Ketemu Suwiraning Daging (Bag 16)

Ketemu Suwiraning Daging (SERI 16)

?

Bareng wis omong-omong sawetara, ana rasa ketarik marang Harjo nom-noman sing ngganteng… lugu lan sopan kuwi. Mula pitakone :

?Wonten Pemalang rumiyin nyambut damel punapa nak??

?Kula namung pelayan toko, pak. Ning ugi dipun pitados kilakan, nyetori barang, lan ugi pados lengganan.? Wangsulane Harjo jujur.

?Wah yen ngaten nak, punapa nak Harjo kersa nyambut damel kaliyan kula. Kula ugi gadhah wande alit-alitan, ingkang kula tangani piyambak, awit semah kula sampun tilar kalih tahun kepengker margi sakit usus buntu kasep, dados lan tiwasipun.?

?Dados bapak namung piyambakan??

?Mboten, nak, semah kula ngajal, tilar yoga setunggal estri nami Sukarsih, sak punika taksih kuliah mendhet ekonomi semester achir.?

?O…. ngaten ta pak.? Harjo manggut-manggut nglegani.

?Lha sapunika kados pundi nak, kersa nyambut damel kaliyan kula? Menawi kersa, lajengan kemawon dhateng griya kula ing Yogya, mangkeh dumugi Sala mandhap bis lajeng pados ingkang jurusan Yogya.? Harjo sawetara mung meneng wae ketok yen mikir. Pak Slamet mbacutke gunem :

?Nak Harjo!, punika kula mboten meksa lho, panjenengan saget nyobi rumiyin seminggu kalih minggu ngiras kagem ngaso. Menawi mangkeh sekinten mboten cocok, nak Harjo saget nilaraken griya kula saperlu pados pedamelan ingkang nyocoki penggalih penjenengan.?

?O yen ngaten, kula sagah ndherek bapak, dhasar kula inggih mboten wonten ingkang kula jujug. Pokokipun kula kedah nyambut damel punapa kemawon, kangge nyambet gesang.?

?Wah cara menggalih panjenengan punika praktis nak. Menawi wingi estu-estu dipun PHK, kok sapunika sampun wonten pencokan makarya, namanipun rak mboten kendel makarya, nak.?

?Inggih punika nama begja kula pak, Gusti ingkang Maha Kuwaos manggihaken kula kaliyan bapak.? Wangsulane Harjo karo mesem, saya mranani atine pak Slamet.

Mila leres nak, menawi Gusti ingkang Hakarya jagad punika ngersakaken, sakedheping netra punapa kemawon saget dumados. Manungsa punika dipun wenangaken nyuwun lan mbudidaya, ning namung Pangeran ingkang nemtokaken.

Pramila ingkang leres, kita punika kedah gadha ujub, kekajengan ingkang sae, luhur lan suci, kinanthen ing mandhep mantep bilih Gusti mangkeh badhe anjurungi.

Harjo njinggleng olehe ngrungokake. Saka tembung-tembunge pak Slamet sing mung banget prasaja kuwi, Harjo bisa njupuk dudutan, yen pak Slamet wong sing lugu apa anane.

Atine dadi tambah mantep olehe arep nglegani pangajake pak Slamet, nyambut gawe ing omahe. Tenan, bareng wis tekan terminal Sala, wong loro mudhun ganti bis sing jurusan Yogya. Ning pak Slamet ngajak leren golek teh anget, dene Harjo mung tansah ndherek apa kersane.

Sawise rinasa mari ngelak lan sayahe, wong loro tumuli golek bis jurusan Yogya. Ora kacarita lakune, wong loro wis tekan ngomah kanthi slamet. Nalika mlebu ngomah, pak Slamet lan Harjo dipethuake bocah wadon sing ora liya Sukarsih anake, sing dhek mau wis dicritakake pak Slamet nalika memburi.

Nalika lagi wae weruh, Harjo rada kaget, dene praupane lan dedeg piyadege mirip banget karo Wara Artanti. Karsih mung kalah cahya sing mramong, merga Artanti rinengga ing busana lan mas inten, dhasar isih trahing ngaluhur. Pak Slamet kandha marang anake :

?Sih, ditepungke, nok, iki mas Harjo sing arep ngrewangi nyambut gawe bapak. Nak Harjo, inggih punika anak kula Sukarsih, mangga kula aturi pitepangan!?

Wong loro banjur salaman karo nyebutake jenenge dhewe-dhewe. Ya nalika salaman kuwi rumangsane Harjo kaya adhep-adhepan karo Wara Artanti sing ndayani atine dadi kisruh ora karuwan. Ning, atine bisa dikuwasani, wusana tangkepe ya njur biasa wae.

Embuh dayane apa, sedina rong ndina neng omah kono, rasane kok njur krasan. Dagangane pak Slamet pancen pepak, kena diunekake toko kelonthong ngono kae.

Yen esuk, Karsih tugase nggodhog wedang lan nyapu njero. Camilan bangsane roti kering tansah sumadhiya. Yen mlebune kuliah awan bisa masak dhisik, dene yen mlebu esuk, mung cukup ngliwet, sayur lan lawuh tuku wong ana warung cedhak.

Harjo tansah nggatekke, gaweyan apa wae sing bisa ditandangi dicekel, tanpa sungkan-sungkan. Esthine mung bakal gawe lega senenge sing diiloni, syukur bisa melu nggedhekke dagangane pak Slamet. Pokoke ora ana wektu sing keguwang muspra tumrape Harjo. Rampung resik-resik njaba, toko lan pawon ditata murih resep lan nggampangke nyambut gawe.

Durung seminggu, tataning omah lan dhasaran toko wis malih, ndadekake bungahe pak Slamet. Senajan gaweyan pawon klebu asah-asah, Harjo gelem nandangi.

Nganti Karsih yen bali kuliah ngomah wis mening-mening, sok rumangsa rikuh dhewe. Nuli kandhane marang Harjo :

?Mas Harjo, njenengan teng ngriki niku sanes rewang, ning namung ngrencangi bapak mandhe, kilakan, syukur saget madosaken relasi dagang.?

?Nggih cobi mawon dhik, nek mangkeh saget, tentu kula usahakke.? Ngono olehe padha omong-omongan ngganggo basa pasaran.

?Ning mas Harjo niku rak nggih empun pengalaman kathah, dados bapak niku nggih kalih diwuruki, mas.? Ngono kandhane Karsih lugu.

Ing wektu-wektu sela, wong loro iku tansah rembugan kanggo undhake dagangan ing tokone. Gandheng kuliahe njupuk ekonomi, mula yen diajak rembugan kanggo ngejokke tokone mesthi bisa. Ngono batine Harjo.

Harjo gumun tenan, dene lageyane Karsih, cara pamikire olehe cak-cek, persis Wara Artanti. Ya mung pakulinan lan dhidhikane sing pancen beda. Maklum… darah biru kok ditandhingake karo wong biasa.

Pak Slamet rumangsa begja nemu wong sing lagi kebingungan, ning bareng digawa mulih jebul ndayani saya katon ngengreng jroning omahe.

Semono uga Karsih, meneng-meneng ana rasa aneh ing atine marang Harjo. Ning jare bapakne, Harjo mono wis duwe anak bojo, sing dipisahake dening maratuwane merga ora cocok.

Denea karo wong apike kaya ngono kok maratuwane ora seneng? Ah embuh, kuwi urusane Harjo. Ngono batine Karsih. Ning genea atiku kecanthol dheweke? Yen wis tekan kono lehe mikir, Karsih njur ngresah…. unjal ambegan dawa.

Mundhak dina srawunge mundhak rumaket. Harjo cedhak Karsih, rasane kaya nyandhing Wara Artanti.

Neng ngomah kono, rasane ya kaya dhek manggon neng Katumenggungan biyen. Malah kepara luwih bebas, awit ora kaiket ing tata krama lan unggah-ungguh sing mbangeti. Nalika Harjo jagongan karo pak Slamet, Harjo ndhisiki kandha :

?Pak, yen kepingin tokonipun majeng, janipun ngaya sekedhik pados mobil protholan, kangge kilakan dagangan piyambak. Awit yen namung nampi setoran terus, bebathenipun rak sekedhik sanget, tur kita lajeng pasif. Mboten mangertos reregan njawi, pundi ingkang langkung miring.? Pak Slamet manthuk-manthuk mbenerke usule Harjo, njur mangsuli :

?Sae sanget pemanggih njenengan nak, ning saking pundi angsalipun arta? Awit menawi dhenok dereng rampung kuliahipun kula taksih ribet. Kuliah punika mbetahaken arta kathah nak. Menawi kula pados mobil awon-awon kangge dagang, dumadakan dhenok betah arta, manah kula rak ribet. Menawi dipun undhur sak sampunipun dhenok rampung kuliahipun, punika kula nembe saget manah. Ning mbok bilih tahun punika dhenok Karsih rak sampun rampung.?

?O… ngaten pak. Saupami pak, kula ingkang pados sambutan arta kangge pados mobil angkutan punika, punapa bapak setuju??

?Wah lha lajeng angsuranipun kados pundi nak??

?Menawi bapak setuju, bab angsuran utawi nyauripun, kula pak ingkang tanggel, bapak mboten usah menggalih.?

?Wah lha menawi ngaten, kula namung ndherek, setuju kemawon sauger nak Harjo mboten awrat anggenipun menggalih.?

?Mugi-mugi kemawon mboten pak.? Ngono kandhane Harjo karo lunga mlebu kamare. Tekan kamar, ngetokke dompet isi dhuwit tabungan sangu nalika lunga saka dalem Katumenggungan rong puluh yuta, gaji sak suwene patang tahun nggone pak Sabar, disangoni pat likur yuta. Disangoni Ranti telung yuta. Gunggung ana dhuwit patang puluh pitu yuta. Dina esuke Harjo pamit metu, sing banjur neng toko dealer mobil, golek mobil prothol kanggo angkutan, trima sing second, sing kahanane isih waras.

Bareng wis mbandhing-mbandhingke, sidane Harjo nggawa mulih mobil pick-up Zebra rega telung puluh pitu yuta. Mesin lan kahanane pancen isih lumayan. Tur isih bisa nganthongi dhuwit turahan sepuluh yuta kena kanggo ayem-ayem.

Nalika tekan ngomah, pak Slamet kaget, jebul Harjo wis baut nyopir. Atine tambah bungah.

Bengi sawise tutup toko, Harjo kandha apa anane karo pak Slamet, yen dhuwit sing kanggo tuku mobil kuwi asile nabung lan gaji olehe nyambut gawe sajroning patang tahun. Dadi dudu dhuwit utangan.

Semono uga- surat-surat mobil saka dealer, uga dituduhake kabeh. Marang pak Slamet, Harjo uga kandha :

?Pak dipun anggep kemawon mobil punika kagunganipun. Kula sampun matur nuwun sanget bapak kersa nulung kula, kepareng ndherek wonten ngriki. Dene mangkeh salajengipun, mobil rak kenging kangge kilakan piyambak, mboten perlu namung nengga setoran.?

?Inggih nak, kula pitados dateng sedaya rancangan penjenengan. Bab lung-tinulung, tiyang gesang punika kedah nak, awit tiyang punika mboten saget gesang, tanpa pitulunganipun tiyang sanes.?

Sukarsih sing ana ing suwaliking sekat kamar, krungu kabeh rembug mau. Atine saya mundhak ketarik karo priya anyar sing mapan ing omahe kuwi.

Kaya kandhane pak Slamet marang Harjo, ing achir taun ajaran ini, kuliahe Sukarsih rampung kanthi nganthongi gelar SE ne.

Nalika ditakoni bapakne, Karsih wangsulan yen mung arep ajar dagang wae ngopeni tokone, njaluk wulang Harjo. Sing tokone wis katon sesulake yen bakal mekar. Pak Slamet mung nyekarep marang karepe anake.

?

?

Ana Chandake

?

This entry was posted in Crita Kuna. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>