Kumeliping Lintang Natal

?

Wiwit mangsa Adven, sasat pendhak sore (bubar surup) anak-anaku mesthi lunga. Acarane rutin, pendhalaman novena Adven, latihan koor kanggo persiapan Natal, seminggu ping telu utawa ping pat. Meh sasat angger sore lunga.

Merga pas wilayahku sing ketiban sampur, bengi Natal kuwi ngiringi Misa nganggo gamelan. Sing koor Mudika, ning sing nabuh ibu-ibu kabeh.

Pancen, wilayahku wiwit biyen tansah kawentar nduwe paguyuban kerawitan, sing wis kerep siaran neng R.R.I lan uga TV. Malah saiki wilayahku nganakake paguyuban macapatan sing dijenengi Tresna Manunggal, sing disesepuhi dening ibu Ketua Wilayah. Dhek emben uga pas (tanggal 24 Desember esuk) ndadak awakku mriyang, rasane kaya arep lara kae, wadhuh …. atiku susah banget, gek-gek aku iki mengko njur ambruk, teneh ora bisa ndherek Natalan, ngono batinku.

Kaya adat saben yen awakku ora kepenak, bakda masak aku njur tuku jamu galiyan kesel neng pasar diombe neng nggone (ngiras). Lha rak tenan, sawise ndhak enggo turon sedhela, awakku sing mau kemeng-kemeng saiki wis mari. Atiku bungah banget, bola-bali olehku matur sembah nuwun karo Gusti.

Sore isih pandhang, anak-anak ku loro sing dha ndherek koor wis dha dandan, merga Misane sing sepisanan jam enem.

Lha piye, sing jeneng omah senajan isine mung cowek karo kuwali, ning nek ditinggal semprung (suwung), rasane kok ya ora mentala. Neng kutha Yogya kene, aku kuwi klebu wong anyar, sing ngetutke bojo ditugaske neng kutha gudheg iki. Sejatine tugase mung keri sedhela, antarane kurang limang taun. Anggone dipindhah, jare mbenahi administrasi keuangan kantor sing amboradhul.

Wis pokoke …. wong wedok mono anane mung manut, dhasar bojoku ya ora tau duwe ulah sing aneh-aneh, mangka anak-anakku ya klebu isih gampang diatur.

Jam sanga bocah-bocah mengko bali, mula setengah sanga aku wis siap-siap. Dohe greja karo omahku yen mlaku seprapat jam, dene yen numpak motor ora ana limang menit. Rampung Misa, anak-anakku ngebel, yen sedhela maneh wis tekan ngomah.

Gandheng aku seneng mlaku, mula gage aku nyaut tas isi kacamata lan pandhuan Natal sing wis dhek wingi tak tuku. Lawang tak kancing saka njaba, kunci tak seleh pot, kaya padhatan yen mung ditinggal sedhela. Sing anak-anakku wis padha apal ngone.

Aku banjur mangkat nyidhat dalan. Metu kampung aku wis tekan prapatan dalan gedhe cedhak greja.

Lagi wae aku arep nyabrang dalan, ndadak keprungu swara mak grobyak ….. sero banget, sing ndadekake kawigaten wong-wong sing padha liwat. Mobil Kijang nabrak becak, becake nganti nggoling. Penumpange gladrahan ana ratan, jare wong wadon sing lagi wae metu saka stasiun, numpak kreta espres Jakarta-Surabaya.

Embuh ngapa aku kok kepingin nyedhak. Nalika wis cedhak, aku weruh, tukange becak wis lungguh, atiku ayem ….. Muga-muga wae aja ana kurban sing bilahi. Aku luwih nyedhak maneh, kurban sing isih kumlarah neng aspal kuwi tak tamatke.

Pancen, pipine kasap aspal katon pating dlewer getihe seger, ning wonge isih katon melek ….. sadhar.

Bareng tak tamatake ya ampun ….. jebul mbak Mulatsari tangga desa nalika aku isih nderek bapak ibu neng Sala. Aku gage miyak wong-wong lan polisi sing aweh pitulungan karo kandha :

?Pak …., ini mbak Mulat tetangga saya.?

?O … iya bu ?? Salah sijine polisi ngyakinnake.

?Iya pak, saya tau betul orang ini.? Kenebeneran kurban nyawang aku, gage tangane sraweyan karo kandha lirih.

?Dhik Dati !? Gage tangane ndak cekel. Polisi wis ngangkat mbak Mulat neng mobil, sing aku kudu katut neng mobil tekan Rumah Sakit.

Semono uga tukang becak sing rengkeng-rengkeng kuwi, uga di dhabyang polisi, sisan digawa neng Rumah Sakit. Sepisan mlebu UGD dipriksa dokter, diresiki, diobati, terus digawa neng bangsal.

Atiku jan ayem tenan, dene dokter ngendika yen ora parah, mung tatu-tatu njaba.

Urusan liyane, embuh aku ora ngerti. Ning aku dikon nunggu nganti keluargane mbak Mulat ana sing tekan kono. Bareng dokter lan perawat wis padha lunga, sawise masang infus lan aweh obat, aku nyedhak mbak Mulat sing wis gelem ngombe barang kuwi. Lungguhku nyangklek karo ngelus-elus bathuke. Dheweke kandha dhisik lirih.

?Nuwun ya dhik Dati, aku wis gawe repotmu.?

?Ora papa mbak, kabeh mau mung kebeneran kok. penjenengan ki rakya saka Jakarta ta ? Ngapa kok mudhun Yogya ? Apa ana sedulur sing ana kene ta mbak ? Toh bapak ibu isih ana Sala ??

?Ana dhik, mbakyuku, Rina kae rakya ana Yogya kene. Pancen aku njarag njujug Yogya, merga aku arep rembugan karo mbakyuku.? Teteh swarane mbak Mulat mangsuli pitakonku.

?O …. ngono ta mbak.? Aku ngedhongi kandhane gawe bungah.

?Ning apa rembuk utawa curhat kuwi ora luwih penak yen karo wong tuwane dhewe ta mbak ?, luwih-luwin neng ibu.? Nalika aku kandha ngono mau, mbak Mulat meneng wae, ning dumadakan mripate kaca-kaca kekembeng luh. Mula gage tembungku :

?Mbak ! Maaf ya yen aturku gawe ora rena penggalihmu.?

?Ora dhik, aku ngerti yen sliramu wiwit biyen wong sing tulus, lugu, sing seneng apa anane. Mula saiki aku malah arep matur karo sliramu. Rak kersa mirengke aturku ta dhik Dati ??

?O yen kuwi bisa gawe lega penggalih panjenengan mbak, aku saguh ngrungokke sak mareme anggonmu crita.?

?Matur nuwun dhik. Mung sadurunge crita, aku tak nyuwun pirsa. Dhik Dati mau arep tindhak ngendi ?, kok bengi-bengi ana ratan gedhe ?

?Mbak, iki rak riyaya Natal ta ?, aku arep sowan greja ndherek Misa Natal sing kaping pindho. Aku seneng mlaku wong grejane cedhak karo omahku, gentenan karo anak-anakku.?

?Oh …. iya ya mbak …..malah aku nganti lali.? Mripate mbak Mulat njur nrocos nangis. Karo kesesegen dheweke kandha :

?Dhik Dati, Gusti sing Maha Welas wis nemokake aku lan sliramu ana ing kacilakan iki, mula aku percaya yen sawise sliramu ngerti critaku, atiku bakal lega.?

?Yoh-yoh mbak ….. gek ndhang ngendikoa, ben suda penandhangmu.?

?Dhik Dati ……, biyen nalika isih ana Sala, sliramu rak ngerti, yen sarampungku kuliah, aku njur lunga neng Jakarta nyambut gawe, merga panglamarku ketampa neng kana. Kebeneran papanku makarya kuwi duweke bule (wong asing). Dhek semana sawise ditraining, aku njur diangkat dadi sekretaris, cocok karo bidhang studiku. Pimpinanku mau uga bule, jenenge tuan Stader Van Huis. Wis keluarga, anake telu, ning ditinggal neng negarane. Olehe tilik keluargane mung pendhak telung sasi sepisan. Ya wiwit iki dhik Dati, aku kejeglong njur tiba kantep. Tuwan Stader nguja aku sakatoge, ya dhuwit, ya barang kesenenganku apa wae, sing suwe-suwe aku tundhuk lan manut dadi gula-gula utawa simpenan tuwan Stader sing wis duwe anak bojo kuwi. Pawewehe dhuwit tak tabung. Yen wis akeh, gandheng sing bisa tak ajak rembug pikir mung mbakyuku Rina sing neng Yogya kene, mula dhuwit tak kirim mbakyuku, tan kon nukokke lemah. Sing nganti saiki jroning limang tahun wis entuk lemah patang nggon dhik, sing lumayan jembare . Bab iki aku pancen ora matur ibu, awit ibu wis sepuh, tur asale dhuwit mundhak ditlesih lan dadi penggalihan. Mula luwih becik aku meneng.?

Mbak Mulat meneng, tangane aweh syarat njaluk ngombe, tak ladeni. Sawise ngombe mbak Mulat nutukake critane.

?Jebul tenan dhik Dati, donya iki mubeng cakra manggilingan. Wong bungah bisa dadi susah., wong beja bisa dadi cilaka. Ngerti-ngerti bojone tuwan Stader teka neng Indonesia. Embuh saka sapa, dheweke ngerti yen neng kene bojone nduwe aku (simpenan), sing fungsine nggenteni dheweke kaya dene bojo. Wusana sawise sesasi ana kene, bojone tuwan Stader mulih neng negarane nggawa bojone (tuwan Stader). Saka karyawan-karyawan kantor aku krungu, yen pimpinan saiki diganti tuwan Heilling Van Huis adhine tuwan Stader. Dheweke dipindhah neng negarane saka panjaluke bojone. Dene tuwan Heilling wis nggawa sekretaris padha dene bule, jare kuwi pacare.

Let seminggu aku nampa surat PHK saka kantor dhik, sing nggawe remuking atiku. Aku dadi shock, lan setres berat, dhik. Wiwit iku aku dadi penganggur, sing ora nduwe gondhelan babar pisan. Gek mangka uripku wis kulina mubra-mubru. Gandheng nalika aku isih dadi pacare tuwan Stader, kancaku akeh tur bos-bos sugih, siji mbaka siji tak cedhaki, tak nggo males laraning atiku sing kasepen ditinggal semprung tanpa pepoyan dening priya sing wis mlebu ing atiku. Akeh bule sing seneng karo aku, jare aku pinter ngladeni. Aku prasasat kaya piala bergilir, saka tangan siji pindhah neng tangan sijine, nganti rong taun lawase.? Mbak Mulat mandheg lehe crita sajak ngeling-eling, wusana :

?Dhik Dati, aku dadi lali sakabehe. Lali sembahyang, lali neng greja. Ngerti-ngerti awakku krasa lara kabeh. Awan bengi kringetku metu byuk-byukan, gampang mumet, ora kena kanggo mikir. Aku nganti lengganan dokter. Iba kagetku dhik, bareng dokter aweh katerangan, yen aku kena virus HIV Aid, wis stadium II. Mangka jare, lelara iki durung ana tambane. Sing alias aku mesthi kudu mati kanthi cara sing alon-alon digrogoti virus sing nggegilani kuwi.? Leren maneh critane mbak Mulat, dadakan mripate nrocos …. nangis gawe trenyuhku. Ndak elus bathuke karo kawetu tembungku nggedhekke atine:

?Mbak Mulat ….. ! Gusti kuwi Maha Welas, kabeh mesthi diparingi pasangan, ana awan … ana bengi. Ana bungah …. ana susah. Ana padhang …. ana peteng. Ana lelara ya ana tamba. Bab pati urip kuwi mung ana astane. Yen wis titi wancine dipundhut (mati), gampang banget mbak anggone paring jalaran. Umpamane, mangan keselak bisa mati, waras wiris lungan neng ndalan ketabrak mobil ….. mati, kaget …. seneng ……. sing mbangeti, bisa dadi jalarane mati.?

Mbak Mulat ndak sawang manthuk-manthuk mbenerke kandhaku. ?Mula sing becik mbak, pasrah sak wutuhe neng Gusti, nyuwun pangapura kabeh dosa kaluputan, kanthi kaduwung tandhesing ati. Gusti mesthi paring pangapura. Awit donya iki ora ana manungsa lumprah, sing kalis saka dosa lan kaluputan.? Meneng kandhaku, mbak Mulat nekem tanganku kenceng karo kandha :

?Aku mengko sembahyangna ya dhik, ben Gusti midhangetke aturku. Aku mertobat ing kabeh dosaku. Aku getun lan keduwung terus ing ati. Mengko yen kowe ketemu keluargaku kondhaa, yen kowe wis tak critani kabeh lelakonku iki. Mengko critamu bakal padaa, karo kabeh lelakonku sing wis tak tulis kanggo mbakyuku. Uga apa deduwenku sing wis tak percayakke mbakyuku Rina supaya didol, diwenehke neng panti jompo, yatim piatu, lan sapa wae sing patut dibantu. Sak kersane mbak Rina, sing pakoke kanggo kamanungsan. Dene ing tasku kuwi ya ana dhuwit sawetara kanggo obat laraku, sing embuh nganti kapan aku ora ngerti.?

Mbak Mulat meneng sedhela nuli kandhane :

Dhik Dati ngaturana Pastur mrene ya, aku arep ngaku dosa, lan kepingin nampa Sakramen Lenga suci. Muga-muga Gusti paring pangapura marang aku.?

Mbok menawa lega atine, suda sesanggane, suwe-suwe dheweke bisa turu pules kanthi ora kasengaja sajroning tak tunggoni.

Kanthi pamitan dokter lan perawat sing jaga, aku metu saka bangsal Rumah Sakit tumuju greja. Eman ….. tekan ngarep greja, Misa wis bubar.

Aku krasa gela …. ning njur tak pupus …. toh sesuk-esuk isih ana kebaktian Misa. Aku mulih kanthi mikir, sesuk bar Misa aku arep matur Rama, tak aturi lan tak dherekake neng RS nglegani panyuwune mbak Mulatsari kancaku kuwi. Kira-kira jam sanga Misa rampung, aku matur akeh-akeh bab mbak Mulat sing kecelakaan dhek mau bengi, lan kepingine dirawuhi Rama. Tekan RS ana lawang bangsal kepethuk keluargane mbak Mulat mbarengi pangletheking layon sing digawa neng kamar jenasah ditut wuri Rama Padmo, sing jare isih sedulure. Uga mbak Rina, ibune lan sedulure sawatara. Jare saungkurku, sawise padha nampa tilpun saka RS njur dha teka klebu Rama Padmo. Tekaku karo Rama Seta wis kasep. Mbak Mulat wis pinundhut Gusti kaya panyuwune, ning kabeh kebeneran, merga mbak Mulat wis sesangu komplit dening Rama Padmo sing rawuhe dhek mau bengi. Dina kuwi kunarpa langsung disarekake sawise berkahan layon.

Bengine aku bali sembahyangan ing daleme mbak Rina. Sawise rampung, nalika aku pamit mulih, aku digondheli arep diajak pangandikan. Jare layang wasiyat wis padha di waos, aku dikon crita ya manut. Pas apa sing tak rungu saka mbak Mulat ya kuwi sing tak critakake. Kabeh pada bungah, lan weling, senajan mbak Mulat wis ora ana, ning diteruske anggone padha paseduluran. Aku nyaguhi njur mulih. Tekan ngomah sak durunge mlebu, aku nyawang mendhuwur weruh lintang pating krelip, langit resik sumilak. Tak anggep wae salah sijine iku lintang Natal. Pratandha Gusti karenan nampi arwahe mbak Mulat. Lan berkah Natal kanggo aku lan keluargaku. Uga manungsa ing bumi kang percaya marang panjenengane.

?Gloria In Ixselsis Deo.?

?Pinujio Allah ing ngaluhur.? Muga kumeliping Lintang Natal tansah nyemangati uripku kanggo leladi sesama ing madyaning bebrayan agung.

Tamat

This entry was posted in Cerkak (Cerita Cekak). Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>