Kadurjanan ing Alas Pejaten

<!– @page { size: 8.5in 11in; margin: 0.79in } P { margin-bottom: 0.08in } –>

Kadurjanan ing Alas Pejaten

?

Pak Budi Angkoro wis pirang-pirang ndina iki tansah thenger-thenger, sajak mikir perkara abot sing ngganjel ing atine. Yen lungguh katon goreh ora jenak, angger-angger dicedhaki sing wadon ditawani mangan apa wedang, semaure mung cekak aos tur ora nglegani. Sing wis dicawisake bojone ora didemok, ning malah ditinggal mlaku ngalor ngidul ing kebon pekarangane, tanpa ana sing ditindakake.

Bojone gumun nuli aruh-aruh :

?Pakne!, sing tok pikir kuwi apa? Dene ditawani apa-apa ming yah … yoh…., tanpa disenggol dipangan, apa diombe. Galo wedange nganti wis adhem, jare nek esuk ora ngeteh nas-gi-thel kuwi awan sok njur krasa mumet. Kana diombe dhisik, ben aku sing ngladeni kuwi lega,? kandhane karo nyedhaki bojone.

?Wis ta mbokmu, nek aku wis butuh rakya tak pangan utawa tak ombe. Kowe kuwi rasah ndemimil wae, malah nambahi mangkel ati,? wangsulane sing lanang sengol.

Mbok Budi njur meneng klakep, karo ngadeg klithih-klithih tumuju pawon. Wis kliwat selawe taun dadi bojone, mula wis ngerti banget wewatakane sing lanang, sing dhoso lan kasar kuwi. Dheweke tansah trima ngalah, ngrumangsani dadi wong wadon bisane mung nyadhong lan dikepenakake bojo.

Ngertine sing wadon, bojone kuwi dagang. Yen mulih entuke dhuwit ya akeh. Ning kesenengane pak Budi sing ora apik lan kurang prayoga ya akeh kayata: keplek, minum, njajani, nguja-uja kanca, malah ya madon barang. Ning mbok Budi ya ora wani elik-elik gedhene ngandhani utawa ngelingake, merga lagi pasang ulat wae, Pak Budi wis ngancam olehe arep megat kanthi tembung sing nyerikake ati, kandhane:

?Mbokmu, yen kowe ora seneng karo kabeh tumindakku, kowe kena lunga saka kene. Kowe kuwi kudune ngrumangsani, kaya apa pambudidayaku supaya kowe bisa misungsungake anak. Ning endi kasunyatane?. Kowe wadon gabug, ojoa aku nggawa mulih bayi abang ya si Prabowo kuwi, mesthi uripku mung sepa-sepi tekan saiki?.

Sarehne kabeh nyata yen dheweke ora bisa nggembol lan menehi anak, mula swarane sing lanang sing nyerikake ati mau, bisane mung diulu ngono wae. Atine njur keslimur janji eling anak lanang, si Prabowo sing saiki wis diwasa malah wis cekel gawe dadi polisi.

Senajan mung anak angkat, ning bocah kuwi urmat ngajeni marang wong tuwa. Mbangun turut lan gampang diatur. Tekan saiki mbok Budi tetep ora ngerti, njur bayi abang sing saiki wis dadi jaka ngganteng lan cekel gawe kuwi anake sapa?, dheweke ya ora kepingin ngerti. Pokoke Bowo, anak lanang angkate iku kena kanggo tamba ati.

Perkara bojone, embuh kono bisane mung nyekarep, wong nyatane kabeh guneme disepelekake, ora tau digubris.

Pak Budi Angkoro mono, yen atine dhong wening, jane ya getun yen mentas nyentak-nyentak sing wadon sing tansah setya bekti iku.

Ngrumangsani uripe sing lethek, tangane sing wis kelepotan getihe wong sing ora dosa, mung merga nuruti kamurkaning ati srakah. Pingin urip kepenak lan numpuk bandha, kanthi tanpa nyambut gawe sing halal.

Pak Angkoro ngakune laku dagang, bathon karo kancane sing jeneng Pak Candolo. Kerep-kerepe budhal saka ngomah wayah sore, lungane sok nganti pirang?-pirang ndina. Mangka sejatine, pak Angkoro mono tetuwane perampok jroning alas jati sing padha dieringi ing anak buahe.

Dheweke kawentar lan julig ngatur strategi marang begundhale, nganti wis ping pira wae dheweke digrebeg polisi alas, hanging tansah slamet, lolos sak anak buahe.

Kejaba kayu jati sing tansah diincer, kepepete nggarong ngrampok ing karang padesan sing adoh karo omahe uga kerep ditindakke. Tekan wektu iku, pakaryan mau mulus, nganti bojo lan anake wae ora padha ngerti, pakaryan apa sing ditindakke.

Nyut… pak Angkoro kelingan lelakon 28 tahun kepungkur. Nalika iku, dheweke sakanca lagi nglaraki kayu asil colongan dicemplungake ing kali, sing mesthi wae neng ngisor kana wis akeh anak buahe sing nampani.

Sejatine pak Angkoro ya ngerti lan krungu kabar, yen ana komandhan polisi alas sing anyar jenenge Dibyo. Wonge gencar anggone nganakake patroli, ning dening pak Angkoro ora pati dirasakke, merga lagi kabar, ning jebulane tenan. Bengi kuwi pak Angkoro lan para begundhale sing lagi ngrampok neng njeron alas pejaten bingung, merga kanthi ndadak krungu tembakan peringatan saka polisi alas pating jledhor saka pirang-pirang arah, aba-aba supaya nyerah.

Pak Angkoro rumangsa dadi pimpinan gage prentah anak buahe supaya mencar ndhelik utawa mlayu golek slamet. Sawise kabeh bubar, pak Angkoro lagi reka-reka arep mlayu. Gandheng ati kuwur, playune nunjang-nunjang gegrumbulan ing alas sing rungkut iku, ndadekke grumbul iku obah-obah.

Komandhan anyar Dibyo sing limpat iku tanggap, grumbul sing obah-obah iku disasak ing tembakan. Lan salah sijine timah panas iku nyata mampir nyrempet ing lengene pak Angkoro sing banjur tembus. Pak Angkoro terus mbrangkang mlayu tumuju ing sawijining guwa cilik sing ditemu ing jroning alas iku.

Pak Angkoro wis apal banget kahanan jroning alas jati kono, sing polisi alas dhewe ora mangerteni.

Lumrah yen wong sing awatak culika mono mesthi sugih akal lan cara. Ya ing guwa iku pak Angkoro bisa ngaso lan ngrasakake larane. Atine mangkel lan ngigit?-igit banget marang komandhan Dibyo sing wis njugarake rencanane lan gawe tatu ing awake.

Niyate males embuh kapan, ning pinatri ing atine. Batine, utang lara kudu nyaur lara, syukur bisa nganaki nganti atine krasa marem. ?Awas kowe Dibyo? ngono grenenge.

Pangigit-igite wis bisa males sawise Kolonel Dibyo dipindhah neng Semarang. Dheweke ditugasake ing dhaerah pinggiran sing rawan perampok, wis rabi lan ya wis duwe omah dhewe barang.

Uripe mulya, tinresnan ing anak buah lan masyarakat, sing saiki rumangsa aman saka incerane penjahat. Pak Angkoro sawise madik-madik lan ngerti omahe Dibyo kanthi premati nyiapake para begundhale sing pethingan diajak ngrampok neng omahe Dibyo lan niyate bakal balas dhendham.

Kebeneran Dibyo sing saiki wis pangkat Kolonel iku garwane lagi wae bayen, malah sajake bubar selapanan, katitik akeh bekakas sing isih ana njaba. Kanggone pak Angkoro tiwas kebeneran. Ing kahanan isine ngomah wong-wonge loyo lan padha ngantuk, pak Angkoro sak balane mbludhus mlebu.

Weruh Dibyo, sing pules turu ing kursi dawa iku, glathi sing disamektakake, dilolos dicublesake ing dhadhane Dibyo, sing tanpa nganggo sambat terus ngemasi.

Atine sing bruwala isih durung marem. Bojone Dibyo sing lagi ngeloni bayi abang iku, diglebakake terus ditekak gulune nganti mati. Saiki sing diweruhi mung keri wong wadon setengah tuwa, turu angler ing ndhipan sajak kekeselen, mesthine iku ibune.

Gage pak Angkoro mbekem tutuke wong tuwa iku supaya ora bengok?bengok, kancane naleni sikil lan tangane kenceng. Bubar iku, tutuke wong tuwa iku diseseli gombal, nganti wis ora isa bangga, ning isih bisa ambegan liwat irung. Sawise anak buahe nyikat kabeh barang mbejaji, tinampan mobil sing wis disedhiyakake neng njaba, pak Angkoro siap nggeblas. Nalika nginguk kamar sing ana bayine, weruh bayi iku isih turu nglintek, atine dadi welas lan trenyuh. Eling-eling kepingine nduwe anak seprana-seprene durung keturutan.

Tanpa mikir dawa, bayi iku dikukup dibopong metu tumuju mobil. Bayi iku isih tetep turu nglintek.

Gawang-gawang lelakon iku bali ngalela. Bayi abang anake Dibyo saiki wis diwasa, bagus, gagah kaya jenate bapakne. Bocah iku tetep ora ngerti sapa sejatine wong tuwane. Ngertine ya pak Angkoro lan sisihane iku wong tuwane.

Wiwit bayi anggone ngopeni lan nggemateni kaya anake dhewe, sekolahe pinter lan lancar tur kasinungan bebuden sing becik. Karo wong tuwa bekti, asih lan ngajeni, saya nambahi tresnane pak Angkoro, lan bojone, nganti prasasat duwe karep lan njaluk apa wae dituruti.

Malah kanthi ora dinyana, nalika wis lulus SLTA, Prabowo ndadak kepingin dadi polisi. Pak Angkoro sakawit njombla kaget, genea kok anake kepingin mrono? Gek sapa sing ngajani? Apa nalurine bapakne ya pak Dibyo nurun neng anake?

?Oh…. mengko gek-gek … ning ora, wong Bowo kuwi bocah apik, durung nate nduwe perkara karo tangga teparo lan kanca-kancane, kepara padha ditresnani.?

Mula kekarepane kepingin dadi polisi ya dituruti, disengkuyung. Malah saiki Bowo wis rampung pendhidhikan. Pikirane pak Angkoro sing ala lan samar diwalik supaya atine dadi tentrem.

Sarehne tekan saiki pakaryan wiwit joko ya iku dadi pimpinane rampok kayu jati ing alas pejaten isih dilakoni mula batine kandha :

?E… sapa ngerti nek lehku maling mbesuk konangan lan kecekel, anakku Bowo sing wis dadi polisi bisa nylametake?. Yen wis ngono atine banjur tentrem. Sejatine upama wis ora nglakoni maling, uripe pak Angkoro wis cukup, wis tumata. Lan masyarakat apa dene anak bojone ya ngandel, yen pak Angkoro iku laku dagang sok-sok ninggalke ngomah nganti pirang-pirang ndina.

Jarene yo dagang kayu, material, wesi… pokoke sak entuke. Pak Angkoro mono wiwit cilik omahe ya kono kuwi. Desane Kedunng Jati, Kecamatan Gubug, Kabupaten Grobogan, Daerah Semarang. Dohe saka alas jati sing jembare atusan hektar iku mung kira-kira rong atusan meter. Mula ya ora mokal yen wiwit cilik sabane, dolane, ya neng alas jati kuwi ngiras golek rencek kanggo masak embokne.

Mekar ing kadiwasane saka srawunge karo kanca-kancane sing wiwit cilik sing maune golek rencek, wusana mundhak gedhe wani nyolong senajan mung cilik?cilikan.

Bareng wis diwasa, pak Angkoro malah dadi pengarep maling sing padha dieringi. Saiki dheweke wis duwe tukang tadhah gedhe. Sing wis wani mbayar dhisik, pendhak sasi kudu bisa setor kayu colongan apese atusan kibik.

Pak Angkoro dhewe gumun, denea wis ping pira wae digrebeg polisi alas, dheweke tansah bisa lolos lan slamet. Ya mung lagi sepisan ji mbiyen, kena tembakane Dibyo, lan dheweke wis kelakon males malah nganggo anakan, bojone uga dipateni. Ya merga pakarti iku, pak Angkoro keturutan duwe anak angkat bagus sing gemati lan tresna karo wong tuwa.

Wis dadi padatan, wong-wong ing tlatah Kedhung Jati janji bubar panen mesthi nganakake bersih desa. Adad sing wis lumaku banjur padha nanggap tayub, mapane ana ing Bale Desa.

Sing diundang ya para pangarepe masyarakat, perangkat dhusun lan desa, uga saka kepolisian sing minangka pengayom lan demi keamanan lumakune kerameyan bersih desa mau.

Rombongan tayub sing bakal digelar uga golek sing wis kawentar lan nduwe jeneng, tur mesthi wae penarine golek sing mumpuni sakehing joged lan gendhing, utamane sing isih enom lan sulistya.

Tibaning pilihan jroning rapat warga desa nemtokake pilihan, yen ing kerameyan mengko bakal ngundhang rombongan tayub Mardi Budaya pimpinane Bapak Waskitho. Wis kondhang yen penarine ayu-ayu tur ana penari sing jebolan SMKI saka kutha, sing saiki ndherek mbahe ana ndesa.

Kabeh warga wis nicil reresik lan memaes desa. Ana sing nglabur pager lan gapura, ndandani dalan sing njeglong-njeglong, nata-nata bale sing bakal kanggo pentas, lan mesthi wae nyebar undhangan.

Kanggo Kepala Desa lan perangkate cukup pak Dhukuh, dene kanggo, tokoh?tokoh masyarakat ditandangi para pemudhane, dene sing kanggo polisi sing bakal njaga kerameyan dipasrahake Prabowo, bocahe wis saguh. Ora lali, supaya desa-desa liya ben padha ngerti, Bowo gawe plakat-plakat ditempelake ing wit-wit pinggir dalan. Yen kerameyan mengko akeh sing nonton mesthi saya gayeng lan semuwa.

Tugase Bowo dilakoni, ya iku nyaoske surat undhangan neng komandhan pimpinane ya kuwi pak Jatmiko.

Sawise surat undhangan dibukak lan diwaca, Wusana pak Jatmika katon mesem lan manthuk-manthuk, embuh apa karepe, Prabowo ora mangerteni lan ya ora wani takon. Mung nalika Bowo wis arep bali, staf pembantune pak Jatmiko ngandhani, yen bubar jam kantor sesuk bakal ana rapat kilat. Dene anggota polisi liyane wis padha dikandhani.

Sore nalikane tangi turu awan, Bowo weruh bapakne lagi jagongan karo mbokne sing nyambi ngonceki kacang prol. Bowo takon :

?Ajeng ngge napa, mbok, kok ngonceki kacang barang??

?Arep tak nggo kacang bawang karo peyek, Le. Sapa ngerti sesuk nek ana kerameyan bersih desa ana sedulur mampir. Rak luwung kena kanggo suguhan.? Bapakne nrambul gunem :

?Kapan ta, Le, olehe arep ana kerameyan kuwi??

?Mbenjing dhawah malem Minggu punika, Pak. Dhasaripun surat undhangan ugi sampun sumebar, lan ingkang kangge kepolisian ugi sampun kula aturaken atasan kula?. Kandhane Bowo cetha.

?Sapa, Le, atasanmu sing saiki iki?? pak Angkoro nlesih.

?Asmanipun pak Jatmiko, Pak. Dene pangkatipun kolonel. Aslinipun saking Kudus?. Wangsulane Bowo teteh.

?Yoh … wis …, suk malem minggu kana dha nonton, aku tak trima tunggu omah?, grenenge pak Angkoro.

?Lho bapak yen wonten tayub, kadosipun remen ngibing lan maringi sawer ageng (arta kathah), punika kerameyan ageng-agengan lho, Pak!?

?Kuwi rak biyen, Le, saiki bareng ngunduri tuwa kok wegah. Becike gentenan kowe, mundhak ora nguman-umani sing enom. Akeh pa, Le, sing diundang??

?Kathah, Pak, kejawi warga masyarakat, tokoh-tokoh tangga dhusun ugi kathah ingkang dipun undang. Pokokipun kantun tengga surat ijin saking Desa lan kepolisian. Sanesipun sedaya sampun beres.? Bowo aweh keterangan.

Ngepasi dina Rebo, ngarepake bubar jam kantor, pak Jatmiko sida nganakke rapat. Kabeh anak buah hadir. Sawise kabeh ngumpul, pak Jatmika tumuli mbukani rapat.

?Bapak-bapak, adhik-adhik lan para putra mudha ingkang nembe medal saking pendhidhikan. Kala wingi kula nampi serat undhangan saking tlatah Kedung Jati, yen ing mrika badhe dipun wonteni bersih desa kanthi nanggap tayub. Kados padatan, undhangan punika mujudaken warni utawi maksut tiga inggih punika :

?

Ana candhake

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

Crita Sambung-Sinambung

Dening : Is. Sarjoko

(Nini Klenyem)

?

Kadurjanan ing Alas Pejaten

?

Sepisan, kita kapurih ngombyongi, ndherek syukur lan remen-remen.

Kaping kalihipun, kepasrahan bab keamananipun selami wonten pentas utawi kerameyan.

Lan kaping tiganipun temtu kemawon kaliyan pados ijin?. Bubar kandha ngono, banjur nyawang kabeh anak buahe karo ngumbar esem, pitakone :

?Kados pundi? Punapa penjenengan sedaya bingah utawi remen?? pating cruwet polisi iku olehe nanggapi, sing cetha nuduhake yen padha bungah atine.

?Inggih Pak … inggih. Kita sedaya dhateng saha suka panyengkuyung, dhasaripun enjing rak dinten libur?. Mengkono ing antarane wangsulane polisi anak buahe Komandhan Jatmiko, racake padha nelakake yen atine bungah. Bareng kahanan ing parepatan kana wis bali anteng maneh, tumuli pak Jatmika pitakon marang kabeh sing padha hadir.

?Bapak-bapak, adhik-adhik, lan para putra ingkang taksih anget medal saking panggemblengan pendhidhikan!, kula badhe nyuwun pirsa, pengalaman punapa ingkang sami penjenengan angsal ing salebetipun kula lan penjenengan dhatengi kerameyan ing satengahing masyarakat?? Tanpa mikir, wangsulane para polisi kuwi pating creblung werna-werna.

?Remen pak, saget tutuk ngrahapi pasugatan miraos,? cluluke Peltu Diran.

?Kejawi punika, Pak, saget ngemataken utawi ngliling penarinipun ingkang ayu-ayu.? Ngono tambahe pak Harga si Sersan Satu.

?Wah menawi kula kok remen anggenipun saget wongsal-wangsul ngibing,” sambunge pak Tejo sing meh purna tugas. Werna-werna banget wangsulane para polisi mau, sing jebulane dudu kuwi sing dikarepake pak Jatmiko.

?Para sedherek!, sanes punika ingkang kula kajengaken. Ning wonten kedadosan punapa ingkang panjenengan mangertosi saben-saben wonten kerameyan??

?Kerengan, Pak, lare enem sami gelut?. Kathah tiyang teler ingkang lolos saking pengamatan, Pak?. Rame wangsulane polisi iku miturut pengamatane dhewe?dhewe. Ewadene, kayane pak komandhan iku durung marem krungu wangsulane anak buahe iku. Nyatane panyawange isih tetep diuncalake marang kabeh andhahane. Wusanane kabeh meneng.

?Nah para sedherek, wangsulan penjenengan sedaya leres, ning sanes punika ingkang kula maksut. Mangga sak punika kula lan penjenengan sesarengan ngenget?enget. Wonten kedadosan punapa nyarengi wontenipun kerameyan punika??. Kabeh meneng, wedi yen kleru karo sing dikarepake komandhane. Pak Jatmiko malah njur lenggah, nglolos rokok sak ler banjur diempak. Para polisi kuwi mung pating plinguk, bisane mung anteng lan ngenteni apa sing dikarepake atasane kuwi.

Bareng rokok meh entek separo, rokok diseleh ing asbak, ngadeg lan bali takon :

?Sinten ingkang saget njawab?? kabeh meneng, nggatekke.

?Para sedherek, saben-saben wonten kerameyan utawi pista, kita kerep kelenan … kelepyan, saengga wongsal-wangsul kebobolan. Mbok bilih penjenengan sedaya kemutan, nalika kalih wulan kepengker, ing dalemipun pak dhukuh Kirjan sunatan, kanthi nanggap campur sari, dalu dipun lajengaken ndhangdhutan?.

?Warga masyarakat tumplak blak mirsani. Semanten ugi polisi ingkang jagi, sedalu mboten mingset. Ing pista sukses lan maremaken tanpa wonten kedadosan ingkang ndamel kisruh. Ning mangga kula aturi ngenget-enget. Enjingipun polisi wana opyak, yen kecolongan kajeng jati ingkang sampun ageng-ageng cacahipun atusan.

Gek mangka, glondhongan kajeng jati ingkang sampun dados tebangan, sampun gusis saget dipun bekta.? Pak Jatmiko kendel, para polisi mau mung? monthak-manthuk mbenerake ngendikane komandhane. Pancen ya nyata, polisi-polisi kuwi isih padha kelingan.

Dhek semana Intel ya njur disebar, nggoleki durjanane, ning nyatane nganti seprene ya ora kelacak. Pak Jatmiko mono durung genep setaun tugas ing Kedung Jati, ning gandheng semangate gedhe anggone arep gawe aman lan tentreme masyarakat, mula kabeh kedadeyan sing mujudake tindak kriminal sing ngrugekake masyarakat tansah cinandhi ing batin lan atine.

Tekade arep dibongkar nganti sacindhil-cindhile, dimen uripe warga bisa ngrasakake ayem tentrem lan nyaman. Mulane ya ora mokal yen asmane Kolonel Jatmiko dadi arum ing dhaerah sing dadi kukubane.

Jroning rapat kilat iku, pak Jatmiko bali nyawang anak buahe maneh, sing padha disawang ndhungkluk kaperbawan. Wusana pak Jatmiko ngendika marang polisi-polisi magangan sing lagi wae metu saka gemblengan pendhidhikan, dhawuhe :

?Mas Imam, Bagyo, Dirun lan Bowo, kabeh wae sing lagi rampung pendhidhikan, ya kahanan sing kaya ngene iki kowe kabeh sing kudu padha wiwit mikir. Darma baktimu wis kudu wiwit mbok katonake. Kowe kabeh wis kudu belajar bertindak tegas, disiplin, mengatur strategi dan ambil keputusan. Hayo, para magangan sapa nduwe penemu ngacung!?. Kabeh isih padha meneng wae. Bareng wis sawetara Dirun ngacung kandhane :

?Menurut pendapat kami, Pak, menjaga keamanan lebih dipentingkan dari pada pista?. Pak Jatmiko manthuk-manthuk njur ndangu :

?Apa karepmu, coba terangna !?. Dirun malah meneng ora bisa mangsuli. Pak Jatmiko mlaku mrana-mrene, ngenteni sing padha wani ngacung nduwe panemu. Dumadaan Bowo ngacung, ature :

?Sebaiknya begini, Pak. Semua itu kita pikirkan karena itu tugas kita. Kita semua yang bertugas di sini sebaiknya dibagi dua. Separo berjaga di keramaian bersih desa, dan separo lagi untuk mengawasi hutan secara bergilir, patroli.?

Pak Jatmiko manthuk-manthuk kelegan, ngendikane :

?Bagus sekali kamu Bowo. Pendapatmu benar dan tepat. Semua harus kita lindungi. Bagaimana pendapat yang lain?? Polisi kana-kene padha nylemong sing intine padha setuju karo penemune Bowo.

?Iya Pak, kami setuju dengan pendapat Bowo, namun karena jumlah kita disini tidak memadai kalau dibagi-bagi, sebaiknya bapak minta bantuan dari sektor lain guna mengawasi hutan jati itu, Pak.? Usule Pratu Giyanto sing seneng humor kuwi.

?Ah … bagus … pendapat yang bagus sekali?. Ngendikane pak Jatmika :

?Ini semua setuju ?? kaya koor wangsulane anak buahe :

?Setuju, Pak?.

?Nah kalau begitu, kami akan segera minta bantuan ke sektor yang paling dekat. Dan menentukan siapa-siapa yang harus tugas di keramaian dan siapa-siapa yang akan bergabung ke sektor bantuan. Besok pagi anda semua bisa baca di papan depan.?

Rapat banjur bubaran, mung sadurunge wanti-wanti pak Jatmiko weling, aja nganti warga masyarakat ngerteni rencanane polisi. Kabeh anak buahe sumaguh apa dhawuhe komandhane.

Wiwit dina Sabtu esuk, para bapak lan pemudhane wis padha ngumpul neng mbale kanggo siap-siap pentas, ing bengi mengko. Wong-wong warga kono dhewe sing padha golek kasil, dodol panganan ing kerameyan tayub bengi mengko, uga wis padha olah-olah jajanan sing bakal didhasarake. Awit sing uwis-uwis, janji kerameyan tayub mono mesthi laris sing padha dodol jajanan lan panganan.

Bubar azan, bale desa wis pating klencar lampu-lampu listrik tambahan sing mirunggan yen ana rame-rame. Papan-papan kanggo gamelan, paraga sing bakal ngayah-ayahi njoget, kanggo dandan, kabeh wis cumepak.

Kursi-kursi kagem tamu-tamu kinurmat, bapak-bapak pejabat pemerintah setempat, tamu undhangan, kursi-kursine wis ana tandhane. Kabeh gawe gampang lan ora ganggam sing arep padha lenggah.

Saya wengi sing arep padha nonton saya akeh. Rombongan tayub Mardibudaya lan pak Waskitho sing minangka pimpinan uga wis rawuh. Penarine ana lima, sing diwasa telu, sing loro isih kenya, sing siji jebolan SMKI ya sing jenenge Prananti.

Bocahe teka diterake pernah kakangne jenenge Sutrisno, iki kanca akrap karo Prabowo dhek jaman SMP biyen.

Mula enggal wae Bowo bisa kenalan karo Prananti. Bocahe prasaja, kalem, ora ngledheki, senajan to dheweke iku wong sing kulina jogedan lan kiprah ing panggung. Bocah kuwi ora bisa nerusake kuliah neng ISI, senajan SMKIne lulus, ya merga kabentur ing wragad. Ibune wis randha, mangka adhine lanang isih SMP lulus.

Prananti sing trima ngalah leren, adhine ben bisa mlebu SMA, karo ajar golek dhuwit, dheweke milih ndherek mbahe neng ndesa. Jebulane tenan, merga masyarakat ngerti kepinterane nari mula ing pahargyan-pahargyan manten, syukuran lan dina-dina gedhe, Prananti kerep diundang.

Ya ana sing akon nggambyong, bondhan, karonsih. Senajan kanggo golek pasangan nganti direwangi tekan kutha nggoleki kancane sing wis mumpuni tari. Sore iku Bowo wis asyik jagongan karo Trisno lan Prananti.

Bowo weling, aja nganti gelem yen ditawani ngombe (omben). Bocah loro iku saguh. Bubar iku Prananti mlebu ing kamar rias, dene Bowo njur nylingker embuh lungane.

Pinangka pambuka, Prananti beksa gambyong Pareanom. Mripate sing lindri?lindri iku langsir mrana-mrene nggoleki Bowo, ning kanyata ora meruhi. Polisi-polisi sing padha tugas jaga keamanan yen disawang ya dudu Bowo, yen Trisno kamase lungguh anteng ing dheretan kursi nomer papat saka ngarep.

Apa sebabe, wiwit kenalan dhek emben teka neng omahe mbahe, atine rumangsa kecanthol karo jaka nggantheng Bowo. Tekane ya ngundang dikon melu ngregengke bersih desa iku. Olehe padha jagongan nganti tutug merga njur ngobrol karo Trisno sing uga kebeneran sowan mbahe.

Saka Trisno Prananti ngerti, yen Bowo polisi lagi wae rampung saka pendhidhikan sing durung duwe predikat apa-apa. Isih kudu berjuang akeh kanggo ngatonake darma bektine neng negara sadurunge dilantik.

Bowo dhewe, sawise kenalan karo Prananti ya tansah katon-katonen, olehe ruruh, kalem, njatmikani sasolah bawane. Sejatine Bowo pingin nunggoni pentase Prananti ing desane, ning gelane kepati bareng maca jeneng-jeneng sing tinulis ing papan ngarep sektor.

Jeneng-jenenge petugas endi sing kejibah nunggoni kerameyan, lan endi sing kudu nggabung polisi saka sektor Cempaka, sing bakal sabiyantu nganakke patroli mengko ing tengah wengi.

E … jebulane Bowo katut sektor bantuan sing bakal mlebu alas saperlu patroli. Atine mangro antarane tugas lan pepinginane ati nunggoni kekasih. Ning batine Bowo mantep. Atine ngeboti tugas sing dheweke wis prasetya lan janji saguh, lan yen perlu kurban apa wae bakal ditemah.

Watak prajurit kudu ora kena miyar-miyur, wani ngadeg jejeg ing satengah?ing bebener.

Kancane sing padha ditugasake njaga keamanan sasat mung kena dietung nganggo driji, mbok menawa wae ora ganep sepuluh. Bareng wong-wong iku wis padha budhal neng bale desa, kira-kira ana telung puluh polisi sing wis siap saka sektor bantuan sing teka, dene liyane wis akeh sing ngadhang neng makam pinggir dalan cedhak dalan setapak sing mlebu ing alas pejaten.

Bowo gumun, semono kekompakane polisi ngadhepi bab-bab, luwih-luwih kadurjanan sing gedhe. Atine luwih dadi bombong lan mundak mantep.

Bareng jam wis nuduhke angka rolas, polisi mau diusungi nganggo jip patroli nganti bola-bali tumuju makam. Neng kana perlu ngumpul musyawarah kilat. Jare pak Jatmika, mung bakal ana satu perintah utawa komandho, sing wis diputusake, liyane mung mbengok neruske kanggo sing dununge adoh. Kabeh wis kulina tanggap ing sasmita lan aba-aba.

Mesthi wae sing isih gidhuh ya Bowo sakanca sing jeneng lagi mancik luru lan ngangsu pengalaman. Bowo anggone nggatekke prentahe atasan mantheng. Linambaran tekat mantep yen ana kedadeyan kadurjanan, ora ketang sithik kudu bisa mbuktekake, yen dheweke melu nyambut gawe tenan.

Sidane sing ana makam kono ana komandhan loro, ya kuwi pak Jatmika lan kolonel Wicaksono. Strategi pengepungan ditata, sing kuwasa ngomandho Kolonel Wicaksono.

Sadurunge polisi-polisi mau mlebu alas, pak Wicaksono prentah polisi papat kanthi pakeyan surjan lan sarung kabeh disedhiyani pit. Sing loro dikon ngalor ngulon nurut dalan sapinggiring alas kanthi numpak pit, dene sing loro ngetan terus ngalor. Intine prentah, nakyinake, ana kadurjanan jroning alas apa ora? Ngendikane pak Wicaksono:

?Terserah caramu, pokoke aku kabeh sing ana kene kudu entuk informasi jelas saka kowe kabeh.? Sawise hormat karo muni :

?Siap menjalankan perintah, Pak?, polisi intel mau banjur gage padha budhal. Bowo sakanca mung ngowoh gumun. Sing tugas mengetan mau Serka Triman lan Giyono sing wis pengalaman, bola-bali informasine tepat.

Saya wengi saya sepi. Ya sepining kahanan iku, sing dening wong loro iku kanggo niling-nilingake swara. Bener … wong loro padha pangrungune. Swara graji mesin utawa senso, sing sajake ora mung siji loro. Nalika lagi wae padha jawil?jawilan, kesorot lampu pit sing mbleret iku ing ngarepe katon ana wong telu pothok?pothok awake ngadeg neng tengah dalan setapak iku.

Bareng kira-kira keri jarak telung jangkah salah siji wong mau nggetak ngakon mandheg tembunge :

?He mandheg!, sapa kowe bengi-bengi kluyuran ? gage ngaku!?

?Kula Manto, Pak, niki adhi kula Sukir,? wangsulane sing ditakoni karo mundur-mundur ngetokke yen wedi.

?Ngapa kowe yah mene tekan kene?? panggetake sing wong loro meh bareng, ?Ayo gage wangsulan??

?Kula tiyang kalih saking ningali tayub, Pak, ajeng mampir teng nggene mbokdhe kula Ngelo, ning kok kesupen mergine malah dugi ngriki.?

?Wetan kuwi wis dalan buntu, becike kowe bali wae neng tayuban, sesuk wae nek wis padhang digoleki?. Kandhane salah siji ing antarane wong telu kuwi kanthi swara mudhun.

?Lha, bapak-bapak wonten mriki onten napa?? sing ngaku Manto takon.

?Lha ngapa kowe takon-takon, wis kana gek ndang bali! Aku ya nunggu kanca sing lagi nonton tayub. Wis kana gek wis!? kandhane wong iku karo nyurung?nyurung Manto dikon bali. Sing dikon manut. Tekan pingkolan dalan sing tumuju makam, sing nggonceng mudhun, pit dituntun tumuju makam, lagi wae mlebu wis dipethukake karo pak Jatmiko lan pak Wicaksono.

?

Ana Candhake

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

Crita Sambung-Sinambung

Dening : Is. Sarjoko

(Nini Klenyem)

?

Kadurjanan ing Alas Pejaten

?

?Gimana, Pak, hasil penyelidikan??

?Laporan, Pak, memang dalam hutan ada penjarahan kayu Pak, kami berdua mendengar swara graji mesin (senso) dan sempat ketemu canguknya 3 orang?. Lagi wae Serka Triman lan Serka Giyono rampung laporan, Letda Imron lan Serka Toyib teka terus laporan :

?Iya, Pak ada pencurian di dalam hutan. Kami lihat ada tiga Puso mengangkut kayu.? Pak Jatmiko lan pak Wicaksono rembugan pating klesik sedhela njur dhawuh :

?Orang kita, dibagi dua, ikut pak Jatmiko ke utara, dan ikut saya ke timur. Kalau sudah dengar tembakan aba-aba, semua siap maju dan kejar. Bowo sing semangate makantar-kantar tansah mepeti komandhan Jatmiko, kepingin ngerti lan ngangsu langsung praktek, kawruh lan keprigelane.

Kabeh rancangan lumaku lancar, bareng kira-kira para polisi wis nyebar, pak Wicaksono aweh aba-aba kanthi tembakan mendhuwur dibarengi swara, ?Menyerah dan angkat tangan?. Lantang swara iku ngumandhang. Krungu iku banjur pating jledhor saka sadhengah arah.

Para pencoleng mau bingung lan gugup kepati, padha mlayu salang tunjang, kabeh rebut dhisik golek slamet. Kabeh bekakas ditinggal semprung mburu slamet lan uwal saka polisi.

Ning eman…., para polisi wis ngepung rapet nganti ora ono sing bisa lolos, kejaba sing ana njaban alas ya kuwi tenaga-tenaga sing momot kayu, sopir lan tukang canguk sing mesthi wae gampang lolos.

Para pencoleng sing sumebar mau, saya suwe saya ngumpul digiring polisi ing papan rada sela kanthi ngangkat tangane mendhuwur. Kabeh polisi mripate mentheleng kaya bandeng, pikiran konsentrasi, aja nganti ana sing bisa lolos.

Para polisi magangan mau nuli cak-cek ngecreki tangane perampok mau loro-loro kanthi borgol sing wis disiapake.

Nalika para polisi lagi padha nyawang tandange para polisi magangan mau, ndadak ana wong loro sing penganggone pating krembyah, mbradhat nekat mlayu, malah nabrak polisi sing njagani ing mburine nganti klumah.

Weruh kedadeyan iku, Bowo ora sranta nembakake pistule ing arahe perampok sing mlayu iku, ?Thar….. thar….? swara tembakan kaping pindho.

Wong sing mlayu keri, langsung njungkel tiba, dene sing mlayu dhisik tiba terus nekem sikile, sing banjur gladrahan getihe.

Bowo weruh sasarane kena… atine marem. Sawise iku embuh, merga dheweke duwe tugas ngirit pencoleng sing wis dikecrek tumuju ing mobil patroli.

Bali saka tugas nggiring para pencoleng kayu jati sing ketangkep kalebokake ing sel, Prabowo terus mulih turu. Sawengi natas ora ngliyep, kesel lan adhem ora rinasa, merga kepingin ngatonake darma bektine neng negara. Senajan isih lagi jeneng magangan, ning tekade makantar-kantar nedya ngayomi masyarakat supaya ngrasa urip ayem tentrem.

Nalika ngglethakake ewak neng dhipan, Bowo mesem kalegan, dene mau bengi bisa nggagalake rampok sing nekad arep mlayu lolos. Senajan ora ngerti piye sabanjure, ning atine krasa seneng lan marem, wusana bisa les… bablas keturon.

Kanggone sing duwe tugas bengi lan patroli, biasane entuk prioritas mlebu rada awan, apa maneh mau bengi kuwi oprasi gedhen-gedhen, sing nyatane ya kasil ngringkus para durjanane.

Mbok Angkoro anggone nonton tayub ora nutug, ngrumangsani yen awak wis tuwa gampang kesel lan masuk angin, mula durung jan rolas wis mulih. Gandheng kabeh wis kangsen yen padha nggawa kunci dhewe-dhewe, mula sawise mbukak lawang ya njur mlebu ngomah.

Niliki peturon bojone tinemu suwung, mbok Angkoro ya njur mapan turu ing senthonge. Ora turune bojone neng omah, kuwi wis biasa wiwit enom, merga kesenangane ceki, ngabotohan, ya sok nganti pirang-pirang ndina ora mulih. Mbok Angkoro wis ora gumun lan ora kaget marang watake sing lanang.

Atine wis mupus, mbok menawa pancen kaya ngono, kuwi garising uripe. Kira-kira wayahe wong bubar masak, mbok Angkoro, lungguh ngarepan ngisis nyambi ngongoti blarak gawe sapu, ndadak pak dhukuh Sastro rawuh karo ngasta layang. Dhawuhe :

?Yu, tulung layang niki mangkeh disukakake Bowo?. Bubar ngulungake layang, pak dhukuh langsung pamit. Ngerti anake turu pules, mbok Angkoro ora wani nggugah, layang banjur disimpen ing dhompete.

Wis sore Bowo lagi nglilir, krasa wetenge ngintir-intir banjur tangi. Wedang teh sagelas gedhe sing wis disedhiyakake mbokne, dilonggo sepisan jablas. Bubar iku banjur menyang pawon, njupuk piring, nyidhuk sega ing magic com. Sega kebul-kebul dicuri jangan lodheh mbayung, lawuh tempe garit, anggone mangan dhokoh lan katon nikmat.

Kekuwatan sing dikuras mau bengi wis pulih seger waras, dhasar bocah lagi ngangkati diwasa. Metu saka pawon, weruh mbokne nglemprak lungguh klasa gawe sapu banjur diparani. Cluluke :

?Kula kok mboten digugah ta mbok, sidane ngeset mbolos nyambut gawe?.

?Aku ngerti balimu wis esuk, Le, mula simbok ora mentala nggugah. Selagi pak Dhukuh Sastro rawuh rene wae, aku ya mung matur yen kowe isih turu. Hla iki mau maringi layang kanggo kowe, jare saka kantormu.? Kandhane mbokne karo mbukak dhompet, nglulus layang diulungake anake, lan banjur ditampani diwaca. Bathuke njengkerut, pamacane dibaleni saka ndhuwur ndadekake mbokne gumun. Senajan wong bodho, ning tanggap yen iku layang penting. Mula gage pitakone marang anake :

?Layang apa ta, Le, pamacamu kok mbok bolan-baleni kuwi??. Bowo ora mangsuli pitakone mbokne, ning malah genti takon :

?Mbok!, bapak niku teng pundi, mbok? Kula kok dereng sumerep.?

?Ya padha, Le, wong jarene nek ana tayub saguh tunggu omah, kok malah wiwit wingi esuk bar sarapan njur bablas, seprene ora mulih.?

Entuk wangsulan ngono mau, Bowo mung ngadeg karo pamit mbokne :

?Nggih empun, mbok, kula tak nuweni kantor riyin, nggenahke serat niki?. Let sedhela Bowo wis katon metu nggawa motore terus bablas metu neng ratan gedhe. Mbokne saya gumun weruh patrape anake sing sajak kesusu-susu kuwi. Batine ngarep-arep bojone sing durung bali. Lagi wae Prabowo mudhun saka motor, kanca polisi jaga Nardi, gage methukke tekane sajak gita-gita takon :

?Bowo!, piye?, tenan pa kabar saka rumah sakit kuwi??. Karo mudhun saka motor Bowo mangsuli angluh :

?Aku dhewe kuwi durung ngerti satenane. Nar, apa pak Jatmiko durung kundur??, pitakone genti.

?Durung, Wok, kae isih lenggah ana njero?. Bowo gage mlebu. Weruh tekane Bowo, Kolonel Jatmiko terus ngathungke tangan ucape :

?Profisiat Wok, kowe wis bisa nuduhake darma bektimu marang negara, kowe pancen calon polisi sing hebat.? Ngendikane gawe bombong atine Bowo.

?Pak, wonten kawigatosan punapa kula dipun timbali lewat pak dhukuh?, kok mboten utusan kanca-kanca kemawon??

?Ngene, Wok, layang kuwi asline saka rumah sakit kanggo kulawargane perampok, sing mau bengi ketembak nalika arep mlayu. Asil saka polisi penyelidhik, jebul sing ketembak sikile mau bengi kuwi isih warga Kedung Jati dhewe. Nalika ditakoni jenenge pak Budi Angkoro.

Bareng polisi takon pak dhukuh, jebulane jare kuwi bapakmu. Bener pa??. Prabowo kaget banget, ora ngira babar pisan jebul sing ditembak dening Prabowo dhewe kuwi bapakne. Oh … atine nggronjal, wirang … isin … yen nyata sing melu ngrampok iku bapakne tenan. Sing saiki kecekel merga ditembak lan saiki ana rumah sakit. Sawise meneng sawetara, Bowo takon :

?Setunggalipun ingkang ketembak lajeng njungkel punika, Pak??

?O … kuwi uga warga tangga desa cedhak kene wae, jenenge pak Candholo. Eman dheweke mati merga ketembak lempenge sing banjur ngenani jantung. Dheweke wis dikubur mau jam 11 sawise dipriksa dening dokter. Mula saka iku Wok, kowe tumulia menyang rumah sakit, nyatakna kuwi wong tuwamu apa dudu.? Dhawuhe Pak Jatmiko, sing disendikani Bowo, lan ya banjur wae mangkat tumuju rumah sakit.

Neng ndalan atine kuwur … bingung …, gek ngandel gek ora, apa iya bapakne ngrampok ing wilayahe dhewe?

Mlebu pekarangan rumah sakit lingak-linguk ora ana sing ditepungi, batine muga-muga wae dudu bapakku. Sal lan kamar sing dingendikakake Pak Jatmiko digoleki, sidane ketemu. Lawang kuwi menga sithik, mula banjur wae Bowo mlebu.

Saiba kagete bareng weruh mbokne wis lungguh ing kono dikancani Pak dhukuh nunggoni pasien sing ngaleleh ing ndhipan. Bowo ora sronto, mbokne ditubruk karo nangis kandha :

?Pripun mbok, kok jebul bapak piyambak malahan ingkang tumindak?? Mbok Angkoro ora bisa mangsuli, anake lanang kuwi diruket kenceng kanggo golek kekuwatan lan ngesok sakehing rasa ing atine sing lagi sinandhang. Sidane Pak dhukuh sing banjur nyedhaki ngarih-arih lan nglipur atine sing lagi padha kasongsaya. Tembunge :

?Wis-wis, yu, lan kowe, Bowo, kabeh wis kebacut. Wong kowe sing saomah wae ora ngerti, apa maneh aku. Saiki, atimu padha ditentremke. Lan nyenyuwun, muga-muga mengko yen bapakmu ditakoni polisi, gelem aweh wangsulan sing cetha lan jujur, supaya nggampangake tumindake polisi anggone bakal mbrasta kadurjanan iki. Ora, Wok, nalikane ana penggrebegan iki kowe ana ngendi??

?Kula inggih tumut, Pak, ning kula jagi wonten wingking, ngawekani menawi wonten ingkang lolos?. Kandhane Bowo goroh. Mangka batine ngakoni tenan, yen sing nembak bapakne kuwi awake dhewe.

Dek semana atine rumangsa marem banget, dene tembakane patitis … pas ngenani sasaran. Emane … Pak Candholo sing ketenggel terus ngemasi. Ning bab iki ora bakal diblakakake karo sapa wae, senajan to yen atasane ngerti, dheweke bakal nampa bebungah.

Atine ora mentala … ora tekan. Apa maneh dhek semana bapakne menganggo sandhangan pating krembyah, sing Bowo ora ngerti babar pisan. Sauntoro Pak dhukuh, mbok Angkoro lan Bowo padha pating klesik rembugan, Pak Angkoro katon obah-obah karo ngiyes-ngiyes ngrasakake larane, wusana banjur byar melek mripate. Weruh iku, Bowo banjur nyerak ngrakut bapakne kanthi coscosan mripate. Pak Angkoro ngerti yen iku anake, genti males ngrangkul karo nangis, kawetu groyok tembunge :

?Le …, Bowo …, bapak apuranen ya, Le, bapak wis gawe kucem jenengmu ing kepolisian ……?.

?Empun, Pak, empun, sedaya empun kelajeng. Mbenjing mawon nek bapak ditakoni polisi, sinten-sinten kancane bapak, kula aturi mangsuli sing cetha lan jujur. Bapak sagah ta ??

?Iya, Le, aku bakal terus terang ngakoni kabeh tumindakku, lan aku wis kapok lan getun karo kabeh langkah lan tindakku sing kleru iki, tenan Le, iki seksenana?. Kandhane pak Angkoro karo kekembeng luh.

Kabeh sing weruh padha trenyuh. Prabowo lan mbokne rumangsa gumun lan getun dene bapak lan bojone nduwe pakarti kaya ngono kok nganti ora ngerti lan ya ora nglegewa. Jebulane lunga-lunga kanthi pawadan dagang iku mung ngapusi bojo lan anake.

Ana rumah sakit ora kaya pasien liyane. Mula sawise kaanggep cukup entuk pitulungan saka dhokter, pak Angkoro banjur dijupuk saka rumah sakit digawa neng kantor polisi.

Kaya ngapa rasane atine Prabowo bisa digambarake. Kejaba welas sing tanpa upama meruhi kahanane wong tuwane, wirang lan isin methuki tangga teparo, uga kancane para polisi.

Dina esuk candhake, sasat kabeh surat kabar wis ngemot kecekele para durjana kayu jati sing gamben-gamben, dipandhegani dening pak Angkoro lan Candholo.

Candholo mati ketembak, lan kabeh saiki wis ditahan neng kantor polisi saperlu dipriksa. Saben-saben bisa nyedhak bapakne, Prabowo mesthi tansah mbisiki supaya ngaku wae terus terang.

Awit wangsulan sing mbulet lan gonta-ganti utawa molah-malih, mung bakal ngrendheti polisi tumindak. Kejaba kuwi uga aweh kalodhangan wong-wong sing ana gegayutane karo kadurjanan iku, lolos sadurunge dicekel polisi.

Nanging dhasar pak Angkoro wong bodho ning ngeyel, mula pitakonan?pitakonan saka polisi diwangsuli kanthi ndadak mubeng minger, nyalah-nyalahke kancane, jarene mung saderma diajak dening pak Candholo, sing saiki wis jenat.

Prabowo wis ora wani nyedhak, ning mung trima ngrungok-ngrungokake saka kancane.

Prabowo ya ngerti, piye yen nakoni maling sing wangsulane aneh-aneh ora njawab pitakonan. Yen polisi wis mangkel, keplak, jambak, dhupak kuwi wis dudu barang aneh. Seje yen sing ditakoni terus terang ngakoni apa sing wis ditindakake, ora perlu dilarani.

Suwe-suwe polisi entuk data-data sing komplit, para begundhale kabeh kandha yen pengarepe rampok mau pancen pak Angkoro.

Dene pak Candholo iku wong kapercayane, sing dikongkon ngubungi wong?-wong sing dadi reh-rehane.

Apa sak prentahe pak Angkoro kabeh tundhuk, merga nyatane wis makaping-kaping nyolong kanthi gedhen-gedhenan ya slamet. Kerep uga digrebeg polisi, ning ya bisa lolos merga tundhuk karo prentahe pak Angkoro.

Dadi ya ora mokal yen karo kanca-kancane maling banjur didadekake pemimpine.

Asiling pepriksan, pak Angkoro kandha yen nduwe utawa kenalan wong sugih sing gelem menehi dhuwit dhisik sapanjaluke, ning pak Angkoro kudu setor kayu colongan marang dheweke pirang puluh kibik pendhak minggune.

Sukur-sukur bisa cara gedhen-gedhenan. Tembunge liya tukang tadhah klas kakap sing wani ngebosi dhisik. Wong mau jare asline saka Surabaya, ning ya ana sing kandha asal saka Kalimantan. Nek karo pak Angkoro, ngakune jenenge pak Drembo, ning ya ana sing kandha jenenge pak Denowo.

?

Ana candhake

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

Crita Sambung-Sinambung

Dening : Is. Sarjoko

(Nini Klenyem)

Kadurjanan ing Alas Pejaten

?

Pak Angkoro dhewe sapa sejatine ya ora ngerti, ning pokoke wong kuwi wani ngeculi dhuwit akeh, lan mengkone nyaur srana setor kayu jati colongan.

Bab omah lan dununge ya ora ngerti, wong kabeh kuwi liwat wong kapercayane ya Babah Ling, toko klonthong sing dununge cedhak terminal Klendher.

Babah Ling kuwi sing aweh dhuwit marang pak Angkoro. Dene bab kayu jati, janji wis ditegor dipotong-potong kanthi ukuran sing wis ditemtokake, dicemplungke kali gedhe utawa diseleh pinggiran alas, mengko wis ana trek-trek sing ngangkuti. Pak Angkoro wis ora ngerteni.

Cara ngono iku wis ditindakake pirang-pirang taun wiwit isih jaka. Mung dhek semana isih cilik-cilikan durung gedhen kaya saiki.

Jebul sing dadi andhahane pak Angkoro kuwi ya kanca-kanca dolan, kanca golek rencek dhek cilikane sing omahe tangga desa kono. Sawise penyelidhikan
rampung, saiki polisi keri matah intel sing wis pethingan kinanthen calon-calon polisi mentas metu saka pendhidhikan minangka nglatih sing langsung praktek.

Prabowo sing rumangsa wong tuwane wis kajiret dening cukong sing tansah ngiming-imingi dhuwit, atine rumangsa mangkel.

Tekade wis gembleng, kudu bisa nyekel tukang tadhah klas kakap kuwi sak anak buahe. Ya wiwit bapakne kecekel minangka pengarepe maling kayu sing mbarengi Tayub Merti desa kae, Bowo arang lunga sanja.

Rasa isin kaya angel dikipatake senajan wis dilali-lali.

Nanging gandheng kangene weruh sang pindha Ratih ya Rara Prananti ora kena sinayudan, mula sore sawise adus, Bowo merlokake teka ing omahe mbahe Prananti. Pokoke embuh mengko tanggapane Prananti, sawise ngerti yen bapakne kecekel olehe maling kayu jati.

Toh kabar wis sumebar, sasat angger wong wis padha ngerti. Atine pancen gojag-gajeg lan maju mundur, ning rasa kapang lan kumudu weruh sang widadari wis ora bisa lan ora kena disemayani.

Sidane sakehing rasa dibuang adoh, tekan desa Gumilang ya omahe mbahe Prananti, nalika uluk salam kulanuwun, swarane krasa yen kedher. Atine bali ditatag?tatagake.

Sawise krungu jawaban swara alus saka njero, Bowo nicil ayem, mbarengi swara kumleseting sikil nyedhaki lawang, wusana, ceklek … lawang menga.

Prananti dhewe sing ngengakake. Kanthi esem sing pait madu, karo gupuh nyalami sing lagi teka, tembunge :

?Sugeng ta, mas Bowo?, jare arep dolan, tak anti-anti jare?.

?Iya, dhik Pran, nyatane iki rak ya wis sida dolan ta??

?Iya … iya, Mas, yuk tindak mlebu ngomah kana. Iki simbah lagi tindak pasar ngedol sayuran. Wingi sore aku lan simbah ngundhuh kacang lan mbayung ana sawah saiki didol, lowung, Mas, kena nggo tuku butuh?, kandhane Prananti polos, prasaja.

?Pancen kok, dhik, dadi bocah wadon mono luwes, apa-apa bisa ditindaki, luwih-luwih gaweyan sing alus. Yen kaya aku iki senenge mbantu simbok ya sing nganggo-nganggo ngetokke otot upamane : ngangsu, gawe jugangan uwuh, mlathoki kayu ya bangsane ngono kuwi.? Kandhane Bowo karo ngguyu.

?Ngono rakya wis bisa gawe senenge wong tuwa ta, Mas??

?Iya, dhik, durung bisa males, gawe lega lan bungah wae rak gampang.?

?Ora, mas, iki mau saka ngomah, apa saka tindakan??, Prananti nanjih.

?Haya jelas saka ngomah ta, dhik, penjenengan rak isa nyawang, piye aku? Genah isih seger mentas adus ngene kok?. Kandhane Bowo karo ngguyu.

?O ya syukur ta, mas, dadine mas Bowo pancen ngemenke mrene tenan?.

?Lho dhik Prananti kuwi ora krasa ta nek tak kangeni??. Bowo mancing.

?Ah tenane, mas??, wangsulane Prananti karo atine krasa bungah semu dheg?dhegan.

?Lha ya tenan, dhik, piye jane wis ana sing kagungan apa durung??

?Uwis, mas. Nek neng kutha ibu, nek neng kene sing kagungan simbah.?

?Nek kuwi aku wis ngerti, dhik, ning kuwi lho … sing tak karepake?. Prananti tanggap apa sing dikarepake Bowo, mula gage wangsulane :

?Gek sapa, mas, sing gelem karo wong bodho tur elek ngene??

?Nek aku, dhik, mbok rasah ditakoni jelas gelem. Ning embuh nek dhik Prananti. Merga wong ayu manis kuwi adate selerane tinggi. Andak sudi karo wong kaya ngene iki??. Bowo pingin njajagi atine Prananti.

?Mas Bowo, wong jodho mono sing nggathuke sing kuwasa, manungsa mung bisa ngrancang lan mbudidaya, piye murih kepinginane kuwi kelakon?.

?Njur pambudidayaku piye dhik, nek aku seneng karo dhik Prananti??. Sing ditakoni ngguyu isin, njur ketok yen salah tingkah. Prananti ngadeg pawadan ngungak mbahne sing durung mulih. Ana pawon gawe unjukan, karo atine bungah ngayang batin, dhasar dheweke ya ana rasa sir karo Bowo.

Bareng metu karo ngladekake wedang lan rengginan nuli ditawakake :

?Diunjuk, mas, ning wedange mung bening wong com-coman mau awan.?

?Bening ya ben, dhik, malah kaya esem lan ulate sing ngladekake, sing marahi aku mbesuk njur tuman dolan mrene?. Bowo saya nekat.

?Kerep dolan ya kena, mas, ning angger ora nglaleke tugas lan kuwajiban ngantor. Apa maneh mas Bowo rak durung dilantik ta??

Krungu kandhane Prananti, atine Bowo mak dheg, ngrumangsani senajan dheweke lagi wae metu saka pendhidhikan polisi, ning bapakne, kabeh wong dhaerah kono ngerti yen benggoling maling. Kanthi swara nglentrih Bowo takon Prananti kanthi lagu sing njaluk diwelasi :

?Dhik Prananti rak ora arep ngenyek aku ta, nek aku iki mung salah sawijining anak maling?, mangka saiki wonge kecekel.?

?Mas Bowo, babar pisan aku ora bakal ngenyek lan ngisin-isin. Wong nyatane mas Bowo nduwe pepinginan dadi polisi. Mangka dadi polisi mono rak bakal dadi pengayome rakyat. Kejaba kuwi, uga nduwe kuwajiban mbrasta tindak culika sing gawe resah lan prihatine rakyat. Mula aku ngelingke, kena dolan mrene ning tugasmu aja lirwa.? Kandhane Prananti wijang sing bisa nggedhekake atine Prabowo.

Saiki atine yakin yen Prananti nimbangi tresnane, kacetha saka tangkepe, omongan lan tindak tandhuke nalikane padha jagongan mau. E ya begjane Prabowo, medhayoh wae kok mbahe neng pasar, dadi bisa tanek tenan olehe padha omong?omongan.

Saka asil penyelidhikane para Intel ngandhakake, yen jeneng sing dikandhakake pak Angkoro mau kabeh nyata. Ning wong-wong mau sejatine gonta-ganti jeneng sing sedhabreg akehe.

Bah Ling sing paling diteter pitakonan, ning nyatane Bah Ling ya mung ngerti lan bisa weruh yen wong-wong iku teka ing tokone saperlu masrahake dhuwit lan entuk (nadhahi) kayu-kayu asil colongan saka wong-wong sing wis kulina.

Dene asline, omahe cukong-cukong kakap kuwi, Bah Ling ya ora ngerti. Bab iki sing ndadekake polisi rada mumet.

Babah Ling kepeksa ndadak nganggo rada dipeksa nganggo jawilan-jawilan sing krasa lara, ning jawabane pancet wae kaya sakawit. Ketemune mung yen wong kuwi teka ing tokone, lan wektune ya ora bisa ditemtokake. Kadhang sesasi sepisan, ning terkadang ya lagi rong minggu wis teka maneh.

Polisi mung bisa kedhah-kedhih. Wektu kuwi Bowo ya ana, lan melu-melu nyedhak nakoni tembunge :

?Bah Ling!, nek fotone wong sing sok aweh dhuwit kuwi kowe duwe ora??. Babah Ling, ngeling-eling sedhela njur kandha :

?O iya … nek fotone ola ana, ning aku wis tau difoto baleng-baleng kalo kelualgaku lan dheweke. Saiki ana lumahku, ning ndadak nyali dulu?.

?Yoh wis bah, nek ngono aku sakanca bisa neng omahmu, mengko foto kuwi golekana nyonyahmu ya dikon ngrewangi nggoleki nganti ketemu!?

?Ngono juga bisa, ning lehe nyakiti itu udah, nih badanku udah bilu-bilu kena cubitan.? Ngono kandhane Cino totok iku. Polisi-polisi rada krasa lega, awit yen mengko wis weruh fotone, mesthi nggampangake olehe nggoleki.

Para Polisi mau banjur padha metu saka kamar tahanane Bah Ling, ngadhep Pak Jatmiko, nglapurake asil pepriksane Bah Ling, lan ngaturake rancangane para polisi yen arep mriksa omahe (tokone) Bah Ling lan nggoleki fotone durjana kakap sing wis wani ngebosi kuwi.

Pak Jatmiko nampa laporan mau mung monthak-manthuk, ning isih meneng durung ngendika apa-apa. Sawise mlebu ruang kerjane lan nilpun, embuh sapa sing ditilpun, pak Jatmiko bali neng ruang tengah nyedhaki para polisi kuwi karo dhawuh :

?Yoh wis, budhala neng tokone Bah Ling. Kejaba foto, nek ana surat-surat penting kena kanggo petunjuk pencarian, becik digawa. Sawise anak buahe aweh kurmat banjur padha budhalan. Polisi sepuluh sing ngawal Bah Ling tumuju ing omahe.

Bah Ling dilungguhane ing sopiran diapit polisi kanggo ngawekani sakabehe. Mlebu tokone sing saiki tutup, ndadak nothok lawang nganti sawetara wektu. Let sedhela nyonyah Ling mbukakake lawang.

Ngerti bojone mudhun saka sopiran, sanalika nangis karo ngrangkul bojone, ora perduli karo polisi sing padha ngawal. Mbarengi Bah Ling, polisi-polisi iku banjur mlebu ing tokone.

Bareng wis tekan njero, Bowo kandha karo Nyah Ling :

?Nyah, Bah Ling kuwi mulih mung arep nggoleki fotone bosmu sing sok menehi dhuwit kanggo nukoni kayu colongan kuwi, kowe weruh??

?Ya liat, olang oe yang nyimpen. Apa kalo foto itu tak kasih, papae udah dilepas??, pitakone polos.

?Ya belum, ini kan baru untuk mencari orang itu. Sini Nyah, berikan kalau situ yang bawa!?, pakone Bowo. Nyah Ling ngingetke sing lanang, Bah Ling gage kandha :

?Kasih aja, mah, itu foto yang baleng-baleng sama kelualga?. Nyah Ling mlebu kamar ditutke polisi sajake risi, mula kandhane :

?Udah, oe sendili yang nyali, kalian pasti nggak ngelti?.

?Tapi, Nyah, kedatangan kami juga ditugaskan untuk memeriksa rumah anda, mungkin saja ada surat-surat penting pesan dari cukongmu itu.? Karo kandha ngono polisi kuwi wis mlebu kamar lan mbukaki lemari lan laci-laci meja kanthi tliti, ning ora nemokke sing digoleki. Racake mung cathetan rega-rega lan barang-barang kulakan sing didhasarake ing tokone.

Nyah Ling sing wira-wiri nggoleki foto, bareng wis ketemu neng njeron map njur kandha :

?Ini fotonya, ya cuma itu yang oe simpan. Tolong bilang sama atasanmu!, lepaskan suami oe.? Kandhane Nyah Ling ngoyok.

?Gampang Nyah, kalau Bah Ling selesai urusannya dengan polisi, nanti tak antar pulang.? Kandhane Bowo, sing banjur bali neng kantor nggawa Bah Ling bali ditahan. Tekan kantor fotone cukong klas kakap iku diaturake pak Jatmiko.

Ora suwe, Pak Jatmiko uga banjur ngetokake foto saka sakune banjur dijejer. Karo bareng-bareng padha dideleng foto kuwi, Pak Jatmiko takon :

?Gimana pendapat kalian, orang dalam foto ni sama enggak??

?Sama persis, pak,? wangsulane polisi-polisi kuwi meh bareng.

?Nah…., kalau anda semua yakin, berarti benar kata Babah Ling, bahwa orang ini punya banyak nama. Ia selalu berganti nama dimana ia tinggal?. Andhahane mung padha meneng kebak tandha pitakon, ngenteni apa sing arep diprentahake pandhuwure kuwi.

Bareng wis sauntoro, pak Jatmiko ngendika :

?Foto ini kami dapat dari Kepolisian Surabaya menerangkan, bahwa ia mencari buron dalam kasus yang sama, ialah mencari penadah penebangan kayu liar. Pas ia datang di lokasi ingin mengetahui sebarapa banyak kayu yang sudah ada, tiba-tiba disergap polisi hutan. Sayang dia dapat lolos, karena membawa orang yang siap membawanya pergi dengan mobil, hanya orang-orangnya yang tertangkap. Sekarang sudah ditahan dan sedang diperiksa. Kini foto-foto ini disebar dan kita juga mendapatkan.

?Kalau begitu ini memang buron klas kakap benar-benar ya, pak?? Letda Harjo nanjih.

?Ya … begitulah kira-kira. Diperkirakan dari Surabaya dia lari ke Yogya, dan mestinya ada hubungannya dengan pencurian di hutan kita kemarin?. Pak Jatmiko kendel, para polisi andhahane uga cep klakep ora ana sing padha cemuwit. Sidane ya Pak Jatmiko maneh sing ngendika.

?Kami selaku pimpinan sudah menghubungi Kolonel Wicaksono yang kemarin membantu kita dalam penggerebegan. Beliau punya usul untuk menghubungi semua sektor dan menggandakan foto ini untuk dibagi-bagikan.

Selain itu juga lapor ke Polda dan polisi yang bertugas di bandara, agar waspada kalau melihat orang dalam foto ini.

Bilamana mau keluar dengan pesawat, harap ditangguhkan atau ditahan. Karena dia pasti binggung, di sana-sini orang kepercayaannya sudah tertangkap?. Letnan Harun sambung :

?Iya pak, satu-satunya dia pasti kabur dengan pesawat keluar daerah atau keluar negri. Selanjutnya kita bagaimana, pak??

?Ya kita tinggal menunggu, toh semua sudah kita hubungi?, wangsulane pak Jatmiko entheng. Saiki Bowo kejaba pendhak dina ngungak bapakne neng sel tahanan, ning uga melu mikir lan madik-madik, njur kapan cukong pencoleng kuwi bisa ketangkep.

Bowo ngrumangsani yen isih polisi kroco, durung duwe pengalaman. Ya mung tekad lan semangate wae sing gedhe lan makantar-kantar. Welinge Prananti kekasihe, dadi cambuk semangate nekuni tugase.

Kekarepane anggone bakal labuh labet negara lan gawe tentreme kawula, dibundheli kenceng, sinimpen ing pojoking atine. Dhek emben atine wis krasa marem bisa nggagalke pencoleng sing nyoba lolos, ning tibane jebul nggawe memalaning ati, merga sing ditembak salah sijine jebul bapakne.

Saiki ngadhepi buron gedhe kuwi, dheweke bisa apa? Paling-paling mung mela-melu pandhuwurane, utawa dadi kongkonan.

Wis ben wae, ning ujubku, aku tetep pingin ngabdi kanggo nusa bangsa lan negara. Ngono batine Prabowo, kanggo ngeyem-yemi atine dhewe. Let sepasar saka kecekele para pencoleng kayu jati, saka polisi petugas bandhara, entuk kabar yen ana wong sing dicubriyani. Tiket sing dituku wong-wong iku kanggo penerbangan sing pungkasan, jurusan bandhara Sepinggan, Kalimantan.

?

Ana candhake

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

Crita Sambung-Sinambung

Dening : Is. Sarjoko

(Nini Klenyem)

Kadurjanan ing Alas Pejaten

?

Polisi bandhara aweh sasmita. Supaya polisi ing Kedhung Jati enggal-enggal siap ngepung, yen perlu golek bantuan kanggo nguwati. Pesawat iku take off jam 17.00 mangka iki wektu wis nuduhake jam 14.30.

Kanyata Kolonel Jatmiko lan Kolonel Wicaksono wis ngerikake anak buahe kanthi ora ngetarani tumuju bandhara. Wong telu sing dicubriyani iku tansah diulatke dening intel polisi sing wis pinatah kanthi api-api dodolan bangsane aqua.

Wong-wong sing arep numpak pesawat lagi diumumake siap ing ruang tunggu yen wis keri sajam sadurunge take off (wong-wong liyane ora kena mlebu). Bareng saka corong pengeras suara keprungu pengumuman yen pesawat sing jurusan Sepinggan wis siap, penumpang pating reguduk mlebu pesawat nggoleki palungguhan sing cocok nomere karo tiket sing digawa. Wong telu iku uga banjur munggah. Bareng wong-wong calon penumpang wis kabeh munggah, reguduk polisi polisi ngepung pesawat iku.

Pilot wis oleh sasmita, menawa pesawat diundur keberangkatane merga polisi ngoyak buron sing wis ana njeron pesawat.

Polisi-polisi sing wis jibeng neng ngisor pesawat dipimpin Kolonel Wicaksono kabeh wis siap, klebu Bowo sing ngatut senajan ora didhawuhi. Wusana saka megapun keprungu swarane Kolonel Wicaksono lantang katujokake kabeh penumpang ing pesawat mau :

?Saudara-saudara penumpang pesawat yang menuju bandhara Sepinggan
tenang, dan saudara yang bernama Drembo alias Denowo CS yang merasa buronan harap menyerah dan turun, karena pesawat ini sudah dikepung.? Diantekke
nganti 5 menit ora ana reaksi, kolonel Wicaksono, ngambali dhawuhe … ora digubris. Gandheng
kabeh dadi spaneng mung meneng-menengan, Bowo nyedhak Kolonel Wicaksono njur matur bisik-bisik :

?Bagaimana, pak, kalau saya naik ke pesawat?, mungkin nanti saya dapat berbuat sesuatu.?

?Apa yang dapat kau kerjakan Bowo, sedang mereka pasti bawa senjata.? Kolonel Wicaksono selak ora sabar, karo ngathungake pistule mendhuwur keprungu tembakan peringatan …. ?thar … thar ……?.

Pemimpin pencoleng sajak bingung, mlayu nyedhaki lungguhe pilot karo ngathungake pistule mbengok :

?Cepat pesawat take off!? pilot uga bingung lan wedi, merga lampu sinyal sing menehi aba-aba saka kepala bandhara supaya pesawat diundur budhale, tetep urip.

Pemimpin pencoleng mau bareng bola-bali aba supaya berangkat ora digubris pilot, Wusanane keprungu suwara tembakan … thar … thar ….

Pilot sing wis ana mburi stir lan pilot cadhangan sing lungguh ing sisihe, katon theklok. Saka sirahe katon mili getih seger, pating dlewer neng gulu lan awake. Tanpa ngenteni ijin saka pendhuwurane, Bowo nekat ngunggahi andha pesawat.

Topi waja sing dienggo dicopot dicangking tangan kiwa, lakune ndhodhok, sasat kaya dene nglosot. Bareng pas tekan lawang, tangan sing nyekeli topi waja mau diunggahake mendhuwur.

Pencoleng sing nggawa senjata mau kaget, dikira polisi mlebu. Mula tanpa mikir, gage nembakake pistule ing arah topi waja iku. Gandheng posisi awake Bowo isih neng njaban lawang tur sangisore wong ndhondhok, Bowo slamet, ning topi waja sing kena tembakan kumenclang ngleyang tumiba ing lemah.

Bowo waspada, pencoleng sijine ing sisihe sing ora nggawa senjata, ditembak…. thar….. klumpruk … tanpa sambat.

Dene sing nggawa senjata, ngiwut nembaki arah lawang pesawat, mesthi wae para penumpang sing dadi kurban. Bowo tansah ngematake karo ndhekem. Bareng ngerti pelatuk pistul bola-bali ditarik ora keprungu suwara tembakan, Bowo ngadeg ngancam karo mbengok :

?He tangkap pencoleng ini!, ia kehabisan peluru!?. Kontan ….., penumpang priya banjur padha ngadeg nyedhaki buron sing wis ora bisa apa-apa iku.

Kanthi rame-rame pencoleng iku dilarak ngudhuni andha pesawat, sing ngisor wis jibeng polisi. Para penumpang sing dadi kurban penembakan, gage digawa menyang rumah sakit, ning kepeksane ya ana sing tiwas loro.

Dina candhane kabar wis sumebar, yen Bowo siswa polisi sing lagi wae metu saka pendhidhikan, wis bisa ngrangket gembong durjana sing wis suwe dadi buroning polisi.

Ing surat kabar dicritakake, yen gembong pencoleng mau jenenge Badowo asal Kalimantan. Sing mati ditembak, bener yen jenenge Drembo alias Denowo, yaiku sing dipercaya nadhahi kayu jati colongan liwat babah Ling.

Siji maneh jare Cina keturunan, sing jarene Badowo wis take off rong jam kepungkur bali neng negarane, ngakune wong Malaysia.

Jeneng Prabowo dadi kembang lambe ing tlatah Semarang wektu iku. Kabar iku uga tekan kupinge Prananti, lan ya malah maca dhewe ing salah sijine surat kabar.

Fotone Bowo kapacak gedhe ing lembar ngarep dhewe, ndadekake atine Prananti bungah, mongkok, lan selak kangen ndang kepingin ketemu.

Seje karo mbok Budi Angkoro, saiki saben ndina ijlik menyang kantor polisi, niliki bojone sing isih ditahan. Jare sedhela maneh bakal diajokake ing sidhang pengadilan bareng karo babah Ling.

Ing ndesa Gumiwang wayah awan. Sawise rampung reresik omah lan masak, Prananti gage nawani dhahar mbahe :

?Mbah, yen badhe dhahar sampun matengan lho!?, ngono ature.

?Mangsak apa ta nok Pran?? pitakone mbahe.

?Anu, mbah, lodheh terong ijem-ijemipun so, lawuhipun tahu tempe bacem.?

?Wah mesthi enak kuwi, jebul saiki kowe wis pinter mangsak ya nok, apa-apa sing mbok olah, simbah tansah rumangsa cocok.?

?Ingkang ngajari rak inggih simbah ta?, nyatanipun nalika kula nderek ibu taksih wonten kitha, nggih mboten saget punapa-punapa ta, mbah??

?Lha iya, karang ibumu, sing dipentingake olehmu sekolah, perlune mbesuk bisa kena kanggo sangu urip.? Grenenge mbahe kanthi swara mudhun. Prananti tanggap pangandikane mbahe sing njur sajak gela, mula ature :

?Ning nyatanipun kula mboten saget nuruti kekudanganipun ibu, nggih mbah. Buktinipun wonten SMKI kemawon mothol margi kabentur ing sarana, inggih punika wragat. Wusana kula dipun dherekaken simbah wonten ngriki, sak punika kula sampun saget ngladosi simbah lan ajar pados rejeki kanthi kesagetan kula nari?.

?Simbah ya bungah, nok, dene kowe tansah ngestokake dhawuhe simbah. Ning elinga ya Pran, nek kowe kuwi saiki wis diwasa, wis wayahe winengku ing priya. Upama, nok Pran, ana wong sing arep ngajak bebrayan, kowe rakya saguh nglakoni ta?? Prananti njola semu gumun, dene mbahe kok ndangu ngono. Gage ature nanjih :

?Sinten, mbah, tiyang ingkang sampun ngraosi kula??. Mbahe bungah dene putune nanggapi ngendikane.

?Ana, Pran, kamasmu Sutrisno. Dheweke kepingin momong kowe minangka bojo. Mula yen tak kon ngeterke kowe yen entuk tanggapan nari, dheweke semrinthil.? Prananti saya gumun, ature :

?Mbah …, mas Trisno punika rak putranipun budhe Hargo ta?, mangka budhe punika mbakyunipun ibu. Punapa inggih saget lan limrah ??

?Ngertia ya, nok Pran, budhemu kuwi sejatine ora pinaringan momongan, saking kepingin nduwe anak, mula banjur njupuk bocah saka panti asuhan sing wis ora duwe wong tuwa. Diopeni, digula wenthah, kaya anak olehe nglairake dhewe. Begjane budhemu, bareng gedhe dadi bocah sing pinter, nurut lan dhuwe bebuden sing becik. Saiki kowe wis ngerti, njur kira-kira atimu piye, Pran?, simbah seneng yen kowe saguh?? Prananti mung manthuk-mantbuk, mangka srawunge wis kebacut rumaket kaya dene kakang adhi. Ora ngertia jebul seje critane. Prananti nerang :

?Mbah, yen ngaten mas Tris sampun ngertos menawi namung putra angkat??

?Bab kuwi simbah ora ngerti, nok, ning budhemu sing kepingin momong kowe, jare tinimbang keliya. Budhemu sing blaka karo aku?.

?O ngaten ta, mbah. Namung mbah, kula dereng manah bab emah-emah, kula taksih remen piyambakan, taksih badhe pados pengalaman rumiyin.? Ature Prananti nolak alus.

Amarga ing pojoking ati wis ana priya sing ditresnani yaiku Bowo. Mbahe njur uwis pandangune, kuwatir yen klera-kleru, sing njur marahi Prananti ora krasan ndherek ana kono. Mangka mbahe ya rumangsa seneng lan mongkok, dene duwe putu wadon sing pinter leladi wong tuwa, tur maneh mbangun miturut ing wewarahe sing tansah diparingake saben ndina.

Nganti seminggu wiwit saka kecekele gembong pencoleng ing bandhara. Bowo durung tau tilik Prananti. Senajan sukses, nyekel benggoleng pencoleng, ning suthik gage-gage nemoni kekasihe, mundhak dikira umuk utawa songar, dupeh gambare sasat dipasang ing sadhengah surat kabar.

Mula lagi bareng wis sesasi lan rumangsa kangen banget, Bowo mara, mung mlaku ora numpak motor.

Ngarepan katon sepi, ning bareng ngungak iring omah katon mbahne nyapu ana kebon mburi, Bowo nglingker mlebu pawon sing lawange menga sing katone sepi iku ning jebulane Prananti lagi racik bumbu arep masak, lungguhe ngungkurke lawang.

Bowo mlaku jinjit nyedhaki, terus wae nyikep mripate.

Prananti gobag-gabik tangane sraweyan karo bekah-bekuh ning karo Bowo ora diuculake. Sidane Prananti kandha :

?Wis pokoke sapa wae sing nyikep aku ora ndang diculke, aku bakal tulung?tulung, ben akeh wong teka?. Krungu iku, tangane Bowo sing nyikep banjur diculke.

Bareng noleh, raine Bowo wis mepet raine karo ngguyu mlengeh.

Prananti gregetan seneng, banjur wae nggablogi Bowo. Sing digablog malah mapan karo kandha :

?Wis, dhik, kana gek tulung-tulung ben akeh wong teka!?. Prananti sing waringuten njur meneng, malah njur ngambruk ing dhadhane Bowo karo prembik?-prembik kandha :

?Wah, mas Bowo bareng dadi wong kondhang njur ora tau ngetok. Selamat ya mas, kanyata mas Bowo bisa gawe tentreme masyarakat lan nylametke bandha negara.?

?Iya … iya, dhik, matur nuwun. Iki mau kabeh merga aku tansah kelingan welingmu. Sejatine aku ya selak kepingin dolan mrene, ning merga gambarku isih tansah ngrenggani surat kabar, aku dadi isin dhewe. Wong nyatane aku bisa nyekel benggoling maling, ning kok bapakku dhewe ya maling.? Angluh swarane Bowo sing keri dhewe iku.

?Mas, ya aja kaya ngono kuwi ta, ngendi ana wong sing sampurna?. Senajan apika kaya ngapa wong kuwi ya mesthi ana kekurangane, ana cacate. Ya merga bapak tumindak ngono, mas, asmamu rak saya kuncara. Ateges mas Bowo ora melu?melu lan ora mangerteni tenan karo apa kang katindakake dening bapak?.

Prananti mbalekake percaya dhirine Bowo, kareben tansah tegar lan semangat. Kanthi ora padha dingerteni, mbahe mlebu pawon isih karo nggawa sapu. Weruh Bowo wis ana pawon, gupuh anggone aruh-aruh, tembunge :

?Wah, nak Bowo, simbah nderek remen. Gambar penjenengan dipun pasang serat-serat kabar, kula dipun tedahi Trisna putu kula.?

?Inggih, mbah, punika namung dhapur keleresan kok, mbah, janipun rak inggih margi kanca-kanca kompak lan tundhuk dhateng dhawuhipun penginggil utawi Pak Jatmika. Penjenenganipun mila pinter sanget ngatur anak buah.? Sawise nyelehke sapu, mbahe rekane arep nggawe wedang, ning Prananti gage matur :

?Mbah, kula sampun ngecom, simbah lenggah kemawon, mangkeh kula ladosi.? Mbahe banjur ajak-ajak Bowo :

?Nak Bowo, mangga lenggah ngajengan, mriki reget ngaten kok.? Prananti nyambungi :

?Iya, mas, ora ilok, tamu kok njujuk pawon. Kana lenggah ngarepan karo simbah, mengko aku nusul.? Gelem ora gelem, Bowo manut, banjur runtung-runtung mbahe tumuju kamar tamu. Bareng wis lungguh, Bowo sing ndhisiki matur :

?Mbah, punapa mas Trisno taksih sok sowan mriki??

?O… inggih, nak Bowo, menawi sela utawi mboten kuliah asring nuweni kula. Kaliyan Prananti uga caket, ning mugi-mugi kemawon raosipun caket punika saestu kados sedherek.?

?Lho rak inggih mila taksih sedherek ta mbah??. Mbarengi pitakon iku, metu ngladekake wedang lan pisang godhok, panenan kebon. Mbahe durung mangsuli, Prananti gage nrambul mangsuli :

?lya, mas, mas Tris kae rak putrane budheku, budhe kuwi rak mbakyune cer … dadi padha-padha wayahe simbah?. Bowo manthuk-manthuk krungu keterangane Prananti mau.

?Ning, nak Bowo, Trisno punika ……? durung tutug ngendikane mbahne wis gage dipunggel karo Prananti.

?Ning, mas Bowo, mas Tris isa neruske kuliah, balik aku mandheg ndalan nambahi akehe pengangguran. Mangga-mangga unjukane ndang diunjuk. Mangga, mumpung taksih anget, mangkeh rak lajeng kumepyar wonten slira.?

Wong telu banjur padha ngunjuk bareng kanthi bungah, ora lali gedhange godhog. Prananti pancen baut micara. Emane, Bowo tanggap, yen pamunggele gunem, pendhak-pendhak mbahe arep ngendika tansah dadi pemikiran. Bareng wis rinasa mari kangene marang kekasihe, Bowo banjur pamit, diuntapake Prananti tekan latar. Bareng Bowo wis ora katon, Prananti gage mlebu ngomah, nyingkir-nyingkirke gelas kosong njur nyedhaki mbahe karo matur lirih :

?Mbah, simbah mboten usah ngendikakaken mas Tris dhateng mas Bowo njih mbah, menawi mas Tris sanes putranipun budhe saestu?. Mbahe genti mundhut pirsa:

?Tikna kuwi ana apa ta Pran ??

?Kadosipun kok inggih namung kirang prayogi mbah?, wangsulane Prananti cekak. Mbahe meneng wae, ning ing batine, apa Prananti ana apa-apa karo Bowo? Kabeh mung kandheg ing batin. Wong tuwa mono becik sing meneng, mundhak diunekake juweh. Senajan wis gawe wirange kulawarga, Prabowo tetep setya ngungak bapakne ing tahanan. Kabeh polisi kancane wis padha ngerti, mula sikape marang pak Angkoro ya mung biasa wae, ora ana sing siya-siya lan kawetu tembung sing nglarakake ati.

?

Ana Candhake

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

Crita Sambung-Sinambung

Dening : Is. Sarjoko

(Nini Klenyem)

Kadurjanan ing Alas Pejaten

?

Kabare malah seminggu maneh bakal diajokake ing sidhang pengadilan. Ora koyoa Bowo anggone manti-manti bapake, pokoke apa wae sing wis dilakoni sadurunge kecekel, yen polisi nakokke kudu dijawab apa anane, aja mubeng-mubeng kaya sing dhisik-dhisik.

Pak Angkoro nyaguhi. Bareng wis meneng sedhela, bapake kandha :

?Ning, Le, janji ya!, bapak bakal blaka, ing samubarang kadurjanan lan kaculikan sing wis tak lakoni kanthi jujur, ning sepira wae kaluputane bapak kowe kudu tetep nresnani bapak, lan ngapura kabeh kesalahane bapak, andak kowe saguh, Le??

?Enggih, pak, kula saguh. Bapak rak dereng nate gadhah lepat kalih kula ta?. Limrah, pak, nek tiyang sepuh ndukani anak, minggahe nyethot, nyeblek, njewer … rak isi pendhidhikan.?

Pak Angkoro ngrungokke kandhane Bowo mung thenger-thenger lan kelap-kelap mripate, sajak duwe sanggan abot ing atine.

Bowo banget welas nyawang bapakne kuwi, mula gage ninggalake sel tahanan. Seminggu candhake pas dina Rebo, para tahanan wis padha disalini sandhangan seragam, sing sedhela maneh arep digawa neng sidhang pengadilan.

Bowo pancen njarag ora melu nunggoni, rasane kaya ora mentala, samangsa mengko dhewekke krungu keputusan sing ditibakake marang bapakne. Sidane mung mbokne dikancani pak Dhukuh sing pancen setya lan tanggung jawab karo warga sing dadi reh-rehane.

Hasil sidhang sing sepisanan lancar, ping pindho tambah-tambah sing diakoni, kaping telune saya-saya. Mbok Angkoro lan pak Dhukuh dhewe ora ngira jebulane pak Angkoro wis tau nindakake kadurjanan sing paling gedhe yaiku rajapati sing sasuwene iki ora kelacak.

Rajapati mau wis katindakake rong puluh taun kepungkur. Malah kanca?-kancane sing padha melu lan nyekseni kuwi wis akeh sing padha mati.

Keri siji wong sing isih urip, ya kuwi Pak Blegog, ning wonge wis bengkringen, awit dene kerep konangan olehe maling lan diajar rame-rame dening wong akeh, tur tansah mlebu metu buwi.

Kaya ngapa kagete mbok Angkoro, bareng krungu pangakune bojone, yen sing dipateni dhek semana kuwi sawijining komandhan polisi apangkat Kolonel sing jenenge Kolonel Dibyo.

Sidhang saya dadi diulur-ulur, ngenteni tuntase critane pak Angkoro sing kerep banget ndadak ngeling-eling lelakon sing wis rong puluh taun kawuri. Jeneng pak Blegog uga bakal dipethuk diadhepake minangka saksi urip.

Sidhang sing kaping telu iki, mbok Angkoro tansah mrebes mili, gek njur lelakon apa maneh sing bakal kawetu saka tutuke bojone kuwi. Ana ngomah mung tansah dhelog-dhelog, apa maneh yen Bowo nyambut gawe. Yen ana anake wae rada suda susah ing ati, merga Bowo pinter gawe ayeming atine embokne.

Dina esuke sidhang ing pengadilan kuwi, Bowo mulihe nganti wengi, mbokne nganti cengklungen olehe ngenteni mulihe anake. Kira-kira jam wolu lagi bali. Sawise menyang pawon nglonggo banyu kendhi sing tansah cumawis, njur nyedhaki mbokne takon :

?Pripun, mbok, bapak kok malah crita kadurjanan sing kudune mboten perlu diaturake. Niki sing diurus rak namung bab nyolong kayu jati, jebulane bapak kok malah dhudhah-dhudhah sing empun kependhem jero. Gek mangka, kadurjanan niki dhisik mboten konangan.?

?Ha ya kuwi, Le, gumunku. Sidhang sing kudune wis rampung dadi isih diundur maneh. Sing dadi pikirane simbok iki angles, Le, dene bapakmu kandha yen malah wis tau mateni wong, gek polisi sing wis duwe panguwasa pisan.? Kandhane mbok Angkoro mripate bali kembeng-kembeng.

?Wah gawat niku, mbok, mergane niku rak rajapati. Njur dhek napa nggih mbok, nyatane kula kalih simbok nggih mboten ngerti tenan.?

?Wow … nek kuwi jare wis suwe banget kok, Le, wong jarene seprene wis ana yen mung rong puluh tahun.? Kandhane mbokne.

?Napa kira-kira riyin bapak taksih jaka nggih, mbok??

?Tak kira ora, Le, wong aku bareng urip karo bapakmu kuwi wis ana yen mung selawe utawa nemlikur tahun.? Iki jare malah arep ngadhepake tilas andhahane bapakmu, minangka siji-sijine saksi sing isih urip sing disebut-sebut bapakmu.?

?Wah bapak niku carane mikir pripun ta nggih, mbok?. Sing cetha rak saya nambahi aboting paukuman?, pangresahe Bowo.

?Ning ya njur arep piye ta, Le, apa nek kowe njalukke pengentheng-entheng bapakmu ora bisa ta, Le??, tembunge mbokne memelas.

?Nggih mboten saget ta, mbok, teng sidhang rika rak empun disedhiyani pembela, sing saget ngentheng-enthengi si dakwa, nggih kados bapak niku.?

?O…, tak arani rehne kowe wis labuh labet negara kuwi ya isa nulungi bapakmu kareben bisa bebas?. Grenenge mbokne sing ora butuh wangsulan.

Bowo banjur njupuk piring arep mangan, ditutake penyawange mbokne sing tresna. Mbok menawa kegawa atine sing kabotan sanggan, mangane mung nyimak-nyimik sajak krasa selak jeleh. Tenan …, durung nganti entek separo, piring wis diselehke banjur wisuh lan terus mlebu ing kamare.

Let seminggu sidhang candhake, pak Blegog saka desa Nggathikan sida dijupuk polisi diadhepake ing pengadilan. Yen ndeleng wonge pancen ya mesakake. Umur-umurane ya sabarakan karo Pak Angkoro, ning kahanane wis rusak. Awake kuru, tutuke perot lan lakune gejig. Jare saiki ya mung melu anake ragil. Nalika ditakoni ing pengadilan, jawabane lancar, lan daya elinge isih luwih apik tinimbang pak Angkoro. Kabeh cocok karo pengakuane pak Angkoro. Mung ana siji sing dikandhakake, ojoa pak Blegog sing kawetu tembunge :

?Pak Jekso, nalika kula diajak ngecu utawi ngrampok teng nggene sing jarene polisi niku,tugas kula namung dados canguk, salajenge ngusungi barang-barang rayahan niku teng mobil. Bab angsale kang Angkoro niku mejahi sing gadhah griya jaler setri, kula mboten ngertos, wong kula ketriwu lehe usung-usung barang niku.

Mung sareng sedanten empun minggah mobil nika, kang Angkoro reyong?reyong mlebet mobil kula wastani mbeta bandha, ning jebulane sing dibeta niku bayi abang, antarane umur sesasinan. Sak lajenge kula mboten ngertos, wong mantuke kula diandhapke teng mergi kilen ndhusun celak griya kula. Sareng empun angsal sepeken, Kang Angkoro ndugeni bageyan kula angsal-angsalane nggarong iku.

Nggih namung kula tampi ngoten mawon, wong kula mboten wani nek ajeng nlesih bab angsal-angsalane niku. Kang Angkoro niku riyin sing paling diwedeni, wong dianggep benggole maling sing paling dhuk dheng.

Dene anggen kula mlebu metu buwi niku rak trekah kula kiyambak.? Kahanan sidhang tidhem premanem. Pak Angkoro sing lungguh kursi sisihe Pak Blegog ndhungkluk, tumungkul … lesu.

Mbok Angkoro krungu pangakune pak Blegog, atine dadi nitir dheg-dhegan. Saiki lagi dhong lan ngerti, yen bayi sing dhek semana diwenehake dikon nggula wenthah kae, jebulane wong tuwane lanang wadon dipateni sawise dirayah bandhane.

Oh … Prabowo … gek kepriye mengko yen bocahe ngerti. Mangka ya
dheweke kuwi saiki sing dadi payung agung. Papane ngayom, bisa ngayemi, gemati, tresna, lan bekti kaya dene mbokne sing nglairke. Hha yen mengko ngerti ?

Mbok Angkoro sing nunggoni bojone disidhang, sakala otot bebayune kaya dilolosi. Pandeleng klemun-klemun peteng … saya peteng…, wusana thekluk … mbok Angkoro nggliyer, tiba ing njrambah semaput, ndadekake umyek sing ana kiwa tengene.

Wong-wong padha gumun, dene durung ana putusan saka hakim, kok wis ana wong semaput. Gage pak Dhukuh mbopong mbok Angkoro diturokake ing ndhingklik dawa cedhak lawang metu gedhung.

Metu neng dalan gedhe nyetop taksi, bareng entuk, mbok Angkoro terus dibopong maneh kalebokake taxi digawa mulih. Tangga-tanggane bareng padha weruh, banjur padha teka ngaruhake, lan ngupakara sing lagi semaput. Komentare pak Dhukuh mung sethithik :

?Tekan pengadilan njur masuk angin.? Nanging wong mesthi wae werna-werna olehe nanggapi, gandheng karo bojone sing wis suwe ditahan lan saiki lagi disidhang.

Diuyel-uyel wong akeh, sidane mbok Angkoro ya njur eling lan prembik-prembik nangis. Sing disambati ora ana liya mung anake ya si Prabowo, lan tansah ndremimil ucape njaluk pangapura. Ndadekake wong-wong sing krungu padha gumun lan ora ngerti apa karepe.

Esuk kuwi, Prabowo ngerti yen bapakne disidhang maneh, ning atine tetep ora wani lan ora mentala yen arep nunggoni. Sidane malah SMS karo Prananti, yen dheweke sela lan gelem, rekane arep diajak neng pengadilan, ngancani mbokne nunggoni bapakne sing lagi disidhang.

Entuk SMS saka Bowo, Prananti matur mbahe, ya dililani. Mula Prananti ya njur mangsuli nyaguhi, lan jare arep adus njur siap mangkat. Tan kocapa, rampung adus, krungu motor mlebu pekarangan. Bareng lawang ngarepan dibukak, jegagik…, sing teka kok malah Sutrisna kamase.

Weruh Prananti isih kalungan andhuk, gage Trisna kandha kanthi bungah :

?Beneran, dhik, nek wis adus, arep tak ajak nonton pameran ing kampusku je, iki dina sing terakhir. Wis gek ndang cepet dandan, ben mengko bisa tutug anggone mubeng-mubeng nonton sing dipamerake.?

?Wow… maaf ya, mas Tris, iki mau aku wis saguh ngancani mas Bowo nunggoni bapakne neng pengadilan sing lagi disidhang.? Kandhane Prananti blaka.

Kendhelong……, krungu wangsulane Prananti mau, atine Trisna banget gela. Senjan ora dimanggakake, terus wae mlebu neng kamar tamu lungguh, dhasar ya neng nggone mbahne tur wis kulina pisan.

Prananti sing wis wiwit dandan dadi kisruh. Ning kepiye wae, wong wis dhisik nyaguhi Bowo, timbang Trisno sing dadakan teka.

Durung nganti oleh saudutan, Bowo teka kanthi pakeyan dhines sing marahi katon nggantheng. Weruh ana motor neng latar, ora pangling yen iku motore Trisno kancane. Sawise uluk salam terus wae mlebu, sing tekan kono wis ana Trisno. Bowo grapyak kaya adate, ndhisiki aruh-aruh tembunge :

?Arep tindakan pa, mas Tris?, apa arep kuliah??

?Nek dhonge ki arep lunga ngajak Prananti, ning jare wis nyaguhi kowe? Arep mbok ajak neng ngendi ta, dhik, iki rak jam dhines ta??

?O… lha nek wis arep mbok ajak tindak, aku ora sida kok, mas, dhasare ya ora pati penting.? Kandhane Bowo nuduhake yen ngalah. Ngerti ana tamu, mbahe metu gupuh nemoni, ditututi Prananti sing wis siap dandan. Sawise lungguh langsung kandha marang Trisno :

?Lha iki mas Bowo wis ngampiri je, mas Tris, upama olehku ndherek neng kampus kuwi mengko sore wae, piye??. Bowo nrambul gunem :

?Wis, dhik Pran, kowe ndereka mas Tris wae, liya dina wae karo aku?.

?Ora mas, iki luwih penting. Yen mung seneng-seneng wae sak mangsane rak bisa.? Ngono kandhane Prananti tegas.

?Ayo, mas Bowo ndang mangkat?, ngono pangajake Prananti marang Bowo.

?Sorry ya, mas Tris, aku budhal, pareng mbah?. Bowo pamit. Bocah loro runtung-runtung metu ditutke panyawange Trisna lan mbahe.

Batine Trisno mangkel banget, pisan ji iki pangajake ditolak dening Prananti, sing malah ngeboti Bowo. Mangka pangajak nonton pameran neng kampus mau pakone ibune. Ya senajan ora dikon ibune, ning Trisno dewe pancen nduwe karep ngajak Prananti.

Embuh ngapa, Trisno wiwit isih SMA wis ana rasa seneng marang Prananti. Ora mung senenge sedulur, ning senenge priya lan wanita, senajan kabeh mau durung dilairke marang Prananti.

Nalika tekan pengadilan, lagi wae mlebu pekarangan, wis dipethukake
kancane sing pas jaga ing kono. Dikandhani yen mbokne mau semaput merga masuk
angin, saiki wis digawa mulih karo
sing biasa ngancani yen pinuju nunggoni bapakne disidhang.

Batine Bowo mesthekake, yen wong kuwi pak dhukuh. Bowo luwih mikir sing ana ngomah, njur sapa sing ngurus? Mula banjur ngajak Prananti bali nyatakake mbokne sing jare mau semaput lan dadi royongan.

Prananti mung tansah manut ketang welase marang Bowo.

Nalika Prananti lan Bowo tekan ngomah, mbokne wis eling, ning isih ana sawetara tangga teparo sing mau melu tetulung, sing isih nunggoni ana kono. Kabeh ora ana sing wani takon apa-apa, ngelingi larane mbok Angkoro mesthi kegawa abote mikir sing lanang. Ora lali Bowo ngaturake panuwun marang wong-wong mau.

Saungkure wong-wong mau, Bowo lan Prananti nyedhaki mbok Angkoro. anake nyedhak, gurawalan Bowo dirangkul kenceng. Kanthi swara pedhot?-pedhot ing sasela-selane tangise mbokne kandha :

?Ngger, Prabowo, bapak simbok njaluk ngapura sing gedhe banget ya, Le. Nek simbok mono jan ora ngerti tenan, ning simbok tansah nurut pakone bapakmu. Mula sepisan maneh, kowe gelema aweh pangapura marang aku lan bapakmu ya ngger.? Bowo gumun krungu tembunge embokne sing dibolan-baleni iku. Kanthi sareh wangsulane :

?Empun, mbok, bapak simbok mboten gadhah lepat kalih kula, senajan tiyang mastani bapak tiyang awon, mbok, ning kula mboten isin ngakeni tiyang sepuh kula.? Mbok Angkoro dadi saya ngguguk panangise krungu anake kandha ngono mau. Wusana kanthi memelas keprungu tembunge mbokne :

?Le, Prabowo, saiki kowe bisa kandha ngono, ngger, ning mengko embuh sawise kowe ngerti kabeh perkarane?. Bowo dadi meneng … atine judheg … gek njur isih ana perkara apa maneh?

Prananti tanggap, mula banjur gage njaluk pamit. Sire arep bali dhewe mlaku, ning karo Bowo digondheli arep diterke. Sawise pamit mbokne, Bowo banjur sida ngeterke Prananti, lan ya dipasrahake mbahne barang.

Ing pengadilan pangakune Pak Angkoro tlesih, kabeh apa sing wis katindakake dikandhakke terus terang, bab rajapati sing wis rong puluh taun kewiyak, kanthi pak Blegog minangka seksi. Keputusane pengadilan, Pak Angkoro, diputus ukuman pitulas taun kunjara dilongi sasuwene ditahan. Kanthi lemes loyo pak Angkoro nampa putusan mau.

Marang polisi, Pak Angkoro njaluk wektu arep ketemu Prabowo anake, lan bakal ngakoni apa wae sing wis ditindakake sing gegayutan karo asal mulane Prabowo, lan bakal njaluk ngapura dewe ana in ngarepe anake.

Rampung ngulihake mbok Angkoro semaput kae, Pak dhukuh bali neng -pengadilan nganti rampung lan ngerti kabeh bab keputusane pengadilan sing tumiba marang pak Angkoro. Atine trenyuh ning ya wis piye maneh, awit iku kabeh rak undhuh-undhuhane pakartine dhewe.

?

Ana Candhake

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

Crita Sambung-Sinambung

Dening : Is. Sarjoko

(Nini Klenyem)

Kadurjanan ing Alas Pejaten

?

Wayahe bubar masak awan, Prananti maca koran neng kamar tamu, mbahe nginang neng ngarep lawang karo ngisis. Weruh putune ngolak-alik koran banjur takon :

?Isih ana gambare nak Bowo, nok??

?Nggih mboten to mbah, gambare rak nggih gantos-gantos, dados ingkang maos mboten jeleh. Sapunika ingkang kathah kabar bab bencana utawa musibah, mbah, wonten siti longsor, banjir, lesus ageng lan taksih kathah malih?. Prananti nerangke, kareben mbahne seneng melu ngerti kabar.

?Apa saiki jagade tikna wis tuwa kuwi apa ya, nok??

?Mbok menawi nggih ngaten, mbah, awakipun piyambak titah sawantah mboten mangertos kersanipun ingkang Maha kuwaos. Mugi-mugi kemawon simbah, kula, tansah pinaringan seger waras?. Ature Prananti gawe ayem.

?Iya, nok, urip mono jare paribasan mung mampir ngombe, isih suwe suk ing kanane. Mulane, ya mung mbudidaya urip sing apik, ora gawe serik lan rugining liyan.? Mbahe ngedhongi ature putune. Sawise banjur ngadeg tumuju pawon, dene Prananti nutup lawang tumuju kamar karo nyangking koran sing diwaca.

Atine wis ditata tenan, saupama lancar, nadyan lagi wae metu saka pendhidhikan, ning yen nyata-nyata Bowo dhewe kawetu tembunge ngajak bebrayan, Prananti bakal saguh.

Biasane saka pendhidhikan kuwi jare paling ora sawise rong taun lagi oleh rabi, ning aja kok mung rong taun, mbokya limang taun yen Bowo kandha durung siap, isih arep ngoyak karier, Prananti saguh ngenteni.

Ning njur piye bab panolake marang Sutrisna sing wis dianggep kamase? Oh…. atine dadi bingung.

Gek manehe, mbahe meh wae arep ketrucut karo Bowo bab kahanane Trisno, saupama wae dheweke ora enggal-enggal metu munggel sing padha ngendikan sinambi nawakake wedang.

Yen nganti Bowo ngerti, piye ya kira-kira?, ngono pangudarasane Prananti.

Awan kuwi hawane sumuk, dhasar njaba ya panas sumelet. Mula Prananti sing maune arep ngaso turu, sidane mung glebagan ana peturon. Ketambahan pikirane kuwur, mikirke Bowo, mikirke Trisno. Ah embuh…, ngono batine.

Cekekal Prananti tangi, pikirane tumlawung adoh, kelingan mbok Angkoro sing wingi semaput ana pengadilan.

Ah mesakake, ngono batine. Wong tuwa lara, bojone ditahan kena perkara, anake lunga dhines makarya, njur sapa sing ngopeni neng ngomah?

Ngelingi, yen iku wong tuwane wong sing ditresnani (Bowo), atine dadi krencungan kepingin ngaruhake. Ning piye ya?, mas Bowo lagi wae saka kene, apa wangun yen aku njur mrana?. Atine dadi bingung dhewe. Metu saka kamar, tumuju kamare mbahe sing mung ditutup sethithik, dheweke weruh, yen mbahe sare pules.

Kanthi mlaku jinjit-jinjit gage menyang pawon, njupuk rantang cilik rentengan telu, banjur digawa mlebu neng lemari makan. Siji diisi sega, siji jangan lodeh, lan siji maneh tahu tempe bacem.

Gage Prananti ngetokke pite onthel, rantang dicangking. Bareng wis ngenep pawon tumuju dalan, pit dicengklak, niyate ati bakal ngirim mbok Angkoro sing ngaleleh neng peturon lara. Wis embuh mengko, apa kandhane Bowo, ora perduli. Sing cetha isine ati mung ana rasa mesakake karo sing lagi nandhang lara ya ragane, ya batine sing lagi susah ngrasakake bojo.

Nalika Prananti teka, ing lincak sacedhake ana pancen wedang, jenang lan mesthine tangga teparo sing padha aweh. Mbok Angkoro tinemu lagi turu pules, ngomah sepi lan Bowo uga ora katon.

Weruh mbok Angkoro bisa turu lan ana panganan pepak ing sandhinge atine Prananti krasa ayem. Rantang isi ratengan kuwi disandhingke panganan liyane, Prananti banjur metu. Sawise bali nutup lawang, age-age pit dicengklak bali mulih.

Bali saka nggone Prananti, Bowo mulih tinemu mbokne bisa turu atine seneng. Dheweke banjur lungguh, njejeri sing lagi turu, ndadak krungu swara kode saka Hpne. Supaya ora ngganggu turune mbokne, Bowo banjur metu njaba karo nglulus Hpne saka sake.

Entuk kabar saka kancane jaga, supaya Bowo menyang kantor nemoni bapakne, sing wingi esuk wis sida diputus ing sidhang pungkasan. Tanpa nganggo mengko-mengko maneh, Bowo terus ngetokke motore tumuju kantor. Tekan kantor Bowo takon Nardi lan Kendar sing lagi padha sekak.

?Ngapa, Nar Ndar?? sing lagi njinggleng sekak leren sedhela njur kandha :

?Wok, kowe menyanga kamar tahanan, bapakmu arep ngomong !?

?O….. yoh, makasih ya !? Bowo terus njujuk kamar neng ngendi bapakne ditahan. Weruh bapakne lungguh dhelog-dhelog ing cedhak lawang, atine Bowo kaya sinendhal.

Bowo gage mlebu kamar tahanan kuwi marani bapakne, tumuli dirangkul kenceng karo takon :

?Pripun, pak?? Pak Angkoro ing rangkulane Bowo, sakala nangis ngguguk kaya bocah cilik. Bowo saya tambah welase marang wong tuwane, ning njur arep ngapa?, kanthi swara sing pedhot-pedhot pak Angkoro kandha :

?Le Bowo, sadurunge kandha luwih dhisik bapak njaluk ngapura sing gedhe banget marang kowe ya Le, tak kira kanthi kandhaku iki kowe bakal sengit marang bapak.? Kandheg swarane, kaya-kaya gurunge nutup, tutuke abot kanggo neruske ngomong. Bowo meneng wae, atine selak kepingin ngerti, apa sing bakal bapakne dikandhakake kuwi. Pak Angkoro nerusake guneme :

?Le Bowo, ngertia Le, yen sejatine kowe kuwi dudu anake bapak?. Bowo kaget… gumun, pak Angkoro disawang tajem, pitakone :

?Lha lajeng bapak kula sinten, pak ??

?Lhe kowe kuwi putrane sawijining perwira polisi sing dhek semana minangka komandhan sektor sing asale saka Jawa Timur, sing ditugasake neng Semarang kene sisih kidul. Bapakmu kuwi asmane Pak Dibyo, sawijining pimpinan polisi sing wasis mbongkar lan mbrasta kadurakan, lan gawe ayeming masyarakat?.

Pak Angkoro meneng sajak ngimpun kekuwatan, lan nyantosakke ati kanggo blaka marang anake sing sasuwene iki tansah bekti asih lan memundi marang dheweke sa kloron, sing dianggep wong tuwane dhewe, gandheng selak kepingin ngerti sabanjure, Bowo kandha :

?Mangga, pak, dilajengake critane, kula saget nampi kok, pak?.

?Oh…. apurane aku, Le, bapak pancen wong leletheking jagad sing ora pantes tinulad ing anak putu. Mbokmu lan kowe ora ngerti, yen aku sing ngaku bapakmu iki, sejatine wong sing ala lan culika. Anggonku seneng maling, ngrampok, ngecu kuwi ora mung saikiwae, ning tak lakoni wiwit aku isih jaka. Wiwitane ya mung nyolong kayu jati kuwi cilik-cilikan, sing wusanane merga srawungku karo wong-wong ala sing seneng keplek, kecek, main madon, uripku bubrah. Kanggo nyukupi kesenenganku, apa wae sing cepet ngolehake dhuwit ndak temah. Kabeh tindak dudu ndak lakoni, wis ora ana rasa wigah-wigih.?

Pak Angkoro leren critane, nyampe gendul aqua ing sisihe diombe, Bowo anteng lungguhe, ngenteni nganti bapakne isa nata ati. Bareng wis sawetara, pak Angkoro nerusake critane :

?Maling kayu, Le, saiki mung yen kepepet bapak ora entuk inceran maling. Ing sawijining wektu, aku ngajak maling kayu karo sawetara kanca. Ning sial, Le, wengi kuwi alas pejaten kono digrebeg polisi. Senajan kabeh anak buahku bisa lolos slamet, ning gilo lengenku kesrempet timah panas?. Kandha ngono pak Angkoro karo nuduhake tatune sing isih katon ireng.

?Yen ngaten, bapak lajeng berobat dhateng griya sakit?? Bowo takon.

?Ora, Le, teneh konangan, mesthine dokter rak njur takon-takon apa sebabe?. Dening bapak tatu iki tak popok gegodhongan sing tinemu ing njero alas kono. Bareng bapak takon-takon sawise mari, jebul sing nggrebeg bapak kuwi polisi Sektor dhaerah kene wae sing dipimpin dening bapak Komandhan Dibyo. Ya wiwit kuwi, Le, bapak njur ngigit-igit banget kepingin males.

?Punapa bapak sampun saestu kelampahan males??, Bowo nanjih.

?Durung, Le, dhek semana bapak isih jaka, lan pak Dibyo sing isih uga jaka iku dipindhah neng Jawa Timur, njur embuh kabare. Wusana bapak rabi entuk mbokmu kuwi, ning nganti limang taun ora pinaringan momongan. Mangka bapak wis kepingin banget ngudang anak?.

?Sak lajengipun kados pundi, pak??

?Sabanjure ana kabar maneh, yen pak Dibyo sing biyen wis nembak bapak kuwi dhines neng Semarang kene. Sing kanggo Kantor Sektor dumunung ing kampung Tiber Lor sing cedhak Jl. A. MT. Haryono saiki. Jare pak Dibyo manten anyar, malah wis gawe omah barang, omah tinggal sing tetap.

Pak Angkoro meneng, nyerot napas dawa mbuwang rasa semumpel ing njeron dhadha. Bowo lungguh marikelu sabar ngenteni. Wusana bareng wis cukup sauntara anggone ngeling-eling, pak Angkoro banjur nutugake critane.

?Le, dhek semana bapak entuk tantangan main gedhen. Gandheng bapak ora nduwe dhuwit, mula bapak akon anak buahku tak kon madik-madik, ngendi sing wangun dirampok. Sidane entuk inceran ing tlatah Semarang kene sisih lor, jare sing duwe omah kepener mentas bayen. Saiki keri ngatur strategi lan golek wektu sing mathis kanggo ngrayah bandhane.

Wusana, Le, aku sakanca ana wong pitu nyarter mobil njur nglurug ing kampung sing wis dititeni anak buahku kuwi. Bareng wis lingsir wengi, aku aba wiwit tumadang gawe. Kabeh wis siap kaya adate. Gaman-gaman wis samekta ing tangan. Kebeneran Le, wektu iku lagi bubaran (jagongan puputan bayi), lagi wae sing jagong padha pamit mulih. Mesthi wae sing duwe omah ngantuk lan loyo. Ya ing wektu kuwi kanthi ngati-ati kebak kawaspadan lan petung, aku sakanca mlebu ngomah sing durung kober dikancing. Kanthi gampang aku kabeh wis padha wiwit tumandang.

Iba kagetku, Le, bareng aku weruh wong sing keturon ing kursi sajak kesayahen kuwi wong sing tak incim, ya kuwi pak Dibyo, komandhan polisi sing wistau nembak aku ing alas pejaten. Getihku umeb, kanthi golok mingis-mingis sing wis ana tangan, tak tamakke sak rosane ing gulune.

Sak nalika pak Dibyo mati tanpa sambat. Anak buahku wis padha ngiwut ngusungi barang mbejaji digawa neng mobil. Sawise nglunasi pak Dibyo, aku mlebu kamar. Ing kono kamare bojone sing mentas bayen, tinemu pules ngeloni bayine. Tanpa pikir dawa, wong wadon kuwi tak glebagke, terus tak jojoh gulune uga nganggo golok sing isih gubras getih kuwi, sak nalika uga ngemasi.

Tak gogohi ngisor bantal sing dituroni, aku nemu kunci sa ombyok. Kunci lemari-lemari kanyata cocok. Isi lemari tak kuras kanthi ati tatag.

Aku nemu cepuk, bareng tak bukak isi mas inten barleyan uga tandha pangkat kepolisian saka emas, kabeh mau gage tak sak. Sawise iku, aku bali ngiling-ilingi bayi sing isih turu glempus mau.

Oh…. pepinginan nduwe anak, dumadakan wae muncul. Bayi mau nuli ndak bopong tumuju mobil, bocahe isih turu nglintek. Sajake balaku wis padha rampung anggone njarah rayah, nyatane mung aku sing keri dhewe mlebu mobil. Nalika aku metu, ing sisih lawang ana wong wadon turu ing dhipan, mula aku ngakon wongku mudhun maneh mbanda lan nyumpeli tutuke wong kuwi, supaya yen nglilir ora bengok-bengok.

Mobil isi bandha jarahan tak ampirke nggone pak Jlebret kaya padatan, ora ndak gawa mulih. Sing padha dingerteni, aku mung mbopong bayi, dene cepuk isi mas inten ing sakku ora padha ngerti.

Pak Jlebret saiki wonge wis mati, dene pak Blegok sing seprene isih urip kuwi tak udhunke ing dalan cedhak desane.

Aku terus mulih kanthi mbopong bayi kuwi sing isih tetep turu nglintek. Tekan ngomah ndak wenehke bojoku, ditampa kanthi bungahing ati sing tanpa upama. Dheweke takon bayi saka ngendi?, cukup ndak wangsuli, anake kanca sing ditinggal mati wong tuwane merga kacilakan. Bareng tak tiliki, Le, bayi kuwi lanang, bagus lan manther mripate.?

Pak Angkoro leren olehe crita, mripate crocosan, Bowo rinuket kenceng karo kandha pedhot-pedhot memelas.

?Le, Bowo, kedadeyan kuwi wis selikuran taun kepungkur. Bayi sing tak openi kuwi, saiki, wis diwasa, sigit, bagus rupane, becik bebudine, bekti asih ing wong tuwa.? Ing enteke kandhane, Pak Angkoro, Kandha ngarih-arih tembunge :

?Le, Prabowo, ora liya bayi kuwi kowe, Le, kaya kandhaku ing ngarep yen kowe kuwi dudu anakku, ning putrane Komandhan Dibyo sekaliyan sing wis ndak perjaya lan tak jarah rayah bandhane.? Bubar kandha ngono, Pak Angkoro sing mau ngrangkul Bowo ngruket kenceng, suwe-suwe pangrangkule saya kendho … saya kendho, wusana pak Angkoro semaput, tiba kejlungup.

Untung, dene Bowo trengginas tetulung. Bapakne tinampa ing tangan prakosa, wusana sineleh ing pangkone. Krungu kanthi teteh lan wijang pengakuane bapa sing nggedhekake, sakawit muntab bruwalane, ning sadurunge diumbar lan tumindak, wis kaselak luluh atine meruhi wong tuwa sing wis nggedekake nglumpruk tanpa daya ing pangkone.

Luhe Bowo dleweran ing pipi wusana nibani sing lagi semaput banjur obah-obah eling. Sing kawetu ing lesane ora liya :

?Le, Bowo, aku pasrah pati urip, aku njaluk ngapura. Nek kowe pingin malesake patine wong tuwamu, Le, aku ora suwala. Gage tindakna kanthi cara sing ora ngetarani, aku lila lahir batin. Ning ya kuwi, Le, apuranen dhisik luputku.?

?Pak….. empun pak! Lepate bapak empun kula apunten.? kandhane Bowo groyok, tangise kuthah. Atine kebak sakehing rasa, sing ora bisa digambarake. Rasa nalangsa, dene ora bisa meruhi sejatine wong tuwane sing wis ngukir jiwa ragane.

Oh… lelakon, denea kok kudu ngono lelakon sing sinandhang. Apa iki sing jeneng pesthi? Apa takdir sing wis ginaris sing karya urip?. Embuh, Bowo ora ngerti lan ora bisa mikir.

?

Ana Candhake


?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

Crita Sambung-Sinambung

Dening : Is. Sarjoko

(Nini Klenyem)

Kadurjanan ing Alas Pejaten

?

Sawise lelorone tutug anggone nangis. Bowo takon sareh :

?Sidane empun rampung, pak??

?Uwis, Le, bapak kaputus ukuman pitulas taun disuda tahanan,? swarane Pak Angkoro angluh.

?Nggih kados pundi malih, pak?, bapak kedah sabar lan tabah?, ngono kandhane Bowo.

?Iya, Le, bapak wis nglenggana, pancen gedhe banget dosa lan kesalahane bapak. Paukuman mau bakal ndak tampa kanthi kebak pasrah, merga pancen wis timbang karo kaluputan sing ndak tindakake. Ya mung aku titip mbokmu sing nggedhekake kowe, Le, openana! Mbok menawa. wae sisane uripku iki pancen kudu ana ing pakunjaran.?

?Enggih, pak, simbok tetep kula tresnani lan kula rimat, awit empun ngopeni lan nggula wenthah kula ngantos ageng. Simbok mboten ngertos napa-napa, Pak?, kandhane Bowo cetha. Sawise padha meneng-menengan sawetara, Pak Angkoro kandha :

?Le, Bowo! Saungkurku mlebu bui, Le, nek kahanane mbokmu wis wening lan tentrem, takonana. Biyen kuwi tak kon nyimpen cepuk isi mas inten berliyan,
karepku ya kanggo sedhiyan urip, ning embuh isih, embuh ora. Nek isih ora ketang sithik ya syukur, ning nek wis entek kanggo urip ya sing gedhe maneh pangapuramu ya, Le.?

?Enggih, pak, kangge kula niku mboten patos penting. Sing penting, napa kula taksih saget madosi utawi nglarah sedherekipun bapak utawi ibu kula,? kandhane Bowo.

?Ya kuwi, Le, yen barang-barang kuwi isih, mesthi kena kanggo, bukti nggoleki keluargane ibu lan bapakmu, merga aku kelingan, dhek semana njeron cepuk kuwi ana tandha pangkate keng bapak saka emas. Mula sepisan maneh takona embokmu.

Dene isine aku mung nonton satleraman, ana gelang, kalung, ali-ali, liontin, bros lan tanda pangkat kuwi.? Bowo manthuk-manthuk, ngeling-eling kabeh kandhane pak Angkoro. Mesthi wae Bowo sing polisi kuwi uga bakal lapur pak Jatmiko, awit Bowo ngerti, umure pak Jatmiko pantes yen undha-undhi karo bapake sing durung tau diweruhi. Sawise dirasa tutug tetemon karo bapake, Prabowo banjur metu saka kamar tahanan mulih.

Apa kandhane pak Angkoro tansah dieling-eling, muga-muga wae mas jarahan sing biyen dipasrahke mbok Angkoro ora ketang sethitink isih ana sisa.

Nalika Bowo tekan ngomah, mbokne lungguhan neng ngarep lawang, atine Bowo nicil ayem. Weruh anake bali, mbok Angkoro ngadeg methukke takon :

?Piye, Le, bapakmu? Sida diputus pirang taun??

?Empun, mbok, niku mboten usah dipikir. Sing mikir bapak, kula mawon. Pokoke simbok sehat, Bowo ngeyem-yemi atine mbokne. Sore nalika nyawang mbokne wis ketok waras tenan. Bowo nyedhak lungguhe mbokne karo kandha :

?Mbok, bapak wau weling, kula dikon nakokke cepuk isi mas-masan, sing kalih bapak dipasrahke simbok diken kangge urip. Niku tasih mboten, nggih, mbok?? mbok Angkoro njingkat saka lungguhe karo ngeling-eling. Sabanjure :

?O…. ya, Le, cepuk kuwi olehe menehi bapakmu wiwit kowe isih bayi. Aku
malah lali je, Le, aja bapakmu takon. Ning isih … isih wutuh. Aku wedi ngowah?owah malah dadi njur lali.
Barang kuwi tak pendhem neng longan ngisor peturon, cepuke tak lebokke kendhil, tak tutupi kekep. Ha piye, dikedhuk, ditiliki saiki apa piye??

Bowo bungahe ngayang batin. Senajan atine gronjalan bungah sing tanpa upama, ning sinamun ing samudana, kandhane sareh :

?Ha mbok enggih, mbok, mumpung niki wayah awan padhang, dadi saget tliti olehe nggoleki. Krungu wangsulane anakke, mbok Angkoro banjur menyang pawon njupuk pacul, terus tumuju peturone ditutake anake.

Tekan senthong, amben peturon diangkat dening Bowo diiringake disendhekake gedheg. Mbok Angkoro bali metu, nutupi lawang-lawang banjur marani Bowo sing goclak-gaclok wiwit maculi lemah atos sing ora tau kambah wong, awit wiwit Bowo bayi, ora owah papane. Mbok Angkoro melu njingglengi olehe tumandang anake. Bareng wis oleh kira-kira sadhengkul pacul mau nanggrok barang atos, sing bareng dieling-elingi kanyata kreweng.

?Lha ya kuwi, Le, mesthine iki sempalan kekep utawa kendhile sing kepacul.? Sidane mbok Angkoro mlayu menyang pawon njupuk cethok diwenehake anake karo kandha :

?Nya, ganti nganggo cethok wae, Le, ngati-ati.? Bowo nurut, pacul diseleh, ganti cethok sing dicekel. Saiki lemah kuwi mbaka thithik dicethoki suwe-suwe katon kekep sompel lan blengkering kendhil wis ngegla. Sabanjure kendhil wis diangkat munggah, pranyata antep. Kandhane mbok Angkoro :

?Wis, Le, saiki njabane kendhil kuwi resikana tumuli bukaken!? Temenan, bareng kekep dibukak, njeron kendil ana cepuk saka kuningan sing rupane wis mbekusuk ireng. Gage cepuk mau dibukak, tenan…, ing kono ana gelang serakit sing mawa mata berlian, ali-ali papat mata inten modhel krumpul, kalung sak liontine godhong suruh, bros kemangga, lan tandha pangkat kolonel saka mas asli. Mesthine iki pancen aden, mbok menawa kersane sing yasa kanggo kenang-kenangan.

Barang-barang iku nuli diwadhahi baki, lan mbaka siji diresiki nganggo gombal alus lan sikat. Oh….. pancen nyata, resike durung sampurna wae barang-barang mau wis katon mencorong endah. Weruh iku mau mbok Angkoro kandha :

?Ya kuwi Le, kayane bapakmu olehe nyambut gawe, rekane rak kanggo nguripi aku lan kowe, ning ndilalah simbok lali dadine malah isih wutuh.?

?Mbok, kula sampun ngertos, menawi barang punika sanes gadhahanipun bapak, ning barang anggenipun njarah rayah?. Ketrucut tembunge Bowo ora krasa.

?Dadi kowe wis ngerti ta, Le??, pitakone mbok Angkoro ngendhelong.

?Empun, mbok, niku sing kagungan bapak lan ibu kula. Sareng bapak lan ibu kula sampun dipun pejahi, bandhanipun kajarah rayah dening bapak Angkoro. Klebet kula ingkang taksih bayi abrit dipun bekta, lajeng kepurih ngrimat simbok.? Krungu cetha kandhane Bowo sakala mbok Angkoro ndheprok ing ngarepe Bowo, karo mewek-mewek nangis, tembunge memelas :

?Oh, Le, Bowo!, apuranen aku lan bapakmu ya Le, dene wis nyedani bapak ibumu, sing minangka pengayom rakyat, lan wis gedhe labuh-labete marang negara…?

?Empun mbok, simbok mboten lepat, mboten ngertos, ning bapak, mbok, sing riyin nguja kamurkan lan kesrakahan. Gesangipun tansah nrejang sarak, sesongaran, nguja hawa. Sakniki bapak ngendhah wohing pendamel, mbok?. Kandhane Bowo cetha rinungu ing mbok Angkoro. Atine mbok Angkoro dadi tansaya trenyuh, denea Bowo sing saiki wis ngerti yen dipegatke tresnane karo wong tuwa sing dadi lantaraning urip, ora nduwe ati muntab kepingin males, ning malah kosok balen tabah lan bisa ngeyem-yemi ati, kebak ing pamupus. Jer kabeh mau wis kelakon, lan nyatane dheweke saiki ya wis nemu dalaning urip sing lantarane ya wong sing mitenah wong tuwane. Kanthi ati diwanek-wanekake, mbok Angkoro kandha lirih semu groyok marang Bowo :

?Le, njur piye bapakmu, ning nek aku rak isih entuk to ngayom urip neng awakmu?? Krungu swarane wong tuwa sing memelas lan sing ngrumat awake nganti gedhe mau Bowo luluh atine, kandhane :

?Mbok, empun bapak dirilakke nebus dosane teng ukuman, sinten ngertos mbok, teng rika bapak nalare saget wening, nggetuni sedaya tumindak mboten sae sing empun dilampahi. Wusanane bapak kanthi manah tulus nyuwun ngapunten kalih Maha Kuwaos. Dene simbok tetep gesang kalih kula. Simbok tiyang sepuh kula sing ngrimat wiwit bayi, nggih gantosing bapak ibu sing ngukir jiwa raga kula.?

Gapyuk mbok Angkoro ngrangkul anake angkat karo nangis ngguguk kaya bocah cilik. Dening Bowo dijarake kareben marem lan lega atine.

Sawise kelakon ketemu lan ngakoni kabeh sing wis ditindakake marang Bowo anak angkate, let telung ndina pak Angkoro sida dilebokake ing Lembaga Pemasyarakatan, kaya sing wis diputusake ing pengadilan.

Saiki Prabowo nerusake nekuni urip lan nindahake jejibahane kanthi tumemen lan ati mantep. Apa maneh tansah entuk dhukungan moral saka kekasih gegantilaning ati, sing saya suwe Bowo saya bisa ngrasakake gemati lan kasetyane.

Merga Bowo wis bola-bali nuduhake darma bektine kanggo negara lan masyarakat, metu saka pendhidhikan lan dilantik sing sinandhang dudu Serda kaya kanca-kancane, ning Sertu merga saka lelabuhane. Kanyata jeneng Bowo wis kawentar ing kukuban lan masyarakat kono.

Ing dina malem minggu lan dina-dina libur, Bowo tansah merlokke tilik kekasihe ing daleme mbahe.

Nalika Bowo ngepasi teka, ndadak weruh priyayi setengah sepuh ngagem dhaster ngecori pethetan ing ngarepan. Weruh tekane Bowo, ibu mau methukake karo takon :

?Badhe pinanggih sinten, nak??, swarane grapyak sumanak.

?Badhe pinanggih Prananti, bu?, wangsulane Bowo urmat.

?O….. wonten kok, nak, punika wau wonten wingking, mangga katuran lenggah nglebet!?. Bowo njagrakake motore, banjur nyedhaki ibu sing ngakon lan ngajak mlebu mau. Sawise satata lungguh, ibu mau ngadeg, ngulungke tangane ngajak kenalan, kandhane :

?Kula bu Susanto, nak, awon-awon kula punika ibunipun dhenok Prananti?.

?Kula Prabowo, rencangipun dhik Prananti, bu.? Durung wae ibune nggoleki Prananti, mbah Seta metu. Weruh Bowo sing teka, gupuh kandhane :

?Woow…. mulane prenjake nggacret, jebul ana tamu ta. Sampun dangu, nak Bowo??

?Sampun sawetawis, mbah, malah kula sampun tetepangan kaliyan ibu punika.? Wangsulane Bowo nerangke.

?Lha nggih punika, nak Bowo, ibunipun Prananti ingkang wonten kitha. Dhatengipun wau enjing, dipun welingaken mbakyunipun, inggih ibunipun Trisno rencang penjenengan punika.? Ngono mbahne njelaske. Bu Susanto banjur menyat saka lungguhe tumuju pawon karo kandha :

?Dipun sekecakaken nggih, nak, Prananti saweg kula kengken ngaturi budhenipun, mangke rak inggal wangsul.?

?Inggih, bu, kula namung dolan kok?, wangsulane Bowo sareh. Let sedhela bu Susanto wis metu maneh ngasta unjukan telu lan stoples isi roti kering, njur bali mapan lungguh kaya mau. Gage olehe tawa unjukan :

?Mangga, nak dipun unjuk! Ngga mbah mumpung anget!? (Ibune Prananti) wis kulina ngature mbah nyebutke wayah-wayahe. Wong telu ngendikan gayeng. Wusana mbah Seto mbukani rembug :

?Bune Nanti, sing bener kuwi rak kowe sing kudune sowan mbakyumu, dudu mbakyumu sing mbok aturi mrene.?

?Leres mbah, mangkeh kula temtu sowan mrika, yen perlu kula sipeng mrika. Menawi ngempal, rerembugan wonten ngriki punika, remen dipun tenggani simbah, kados nalika taksih sami alit.? Ature ibune Prananti gawe bungah.

?O… yen ngono ya becik banget kuwi, aku ya seneng tandha kowe padha rukun.?

?Kok mbakyu nimbali punika, kinten-kinten wonten punapa nggih mbah??

?Ya embuh ya, mung mbakyumu wis kelair karo aku, yen kepingin njodokke Trisno karo Prananti. Ning Prananti ketoke kok ora sarujuk. Alasane lehe sedulur.?

?Lho yen ngaten Trisno sampun mangertos yen namung putra angkat??

?Kuwi aku ya ora ngerti. Mung jarene mbakyumu, pingin momong Prananti merga lehe manut lan mbangun turut kuwi. Karepe sisan dijodhokake Trisno.?

?Wah….. mbakyu kuwi penggalihe kok ya aneh. Yen Trisno diblakani yen mung putra angkat rakya mesakake?. Grenenge bu Susanto. Kanthi krungu olehe padha ngendhikan kuwi, Bowo dadi ngerti satenane, apa sing arep dirembug. Atine dadakan ana rasa sumelang. Mula tinimbang nganti ketrucut, Prananti nganti uwal saka dheweke, kanthi swara sareh ning wijang Bowo nyelani atur :

?Kepareng kula sumela atur ing ngarsanipun simbah lan ibu. Kula ingkang ndherek sapejagong dados ngertos, punapa ingkang badhe dipun rembag. Namung keparenga kula matur walaka ing ngersanipun simbah lan ibu, bilih dhik Prananti punika, kaliyan kula sampun sami dene prasetya, bilih mbenjingipun badhe bebrayan sesarengan utawi mbangun brayat.

Sejatosipun kula sampun siap, ning dhik Prananti semados badhe matur ibu rumiyin. Dados atur kula punika namung dhapur caos prisa dhateng simbah lan ibu.

Mbenjing sawanci dhik Prananti criyos sagah, kanthi mirunggan kula badhe sowan simbah lan ibu saperlu ngebun-ebun enjang njejawah sonten?. Kandhane Bowo cetha, andhadekake sing mireng kepeksa ngguyu.

Saiki mbahne ngerti, jebul sasuwene iki, putune ana sesambungan sing mirunggan karo Sertu Bowo, polisi sing nggantheng kuwi. Atine wong tuwa kuwi dadi bungah, nyata ora kleru pamilihe pasangan urip kanggo tembe mburine.

Bu Susanto pancen ora pati ngerti, ning banjur dicritani mbah Seto bab sapa polisi Bowo kuwi. Malah banjur dijupukke koran-koran lawas sing ngemot keberhasilan lan foto-fotone Bowo sing dipasang gedhe ing koran ngarep dhewe. Bowo dhewe gumun, denea priyayi sepuh kok isih open karo bab-bab sing kudune wis ora nggatekake.

Bowo lungguhe dadi salah tingkah. Ya isin … ning ya mongkok, apa maneh ana ngarepe calon maratuwa.

Bowo mikir, yen nganti dheweke ngenteni baline Prananti, ateges dheweke bakal ketemu budhene. Mundhak diarani kepingin ngerteni apa sing arep padha dirembug, Bowo banjur pamit kanthi pawadan wis janji karo kanca sing jame wis ditemtokake. Atine wis lega, awit simbah lan ibune Prananti wis padha ngerti, sesambungan ing antarane kekarone.

Bali marang mas inten sing disinggahake mbok Angkoro dhek semana sarana dipendhem, sawise dikedhuk Prabowo lan diresiki, banjur dipasrahake pak Jatmiko. Dhasar Bowo dhewe polisi, mula kabeh anak buahe Pak Jatmiko dikon ndeleng lan nyekseni.

Ya barang-barang iku klebu sing arep dianggo bukti lan nggoleki keluargane pak Dibyo lan garwane wis cetha. Ana dakwa sing ngawaki, ana bukti, ana saksi, mula gampang wae polisi nglacak keluargane Bowo.

?

?

Ana Candhake

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

?

Crita Sambung-Sinambung

Dening : Is. Sarjoko

(Nini Klenyem)

Kadurjanan ing Alas Pejaten

?

Malah sing dhek semana ana wong wadon turu sing ora katut dipateni, ning mung dierut tangan lan sikile, disumpeli gombal tutuke kuwi mbahe putri Bowo, sing seprene isih sugeng.

Senajan wis sepuh isih teteh lan cetha nalika nyritakake lelakon putrane sarimbit sing dipercaya kecu dhek jaman semana. Uga ilange wayahe, si jabang bayi abang sing awan mentas wae dibancaki.

Nalika wawan pangandikan karo polisi, priyayi sepuh kuwi banjur muwun. Banget kelara-laraning ati, dene prastawa kaya ngono (raja pati) lan ilange bayi kok ora kelacak. Lan kaya-kaya prastawa gedhe sing nggegirisi iku malah wis dilalekake masyarakat.

Ajoa, komandhan polisi Jatmiko diterake polisi sektor kono teka, bu Yuwono (mbahe Bowo) iku ora ngira babar pisan. Bareng kabeh wis padha lenggah, pak Jatmiko mbukani crita lawas, sing saiki kabuka kanthi ora kejarag.

Pak Jatmiko anggone ngendhika kanthi alon, sareh lan cetha, apa sing wis dipireng saka pak Angkoro dhewe, sing ngawaki. Dene sing dadi kurban sing isih meger-mege urip, yaiku Bowo. Bowo urip ora katut dipateni, merga si pelaku (dakwa) kepingin nduwe anak.

Sawise rampung crita, cepuk isi mas inten sing dirayah, dipasrahake. Dicritakake mungguh larah-larahe, denea barang-barang kuwi isih wutuh nganti seprene, merga dipendhem.

Mbah Yuwono mbukak cepuk kuwi disekseni wong pirang-pirang lan polisi. Karo naliti barang-barang kuwi, piyayi sepuh kuwi tingale tansah nrocos luhe… muwun. Bareng mrisani liontin sing wujude mung emas blebekan segi papat, barang kuwi diisik-isik nganti sawetara, banjur ngendhika :

?Nak komandhan, capet-capet kula kengetan, menawi liontin punika rumiyin kenging dipun bikak. Cobi mangga kula aturi mirsani!?. Liontin banjur tinampa dening Komandhan Jatmika lan banjur dititi. Nyata, senajan ora pati katon ning liontin kuwi mujudake emas tangkepan sing ana drate. Mula Komandhan Jatmiko mangsuli :

?Inggih leres, nanging murih mboten risak, liontin punika badhe kula bekta dhateng tukang emas supados dipun bikakaken. Mbah Yuwono manthuk-manthuk setuju, sabanjure pitakone :

?Lha lajeng kados pundi putu kula ingkang ical punika, nak??. Pak Jatmiko banjur ngawe Bowo, sing kebeneran lungguhe ana samburine mbah Yuwono. Bowo sing diawe ngadeg, nyedhaki pak Jatmikko sing lungguhe arep-arepan karo mbah Yuwono. Ngendikane pak Jatmiko :

?Mbah punika keng wayah, jabang bayi abrit ingkang dipun bekta grayak kala semanten.? Mbah Yuwono nyawang Bowo sedhela, banjur nyat ngadeg, ngrangkul Bowo kenceng karo nangis ngglolo, tembunge pedhot-pedhot :

?Oh…. ngger, kowe putuku lanang tenan, jebul rupamu kok persis bapakmu swargi…. Dibyo. Ya kowe ngger…. dhasar ya putu, kena nggo ganti anak lanang. Bowo sing mripate kumembeng luh iku, ora leren-leren tansah diarasi, dilus-lus sirahe, lan dikekep-kekep ing dhadhane, nganti sing padha weruh akeh sing netesake luh, merga saking trenyuhe. Patemon sing ora kanyana-nyana iku, mujudake kabungahan sing tanpa upama ajine. Sing padha nyekseni padha mbatin lan gumremeng dhewe :

?E lelakon kok kaya sandiwara, kaya-kaya kok wis diatur tharik-tharik karo sing ana ing ndhuwur.? Nganti sawetara kahanan iku lagi bisa bali anteng lan normal. Wusana mbah Yuwono ngendika :

?Pak Komandhan lan bapak-bapak polisi sedaya, kula matur nuwun sanget dhateng penjenengan sami, dene kadurjanan ingkang sampun selikur taun mboten saget kalacak punika, kanthi mboten kajarag sapunika kabingkar. Langkung bingah malih, dene lantaran panjenengan sami, putu kula saget pinanggih malih.? Kanthi mungkasi tembung mau, mbah Yuwono bali nuwun maneh. Sawise rinasa rampung Komandhan Jatmiko banjur pamit marang mbah Yuwono lan masyarakat kono sing padha nyekseni, uga matur nuwun karo rekan padha dene aparat ing sektor kono sing wis ndhampingi tekane, wusana banjur bubaran.

Sawise sungkem karo mbahe sing sejati, Bowo uga katut bali rombongan polisi ning kantore bebarengtan karo pak Jatmiko. Perkara siji mbaka siji wis bisa rampung. Saiki Bowo saya njlimet mbagi wektu kanggo ngulihi mbokne (mbok Angkoro), niliki mbah Yuwono ing kampung Tiber, lan apel marang Prananti, sing cetha bakal dadi sisihane. Nalika Prabowo tilik mbahe ya mbah Yuwono, penjenengane ngandika :

?Le Prabowo, dina iki kowe aja bali dhisik mengko bengi aku arep ngaturi pak lurah, pak dhukuh, pak RT lan RW, uga pengurus lan tetuwane dhusun, saperlu tak aturi nyekseni, yen kowe iku putuku, anake Dibyo anakku, sing diperjaya kecu dhek jaman semana. Kowe digawa si maling lan saiki kowe wis diwasa malah wis dadi polisi. Dene bukti-bukti yen kowe mula putuku kuwi kuwat, awit kabeh wis ana tangane sing wajib yen kowe minangka pewaris saka aku lan bapakmu. Tinggalane wong tuwamu kabeh iki saiki dadi duwekmu. Dene bab munggahe menyang pengadilan lan notaris, bakal kabiyantu bapak Jatmiko, penjenengane wis sagah.? Bowo manthuk-manthuk karo matur :

?Inggih, mbah, kula namung dherek kersanipun simbah.? Tenan, bengine akeh tamu sing diaturi mbahe, nyekseni yen wiwit dina iku lan sateruse, Bowo minangka pewaris tunggal suwargi bapak ibu Dibyo, lan sing bakal manggon ing kono kanggo sateruse.

Bareng wis limang tahun Bowo dhines nyambut gawe, Prananti sing rumangsa wis siap, kanthi pangestu saka mbah lan ibune, wusana sida dhaup karo Bowo. Kekarone wis padha makarya kanthi mapan, umure cukup, dhasar olehe padha pacaran uga wis suwe.

Dene Trisno, bareng ngerti yen Prananti wis sambung tresna suwe karo Bowo, lan wis padha dene prajanji bakal urip bebrayan, dheweke mundur kanthi rila legawaning ati. Kabeh para sepuh ngandhakake, yen bebrayan isih karo sedulur cedhak iku ora becik. Semono uga ibune Trisno, bareng dirembugi adhine (ibune Prananti) akeh-akeh ya njur manut, melu meper kekarepane anake.

Begjane, dene ibune isih tetep rapet durung mblakakake, yen dheweke iku mung anak pupon.

Ganti Taun. Ing sawijining omah loji cekli ing kampung Tiber ing wayah esuk. Ana pasangan mudha tindak-tindak ing pekarangan omah loji sing cukup jembar iku.

Sing kakung mbopong putra cilik udakara umur nem sasinan. Dene sing putri nyekel botol susu mantel bayi, lakune rindhik-rindhik wong pancen mung golek hawa seger.

Pendhak-pendhak sing putri nyiwel pipi mrusuh bayi sing ana bopongane bapake, katon yen kekarone bahagia banget.

Bapak ibu mudha mau ora liya Serka Prabowo lan Prananti sisihane. Sing sawise padha mbangun brayat siji setengah taun, saiki wis pinaringan momongan wadon dijenengi Eka Jatmitri.

Jeneng iku peparinge eyange buyut putri sing saiki dadi siji karo Prabowo. Bareng srengenge wis katon, eyange buyut nimbali saka teras :

?Kene, Eka kondur pakpung dhisik, gilo wis dicepaki banyu anget simbah.? (sing dikarepake mbok Angkoro).

Prabowo lan Prananti banjur padha ngajak anake mlebu ngomah, bocah tinampan dening mbok Angkoro sing banget diluluti kuwi banjur dipakpungi.

Dene Prabowo cepet-cepet adus sing sedhela maneh budhal makarya. Prananti tata dhahar kanggo kabeh, lan gawe dulangane Eka sing isih saka tepung.

Sawise sarapan, Bowo ngesun anake, ngaras sisihane, pamit marang eyang lan biyunge banjur budhal makarya.

Kabeh rumangsa mulya jroning ati. Kasusahan sing namani mbaka sethithik bisa dilalekake. Senajan mbok Angkoro klebu wong liyan ndrayan, ning Bowo rumangsa utang budi sing gedhe banget, awit wis ngrumat wiwit bayi abang tekan diwasa. Pangrengkuhe wis kaya wong tuwane dhewe.

Mula bareng Bowo omah-omah lan pindhah ngenggoni tilas daleme bapake, mbok Angkoro ya banjur diboyong dadi siji. Omahe mbok Angkoro dibangun banjur disewakake. Ora lali seminggu sepisan, mbokne diajak niliki bapakne neng LP.

Eyange putri menyang mbok Angkoro tangkepe apik banget, ngelingi sing ngopeni lan ngitik-itik Prabowo putune nganti dadi wong sing becik lan mapan. Kaluputan lan dosane pak Angkoro ora tau diuthik-uthik, jer nyatane ya pak Angkoro dhewe sing saiki nebus kabeh wohing pakartine sing ora bener.

Wayah sore sawise padha dhahar bengi bebarengan, banjur padha lungguhan neng kamar tamu. Jatmitri wis bubuk wiwit bubar surup mau, merga awan ora turu, tur kliyekan wae ngeselke sing ngetutke, awit isih padha samar wong mlakune isih bola-bali tiba (isih kudu ditetah). Dumadakan ana wong uluk salam.

?Kula nuwun.? Kabeh ngadeg, jebul ana polisi nggoncengake wong. Bareng wis diacarani lenggah, polisi mau kanthi urmat takon :

?Punapa leres, bu, mriki punika dalemipun bapak Serka Prabowo??. Sing mangsuli Prananti :

?Inggih, dhik, kula semahipun. Ning pak Bowo tindakan, punapa saget weling kula??. Polisi lan wong mau sawise pating klesik sedhela banjur mangsuli :

?Inggih, inggih saget, bu, kula punika Pratu Sarip, sowan kula mriki dipun utus pak Jatmiko kadhawuhan nyaosaken punika.? Sarip ngulungake kothak kerdhus cilik isih diamplopi marang Prananti, karo kandha :

?Bab rembag, ngendikanipun pak Komandhan, cekap kaliyan Bapak Serka Prabowo wonten kantor.?

?O…. inggih matur nuwun, dhik, kaaturaken bapak Jatmikko, menawi sampun kula tampi, mangke kula aturaken mas Bowo.? Wusana tamu banjur pamitan bali.

Bowo baline wis meh jam rolas, tur ketok yen wis kesel, mula Prananti mung cukup ngladeni unjukan. Sawise neng mburi wisuh, Bowo banjur mapan turu. Tangine nganti rada awan, Prananti ora mentala nggugah, dijarke sak nglilire.

Kira-kira jam pitu Bowo lagi tangi. Anake wis diajak tindak-tindak mbahe lan eyange buyut. Karo ngladekake kopi Prananti kandha :

?Mas, wingi sore ana tamu wong loro utusane Pak Jatmiko, maringke kerdhus cilik, embuh apa isine.?

?Iya…., aku wis ngerti kok, dhik, wong mau bengi aku ketemu Pak Jatmikko lan ngendika akeh. Sing rene kae tukang mas sing dijaluki tulung mbukak liontin, dene sijine bocah anyar prajurit I. Dene bab laporan neng pengadilan lan notaris kabeh wis beres, ning aku minangka pewaris kudu teka dhewe saperlu tandha tangan. Isih diwenehi wektu seminggu. Yen perlu kowe ndak ajak ben ngerti lan nyekseni.? Kandhane Bowo ngenakake atine sing wadon.

?Mas Bowo, kaya ngono kuwi ora perlu. Aku kuwi wiwit biyen, anane rak mung percaya ta karo penjenengan??. Kandhane Prananti karo nglendhot sing lanang.

Bowo gregeten, bojone banjur karangkul kenceng diarasi kaya nalika isih pacaran. Sawise ngeculke pangrangkule nuli kandhane :

?Coba, dhik, aku tak weruh kerdhus kuwi, jupuken!? Prananti gage mlebu kamar, metu wis nggawa dhus diulungake bojone. Bowo nampani banjur dibukak, kanyata kalung lan bandhole liontin. Bareng wis diresiki tukang mas, kalung lan liontin sing mas murni mau katon gilap mblerengi. Drat liontin diputer-puter sedhela banjur byak, liontin mau kena dibukak.

Bowo kaget, jebul njeron liontin mau ana fotone loro cilik-cilik tumemplek ing blebegan kiwa tengen, fotone wong lanang lan wong wadon. Ngerti bojone kamitenggengen, gage disaut Prananti njur diiling-ilingi, tumuli kandhane :

?Mas, iki genah fotone bapak suwargi, delengen ta persis panjenengan ngono kok.? Genti Bowo sing ndeleng, atine kaya sinendhal bareng weruh pasuryan bapakne kaya fotone dhewe. Ora wurunge fotone wong wadon kuwi ya mesthi ibune. Foto katempelake ing dhadhane…. bathuke …., wusana cos…. cos…. luh bening ndrejes saka ing mripate. Tembunge lirih :

?Dhuh bapak….. ibu…. sembah sungkem kula mugi katur….? Bowo banjur ungkep-ungkep neng meja tamu nangis ngguguk kaya bocah cilik. Mbarengi lumebune eyang buyut, simbah nggendhong Jatmitri. Eyang buyut kaget njur ndangu Prananti :

?Ana apa iki nduk??

?Anu Eyang, sareng kenging kabikak, liontin punika wonten fotonipun kalih, priyantun kakung putri.? Eyang buyut gage ngrebut liontin sing didhekemi Bowo. Masang kaca tingal, njur mirsani. Sakala njempling pangucape :

?Oh ngger jebul bener, kuwi fotone bapakmu Dibyo, lan sijine kuwi ibumu ya mantuku Wikanthi.? Lagi wae Bowo meneng, saiki eyange sing ngglolo olehe muwun. Mbok Angkoro mung kelap-kelop trenyuh, semu nutuh marang trekahe sing lanang. Bareng kabeh wis bisa nata ati, eyang buyut ngendika :

?le, Bowo, foto kuwi gedhekna, mengko njur dilukis neng tukang gambar sing wis mumpuni. Nek wis dadi dipasang ing omah iki Le.? Bowo mangsuli :

?Inggih Eyang, kula estokaken.? Eyange banjur ngendika maneh :

?Muga-muga, Le, arwahe bapak ibumu, dadia talanging berkah saka Gusti kang murbeng dumadi, wusana kabeh sing manggon ing omah iki tansah padha nemu kerahayon, nir ing sambekala. Kabeh padha mangsuli bareng :

?Amin.?

?

Tamat

This entry was posted in Crita Kuna. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>