Nampa Pituwase (Seri 2)

<!– /* Style Definitions */ p.MsoNormal, li.MsoNormal, div.MsoNormal {mso-style-parent:”"; margin:0in; margin-bottom:.0001pt; mso-pagination:widow-orphan; font-size:12.0pt; font-family:”Times New Roman”; mso-fareast-font-family:”Times New Roman”; mso-ansi-language:IN;} p.MsoFooter, li.MsoFooter, div.MsoFooter {margin:0in; margin-bottom:.0001pt; mso-pagination:widow-orphan; tab-stops:center 3.0in right 6.0in; font-size:12.0pt; font-family:”Times New Roman”; mso-fareast-font-family:”Times New Roman”; mso-ansi-language:IN;} @page Section1 {size:612.1pt 836.35pt; margin:113.4pt 85.05pt 85.05pt 113.4pt; mso-header-margin:56.7pt; mso-footer-margin:56.7pt; mso-paper-source:0;} div.Section1 {page:Section1;} –>

NAMPA PITUWASE (SERI II)

Kaya sing wis kaaturake ing dhuwur, yen Ita bojo enome Winoto sing kepala bang kuwi, njaluk ditukokake mobil Xenia anyar arep kanggo mlaku bisnis mas inten berleyan.

Wis lumrah bojo enom ayu, tur ngaku nduwe bakat dagang, wong lanang ngendi sing ora nuruti panjaluke bojone, yen nyatane kuwat lan bisa ?

Semono uga Winoto, sing dhasare tresna banget marang bojo, ya karo sing dhisik Widarini, uga marang Ita bojo sing keri iki.

Marang Iwan pesuruhe sing nggathukake ketemune karo Ita, Winoto uga nyah-nyoh ora ana rasa owelan. Saiki mobil loro ing dalem Haryo Widakdan kuwi mlaku kabeh.

Siji mobil Eskudo kanggo dhines Winoto, dene sijine Xenia digawa Ita kanggo laku dagang. Sabudhale Winoto, Ita uga mesthi njur nututi budhal.

Jare lengganane, akeh-akehe ing njaban kutha Yogya, racake ya istri-istrine wong penting kaya dheweke. Ita wanine crita ya mung karo mbok Setro pamonge Upik, yen karo pak Mantri mara tuwane, blas ora tau crita apa-apa. Baline wae kadang-kadang dhisik Winoto, kepara Ita malah sok nganti bali wengi.

Pak Mantri mbatin, nonton carane nyandhang nganggo, Ita ora wangun yen wong sing mung bakul ratengan gedhene Catering, geneya baut setir, gek ya kapan olehe ajar.

Mangka sangertine pak Mantri, panjenengane durung tau pirsa olehe ngajari Winoto marang bojone. Apa Ita sing wis randha kuwi biyen tilas bojone wong sugih ?

Sewu pitakon ing penggalihe pak Mantri, sing sasuwene iki sinimpen rapet jroning dhadhane. Kawigatene mligi kanggo wayahe ya si Upik, sing saya gedhe saya mundhak sulistyane lan ya saya ngerti sakabehe.

Dheweke bisa nglungguhake olehe dadi bocah, karo ibune yen ora diawe ya ora tau nyedhak. Prigel ngrewangi mbah Setro nyandhak gaweyan pawon, leladi eyang lan bapak ibune uga wis pinter.

Emane, saiki Winoto malah arang-arang bisa gojeg …… guyon lan ngobrol-ngobrol karo Upik. Sabaline kerja, ngaso, yen ibune wis bali ya mung karo ibune kuwi thok. Wis ora nggatekake liya-liyane.

Kaya-kaya jroning kaluwarga wis ana garis pemisah, senajan ora katon.

Upik sing saiki wis SMP kuwi, apa-apa matur lan nyuwung karo eyang kakunge. Dene yen ana pengunek-unek jroning atine, wadule malah karo mbah Setro pamonge. Nek dhek biyen karo bapake.

Upik budhal lan mulihe sekolah wis ora perlu antar jemput, merga ngarep omah wis ratan gedhe sing diliwati bis lan mobil, mangka sekolahane ya mangku dalan gedhe, sing diliwati bis sing wis lengganane kuwi.

Saka ngomah tekan sekolahan dohe mung kira-kira km 8. Sandhinge daleme pak Mantri iku bengkel gedhe, mangka yen penggalihe krasa kasepen, pak Mantri sok lenggahan neng bengkel kono, wong ya ana sedhiyan dhingklik dawa.

Mula ora mokal yen pak Mantri ya tepung apik karo para sopir sing sok ndandakake mrono.

Uga sopire bis, lengganane Upik sing ditumpaki saben ndinane. Kaya padatan bali sekolah, Upik ngadhang bis, pas tekan dalan gedhe bis lengganane teka. Gek ngarep sopiran kosong, mula Upik gage munggah lungguh jejer pak sopir.

Kebeneran neng cedhak salon ?Sanggar Ayu Melati? bis mau mandheg perlu ngudhunake wong kekulak.

Ora sengaja nalika Upik nyawang salon kono atine mak tratap, merga weruh ibune kuwalon mudhun saka mobil dirangkul pemudha nggantheng lumebu salon.

Mula lungguhe Upik banjur mlorot supaya yen ibune ngingetke ora katon.

Weruh Upik mlorot saka jok mobil, pak Sopir takon :

?Nika wau rak nggih ibune ta mbak Upik ??.

?Enggih pak?, wangsulane Upik kedher.

?Lha pemudha nggantheng sing ngrangkul wau sinten ??

?O nika ….. nika ….. adhike ibu sing griyane kitha pak?. Wangsulane Upik gagap lan ngawur, sing pokoke pak sopir ben ora keterus anggone takon.

Wiwit weruh ibune dirangkul wong lanang mau, atine Upik dadi kuwur. Gek njur sapa wong lanang kuwi Upik dhewe durung tau weruh.

Atine bingung, arep matur eyange kakung, ning kok gojag-gajeg. Arep kandha mbah Setro, kaya ora ana gunane, wong dheweke ora tau metu saka ngomah.

Upik trima meneng, niyate arep ngerti dianggo dhewe. Mulihe ibune sing jare laku dagang iku meh bareng karo kondure bapake sing ajeg lembur. Upik nyawang ibune, sajak kaya ora ana kedadeyan apa-apa.

Bareng dhahar karo bapakne ya ngecipris, sing dicritakake ya dagangane emas inten. Bapake manthuk-manthuk, sajak kalegan penggalihe. Biasa bubar dhahar wong loro njur mlebu kamar, Winoto saiki wis arang-arang njagongi bapake.

Nalika tilpun muni, rehne sing ana mung mbok Setro, mula tilpun banjur diangkat :

?Halo ……. mriki dalem Haryo Widakdan ….. kula abdinupun. Kaprungu swara saka adoh kana. Barkuwi mbok Setro mangsuli : Inggih ndalem sepen, bapak ibu sare, kulo mboten wantun mungu. Inggih …….. inggih ………. saget ….. mangkeh kula aturaken ibu. …………. Nganti sawetara mbok Setro isih ngrungokake swara saka adoh kana, bar kuwi tilpun njur ditutup.

Rampung nutup tilpun mbok Setro thenger-thenger dhewe karo gemremeng :

Oh mosok iya, ibu kok disuruhi sukan neng hotel ?Linar?, hotel bintang tiga. Ah luweh mengko ya tak aturke, mundhak aku luput. Ning …. aku wis diwanti-wanti karo sing ngaku kancane ibu, ora kena matur karo sapa-sapa kejaba ibu. Yoh-yoh pokoke aku mung matur. Aku rak mung abdi ora ngerti apa-apa. Ngono batine mbok Setro.

Mula nalika Ita arep adus, neng ngarep kamar mandi diendheg mbok Setro karo matur :

?Bu wau wonten rencangipun ibu nilpun. Gandheng ibu sare kula ingkang ngangkat. Piyambakipun ngaken rencangipun ibu weling, yen anggenipun klempakan kasukan mangkeh dalu wonten hotel Linar bintang tiga. Ibu dipun rantos rawuhipun?.

Ita njengkerutake alis karo kandha :

?Kowe rak durung matur karo sapa-sapa ta mbok ??.

?Oh dereng bu, kulo mboten criyos sinten-sinten kejawi ibu?.

?Yoh-yoh becik, ning aku ora bisa mrana, wong aku arep ngrembug dagangan neng luwar kota?. Kandhane Ita sing ora diwangsuli dening mbok Setro. Batine mbok Setro : Bisa wae kandha ngono, wong nek neng njaba ya wis ora ana wong sing ngerti.

Sing cetha wiwit iku, mbok Setro wis ana rasa kurang seneng karo patrape bu Ita. Embuh piye pamite karo pak Winoto kakunge, sidane sore kuwi Ita metu lan ya nganti mbok Setro mapan turu durung mulih.

Andhoke Ita sakancane, sing sejatine mung rombongane ibu-ibu sing seneng hura-hura merga bojone wong sugih, lan ibu-ibu simpenane wong sing padha duwe pangkat, sing duwe kesenengan padha, yoiku foya-foya. Ibu-ibu kuwi ngumpule neng Sanggar Ayu Melati. Malah racake neng njaba ya padha duwe pasangan selingkuh dhewe-dhewe.

Neng kono Ita wis ditunggu Bambang pacar gelape, mahasiswa mlarat sing kuliahe di wragadi Ita. Dene Ita mung kepencut bagus lan tandange Bambang sing isih jos ing sandhuwuring ranjang.

Ita mono satemene dudu randha, ning merga ayune tur apa-apa bisa, mula njur dadi simpenane sawijing pejabat.

Ning bareng pejabat mau konangan olehe korupsi lan ditahan, Ita minggat saka Jakarta bebara neng Jogja. Bareng neng bar ketemu Iwan tukang parkir kuwi, njur digathukake karo Winoto. Iwan mono yen awan dadi pesuruh ing kantor bang sing sifate ya mung tenaga cadhangan (honor).

Kanggo nyaur budine Iwan, Ita ora lali pendhak-pendhak ketemu, uga banjur menehi dhuwit.

Winoto ora nglegewa, yen pamilihe bojo mau kleru. Ning kanggone pak Mantri sing wis sepuh, lan pana solah tingkahe Ita, penggalihe prihatos banget.

Bareng saiki kerep banget Ita metu bengi, pak Mantri ngendika marang Winoto ngene :

?Win, apa bojomu kuwi ya bakal mbok jarke wae yen lunga bengi, mbok coba, sepisan-sepisan mbok takokke, kaya ngapa ta dagangane, lan uga pembukuane!?. Winoto manthuk mbenerake dhawuhe bapakne, nuli wangsulane :

?Inggih pak, cobi mbenjing emben kula urusipun?.

Tenan, embuh wis ditakoni bojone embuh piye, wis sepasar iki Ita ora lunga bengi, kepara ana kamar wae.

Mbok Setro sing tansah leladi kandha, yen bu Ita gerah. Ning gerah apa mbok Setro ya ora ngerti lan ya ora wani takon. Upik uga ora wani nyedhak lan takon ibune, dhasar wis ana ati sing ora seneng.

Wayah esuk, nalika eyang kakung lagi tindakan mundhut pensiun, pak Winoto ngantor, Upik sekolah, ndadak ana tamu priyayi putri sing sak barakan karo Ita.

Mbok Setro matur bu Ita, ning dening bu Ita tamune malah dikon mlebu ing kamare. Bu Ita uga dhawuh mbok Setro, nyusuli unjukan lan nyamikan ing kamare.

Mbok Setro anane rakya mung sendika dhawuh. Nganti suwe tamu mau lagi kundur. Mbok Setro ngloroti gelas tilas tamu, dene bu Ita njur mapan sare miring ngekeb guling, ngungkurake lawang karo ngendika :

?Lawang ditutup, nek ana tamu wangsulana aku ara ana, aku arep turu?.

?Inggih bu?. Nalika mbok Setro nutup lawang, weruh ing njogan ngisor dhipan tempat tidur ana buntelan putih, diiling-ilingi kok kaya glepung.

Buntelan dijupuk banjur di gembol. Nalika Upik bali sekolah, mbok Setro crita yen mentas ana tamu nganti nemu barang kuwi. Sawise Upik nampani barang mau njur kandha :

?Mbah, becike barang iki tak aturake bapak wae ya, piye panemumu ??

?Ngono ya becik, cah ayu?. Wangsulan mbah Setro.

Wayahe ngujuk teh sore, kabeh wis padha ana ndalem mung Ita sing ana kamar. Eyang kakung ngendika :

?Bojomu kok ora metu-metu kuwi lara pa Win ??

?Inggih pak, ning kadosipun kok margi kula elikaken medal dalu, lan kula takeni bab daganganipun?.

?Njur ?? pandangune Yangkung.

?Piyambakipun mendel ketingal yen nesu kaliyan criyos ngaten :

?Mas Win, aku kiya kaya ngene iki, aku wegah nek dikekang banget-banget?. Ngaten pak?. Ature Winoto. Kanthi alon-alon Upik nyedhaki bapakne karo matur :

?Niki pak, mbah Setro wau manggih niki teng ngandhape dhipan lehe sare ibu. Wau onten tamu kancane ibu?. Bungkusan ditampani banjur disak dening Winoto. Bubar iku kok njur ngetokake mobil terus nggeblas, embuh menyang ngendi lungane. Kira-kira jam sepuluh Winoto bali, ora let suwe keprungu Ita nangis, karo swara pating glodhak saka kamare. Pak Mantri, Upik lan mbok Setro kabeh krungu, mula banjur nyedhaki kamare. Pak Mantri nothok lawang ora leren-leren supaya dibukak.

Bareng lawang dibukak Winoto, ya ampun …. kabeh lemari isine di obrak-abrik neng njaba. Tas, koper, kotak hiasan dadi amburadhul ora karu-karuwan. Saka tutuke Winoto, kawetu tembung kasar sing sasuwene iki durung tau keprungu :

?Ita, jebulane kowe ki mung sundel murahan sing wis bejat moralmu. Kowe saben ndina lunga pamitmu dagang, jebulane mung kangsen main, ngingu dhemenan enom, sing nguras depositoku mbok anggo seneng-seneng?. Winoto njur nyuntak tas, karo kandha tumuju marak bapakne :

?Lha punika ta pak, criosipun mas inten, jebul sareng kula tes wonten toko mas namung imitasi sedaya. Ita mila setan estri ingkang julig, limpat lan sanget culika?.

?Sabar….. sabar Win…. kowe dhewe aja njur kesetanen ………?. Durung rampung ngendikane pak Mantri, Winoto njur nyedhaki bojone ngadeg malang kerik karo takon :

?Setan tenan kowe Ita, sapa sing aweh sabu-sabu nganti tekan kamar kene ? Ngertia yen barang kuwi ditemu mbok Setro?.

?Ayo ngaku ! ……. ngakua setan wedok ! ……?. Winoto ngoyok-oyok Ita sing ndheprok neng pojok kamar karo mingsek-mingsek nangis. Pak Mantri nyedhak nanjih :

?Adhuh-adhuh ……… neng kene malah wis klebon sabu-sabu barang ta ??

?Wonten malih pak, kejawi punika ing tasipun Ita kula manggih tagian utang arta satus seket yuta kangge main salebetipun seminggu ing hotel Linar. Hara punapa punika sanes bandhit ingkang hulig-huligan ?? Bubar kuwi banjur kandha marang Ita:

?Ita rungokna !, wiwit sesuk kowe kudu minggat saka kene, yen ora, kowe bakal ndak laporke polisi. Aku emoh kelepetan dosamu, sing wis nerak pepacuhe negara. Sedheng aku dhewe wis mbok kianati, kowe nggandheng lanangan liya mbok ujo, aku mbok rusak, mbok dhodhos entek-entekan. Saiki gawanen kabeh bandhamu sing isih. Yen perlu klebu mobil, ning aku wis emoh mbojo kowe?.

Bareng wis rumangsa tutug lan kesel olehe nguman-nguman bojone, Winoto banjur metu nggawa mobile. Dene pak Mantri, Upik lan mbok Setro yo njur dha bali neng kamare dhewe-dhewe.

Rehne bengi kuwi nganti wengi lehe padha turu tur dikebaki ing pikiran-pikiran sing abot, mula tangine nganti padha kerinan.

Mbok Setro sing arep mbukak lawang regol kecelik, merga regol wis mbukak. Ngungak garace, mobil loro-lorone wis ora katon. Uga kamare Ita wis kosong, wonge wis ora ana. Mbok Setro bali neng pawon tumandang nggawe kaya adate. Kira-kira jam 7 Winoto mulih. Aba kopi karo takon :

?Ita neng ngendi mbok ??

?Kula tangi sampun mboten wonten pak?.

?Oh ya wis …. pokoke di uja wae …. aku wis emoh nggoleki?.

Sawise ngopi lan sarapan sega goreng, kaya adat saben Winoto njur budhal ngantor, nyambut gawe. Wiwit lungane Ita, wong saomah meneng, kabeh bingung ora ngerti apa sing kudu ditindakake.

Jebul semono kelimpatane Ita anggone nguja hawa tumindak dudu. Prasasat kabeh kemaksiyatan ditindakake, ing atase mung wong wadon. Wis sepasar Ita lunga saka ngomah, tangga teparo ya ora ana sing padha weruh.

Genep sepuluh dina ing wayah esuk, ana tamu kakung loro. Bareng wis dilenggahake, tamu loro mau nuduhake identitas / kartu nama sing nerangake, yen dheweke iku polisi, sing nyandhange ora dhines.

Pak Mantri, Winoto rada kaget njur takon :

?Wonten punapa pak panjengan kekalih tindhak mriki ??. Salah sijine polisi mau nggogohi sak njur njupuk KTP dituduhake Winoto karo takon :

?Leres pak, ibu punika dalemipun mriki ??. Sawise ngiling-ngilingi, gage Winoto mangsuli :

?Inggih pak leres, punika semah kula, ingkang sampun sedasa dinten minggat (kesah tanpa pamit) saking nggriya?.

?Wonten punapa pak ??

?Anu pak, ing hotel Linar wonten raja pejah. Tiyang kalih jaler estri pejah margi over dosis. Criyosipun karyawan hotel ingkang sampun sami apal, kekalihipun mujudaken pasangan. Sinareng polisi miwiti mirsa, lajeng manggih KTP punika. Punapa panjenengan garwanipun, pak ??. Winoto manthuk.

?Manawi mekaten, mangga bapak minangka saksi, panjenengan kasuwun rawuh ing hotel sesarengan kula sak punika ugi?.

Sing lenggah, kabeh ngadeg ngetut polisi munggah jip. Upik sing wiwit mau nguping rembugane, tanpa nembung, melu njranthal munggah jip.

Jip sing nggawa wong lima mau mumprung tumuju hotel Linar. Bareng mlebu hotel tekan papane TKP Upik njawil bapakne, bisike :

?Pak ….. leres …. kula empun nate sumerep, tiyang jaler niku sing ngrangkul ibu mlebet salon Sanggar Ayu?.

Winoto nempelke drijine neng lambene Upik aweh sasmito, supaya meneng.

Pepriksan wis rampung, jenazah lelorone diusung neng Ambulan digawa neng Rumah Sakit saperlu diotopsi. Karo ngetutake jenazah Ita, pak Mantri nguwatke atine Winoto supaya tabah tembunge :

?Atimu sing tabah lan kuwat Win, kowe ora salah. Iki jenenge bojomu wis ngunduh wohing pakartine dhewe. Dheweke wis nampa pituwase?.

T A M A T

This entry was posted in Crita Kuna. Bookmark the permalink.

Leave a Reply

Your email address will not be published.

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>