Waspada

?

Ibuku pancen wis apal, janji dina libur, aku mesthi ngepluk, tangiku awan, dening ibu ya ora tau digugah. Dene yen dina-dina mlebu nyambut gawe, tangiku ajeg gasik jam lima wis tangi. Gaweyan esuk sasat aku kabeh sing nandangi. Ibu wungu wis ana unjukan anget nasgithel ngomah lan latar wis ndak sapu, uga asah-asahan wis kabeh resik.

Iki wis dadi pakulinanku wiwit cilik, sing maune aku mung rewang-rewang ibu. Saiki ganti ibu sing ndak kepenakke, senajan yen aku wis mangkat nyambut gawe, ya isih kudu kedhekukan masak.

Senajan aku ya wis matur wanti-wanti, yen wegah mbok mundhut mateng wae, wong ya cedhak pasar. Ning ibu tetep ora kersa, ngendikane yen jajan kuwi ora marem tur boros. Aku trima meneng.

Ing wayah esuk, nalika aku lagi dandan ibu nyedhak karo ndangu :

?Lho As, iki rak tanggal abang libur ta ndhuk, kowe arep meyang ngendi ??

?Anu, bu, badhe ndherekaken blanja pak Brojo, kangge persiapan penget setaunipun bu Brojo Suwargi?, wangsulanku jujur apa anane.

?Ning ndhuk, dhek emben masmu Sigit rak wis njanjeni, yen libur dina iki kowe arep diajak sowan eyange neng Sala.? Ngendikane ibu ngelingke.

?Inggih, bu, kula kengetan kok. Malah kula weling, mangkeh yen mas Sigit dhateng, ibu kula aturi ngendika supados ngentosi, awit ngendikanipun pak Brojo namung sekedhap kok.?

?Wong jeneng blanja ngono ya ora bisa ta ndhuk yen mung sedhela, awit sing dituku rak akeh tur werna-werna. Karo dene maneh, rak akeh ta kancamu karyawan liyane ? genea apa-apa kok kudu karo kowe ??

?Bu, kula punika rak lare enggalan, dereng wonten setaun anggen kula nyambut damel, dados kula kedah sendika yen dipun dhawuhi punapa kemawon. Menapa malih ngemuti yen pak Brojo punika rak pimpinan kula.? Aturku nyoba nerangke.

?Ning ngertiya ya ndhuk Astrini, yen pak Brojo dhek emben ameng-ameng mrene kae, wis ngendika terus terang karo ibu, nek seneng karo kowe. Mangka ibu ya wis blaka matur, nek kowe wis nduwe pacar ya nak Sigit. Dadi nek kowe mengko matur apa anane, yen arep lunga karo nak Sigit mesthine rak ya ora papa ta ??, ngendikane ibu sareh.

?Inggih mboten punapa-punapa, bu, ning raos kula rak mboten sekeca, awit kala wingi kula sampun kelajeng sagah. Kaliyan pimpinan lho bu, kula mboten wantun yen sak-sakipun. Mindhak dipun wastani kula nyepelekaken dhateng pimpinan.? Aturku kareben ibu ora duka.

Lagi wae aku lan ibu meneng, bel ngarepan keprungu mak kring dawa, pratandha yen ana tamu. Gage aku marani pernahe lawang banjur ndak bukak. Jebul Marjo, abdine bu Diro, ibune mas Sigit. Mula ya inggal-inggal wae aku takon :

?Onten napa mas Marjo ??

?Anu mbak Astri, niki kula diutus mas Sigit ngaturke serat kagem mbak Astri.? Kandha ngono Marjo ngulungke layang, lan banjur wae ndak waca. Dene surasane, olehe ngajak lunga aku diundur ora esuk iki ning mengko, sore-sorenan, merga mobile rewel. Batinku tiwas kebeneran, dadi ora kesusu olehku ndherekake blanja pak Brojo. Aku njur takon :

?Mas Marjo, wau mas Sigit weling napa mawon ??

?Nggih namung nyaoske serat niku mbak, ngendikane mboten sah dibalesi cekap diaturi ngendika kalih kula mawon, mangkeh kula aturke.

?O nggih, yen ngoten welinge, ning kula tak criyos kalih sampeyan nggih mas Marjo, mangkeh diaturke mas Sigit. Nek esuk niki, mangke jam sedasa, kula ajeng ndherekake pimpinan kula blanja, sing ajeng ngge setaun swargi garwane njing emben niku. Sak derange ajeng teng hotel Arumdalu mapak sedhereke sing saking Jakarta ajeng rawuh teng ndaleme, ning njujuk hotel kalih istirahat.?

Ngono kandhaku cetha karo Marjo sing dikongkon mas Sigit. Sawise rampung apa sing ndak omongake, Marjo gage pamit bali, lawang uga banjur bali ndak inep. Atiku rasane lega lan krasa mak plong, ateges kabeh terbuka. Lagi wae aku manyuk ruang tengah, wis didangu karo ibu sing lagi nyalini taplak meja dhahar.

?Tamune sapa ndhuk ??

?Marjo abdinipun bu Diro ibunipun mas Sigit, bu.?

?O syukur, lha yah apa nak Sigit ngampiri kowe olehe arep sowan eyange ??.

?Kaleresan, bu, mas Sigit anggenipun badhe bidhal mangkeh sonten, amargi mobilipun nembe dipun dandosi, criyosipun Marjo wonten kerisakan.?

?Lha njur ?. ??, ibu ndangu.

?Kula inggih saestu badhe ngerekaken pak Brojo blanja, wekdalipun rak cetha yen mboten kedah kesesa.? Wangsulanku apa anane. Bareng wis sawetara ibu njur ngendika :

?Ning ya kuwi As, mbesuk maneh yen diajak pimpinanmu sing saiki wis dhudha kuwi aja njur gage sumaguh, goleka alasan sing waton. Ibu kuwi ora penak lho karo masmu Sigit. Karo maneh, apa-apa kok mung kowe sing diutus, mangka karyawan putri liyane ya akeh.? Ngendikane ibu ketara rasa sumelang.

?Bu, lha kula punika rak sekretarisipun, punapa klentu yen pak Brojo minangka pimpinan, kengkenan (dhawuh) dhateng kula sekretaris utawi andhalanipun ??

Aku rada ngeyel, ning atiku pancen kepingin ngertosake ibu sing pemanggihe isih kuna kuwi. Ibu ya njur kendel, ning ya isih terus ngendika maneh.

?As, upama pak Brojo kuwi durung kawetu ngendikane yen seneng karo kowe, ibu ora pati samar, ning bareng piyambake wis nelakake yen kepingin nggarwa kowe, atiku rak njur melang-melang. Mula ya ndhuk, ibu weling, kowe sing ngati-ati njaga dhirimu. Senajan kowe kuwi wis sarjana tur umurmu ya wis nuduhake yen diwasa, ning nggon pengalamane wong urip, kowe kuwi sasat durung duwe, As. Kowe tansaha kelingan, yen kowe mono wis pacaran, malah wis resmi dirembug masmu Sigit, dadi kowe aja nganti gawe ora senenge masmu.? Ngendikane ibu nuturi aku.

?Inggih, bu, mas Sigit inggih mboten nate sujanan kok, sajakipun inggih mangertos, yen kaliyan pimpinan punika kedah tundhuk lan sendika dhawuh.? Aturku ben ibu ora nyamarke banget kahananku.

?Ya bener kandhamu As, tundhuk lan sendika dhawuh, ning rak tumrape gaweyan kantor/perusahaan, ning nggon pribadhine neng ndaleme, kowe ya aja njur apa-apa sumaguh, mundhak suda regane awakmu.?

Yen aku ora nglungani, mesthi isih akeh-akeh ngendikane ibu, mula age-age aku mlebu kamar sengadi tata peturon lan reresik kamar. Jroning ati aku ngakoni yen ngendikane ibu mau kabeh bener, sing sejatine mung kebak ing pangeman. Ngendi ana wong tuwa arep nyengsarakke anak ?.

Kira-kira jam sepuluh, ana sedhan mlebu pekarangan. Aku ora pangling yen iku mobil pribadhine pak Brojo. Ibu wis tindak pasar, dene bapak lenggahan ana ngarepan.

Sawise tak lenggahke lan ngendikan sedhela karo bapak, pak Brojo njur pamit bapak lan nyuwun lilah, yen aku arep diajak saperlu ngrewangi blanja sing kanggo penget garwane. Bapak ya ngidini, wusana aku wong loro runtung-runtung tumuju mobil njur bablas menyang pasar gedhe kutha.

Lagi wae mlebu kutha, kluwer ? sedhan menggok, mandheg ing sawenehing restoran sing cukup gedhe. Pak Brojo ngendika :

?Aku mau durung sarapan je As, saiki aku ora kopen, ora kaya nalika ibumu isih. Golek sarapan dhisik ya ?? Ngendika ngono karo nggandheng tanganku.

Sejatine risi, ning aku ora wani suwala. Tekan njero, milih meja sing paling pojok njur mirsani daftar menu karo ngendika :

?Astri, kuwi kono miliha arep ma?em apa ??

?Ah kula ndherek bapak kemawon kok.? Wangsulanku kanthi swara mudhun. Sidane pak Brojo sing wis setengah sepuh kuwi pesen nasi putih sate buntel, unjukane jeruk panas. Ora suwe pelayan wis ngaturake pesenan kanggo wong loro. Karo wiwit dhahar, pak Brojo ndangu :

?Sadurunge blanja, neng toko dhisik ya, kowe kepingin apa, matura mengko tak pundhutke.? Ngono dhawuhe.

?Wah mboten, pak, kula mboten nyuwun punapa-punapa kok. Bubar dhahar langsung kemawon dhateng peken blanja.? Aturku cetha.

?Wah ya kudu neng hotel Arumdalu dhisik As, methuk sedulurku sing seka Jakarta njur lagi blanja.

?Punapa saenipun mboten mangke sak sampunipun blanja kemawon, pak ?, ngampiri dhateng hotel lajeng kundur.? Aku caos pamrayoga.

?Ah ora As, selak mesakake olehe ngenteni ana hoel.? Wangsulane pak Brojo.? Aku meneng. Sauntara iku, pak Brojo karo stir ngulungi dhompet karo ngendika :

?Iki As, dhuwit sing mengko kanggo blanja cekelen.? Dhuwit uga banjur ndak tampani lan banjur mlebu sak. Tekan toko mas, mobil mandheg, pak Brojo dhawuh aku mudhun karo ngendika :

?Ayo, As, kowe miliha, hiasan apa sing mbok senengi, jupuken mengko aku sing mbayar. Gelang ? kalung ? apa ali-ali sing mata berliyan, kowe rasah sungkan- sungkan.? Aku lungguh mbegegek emoh metu, atiku wiwit krasa ora kepenak. Pak Brojo metu, aku semu digeret, ning aku tetep puguh ora gelem aturku :

?Pak, punapa kersanipun sedaya punika ?, bapak punika pimpinan kula, mila kula tansah sendika dhawuh, bapak mboten perlu mundhut-mundhutaken kula.? Wangsulane :

?Ngertia As, aku kuwi tresna neng kowe, lan aku ya wis matur ibumu.? Ngendikane pak Brojo cetha.

?Pak, kula sampun gadhah pacar, lan sampun karembag dados.? Aturku blaka.

?Astrini, apa mahasiswa sing lagi wae lulus kuwi ?, apa sing bisa mbok arep-arep saka dheweke ?, selagi nyambut gawe wae durung, apa-apa isih njaluk wong tuwa. Seje yen kowe gelem dadi garwaku, samubarang wis cumepak, wis sumadhiya, sing kabeh mau bakal dadi duwekmu.?

?Pak, ning kula sampun sami teresnanipun, tiyang sepuh kekalih ugi sampun mengestoni.? Aturku, ndhebat ngendikane.

Bareng wis tita aku emoh mudhun saka mobil, pak Brojo bali munggah ing sopiran, mobil tumuli mlaku maneh. Let sedhela wis tekan hotel Arumdalu, mobil banjur mlebu. Saka parkiran pak Brojo nggandheng tanganku karo ngendika :

?Astrini, ayo dikancani nggoleki sedulurku, jare padha ana kamar nomer telulas.? Bareng wis ngliwati kamar-kamar lan taman-taman ing njeron hotel, pak Brojo banjur nyedhaki, aku ditinggal rada adoh. Sawise tudang-tuding sedhela, banjur marani aku karo kandha :

?Neng sisih kana kok As, yuk awake dhewe rana. Bareng tekan kamar sing mendjila lan katon asri, pak Brojo sing nggandheng aku setengah nyeret kuwi kandha :

?Lha, kuwi kamare As, kae nomer telulas.?

?Pak ingkang dipun pethuk pundi, menika kontenipun kok tutupan ??.

?Wis ta ayo, mbok menawa lagi padha ngaso, iki aku wis nggawa kuncine.? Ngendika ngono, aku dirangkul meksa, karo terus diajak nyedhaki lawang kamar.

Aku polah lan nduwa karepe, emoh diajak nyedhaki kamar. Pak Brojo saya rosa, anggone nggeret aku.

Aku saya nyengkah lan ngawaske rana-rene, mbok menawa ana wong, sirku arep tak undang, ning eman kiwa tengen kono sepi. Mung ana tukang kebon loro sing lagi nyapu ing sisih adoh kana. Aku gage undang-undang, ?E pak bon ?. pak bon, mang mriki. Wong loro sing tak arani pak bon mau weruh aku diseret-seret pak Brojo, banjur gage mlayoni. Topi sing olehe nganggo semu diblesekake kuwi marahi aku ora ngerti rupane wong kuwi. Dheweke mlayoni nyedhak karo elik-elik.

? E la pak, sabar !? Pak Brojo ngeculke aku karo nesu nyedhaki wong loro mau tembunge kasar :

?E ngapa kowe ngurusi urusaning liyan ??

?Iki urusanku, merga Astrini iki calonku.? Kandhane wong mau ora kalah serone karo nyopot topine.

Ya ampun ? jebul wong mau mas Sigit lan Marjo sing pancen ngawasi aku, wiwit aku metu saka ngomah.

?Sapa kowe ?, pitakone pak Brojo.

?Aku Sigit,? Ora kenyana bogem mentahe mas Sigit tumiba ing raine pak Brojo. aku njerit, mas Sigit banjur tak seret karo Marjo tak ajak metu. Pak Brojo tiba klumah mbarengi tekane satpam. Karo lunga mas Sigit kober kandha karo satpame :

?Trima kasih, dik, ini pacar saya yang mau diperkosa oleh pimpinannya.? Karo Pak Brojo mas Sigit kandha :

?Nek ra trima lapura polisi, tak tunggu.? Karo lunga aku uga nguncalake dompet kagungane pak Brojo ing ngarepe.

Sabanjure embuh urusane pak Brojo, sing cetha aku mesthi kelangan pakaryan merga dipecat. Ning aku banget syukur, dene apa sing ndak kandhakke Marjo tekan mas Sigit, sing mas Sigit tansah waspada ngawasi aku. Sing tundhone aku slamet saka pakartine pak Brojo sing nistha.

?

?TAMAT?

?

Cariyos punika kula aturaken dhateng kadang mitra satresna siaran lelangen sedaya kemawon, kanthi atur : sugeng midhangetaken lan mangkeh sugeng sare.?

?

This entry was posted in Crita Nyata. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>