang saka Klampis Ireng utawa Kembang Sore sing wis baut ngarang tembang lan Kroncong, dhasar swarane ya gedhe anggrung, penak yen dimirengke. Wis ta, pokoke dening pak sopir, kabeh bakal digelar ing panggung kanggo mahargya sepasaring penganten.

Ningrum lan Pamungkas sing manten anyar kuwi rumangsa begja mulya, tansah atut runtut, pindha mimi lan mintuna, neng endi-endi ora kena pisah, dhasar ya penganten anyar, prasasat kadi dene renggang gula kumepyur pulut. Uga rumangsa kebeneran olehe duwe wong tuwa, lan kebeneran pamilihe jodho. Jer kabeh mau sejatine wis diatur dening Gusti Kang Hakarya jagad. Merga, lahir, jodho, lan pati mono, wis ana ing astane.

T A M A T

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>