Si Pengung

?

Mas Giman !, crita punika namung dhapur crita gojegan kanggo ngendhokaken syarap supados mboten metentheng, kados yen mirengaken crita jagading lelembut.

Menggah crita wau mekaten : Supados nges kulo badhe ngoko kemowon :

Ing sawijining dina, ana wong bebrayan sing nduwe anak lanang ontang-anting sing banget di ugung ing samubarange.

Merga saking banget tresna lan gematine, anake mau mung di uja sakarepe.

Ora di dhidhik, ora diwarahi apa-apa lan ya ora di sekolahake, mula bareng gedhe bocah kuwi babar blas ora bisa apa-apa. Geweyane dina-dina mung mangan turu wis ora ana maneh.

Bocah mau dijenengi Purwo, ning gandheng saking bodho lan gobloge banjur padha diparabi Pengung.

Pengung sing sedina-dinane mung mangan, turu kuwi awake dadi lemu kaya gendhon.

Gandheng wis di wasa, mula wong tuwane kepingin si Pengung kaya bocah-bocah salumrahe ya kuwi di omah-omahake. Ning njur sapa sing gelem karo bocah sing ming kaya pong-pongan kuwi ?

Kebeneran, tanggane wong tuwane Pengung ya dhuwe anak wedok sing mung ngelethek neng njeron ngomah wae. Gaweyan ngomah kabeh bisa nantandangi, ning emoh yen metu ngomah merga bocah kuwi isinan banget alias Clingus.

Yen kepeksa nganti pethukan utawa ditakoni uwong, olehe semaur utawa mlaku ya ndhungkluk terus, ora wani nyawang sing ngajak omong.

Ning bocah kuwi mungguh kekarepan lan pepinginan ya normal kaya wong lumrah. Cacade ya mung siji kuwi isinan utawa Clingus.

Bareng Pengung ditari rabi, sak wise di ajak jagong manten (karepe wong tuwane, nek dadi manten kiya di dandani ngono kuwi), Pengung di tari rabi ya gelem.

Saiki wong tuwane Pengung sing bingung. Gek cah wadon ngendi sing gelem dirabi wong koya anake kuwi ?

Sidane kelingan anake tanggane ya si Clingus. E ya kalah cacak menang cacak, sapa ngerti nek bocahe sing ora tau srawung uwong kuwi gelem dijodhokake anake.

Bareng Clingus di tari wong tuwane gelem nglakoni, wusanane njur padha dirembug.

Pengung seneng banget nalika di dandani lan di ladeni panganan sing enak-enak, prasasat ora leren anggone ngemil. Nganti tamu-tamu padha nggeguyu karo manten sing ora duwe isin kuwi.

Kosok balen karo Clingus, nalika ditemokake sasat kaya reca di lungguhake. Ora obah, ora wani nyawang tamu-tamu mung ndhungkluk wae.

Pengung mono kaya dene jenenge wis ngarani, bodho longa-longo kaya kebo, sing ngertine mung mangan turu klinthong-klinhong dolan. Mula anane Clingus sing wis resmi dadi bojone neng ngomahe, ya ora teges kanggone Pengung.

Clingus sing kahanan normal kuwi, neng ngomahe maratuwane apa-apa ya ditandangi. Klebu diwarahi mara tuwane leladi bojone.

Pengung sangsaya mbungahi. Apa tegese wong bebojoan Pengung babarpisan ora ngerti. Clingus mung dianggep kanca urip sing manggon tunggal saomah, yen bengi nunggal sapeturan.

Bareng wis dadi manten entuk setengah taun, Clingus ditakoni mara tuwane wis ana tandha-tandha arep bathi apa durung, Clingus mung gedheg. Mula wong tuwane Pengung ngandhani anake;

?Le, bojomu kuwi ya di wori kaya bapak karo mbokmu kuwi, supaya kowe enggal duwe momongan?. Pengung meneng ngrungokake karo manthuk-manthuk, njur takon :

?Olehe ngewori piye, pak ??

?Ngene ya Le, nek turu ben bebas kuwi ora usah nganggo sandhangan. Leh mu turu ngisor ndhuwur, bojomu sing ngisor, kowe sing neng ndhuwur, suwe-suwe suk kowe rak njur duwe anak?

?O yoh pak, mengko bengi tak lakonane?. Bapakne Pengung gedheg-gedheg karo ngelus dhadha batine : Oh mesakake Clingus, jebul sprana-sprene kuwi isih wutuh, durung di owah-owah.

Bareng genep sesasi, Clingus blokeran pijer mutah-mutah wae, maratuwane wis nicil ayem. Bareng sela Clingus di takoni :

?Wis ngayati mandheg pa nok ?? Clingus gedheg kara kandha :

?Kula kalih kang Pengung di kengken tilem ngandhap (longan), kang Pengung tilem nginggil (ngamben), kula mboten betah pak, jrambahe niku anyes sanget. Sakniki kula masuk angin terus?. Krungu wangsulane Clingus, maratuwane kaget, batine : Wooow jebulane anakku Pengung ora dhong. Awakke dhewe turu ngamben, kok bojone kon turu nglongan, pantes masuk angine terus. Wong tuwane Pengung judheg, banjur ngulir budi, piye bisane Pengung ngerti karepe bapakne. Wayah awan nalika sepi, bapakne Pengung ngawe anake. Bareng wis mara Pengung di kandhani :

?Le, uwis, bojomu aja kon turu neng longan terus, mengko mundhak masuk angin dhudhuk. Saiki ganti. Iki kowe tak wenehi klentheng (isi kapuk). Nek kowe karo bojomu arep mapan turu, klentheng iki lebokna pusermu, njur bojomu kan turu mlumah. Klentheng iki pindhahen neng pusere bojomu, ning tanganmu lan tangane bojomu ora kena ndemok klentheng kuwi, dadi saka pusermu tempelna neng pusere bojomu nganti mlebu. Mengko suwe-suwe kowe rak duwe anak?.

?Dadi olehku turu ya ora nganggo sandhangan, ta pak ??. Bapakne manthuk-manthuk tandha ngiyoi.

Batine : ah nek kanthi cara iki mesthi kasil. Tenan, nalika nindakake mindhah klentheng kuwi, Clingus sing normal wia mapan-mapanake awake, merga barange sing sensitif kuwi wis kesenggol-senggol pusakane Pengung, ning arep cawe-cawe isin lan wedi.

Seje karo Pengung, punjere pikiran mung ana klentheng, janji klenthenge ngglindhing neng peturon njur leren, perlu mbenakake klenthenge.

Mangka Clingus wis ngos-ngosan gulung koming, kepingin banget ngrasakake landhepe senjatane Pengung. Ning bola-bali mung gela. Merga Pengung ora tanggap.

Wusana saking jengkele, Clingus njorogake Pengung nganti klumah neng ngamben. Esukke tanpa pamit, Clingus bali mulih neng nggone wong tuwane alias purik. Bapakne Pengung kaget nalika ngerti Clingus purik, mula Pengung banjur di dhedhes bapakne njur crita. Kandhane Pengung :

?Pakone bapak kabeh wis tak lakoni. Clingus tak kon turu mlumah, aku mengkurep neng ndhuwure. Ning ya kuwi pak, janji tak ungsep-ungsepke klenthenge ki ngglindhing neng ngamben ….. dadine ya ora isa mlebu. Mangka saking olehe bola-bali ngglindhing, ambegane Clingus nganti cos-cosan, sajake ora sabar? kandhane Pengung jujur.

?Njur ya mung ngono kuwi, Le ??

?Lha iya pak, ngerti-ngerti aku nglilir Clingus kok wis ra ana.? Krungu kandhane Pengung, bapakne banjur ngekep anake kenceng kebak trenyuh. Kandhane:

?Yoh Le, bapak arep golek dalan ben Clingus gelem bali mrene?. Bapakne Pengung muter uteg kinanthen donga, muga-muga anake ngerti kaya salumrahe wong urip.

Bapakne Pengung banjur lunga neng pasar kewan, baline wis nuntun wedhus lanang wadon sing lagi mbabrak (brai).

Digawekke kandhang apik, sisih kandhang di wenehi amben sing kobet kanggo turu. Sawise dadi njur ngundang Pengung karo di kandhani ngene :

?Le, rehne bojomu mulih neng wong tuwane, kowe saiki tak wenehi gaweyan ngingu wedhus. Wedhus iki ulatna sapari polahe. Wiwit saka ngarit kanggo pakane …. angon lan turu sandhingen ! Apa wae sing ditindakake wedhus sajodho iki gatekna mbok menawa ana paedahe kanggomu?.

?Iya pak, aku manut?.

Pengung pancen bodho …. goblok …. ning jujur tansah nggugu pakone bapakne.

Saiki turune neng sandhing kandhang wedhus. Gandheng diperti ….. digemateni lan pakan sarta ngombene digatekake banget, wedhus sing lagi padha mbarak kuwi njur kawin.

Lagi kuwi Pengung weruh sesawangan anyar, sing durung tau diweruhi, mula di jengglengi terus. Wusana wedhus kuwi meteng njur manak telu cempe-cempe sehat sing nyenengake.

Suwe-suwe pikirane Pengung mletik lan tinarbuka. Jebulane sasuwene iki dheweke durung tau nindakake kaya pakartine wedhus sajodho kuwi marang bojone. Mula niyate Pengung arep marani bojone dikon mulih. Dheweke arep kandha yen sak suwene iki dheweke ora ngerti apa tegese bebojoan. Ya wiwit iku, Pengung lan Clingus urip bebrayan tentrem lan ora let suwe Clingus wis katon ngandheg.

T A M A T

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>