Kusung-kusung

?

Citra lan Anung pancen wis suwe anggone padha kekancan. Ketemune padha mlebu S.M.P. teladhan ing kampung Kuncen dhek jaman semana. Sawise padha lulus, kekarone padha olehe ndaftarake kepingin nerusake ing perguruan tinggi U.G.M. Uga njupuk jurusan sing padha, Pendidikan.

Anung mono asline bocah Sala, ana Yogya ndherek bulike, sing garwane ngasta ing S.M.A teladhan kuwi, bulike ngerti yen Anung lulus S.M.P. bijine apik, mula banjur dijupuk, disekolahake ing Yogya. Dhasar bulike mung peputra siji wae isih S.D. klas lima.

Saiki Anung Baskoro, ngono jeneng komplite, tetep lestari anggone bareng kuliah lan ya sajurusan karo Citra Lestari putrane bapak Sugondo sing ngasto neng Biro Keuangan Daerah kuwi.

Sejatine wiwit isih neng S.M.A, kekarone wis ana rasa ketarik siji lan sijine kadi dene wanita lan priya sing tansah kepingin cecedhakan, sing wusanane nuwuhake katresnan.

Gandheng kekarone padha dene nduwe semangat sinau sing gedhe, mula anggone padha ngrabuk katresnan (pacaran), ora ganggu anggone padha sinau, ning malah dadi cambuk lan nambahi semangat belajar.

Kekarone nduwe cita-cita urip mulya ing tembe mburine sawise mengko padha mbangun brayat. Saking rapet lan padha dene anggone njaga sesambungan, wong tuwane Ratna lan bulike Anung ora pirsa, mungguh hubungane bocah loro sing wis padha prasetya bebarengan urip ing mbesukke.

Sinau lan dolan bareng-bareng kanca-kancane Ratna ing omahe, blas ora ngetarani babar pisan.

Yen bocah loro kuwi pingin omong-omongan serius kanggo kekarone, milih ing dina libur neng papan-papan rekreasi sing akeh pengunjunge, kekarone banjur golek papan sing prayoga kanggo omong-omongan.

Dhek semono Ratna njaluk diterke neng Mbaron, karo Anung uga dituruti. Bareng wis tutug anggone padha mlaku-mlaku, Anung ngajak ngisi weteng neng warung sing lawuhe ikan bakar seger. Karo ngenteni matenge pesanan, Anung mbukane gunem takon :

?Rat, sejatine arep omong apa ta, kok ndadak ngajak dolan mrene ??

?Anu, Mas Nung, aku ki arep omong kowe, ning rasanae kok gojag-gajeg.?

?Ha kok ndadak gojag-gajeg kuwi ana apa ?, angger kowe njur omong rak njur bar, wis gek omong, tak rungokne!? Kandhane Anung mepeti lungguhe kekasihe karo cengengesan.

?Ta rak mesthi ngono kuwi yen dijak omong sing tenan, sengit aku,? kandhane Citra karo njiwit lan ngungkurake Anung.

?Ya ? ya ? wis gek kandha wong ayu.? Anung gage ngrangkul gulune Citra diadhepake awake, karo kandha serius :

?Wis ta Tra, gage wae arep kandha apa, aku selak penasaran jare.? Genti Anung sing penasaran ndang kepingin ngerti.

?Ning tenan ya, mas, yen aku kandha, mas Anung ora kena nesu!?

?Olehmu arep kandha kuwi saiki apa suk emben??, Anung selak ora sabar.

?Ngene, mas, Pak Andri dhosene dhewe sing anyar kae, wingi nalika bubar menehi kuliah, kelas sepi, mung keri aku sing ana njero. Penjenengane njur nyedhaki aku karo ndangu :

?Piye mbak Citra, wis wiwit nicil gawe sekripsi apa durung?? Aku ya mangsuli jujur.

?Sampun pak, ning inggih dereng mantep, taksih mujudaken ngengrengan.?

?Hlo kok aneh mbak, mangka kancane rak wis akeh sing padha rampung,? ngendikane Pak Andri karo saya nyedhaki lungguhku.? Kandhane Citra.

?Njur piye sabanjure, Tra ?? Anung ngoyak.

?Pak Andri ki njur ngendika, ngene, mas.?

?Sudah mbak Citra, nggak usah khawatir, bapak bisa bantu, kalau mbak Citra mau dekat dengan bapak.?

?Ngono kuwi je mas. Hara piye kuwi karepe ??

?Ha kowe njur mangsuli piye, Tra ??, Anung nanjih.

?Gandheng ditakoni ngono mau ndhadhak, mas, wangsulanku ya mung waton, ngene :

?Ya terserah saja, asal saya lulus dengan nilai bagus, Pak.?

?Wouw, yen ngono kowe wis siap pisah karo aku Tra, njur kowe gelem dipacar Pak Andri sing dhosen kuwi??

?Ah, ? kok ngono, mas, apa iya kuwi kersane ??

?Ha olehe ora ?? Wangsulane Anung karo mrengut.

?Ya wis kono Tra, nek kuwi wis mbok antepi, aku tak trima mundur ngalah.? Swarane Anung angluh.

?Ya ora ngono ta, mas, upama wangsulanku kleru, rak ya isih bisa lan kena diralat.? Kandhane Citra kanthi nadha getun. Bareng wis tutug anggone padha mlaku-mlaku, Anung banjur ngajak bali. Ya wiwit Citra kandha ngono kuwi, Anung meneng-meneng tansah nggatekke sikape Pak Andri dhosene kuwi marang Citra. Lan ya pancen katon yen pak dhosen ana kawigaten marang Citra kekasihe.

Ning jroning atine Anung percaya, yen Citra ora bakal cidra ing janji, kaya sing wis padha bareng aprasetya, yen mbesuk wis rampung kuliahe lan wis nyambut gawe bakal urip bebarengan.

Dene Citra dhewe ya krasa, senajan nalika dikandhani mungguh kekarepane dhosene anggone tawa jasa, Anung ketara yen ora seneng, ning Citra ora rumangsa yen Anung ngawasi kabeh tumindake, utawa memonitori terus.

Kabeh lumaku kaya ora ana kedadeyan apa-apa. Anung lan citra bebas srawung karo kabeh kanca-kanca kuliahe, lan nyatane kanca-kancane ya ora padha nglegewa, yen Anung lan Citra iku wis padha pacaran.

Sejatine ayune Citra pancen kondhang ing kampuse, ning para jejaka kancane mung kandhek bisa nyawang, awit senajan Citra iku bocah sing supel srawung lan grapyak, ning nggon menggok neng cecaturan bab katresnan lan lekoh gage olehe nginggati.

Dadine nyrawungi Citra pancen mung winates nggon pelajaran lan kegiatan kampus.

Semono uga kawigatene Pak Andri, dening Citra Sinangga entheng, senajan katon banget olehe ngurmati lan nggatekke minangka dhosene.

Kosok balen pak Andri, weruh Citra sing ayu lan giras kepati, saya nggrengseng olehe ngoyak.

Meneng-meneng, buku-buku kebutuhane kuliah Citra kabeh dicukupi kanthi pawadan disilihi. Anggone maringake uga yen ora weruh mahasiswa liyane, awit yen ana kancane, Citra ora tau gelem nampa.

Tekade Citra : ?Wong aku ya ora nembung, ngapa nolak diwenehi, kamangka aku butuh? Lan bab mau ora tau dikandhakake Anung, mundhak dheweke nesu lan cemburu.

Kabeh lumaku lancar kaya rancangane dhewe-dhewe.

Anung mbebaske Citra srawung, merga percaya banget karo kasetyane.

Citra nampa pawewehe Pak Andri, merga buku dadi sarana lancaring pasinaon supaya lulus lan enggal rampung.

Dene Pak Andri kanthi pawewehe buku-buku marang Citra, duwe pengarep-arep gedhe, yen mengkone, suwe-suwe Citra mesthi gelem dicedhaki lan dadi pacare.

Pancen, paraga telu-telune duwe karep lan rancangan dhewe-dhewe, sing siji lan sijine ora mangeti tujuane. Ing sawiji dina kaya padatan, Pak Andri ngulungi buku Citra, sing ing njeron buku dislempiti nota sasuwek, sing unine mengkene :

Citra ! mengko sore kampus ora ana kegiatan, mula metua, tak tunggu neng toko buku ? Serba Ada ??. Ning kana, buku apa sing mbok butuhke kowe bisa njupuk. Dhasar kidule ana rumah makan anyar, aku kepingin ngayari ( jajan ). Ndak jaluk kowe gelem ngancani ! Tak tunggu jam pitu bubar Maghrib?.

Aku : Pak Andri

Tenan??? kaya adate tekan ngomah buku dibukaki, nemu layang sasuwek mau, dadakan atine bingung. ?Piye ?, disaguhi apa ora, yen ngelingi bakal nduwe buku-buku sing disenengi, mesthi wae mangkat ning kok ndadak nganggo mlebu rumah makan ? Oh ? sungkan.

Piye yen mengko nganti kaweruhan mahasiswa kanca-kancane ?, luwih-luwih Anung kekasihe, sing wis tau diblakani bab kawigatene Pak Andri marang dheweke. Mesthi ?, yen ngerti dheweke bakal nesu.

?Ah ?, atine Citra bingung, wedi lan judheg. Wusanane buku sing ana surate kuwi mung dipangku karo thenger-thenger mikir, piye mungguh penake.

Lagi tengahe thenger-thenger, ndadak diganggu unine tilpun muni, cepet-cepet Citra nyelehke buku ing ndhuwur bufet kamar tamu mau, banjur marani tilpun. Ora suwe ?Halo ? ini Citra, dari mana ? Let sedhela guyune pecah karo kandha :

?Oh maaf ya Tri, jebulane sore mengko kuwi aku ana acara, arep ndherekake ibu nyumbang. Piye nek sesuk sore wae ?? Embuh piye swara saka adoh kana. Ning sabanjure kandhane Citra :

?Yoh ? yoh ? yoh sepisan maneh maaf ya. Dhag ?? Sawise nutup tilpun Citra bali lenger-lenger njur ndeleng jam tembok, sing wektu kuwi wis nuduhake jam 5.15.

Atine wis gembleng mutusake, arep nglegani dhawuhe Pak Andri neng toko buku. Bab ngancani jajan, yen bisa ya arep nolak, ning kepeksane ora bisa ya piye maneh.

Citra ne mburi nyaut andhuk mlebu kamar mandi terus adus. Bubar adus dandan rada extra ora kaya yen mung kuliah, nganti sawetara.

Sawise banjur ngetokke motor, kanthi pamit ibune yen arep nyilih buku nggone kancane. Citra banjur budhal, motor ditumpaki rindhik-rindhik tumuju toko buku.

Kira-kira sepuluh menit saungkure Citra, Anung teka sing nemoni ibune.

?Dik Citra dhateng pundi, bu ??

?O anu nak ? Citra entas wae olehe metu, mau pamit arep nyilih buku nggone kancane. Ning ora kandha kancane mau sapa. Apa slirane mau ora kangsen yen arep mrene ??

?Boten, bu.?

Ibune Citra mirsani jam njur ngendika :

?Nak Anung, disekecakke ya, ibu tak sujud dhisik, iki wis manjing maghrib.?.

?Inggih, bu? wangsulane Anung gela, merga kekasihe ora ana. Lungguh dhewe lingak-linguk, wusana weruh buku biologi anyar, gage dijupuk banjur dibukaki. E hladalah ? nemu kertas sesuwek, tulisane rapi banjur diwaca.

Sarampunge maca, Anung ngguyu kecut. Saiki ngerti, yen lungane Citra dikangseni dhosene sing ora liya Pak Andri, sing wis tau dikandhakake biyen. Pancen, wektu kuwi atine panas, ning ora dituruti, niyate arep ditliti dhisik, Citra nanggapi Pak Andri apa isih setya karo dheweke.

Wong nyatane, katresnan mono ora kena dipeksa, lan kabeh isih padha dene bebas nemtokake calon kanggo mbesuke. Buku dibalekke neng ndhuwur bufet, ning layange sing mung cekak iku nuli disak. Ibune, sing lagi wae bubar sujud iku metu, Anung terus pamit mulih, sengadi ana janji karo kanca.

Sejatine Anung ora terus mulih, ning neng toko buku Serba Ada saperlu ngecek kekasihe. Jam wis nuduhake jam pitu kliwat, ning nyatane citra lan Pak Andri neng njero toko kono wis ora ana.

Mesthine wis dha neng rumah makan, ngono batine Anung. Dheweke banjur mbukak dhompet, isih ana dhuwit rong puluhewu, cukup kanggo sangu nglacak Citra ing rumah makan.

Sawise mlebu, nalika dicedhaki pelayan Anung mung aba akon mbungkuske sambel udang karo ngulungi dhuwit rong puluhewu. Pelayan rumah makan takon :

?Ini semua mas ??

?Iya Pak?, wangsulane Anung karo ngenteni pelayan sing mbungkusake pesenane, mripate Anung langsir nggoleki Citra. Tratap ?, jebul tenan Citra lan dhosene lungguh mojok ngungkurake lawang mlebune pengunjung, dadi ora mangerteni teka lan lungane Anung.

Kebeneran banget, ngono batine.

Nalika jam istirahat, biasa mahasiswa padha jagongan grombolan karo crita ngalor ngidul. Anung nyedhaki Citra karo takon :

?Dhek emben sore neng ngendi Tra ? aku rana, ngendikane ibu jare kowe nyilih buku, neng nggone sapa ??.Citra mung ngguyu ora enggal wangsulan, sing njalari atine Anung rada emosi.

Kaya neng ndhuwur bufet kae ana buku biologi anyar, kapan olehmu tuku ? ditakoni ngono kuwi, Citra saya kepojok, atine dadi cilik. Upama arep nerangke, kayane ora pas karo situasine, ning yen ora wangsulan, dikira ana bab-bab sing disingidake.

Ing kahanan sing sarwa ewuh mau, Citra njur kandha : ?Wis ta, mas, sak mangsane tekoa ing omahku, mengko tak kandhani.?

?Yen aku mara mengko mbok tinggal meneh, sapa ngerti kowe wis dikencani.? Kandhane Anung saya mepetake Citra.

Citra trima meneng nglungani, sing njalari atine Anung saya mundhak sujana. Wis ben, ngono batine Citra, angger aku ora tumindak apa-apa, mengko rak ya lilih dhewe. Sidane tenan, nganti se Minggu Anung ora teka neng ngomahe, neng kampus ya ora nyedhaki.

Saka panyawange Citra, Anung mundhak pucet lan ora nduwe semangat kaya adate. Citra dadi mesakke, nuli nyedhaki Anung karo kandha :

?Mas, mbok dolan neng nggonaku, betah tenan pa ora mara ??. Wangsulane Anung lirih :

?Yoh kapan sesuk nek sela.? Citra ngerti, nek Anung lara ati : Sepisan mesthine nemu layang sasuwek sing neng buku biologi, pindhone nerka nek Citra wis kencan lunga karo Pak Andri.

Kedaya rasa kangen sing wis mbangeti, sidane Anung ya dolan tenan neng omahe Citra. Sikape adhem, ora nggrecek kaya adate. Citra sing tansah ngajak omong terus. Suwe-suwe Citra kandha :

?Mas, aku tak kandha ya, ning mas Anung kudu ngandel, wong aku kandha jujur. Dhek emben Pak Andri maringi buku Biologi, ning neng njerone dislempiti dluwang sasuwek sing isine akon aku neng toko buku Serba Ada. Aku bisa njupuk buku apa wae sing tak senengi.

Mas Anung ngerti, gandheng aku seneng ngoleksi buku, mula aku njupuk buku lima sing ndak anggep penting, ing antarane, Antologi cerkak, geguritan, macapatan, esai sastra lan basa kawi. Awake dhewe kuwi calon S.P.D, mas dadi kudu sugih sesurupan.

?Bar kuwi njur diajak jajan ta, karo dirayu Pak Dhosen sing isih jaka lan sugih kuwi.? Panyelane Anung ngemu cemburu. Gage kandhane Citra,

?Ta rak tenan, durung-durung rak wis praduga sing ora-ora. Pancen ya diajak jajan, mas, ning Pak Andri ora ngendika sing menjurus neng nggon katresnan, gedhene merayu.

Aku waspada kok mas, sing tak suwunke pirsa ming pelajaran terus, dadi Pak Andri ora kagungan wektu nggo ngendika werna-werna. Sakjane malah pikiranmu dhewe sing ngeres kok, mas, ngrusak lan nyiksa atimu dhewe. Kudune mas Anung bisa mikir, kapan aku tau goroh lan ngapusi mas Anung? Apa maneh gedhene nyleweng. Aku dudu cewek matre mas, ya ben Pak Andri kuwi dhosen, isih jaka lan sugih, ning tresnaku mung kanggo mas Anung. Aku wani disumpah, mas?, kandhane Citra groyok sing malah njur netesake luh.

Weruh iku Anung luluh atine. Dheweke ngrumangsani yen sasuwene iki Citra tansah setya, kabeh kandhane nyata bener, ora seneng neka-neka. Gage menyat saka lungguhe, Citra dirangkul kenceng karo kandha :

?Piye Tra, nek sak durunge wisudha awake dhewe tunangan dhisik, biyen ibuku wis bola-bali ndhawuhi aku kawin, jare. Nduwe bojo kena disambi kuliah.?

?Sak karepmu, aku manut mas Anung.? Wangsulane Citra mantep.

?Ya wis yen kowe saguh, suk emben ibu saka Sala rak rawuh tuwi aku, sesuk tak matur. Ning ya kuwi Tra, sasuwene ibu neng kene, aku ora bisa neng omahmu, aku mesthi kudu ndherekke ibu rana-rene.

?Ya ra pa pa ta, mas, kuwi rak kudu lan wajib, gawe seneng lan bekti marang wong tuwa.? Let se Minggu ibune Anung sida rawuh, sipenge ya nggone rayine bulike anung. Wis seminggu anung pancen ora mara, mangka sejatine Citra wis kangen banget. Neng kampus ora kober ngobrol, merga kegiatane sedhabreg tur ya sungkan karo kanca-kanca.

Ing wayah sore, Citra diutus ibune sing remen mbatik iku tuku malam neng tokone Nyah Sican Nio. Gandheng kosmetike ya wis nipis, mula Citra terus neng toko Glamor sing wis kawentar gedhe lan pepak isen-isene dagangan.

Nalika lagi nonton alat-alat kecantikan sing didhasarake, ora kejarag panyawange Citra weruh Anung kekasihe nggandheng kenya ayu rambut dawa ngombak. Anung ora weruh, tur jarake ya pancen rada adoh. Mula Citra kanthi tansah aling-alingan pembeli, nyedhaki lan ngematke kenya sing digandheng Anung mau kanthi mat-matan.

Adhuh manise kenya kuwi, kathik pangrangkule Anung kenceng, nyekeli pundhake. Nganti Anung lan kenya kuwi ilang numpak taksi, Citra isih kamitenggengen anggone ngawasake.

Batine, layak seminggu ora teka kanthi alasan ibune rawuh, jebul lagi enteng-entengan karo wadon ayu. Mulane Mas Anung gampang cemburu wong dheweke gampang gandheng wedokan.

Atine Citra wiwit was-was lan samar, sing ndayani awak semplah, ora nafsu mangan lan angel turu. Gek minggu candhake Anung ora mlebu kuliah, njur ana apa ? Atine saya tambah kisruh lan bingung.

Gek-gek Anung males gawe lara ati, ngelingi karo Pak Andri kae sing sejatine ora ana apa-apa. Ah embuh ? Citra judheg dhewe. Nganti rong minggu ora mara, sore kuwi Anung teka. Nalika weruh Citra, Anung semu gumun tumuli takon :

?Ngapa Tra kowe kok pucet tur susut awakmu, lara pa ? Nek lara kok ora ngandhani.?

?Olehku arep ngandhani piye, mas, nek kowe ora tau mlebu ?, apa ya isih sibuk ndherekke ibu, apa enteng-entengan karo kenya ayu??, pitakone Citra nyindhir. Anung krasa mula gage kandhane :

?Wis ta Tra, aku rene diutus ibu sing pingin kenal lan pirsa kowe. Ayo saiki bareng aku, mengko tak tepungke karo kenya sing tak ajak enteng-entengan kaya kandhamu kuwi.? Kandhane Anung karo ngguyu.

?Emoh, mas, ora sudi aku yen mbok tandhing-tandhingke.?

?Wis ta Tra, gek kana dandan, ibuku nganti-anti tekamu. Kanthi kepeksa Citra dandan, terus melu Anung ngadhep calon mara tuwa. Tekan nggone, Citra dipethukke bulike, pamane, ibune karo kenya ayu rambut dawa. Kabeh nyalami grapyak sumanak. Bareng wis padha lenggah, ibune nggenahke siji-sijine, klebu kenya ayu rambut dawa iku jebul adhine Anung, jenenge Widya isih kuliah neng U.N.S Sala semester loro.

Kekarepane Anung anggone arep tunangan wis diaturake ibune, ibune uga marengke pangandikane :

?Anung lan sliramu mbak Citra, ibu setuju lan mengestoni, ning rehne mung kurang sak onjotan maneh, apa ora prayoga mbesuk yen wis bubar wisudha sisan, tunangan langsung ngrencana anggonmu padha peresmian (nikah). Perlune salah siji olehmu mikir, nalarmu njur lodhang. Apa ta gunane kusung-kusung, toh wisudhamu keri telung sasi maneh.? Anung manthuk-mnthuk karo terus matur :

?Ngaten nggih prayogi, bu. Kowe piye Tra, rak ora gela ta ?:

?Ora, mas aku rak mung manut mas Anung. Sing apa-apa njur kusung-kusung kuwi rak panjenengan ta, mas ? Kae nyatane dhek aku diapiki Pak Andri wis selak praduga, atimu kusung-kusung njur nesu. Mangka rak ya ra ana apa-apa? Atine Anung njering diwelehake ngono iku, mula njur genti melehake.

?Kowe dhewe rak ya ngono ta Tra, nyatane weruh aku neng toko ngrangkul Widya wae kowe ya wis cemburu. Mangka saiki kowe lagi ngandel, yen Widya kuwi adhiku dhewe. Tuwas mbok rewangi awakmu kuru. Kuwi jenenge kowe rakya kesusu, kusung-kusung ngarani.? Ibune sing mireng anggone weleh-welehan njur nengahi ngendika :

?Wis-wis Nung lan sliramu mbak Citra, ya merga padha dene tresnamu sakloron sing gedhe kuwi, marahi atimu padha dene samar yen nganti kelangan.Mula banjur gampang cubriya, kemrungsung lan kusung-kusung sing adate malah gawe rugi awake dhewe.

?TAMAT?

Crita punika kula aturaken dhateng para kadang mitra sedaya sutresna siaran lelangen, sugeng hangresepi.

?

Kula : Nini Klenyem.

?

?

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>